Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil
13-19 APRIL
SINAU SAKA ALKITAB | PURWANING DUMADI 31
”Yakub lan Laban Nggawé Perjanjian Damai”
(Purwaning Dumadi 31:44-46) Mulané saiki ayo padha gawé prajanjian, aku lan kowé, supaya iku dadia waton ing antarané aku lan kowé.” 45 Yakub tumuli njupuk watu diadegaké dadi tugu. 46 Sawusé mangkono Yakub banjur matur marang para kadang: ”Sumangga sami nglempakaken séla!” Tumuli padha njupuki watu digawé tumpukan, banjur padha mangan ana ing sacedhaké tumpukan mau.
it-1-IN 758 ¶7
Galèd
Sakwisé ngrampungké masalahé, Yakub lan Laban nggawé perjanjian. Yakub nggawé tugu watu lan ngongkon ”para kadang” nggawé tumpukan watu sing mungkin disusun kaya méja, terus padha mangan ing kono. Bar kuwi, Laban ngarani panggonan kuwi kaya jenengé tumpukan watuné ing basa Aram (Siria), yaiku ”Yégar-Sahaduta”. Ning, Yakub nyebuté nganggo kata Ibrani sing artiné padha, yaiku ”Galèd”. Laban ngomong, ”Tumpukan watu [Ibr., gal] iku dadia seksi [Ibr., ʽedh] ana ing antarané aku lan kowé ing dina iki.” (Pd 31:44-48) Tumpukan watu (lan tugu watu) kuwi dadi tandha kanggo kabèh wong sing liwat. Kaya kandhané ayat 49, ”Mispah [Ibr., mitspahʹ],” kuwi dadi tandha nèk Yakub karo Laban wis janji nèk wong loro kuwi lan keluargané bakal tetep rukun. (Pd 31:50-53) Ing peristiwa-peristiwa liyané, watu-watu ya digunakké kanggo dadi tandha.—Ys 4:4-7; 24:25-27.
(Purwaning Dumadi 31:47-50) Pak Laban anggoné ngarani tumpukan watu mau: Yégar-Sahaduta nanging Yakub ngarani: Galèd. 48 Pangucapé Pak Laban: ”Tumpukan watu iku dadia seksi ana ing antarané aku lan kowé ing dina iki.” Mulané tumpukan iku diarani Galèd. 49 Lan uga kasebut: Mispah, marga pangucapé: ”Sang Yéhuwah muga nguningani aku lan kowé, samangsa kita wus padha pepisahan. 50 Saupama kowé nganti nyikara anak-anakku padha kokwayuh, diawas, sanadyan ora ana wong kang cedhak karo kita, Gusti Allah kang dadi seksi ana ing antarané aku lan kowé.”
it-2-IN 75 ¶6
Mispah
Yakub nggawé tugu watu terus mènèhi jeneng ”Galèd” (artiné ”Tumpukan sing Dadi Seksi”) lan ”Mispah” (kata Ibrani, sing artiné ”Menara Penjaga”). Terus, Laban ngomong, ”Sang Yéhuwah muga nguningani aku lan kowé, samangsa kita wus padha pepisahan.” (Pd 31:45-49) Tugu watu kuwi dadi tandha nèk Yéhuwah terus ngawasi apa Yakub karo Laban nepati perjanjian damai kuwi.
(Purwaning Dumadi 31:51-53) Sabanjuré pangucapé Pak Laban marang Yakub mangkéné: ”Lah iki tumpukan watu sarta tugu kang kita adegaké ana ing antarané aku lan kowé — 52 tumpukan watu lan tugu iki dadia seksi, yèn aku ora bakal ngliwati tumpukan iki nemoni kowé, lan kowé iya ora bakal ngliwati tumpukan watu lan tugu iki marani aku, kanthi sedya ala. 53 Allahé Rama Abraham lan Allahé Rama Nahor lan Allahé kang rama, muga karsaa jumeneng dadi hakim ana ing antara kita.” Yakub banjur sumpah demi Kang Diéringi kang rama Iskak.
Wulangan Penting
(Purwaning Dumadi 31:19) Nalika samana Pak Laban lagi lunga mbathili wedhusé, Rakhèl banjur nyolong térafim duwèké bapakné.
it-2-IN 1018 ¶4
Térafim
Penemuan-penemuané para arkéolog ing Mésopotamia lan ing dhaérah sekitaré nduduhké nèk sapa sing nduwèni térafim kuwi sing bakal nampa warisan. Nurut salah siji lèmpèngan sing ditemokké ing Nuzi, nèk mantu lanang nduwèni térafim keluarga, dhèwèké éntuk ngadhep ing pengadilan kanggo njaluk bandhané maratuwané sing wis mati. (Ancient Near Eastern Texts, di-edit karo J. Pritchard, 1974, hlm. 219, 220, lan ctn 51) Mula, mungkin Rakhèl mikir nèk dhèwèké éntuk njupuk térafim kuwi merga bapaké wis ngapusi bojoné, Yakub. (Bandhingna Pd 31:14-16.) Térafim kuwi penting banget bèn isa éntuk warisan. Kuwi sebabé Laban péngin banget njupuk manèh térafimé. Dhèwèké nganti ngejak sedulur-seduluré ngoyak Yakub suwéné pitung dina. (Pd 31:19-30) Yakub ora ngerti apa sing ditindakké karo Rakhèl (Pd 31:32), lan ora ana cathetan nèk dhèwèké tau nyoba nggunakké térafim bèn éntuk warisan saka anak-anaké Laban. Yakub ora tau nggunakké brahala. Akhiré, térafim kuwi mesthi ya disingkirké pas Yakub ngubur kabèh brahala saka keluargané ing ngisor wit gedhé.—Pd 35:1-4.
(Purwaning Dumadi 31:41, 42) Ngantos kalih dasa taun anggèn kula ngèngèr, ingkang sekawan welas taun anggèn kula ngèngèri putra panjenengan èstri kekalih, ingkang nem taun supados angsal berahan raja-kaya, mangka berahan kula tansah panjenengan éwah-éwahi ngantos rambah kaping sadasa. 42 Saupami Allahipun bapa kula, Allahipun Éyang Abraham, sarta ingkang dipun éringi bapa kula Iskak boten nunggil kula, sapunika panjenengan tamtu ngésahaken kula kanthi legèh; nanging Gusti Allah sampun nguningani kasangsaran saha ngrekaos kula, saha sampun ndhawahaken karampungan kala wau dalu.”
(1 Pétrus 2:18) Para abdi kudu tundhuk lan ngajèni marang majikané, dudu mung marang majikan sing apik lan sing pangertèn, nanging uga marang majikan sing angèl disenengké.
w13-IN 15/3 21 ¶8
Yéhuwah Kuwi Panggonan sing Aman kanggo Awaké Dhéwé
8 Sakwisé Yakub tekan Haran, Laban nyambut dhèwèké. Laban ya akhiré mènèhké Léa lan Rakhèl kanggo dadi bojoné Yakub. Ning, bar kuwi, Laban ngowahi upahé Yakub nganti ping sepuluh. (Pd. 31:41, 42) Senajan ngalami tumindak sing ora adil, Yakub tetep sabar. Yakub percaya nèk Yéhuwah bakal terus ngopèni. Pancèn, Gusti Allah ngopèni dhèwèké. Terus, pas dikon Gusti Allah mulih ing Kanaan, Yakub wis nduwé akèh ”raja-kaya, batur wadon lan lanang, unta lan kuldi”. (Pd. 30:43) Merga ngrasa maturnuwun karo Yéhuwah, Yakub ndonga, ”Kawula punika babar-pisan boten pantes manawi tampia sakathahing sih kadarman saha kasetyan ingkang sampun Paduka tandukaken dhateng abdi Paduka, awit kala rumiyin nalika kawula nyabrang lèpèn Yardèn punika namung mbekta teken kawula punika, mangka kawula samangké sampun ngrebda ngantos dados kalih pantha makaten.”—Pd. 32:10.
Maca Alkitab
(Purwaning Dumadi 31:1-18) Yakub krungu tembungé anak-anaké Pak Laban kang lanang, rasanané: ”Yakub iku wus njupuki darbèké bapakku lan marga saka barang darbèké mau kasugihané saya mundhak-mundhak.” 2 Kajaba saka iku Yakub iya nitèni polatané Pak Laban, saiki tangkepé wis béda karo sing uwis-uwis. 3 Pangéran Yéhuwah tumuli ngandika marang Yakub: ”Sira muliha menyang tanahé leluhurira lan kulawangsanira, déné Ingsun bakal nunggil kalawan sira.” 4 Yakub banjur kongkonan ngundang Rakhèl lan Léa menyang ara-ara, pasabané wedhus-wedhusé. 5 Tumuli padha dituturi mangkéné: ”Aku nitèni yèn ulaté bapakmu marang aku wis ora kaya kang uwis-uwis, nanging Allahé bapakku tansah nunggil karo aku. 6 Kowé padha weruh dhéwé, yèn anggonku ngèngèr bapakmu kanthi temen-temen. 7 Nanging bapakmu wus nyidrani aku lan ngowah-owahi buruhanku nganti kaping sepuluh, nanging Gusti Allah ora marengaké bapakmu gawé pitunaku. 8 Manawa kandha: Kang tutul dadia buruhanmu, sapantha kabèh banjur padha manak tutul; lan manawa kandha: kang lorèk dadi buruhanmu, sapantha kabèh banjur padha manak lorèk. 9 Mangkono anggoné Gusti Allah mundhut raja-kayané bapakmu lan diparingaké marang aku. 10 Ing mangsané wedhus padha jejodhoan, aku mulat ndeleng sajroning pangimpèn, lah wedhus lanang kang padha dadi lelananging pepanthan iku padha lorèk, tutul apadéné belang. 11 Sarta Sang Malaékaté Gusti Allah ngandika marang aku sajroning pangimpèn mau: Yakub! Unjukku: Kawula nuwun, kula. 12 Dhawuhé: Sira mulata lan mawasa, yèn sakèhé wedhus lanang kang dadi lelananging pepanthan iku padha lorèk, tutul apadéné belang, kang mangkono iku marga Ingsun mirsa apa sapanggawéné Laban marang sira. 13 Ingsun iki Allah kang ana ing Bètel kaé; ing panggonan nalika sira njebadi tugu sarta punagi marang Ingsun; saiki sira tata-tataa! Mangkata saka tanah iki lan muliha menyang nagarané sanak sadulurira!” 14 Léa lan Rakhèl banjur padha mangsuli, aturé: ”Kula punapa taksih sami gadhah panduman utawi warisan wonten ing griyanipun bapak kula? 15 Kula rak sampun sami dipun anggep tiyang sanès, margi sampun sami kasadé, saha arta pepajenganipun inggih dipun telasaken piyambak. 16 Nanging sadaya kasugihan ingkang dipun pundhut déning Gusti Allah saking bapa kula, punika rak gadhahan kula lan gadhahanipun anak-anak kula. Mila sumangga sampéyan lampahi punapa ingkang kadhawuhaken déning Gusti Allah dhateng sampéyan!” 17 Yakub banjur tata-tata, anak-anaké lan somahé padha ditunggangaké unta. 18 Karodéné sakèhing raja-kayané lan sabarang darbèké olèh-olèhané ana ing Padan-Aram kono digawa kabèh, sedyané menyang dalemé Iskak kang rama ing tanah Kanaan.
20-26 APRIL
SINAU SAKA ALKITAB | PURWANING DUMADI 32-33
”Apa Njenengan Ngupaya Tenanan Bèn Éntuk Berkah?”
(Purwaning Dumadi 32:24) Mung Yakub kang kari dhéwé. Dumadakan ana priya kang nggelut Yakub nganti tumeka bangun raina.
w03-IN 15/8 25 ¶3
Apa Njenengan Ngupaya Tenanan Bèn Éntuk Berkah saka Yéhuwah?
Ing Alkitab ana akèh wong sing dadi conto merga ngupaya tenanan bèn éntuk berkah saka Yéhuwah. Salah sijiné yaiku Yakub sing gelut karo malaékaté Gusti Allah nganti subuh. Hasilé, Yakub dijenengi Israèl (Wong sing gelut karo Gusti Allah) merga dhèwèké ”gelut”, utawa tekun, ngupaya tenanan, lan ora nyerah, karo Gusti Allah. Malaékat kuwi akhiré mberkahi Yakub merga wis dhèwèké ngupaya tenanan.—Purwaning Dumadi 32:24-30.
(Purwaning Dumadi 32:25, 26) Bareng priya mau rumaos ora bisa ngalahaké, tumuli mupuh cethiké Yakub, temahan cethiké kongsul sajroné gelut mau. 26 Priya mau banjur ngandika: ”Wis, eculna aku, awit wus bangun raina!” Aturé Yakub: ”Paduka boten badhé kawula eculaken, manawi dèrèng maringi berkah dhateng kawula.”
it-2-IN 1046 ¶1
Pincang
Yakub Pincang. Wektu umuré wis mèh 97 taun, Yakub gelut karo malaékaté Gusti Allah sewengi muput. Dhèwèké isa nahan malaékat kuwi nganti malaékat kuwi mènèhi dhèwèké berkah. Wektu gelut, sendi ing antarané pupu karo pinggulé Yakub didemèk karo malaékat kuwi nganti gèsèr. Akibaté, Yakub dadi pincang. (Pd 32:24-32; Hs 12:3-5) Yakub dadi diélingké, senajan dhèwèké ”gelut nglawan Allah [malaékaté Gusti Allah] lan manungsa, mangka [dhèwèké] menang,” kaya sing diomongké malaékat kuwi, dhèwèké ora tenanan ngalahké malaékaté Gusti Allah sing kuwat. Yakub isa gelut karo malaékat kuwi mung merga diijinké karo Gusti Allah. Tujuané Gusti Allah yaiku, bèn Yakub isa mbuktèkké nèk dhèwèké nganggep berkahé Gusti Allah kuwi berharga lan dhèwèké bener-bener mbutuhké kuwi.
(Purwaning Dumadi 32:27, 28) Pandanguné priya mau: ”Jenengira sapa?” Unjuké: ”Yakub.” 28 Priya iku ngandika manèh: ”Jenengira sabanjuré wus aja kasebut Yakub manèh, nanging Israèl, mulané mangkono awit sira wus gelut nglawan Allah lan manungsa, mangka sira menang.”
it-1-IN 1063 ¶6
Israèl
1 Jeneng sing diwènèhké Gusti Allah marang Yakub wektu umuré kira-kira 97 taun. Ing bengi wektu Yakub nyabrangi kali Yabok pas lagi ing perjalanan nemoni Ésau, Yakub gelut karo malaékat. Merga Yakub ora nyerah pas gelut, jenengé Yakub diganti dadi Israèl. Jeneng kuwi dadi tandha nèk dhèwèké diberkahi Yéhuwah. Kanggo ngéling-éling peristiwa kuwi, Yakub njenengi panggonan kuwi Pnièl utawa Pénuèl. (Pd 32:22-31; deloken YAKUB No. 1.) Pas lagi ing Bètel, Gusti Allah ngomong nèk jenengé Yakub pancèn wis diganti dadi Israèl. Nganti mati, Yakub kerep diundang Israèl. (Pd 35:10, 15; 50:2; 1Bb 1:34) Ning, jeneng Israèl sing disebutké ing Alkitab nganti ping 2.500 luwih kuwi akèh-akèhé kanggo nyebutké bangsa saka keturunané Yakub.—Pa 5:1, 2.
Wulangan Penting
(Purwaning Dumadi 32:11) Mugi kawula Paduka uwalaken saking tanganipun kakang kawula, saking tanganipun Ésap, awitdéné kawula ajrih dhateng piyambakipun, bokmanawi sadhatengipun lajeng mejahi kawula dalah para biyung saanak-anakipun.
(Purwaning Dumadi 32:13-15) Ing wengi iku Yakub nginep ing papan kono. Sawusé mangkono nuli njupuk sapérangané olèh-olèhané kagawé atur-atur marang Ésap rakané. 14 Wedhus wadon rong atus, wedhus bérok lanang rong puluh, wedhus gèmbèl wadon rong atus, kang lanang rong puluh. 15 Unta wadon kang lagi nusoni telung puluh dalah anak-anaké, sapi wadon patang puluh lan sapi lanang sepuluh, kuldi wadon rong puluh lan kuldi lanang sepuluh.
w10-IN 15/6 22 ¶10-11
Omongan sing Nyenengké Nggawé Rukun
10 Omongan sing nyenengké lan komunikasi sing apik mbantu awaké dhéwé rukun karo wong liya. Awaké dhéwé isa nduwé komunikasi sing apik nèk ngupaya bèn isa akrab karo wong liya. Tumindak sing apikan lan tulus kaya seneng mbantu, mènèhi hadiah, lan ramah isa mbantu awaké dhéwé nduwé komunikasi sing apik. Malah, kuwi isa ”ngluluhké atiné” wong liya lan nggawé dhèwèké dadi apikan. Hasilé, omong-omongan dadi luwih gampang.—Rm. 12:20, 21.
11 Yakub paham soal iki. Ésau, sedulur kembaré Yakub, nesu banget. Yakub nganti mlayu merga wedi dipatèni. Akhiré sakwisé pirang-pirang taun, Yakub mulih. Ésau lunga nemoni Yakub bareng karo wong 400. Yakub ndonga bèn dibantu Yéhuwah. Terus, Yakub ngirim dhisik akèh ternak. Hadiah kuwi mènèhi hasil sing apik. Wektu ketemu, Ésau wis ora nesu manèh. Dhèwèké mlayu lan meluk Yakub.—Pd. 27:41-44; 32:6, 11, 13-15; 33:4, 10.
(Purwaning Dumadi 33:20) Ana ing kono banjur yasa misbyah dijenengaké: ”Allahé Israèl iku Allah.”
it-1-IN 98 ¶7
Allahé Israèl Kuwi Allah
Sakwisé ketemu karo malaékaté Yéhuwah ing Pnièl, jenengé Yakub diganti dadi Israèl. Sakwisé rukun manèh karo seduluré yaiku Ésau, Yakub manggon ing Sukot lan bar kuwi ing Sikhèm. Ing kono, dhèwèké tuku lemah sithik saka putra-putrané Hamor lan ngedegké téndha. (Pd 32:24-30; 33:1-4, 17-19) ”Ana ing kono [Yakub] banjur yasa misbyah dijenengaké: ʼAllahé Israèl iku Allah’”. (Pd 33:20) Yakub nggunakké jenengé sing anyar, yaiku Israèl wektu njenengi mésbah kuwi. Kuwi nduduhké nèk dhèwèké nampa lan ngajèni jeneng kuwi. Yakub ya ngajèni Gusti Allah merga wis nuntun nganti slamet tekan ing Tanah Perjanjian. Kata-kata ”Allahé Israèl iku Allah” mung disebutké pisan ing Alkitab.
Maca Alkitab
(Purwaning Dumadi 32:1-21) Yakub mbacutaké lakuné, tumuli dipethuk déning para malaékating Allah. 2 Bareng weruh malaékat mau, Yakub tumuli ngucap: ”Iki wadyabalané Gusti Allah.” Mulané panggonan kono mau diarani: Mahanaim. 3 Sawusé iku Yakub tumuli kongkonan ndhisiki lakuné nemoni Ésap, kangmasé, menyang tanah Séir jajahan Édom. 4 Padha diweling mangkéné: ”Kowé padha matura marang bendaraku Ésap mangkéné: Aturipun abdi panjenengan Yakub: Kula sampun dados tiyang neneka wonten ing panggènanipun Bapak Laban, saweg mantuk sapunika. 5 Kaliyan malih kula sampun angsal lembu, kuldi, saha ménda tuwin réncang jaler èstri, wondéné samangké anggèn kula kèngkènan punika perlu ngaturi uninga dhateng bendara, supados kula angsala sih wonten ngarsa panjenengan.” 6 Sabaliné kongkonan banjur padha matur marang Yakub: ”Kula sampun sami sowan dhateng ingkang raka Ésap, saha panjenenganipun sampun bidhal kadhèrèkaken tiyang sekawan atus perlu methuk panjenengan.” 7 Ing kono Yakub wedi banget, lan atiné miris, mulané para baturé, wedhusé, sapiné lan untané banjur dipérang dadi rong pantha. 8 Osiking atiné: ”Saupama Ésap teka nempuh kang siji nganti kalah, panthan kang kari isih bisa oncat.” 9 Yakub tumuli munjuk: ”Dhuh Allahipun embah kawula Abraham saha Allahipun bapa kawula Iskak, dhuh Yéhuwah, ingkang sampun ngandika dhateng kawula: Sira muliha menyang tanahira marang sanak kadangira lan Ingsun bakal mbeciki sira, 10 kawula punika babar-pisan boten pantes manawi tampia sakathahing sih kadarman saha kasetyan ingkang sampun Paduka tandukaken dhateng abdi Paduka, awit kala rumiyin nalika kawula nyabrang lèpèn Yardèn punika namung mbekta teken kawula punika, mangka kawula samangké sampun ngrebda ngantos dados kalih pantha makaten. 11 Mugi kawula Paduka uwalaken saking tanganipun kakang kawula, saking tanganipun Ésap, awitdéné kawula ajrih dhateng piyambakipun, bokmanawi sadhatengipun lajeng mejahi kawula dalah para biyung saanak-anakipun. 12 Paduka rak sampun ngandika: Ingsun mesthi bakal mbeciki sira lan turunira bakal Sundadèkaké kaya wedhiné sagara kang ora kena diétung marga saka akèhé.” 13 Ing wengi iku Yakub nginep ing papan kono. Sawusé mangkono nuli njupuk sapérangané olèh-olèhané kagawé atur-atur marang Ésap rakané. 14 Wedhus wadon rong atus, wedhus bérok lanang rong puluh, wedhus gèmbèl wadon rong atus, kang lanang rong puluh. 15 Unta wadon kang lagi nusoni telung puluh dalah anak-anaké, sapi wadon patang puluh lan sapi lanang sepuluh, kuldi wadon rong puluh lan kuldi lanang sepuluh. 16 Kabèh mau dipasrahaké abdiné supaya dijaga, saben sapantha dhéwé-dhéwé, karo padha diweling: ”Kowé ndhisikana lakuku lan saben sapantha nganggoa dileti.” 17 Kang lumaku dhisik diweling mangkéné: ”Samangsa Ésap kangmasku wus ketemu karo kowé lan kowé didangu: Sapa bendaramu, lan kowé padha arep menyang ngendi? Lan raja-kaya kang kokgiring iku duwèké sapa? 18 Kowé nuli matura: Gadhahanipun abdi panjenengan Yakub, punika atur-aturipun ingkang kagem bendara kula Ésap, lan abdi panjenengan piyambak wonten ing wingking kula.” 19 Batur kang kapindho lan katelu lan kabèh kang padha nggiring pepanthan mau iya padha diweling kaya mangkono uga, tembungé: ”Kowé padha matura marang bendaraku Ésap kaya mangkono mau, samangsa padha ketemu panjenengané. 20 Lan iya padha matura mangkéné: Lah abdi panjenengan Yakub inggih wonten wingking kula.” Awitdéné pangunandikané mangkéné: ”Atiné daklilihné sarana atur-atur kang ndhisiki aku, sawusé mangkono daktemoni, bokmanawa aku ditanggapi klawan becik.” 21 Dadiné atur-atur mau diaturaké dhisik, nanging Yakub dhéwé ing sawengi iku isih kari nginep ing tarubé.
27 APRIL–3 MEI
SINAU SAKA ALKITAB | PURWANING DUMADI 34-35
”Akibaté Nèk Bergaul karo sing Ora Manut Yéhuwah”
(Purwaning Dumadi 34:1) Ing sawijining dina Dina anaké wadon Léa patutan saka Yakub niliki bocah-bocah wadon ing nagara kono.
w97-IN 1/2 30 ¶4
Sikhèm—Kutha ing Lembah
Apa sing dipikirké wong-wong lanang enom ing kutha kuwi wektu ndelok bocah wédok prawan sing kerep dolan mrono dhèwèkan? Anaké kepala suku ndelok dhèwèké, terus dhèwèké ”diplajengaké [diculik] lan ditunggil saré nganggo dirodapeksa [diperkosa]”. Apa sebabé Dina gelem bergaul karo wong Kanaan sing amoral, padahal kuwi bahaya? Apa merga dhèwèké ngrasa butuh kanca sing sak umuran? Apa dhèwèké ngèyèl lan péngin bébas kaya mas-masé? Wacanen critané ing Purwaning Dumadi, terus coba bayangna rasa kuwatir lan isin sing dirasakké Yakub lan Léa merga akibat saka tumindaké Dina.—Purwaning Dumadi 34:1-31; 49:5-7; deloken The Watchtower, 15 Juni 1985, halaman 31.
(Purwaning Dumadi 34:2) Bareng kapirsan Sang Sikhèm putrané Sang Prabu Hémor, wong agung Hèwi, raja negara kono, tumuli diplajengaké lan ditunggil saré nganggo dirodapeksa.
”Aja Nindakké Hubungan Sèks sing Ora Sah”
14 Merga seneng karo Dina, Sikhèm akhiré merkosa Dina. (Wacanen Purwaning Dumadi 34:1-4.) Kuwi wis biasa kanggoné Sikhèm. Sakwisé kedadéan kuwi, Dina lan keluargané ngalami akèh masalah.—Purwaning Dumadi 34:7, 25-31; Galatia 6:7, 8.
(Purwaning Dumadi 34:7) Nalika iku anak-anaké Yakub mulih saka ing ara-ara, bareng krungu prakara iku banget lara atiné sarta nepsu banget, marga Sang Sikhèm wus nindakaké pratingkah nistha tumrapé wong Israèl, marga ngrodapeksa marang anaké wadon Yakub; patrap mangkono iku ora patut.
(Purwaning Dumadi 34:25) Kacarita bareng telung dinané, wong-wong mau lagi ngrasakaké lara-larané, tumuli ditekani anaké Yakub loro, yaiku Siméon lan Lèwi, kangmasé Dina, padha sikep pedhang nempuh kutha mau klawan ora kadunungan rasa wedi lan matèni sadhéngah wong lanang.
w09-IN 1/9 21 ¶1-2
Wektu Njenengan Digawé Lara Ati
Biasané, wong sing balas dendam kuwi tujuané bèn ora lara ati manèh. Contoné, Alkitab nyritakké wektu anak-anaké Yakub ngerti nèk adhiné sing jenengé Dina diperkosa wong Kanaan sing jenengé Sikhèm. Anak-anaké Yakub kuwi dadi ”lara atiné sarta nepsu banget”. (Purwaning Dumadi 34:1-7) Kanggo mbales tumindaké Sikhèm, Siméon lan Lèwi nggawé rencana balas dendam marang Sikhèm lan keluargané. Siméon lan Lèwi nggunakké siasat bèn isa mlebu ing kutha Kanaan lan matèni kabèh wong lanang klebu Sikhèm.—Purwaning Dumadi 34:13-27.
Apa masalahé rampung? Yakub nyenèni Siméon lan Lèwi wektu ngerti apa sing ditindakké wong loro kuwi. Yakub ngomong, ”Kowé iku padha gawé sangsaraku, marga jenengku kokgawé bacin [utawa, mambu ora énak] ana ing nagara kéné, . . . manawa wong-wong mau padha sabiyantu nglawan kita, mesthi aku bakal padha dikalahaké lan ditumpes, iya aku dalah sabrayatku kabèh.” (Purwaning Dumadi 34:30) Masalahé ora rampung, ning tumindak kanggo balas dendam kuwi malah nambahi masalah. Yakub sakeluarga saiki kudu waspada, merga wong Kanaan sing nesu isa waé balas dendam. Kétoké, kanggo nyegah kuwi kelakon, Gusti Allah ngongkon Yakub lan keluargané lunga saka kono menyang dhaérah Bètel.—Purwaning Dumadi 35:1, 5.
Wulangan Penting
(Purwaning Dumadi 35:8) Nalika samana Débora inyané Ribkah ngajal, banjur kakubur ing Bètel pérangan kang ngisor ana ing sangisoré wit gedhé, kang katelah aran: Wit Gedhé Patangisan.
it-1-IN 564 ¶7
Débora
1 Pengasuhé Ribka. Wektu Ribka ninggalké bapaké sing jenengé Bètuèl lan keluargané kanggo pindhah ing Palèstina lan nikah karo Ishak, Débora ngancani Ribka. (Pd 24:59) Sakwisé pirang-pirang taun nglayani Ishak sakeluarga, Débora nglayani Yakub sakeluarga, mungkin sakwisé Ribka mati. Sakwisé kira-kira 125 taun Ribka nikah karo Ishak, Débora mati. Terus, dhèwèké dikubur ing ngisor wit gedhé ing Bètel. Jenengé wit kuwi (Wit Gedhé Patangisan) nduduhké nèk Yakub sakeluarga sayang banget karo Débora.—Pd 35:8.
(Purwaning Dumadi 35:22-26) Nalika Israèl lereb ana ing kono, kelakon Rubèn amor turu karo Bilha, seliré bapakné, mangka prakara iku keprungu Israèl. Anadéné anaké Yakub kang lanang iku ana rolas. 23 Anaké Léa yaiku Rubèn pembarepé Yakub, nuli Siméon, Lèwi, Yéhuda, Isakhar lan Zébulon. 24 Anaké Rakhèl: Yusuf lan Bènyamin. 25 Anaké Bilha baturé wadon Rakhèl: Dhan lan Naftali. 26 Anaké Zilpa baturé wadon Léa: Gad lan Asyèr. Iku kabèh anaké lanang Yakub kang kalairaké ana ing Padan-Aram.
Pitakonané sing Maca
Ing jaman Israèl, apa kudu anak mbarep sing isa dadi leluhuré Mèsias?
Mbiyèn kita nganggep nèk kuwi bener, merga Ibrani 12:16 kandha nèk Ésau ”ora ngajèni perkara-perkara sing suci” lan mènèhké marang Yakub ”hak-haké dadi anak mbarep mung kanggo sak porsi panganan”. Dadi, Yakub dianggep nampa ’hak-hak dadi anak mbarep’, klebu kaurmatan dadi leluhuré Mèsias.—Mat. 1:2, 16; Luk. 3:23, 34.
Nèk tenanan sinau Alkitab, kita bakal ngerti nèk ora perlu dadi anak mbarep bèn isa dadi leluhuré Mèsias. Ayo digatèkké bukti-buktiné:
Anak mbarepé Yakub lan Léa yaiku Rubèn. Terus, anak mbarepé Yakub karo Rakhèl kuwi Yusuf. Wektu Rubèn tumindak bejat, dhèwèké kélangan haké dadi anak mbarep, lan kuwi diwènèhké Yusuf. (Pd. 29:31-35; 30:22-25; 35:22-26; 49:22-26; 1 Bb. 5:1, 2) Ning tetep waé, Mèsias asalé ora liwat Rubèn utawa Yusuf. Mèsias asalé saka keturunan Yéhuda, yaiku anaké Yakub lan Léa sing nomer papat.—Pd. 49:10.
Maca Alkitab
(Purwaning Dumadi 34:1-19) Ing sawijining dina Dina anaké wadon Léa patutan saka Yakub niliki bocah-bocah wadon ing nagara kono. 2 Bareng kapirsan Sang Sikhèm putrané Sang Prabu Hémor, wong agung Hèwi, raja negara kono, tumuli diplajengaké lan ditunggil saré nganggo dirodapeksa. 3 Nanging Sang Sikhèm banget kayungyuné marang Dina, anaké Yakub; sarta kasmaran banget marang bocah wadon mau, mulané tansah dibujuk sarana tembung manis. 4 Banjur matur marang kang rama Sang Prabu Hémor, aturé: ”Laré èstri punika panjenengan dalem pundhut dadosa sémah kawula.” 5 Anadéné Yakub wus krungu yèn Dina anaké iku wus dirusuhi Sang Sikhèm. Nanging anaké lanang mbeneri lagi padha ngreksa raja-kayané ana ing ara-ara, dadiné Yakub meneng baé ngentèni saulihé. 6 Sang Prabu Hémor ramané Sang Sikhèm, tumuli miyos manggihi Yakub karsa rerembagan. 7 Nalika iku anak-anaké Yakub mulih saka ing ara-ara, bareng krungu prakara iku banget lara atiné sarta nepsu banget, marga Sang Sikhèm wus nindakaké pratingkah nistha tumrapé wong Israèl, marga ngrodapeksa marang anaké wadon Yakub; patrap mangkono iku ora patut. 8 Sang Prabu Hémor banjur rerembagan karo Yakub lan anak-anaké: ”Anak kula Sikhèm punika sanget anggènipun kasmaran dhateng ingkang putra, mugi panjenengan paringaken supados dados sémahipun, 9 sarta sumangga sami bebésanan, ingkang putra putri sami kaparingna dhateng kula, saha anak-anak kula èstri panjenengan pundhut mantu. 10 Kula aturi dedalem sesarengan kaliyan kula, sawontenipun tanah kula sumanggakaken, kula aturi dedalem ing ngriki, kula aturi ndlajahi nagari punika kanthi merdika, saha kula aturi tetep dedalem wonten ngriki.” 11 Sang Sikhèm banjur ngandika marang bapakné lan para saduluré Dina: ”Kula mugi angsala sih wonten ngarsa panjenengan, kula badhé ngaturaken punapa ingkang panjenengan pundhut. 12 Sanadyan panjenengan ngarsakaken arta tumbasan lan arta sasrahan pinten kémawon kathahipun, badhé kula caosi manut sapamundhut panjenengan, namung larénipun èstri mugi panjenengan paringaken dadosa sémah kula.” 13 Anak-anaké Yakub banjur matur marang Sang Sikhèm lan Sang Prabu Hémor nganggo dijlomprongaké, marga Dina saduluré wus dirusuhi Sang Sikhèm, 14 ature mangkéné: ”Kawula sami boten saged nglampahi ingkang kados makaten punika, déné ngulungaken adhi èstri dhateng priya ingkang boten supit, margi punika satunggaling kanisthan tumrap kawula sadaya. 15 Namung kémawon kawula inggih kedugi minangkani pamundhut dalem, anggeripun panjenengan dalem sami nglampahi kados kawula makaten, inggih punika: sadaya tiyang jaler panunggilan dalem samia dipun supiti. 16 Manawi sampun makaten, anak-anak kawula èstri badhé kawula aturaken dhateng bangsa dalem, sarta kawula sami badhé mendhet anak-anakipun èstri bangsa dalem; kawula badhé manggèn tunggil kaliyan panjenengan dalem, sami dados bangsa satunggal. 17 Nanging manawi panjenengan dalem boten karsa ndhahar atur kawula punika, saha boten karsa nglampahi supit, anak kawula èstri badhé kawula pendhet lajeng sami késah saking ngriki.” 18 Sang Prabu Hémor lan Sang Sikhèm putrané padha ngrujuki usul mangkono mau. 19 Sang anèm mau tumuli nindakaké mangkono, marga saka kasmarané marang anaké Yakub, kajaba iku Sang Sikhèm mau ana ing antarané brayaté kajèn-kèringan dhéwé.