PELAJARAN 16
Omongan sing Nguwatké
Ayub 16:5
RINGKESAN: Aja kakèhan ngrembug masalah ning terangna carané ngatasi masalah kuwi, lan pikirna carané nyemangati sing ngrungokké.
CARANÉ:
- Mikir sing apik soal wong sing ngrungokké. Awaké dhéwé kudu percaya nèk para sedulur mesthi ngupaya nyenengké Yéhuwah. Awaké dhéwé ya tetep kudu ngalem dhisik sakdurungé ngekèki naséhat. 
- Aja kakèhan ngrembug masalah. Masalah sing diadhepi wong-wong isa disebutké nèk ana hubungané karo topik sing dirembug. Omongané awaké dhéwé kudu terus nguwatké wong sing ngrungokké. 
- Nggunakké Alkitab. Critakna sing wis ditindakké, lagi ditindakké, lan arep ditindakké Yéhuwah kanggo manungsa. Awaké dhéwé kudu nyemangati sing ngrungokké bèn tetep setya.