Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil
4-10 MEI
SINAU SAKA ALKITAB | PURWANING DUMADI 36-37
”Yusuf Sengsara Merga Kakang-kakangé Iri”
(Purwaning Dumadi 37:3, 4) Rama Israèl anggoné ngasihi Yusuf ngluwihi para saduluré liyané kabèh, marga Yusuf iku lairé nalika Rama Yakub wus sepuh; sarta Yusuf digawèkaké jubah kang becik banget. 4 Bareng saduluré padha ngreti yèn kang rama anggoné ngasihi Yusuf kinacèk karo liyané, temah Yusuf disengiti lan ora gelem ngaruh-aruhi klawan ulat sumèh.
w14-IN 1/8 12 ¶3-4
’Coba Rungokna Impèn Iki’
Alkitab kandha, ”Bareng saduluré padha ngreti yèn kang rama anggoné ngasihi Yusuf kinacèk karo liyané, temah Yusuf disengiti lan ora gelem ngaruh-aruhi klawan ulat sumèh.” (Purwaning Dumadi 37:4) Lumrah nèk kakang-kakangé Yusuf kuwi ngrasa iri. Ning, kakang-kakangé Yusuf kuduné langsung nyingkirké perasaan kuwi. (Wulang Bebasan 14:30; 27:4) Apa njenengan tau ngrasa iri merga wong liya luwih digatèkké lan diajèni timbang njenengan? Élinga kakang-kakangé Yusuf. Merga iri, kakang-kakangé Yusuf tumindak tanpa dipikir dhisik lan akhiré dadi gela. Conto kuwi nggawé wong-wong Kristen terus éling nèk luwih apik ’bungah karo wong sing bungah’.—Roma 12:15.
Yusuf mesthi isa ngrasakké nèk kakang-kakangé sengit banget karo dhèwèké. Apa dhèwèké ndhelikké jubahé sing apik wektu ana kakang-kakangé? Mungkin Yusuf tau kepikiran ngono. Ning, élinga nèk Yakub mènèhi jubah kuwi merga dhèwèké sayang karo Yusuf. Yusuf péngin terus ngajèni bapaké, dadi jubah kuwi mesthi ya dienggo terus. Iki conto sing apik kanggo awaké dhéwé. Senajan Bapaké awaké dhéwé sing ana ing swarga ora tau mbédak-bédakké, kadhang Dhèwèké mènèhi perhatian khusus kanggo salah siji umaté. Apa manèh, Gusti Allah péngin awaké dhéwé tetep béda saka wong-wong sing amoral lan jahat ing donya iki. Kaya jubahé Yusuf sing istiméwa, wong Kristen kétok béda saka wong-wong ing sekitaré merga tumindaké. Tumindak kaya ngono isa waé nggawé wong-wong kuwi dadi iri lan sengit karo awaké dhéwé. (1 Pétrus 4:4) Kaya Yusuf sing ora wedi nganggo jubahé, wong Kristen ya ora bakal wedi ngakoni nèk dhèwèké kuwi umaté Gusti Allah.—Lukas 11:33.
(Purwaning Dumadi 37:5-9) Ing sawijining dina Yusuf ngimpi, impèné mau banjur dicaritakaké marang para saduluré, temah saduluré saya mundhak manèh sengité. 6 Marga celathuné marang para saduluré: ”Coba rungokna impèn kang dakimpèkaké iki: 7 Aku lan kowé lagi padha mbentèli gandum ana ing pategalan; bentèlanku nuli ngadeg jejeg, déné bentèlanmu banjur padha teka ngubengi lan sujud nyembah marang bentèlanku.”
(Purwaning Dumadi 37:11) Sadulur-saduluré dadi padha éwa marang Yusuf, nanging kang rama nyathet iku ing sajroning panggalihé.
w14-IN 1/8 13 ¶2-4
’Coba Rungokna Impèn Iki’
Mimpi-mimpi kuwi asalé saka Allah Yéhuwah. Mimpi-mimpi kuwi sakjané ramalan lan Gusti Allah péngin Yusuf nyampèkké arti saka ramalan kuwi. Kuwi berarti, Yusuf nindakké apa sing ditindakké nabi-nabi sakwisé kuwi. Nabi-nabi kuwi nyampèkké berita lan hukuman saka Gusti Allah marang wong-wong sing ora manut.
Yusuf kandha marang kakang-kakangé, ”Coba rungokna impèn kang dakimpèkaké iki.” Kakang-kakangé ora seneng karo arti saka mimpi kuwi. Mula kakang-kakangé njawab, ”Apa kowé kepéngin ngratoni aku iki kabèh?” Bar kuwi, kakang-kakangé ”saya mundhak manèh sengité jalaran saka impèné lan tembungé iku”. Wektu Yusuf nyritakké mimpiné sing keloro marang bapaké lan kakang-kakangé, tanggepané ya padha waé. Alkitab kandha, ”Temah [Yusuf] didukani déning kang rama: ’Impèn apa ta impènmu iku? Mangsa ta yèn aku, ibumu lan para sadulurmu bakal padha sumungkem ing bumi ana ing ngarepmu?’” Ning, Yakub terus mikirké soal kuwi. Apa mungkin Yéhuwah sing nyampèkké informasi marang bocah kuwi?—Purwaning Dumadi 37:6, 8, 10, 11.
Sakliyané Yusuf, ana abdiné Yéhuwah liyané sing dikon nyampèkké ramalan sing jebulé ora disenengi. Wong-wong kuwi malah akhiré dianiaya. Salah siji conto sing paling utama yaiku Yésus. Dhèwèké kandha, ”Nèk wong-wong nganiaya aku, wong-wong kuwi uga bakal nganiaya kowé.” (Yohanes 15:20) Kabèh wong Kristen isa sinau saka Yusuf sing nduwé iman lan kendel senajan isih enom.
(Purwaning Dumadi 37:23, 24) Kacarita bareng Yusuf lagi baé tekan ing ngarepé para saduluré, tumuli diuculi jubahé, iya jubah kang éndah banget kang lagi dianggo iku. 24 Banjur dilarak lan dicemplungaké ing sumur. Sumur mau asat, ora ana banyuné.
(Purwaning Dumadi 37:28) Kacarita nalika ana sudagar-sudagar Midian liwat, Yusuf dientasaké saka ing jero sumur, lan didol marang wong Ismaèl, payu rong puluh sèkel salaka; Yusuf banjur digawa menyang ing tanah Mesir.
Wulangan Penting
(Purwaning Dumadi 36:1) Iki turuné Ésap, yaiku Édom.
it-1-IN 624 ¶7
Édom
(Eʹdom) [Abang], Bangsa Édom (Bangsa Édom).
Édom kuwi jeneng liyané Ésau, kembarané Yakub. (Pd 36:1) Ésau dijenengi Édom merga ngedol hak-haké dadi anak mbarep bèn éntuk bubur kacang abang. (Pd 25:30-34) Jebulé, wektu Ésau lair, awaké ya abang wernané. (Pd 25:25) Lemah lan watu ing sebagéan dhaérah sing dienggoni Ésau lan keturunané ya abang wernané.
(Purwaning Dumadi 37:29-32) Bareng Rubèn mbalèni sumur mau, tetéla Yusuf wus ora ana ing jero sumur, tumuli nyuwèk-nyuwèk panganggoné. 30 Banjur mbalèni para saduluré, pangucapé: ”Bocahé wus ora ana, lah aku menyang ngendi paranku?” 31 Sawusé mangkono banjur padha njupuk jubahé Yusuf lan nyembelèh wedhus, lan jubahé dicelupaké ing getihé. 32 Jubah kang éndah banget mau dikirimaké katur kang rama, kanthi diweling mangkéné: ”Punika anggèn kula sami manggih. Sumangga, bapak kula aturi nitik, punika jubahipun ingkang putra punapa sanès?”
it-2-IN 1052 ¶9-10
Titip, Dititipké
Wektu ana gembala sing ngomong nèk dhèwèké bakal njaga kawanan ternak, kuwi berarti nurut hukum dhèwèké gelem dititipi kéwan-kéwan kuwi. Dhèwèké janji nèk kéwan-kéwan kuwi ora dikèki pangan utawa dimaling, dhèwèké bakal mbayar ganti rugi. Ning, tanggung jawabé kuwi ora mutlak, merga hukum kuwi mbébaské sing dititipi saka tanggung jawab nèk ana peristiwa sing ora isa dikendhalèni, contoné kaya serangan kéwan buas. Bèn isa dibébaské saka tanggung jawab kuwi, dhèwèké kudu ngekèki bukti karo sing nduwé, contoné kaya bangkai kéwané sing wis ora wutuh. Sing nduwé ternak bakal mriksa bukti kuwi, terus dhèwèké wajib ngomong nèk wong kuwi ora salah.
Pathokan sing padha ya isa ditrapké ing barang apa waé sing dititipké. Contoné ing keluarga. Nurut hukum anak mbarep dianggep dadi wong sing dititipi adhi-adhiné. Mula, awaké dhéwé isa ngertèni apa sebabé Rubèn sing dadi anak mbarep, kuwatir nèk Yusuf bakal dipatèni. Kuwi dicathet ing Purwaning Dumadi 37:18-30. Wektu adhi-adhiné ngomong nèk péngin matèni Yusuf, ”pangucapé [Rubèn], ʼAja nganti kita patèni ta!’ . . . ʼAja nganti ngwutahaké getih, . . . aja kokkapak-kapakaké!’ Iku pamurihé supaya bisa ngluwari Yusuf saka tangané para saduluré lan diulihaké marang kang rama”. Wektu Rubèn ngerti nèk Yusuf wis ilang, dhèwèké kuwatir banget nganti ”nyuwèk-nyuwèk panganggoné” lan mbengok, ”Bocahé wus ora ana, lah aku menyang ngendi paranku?” Rubèn ngerti nèk dhèwèké isa waé dikon tanggung jawab merga Yusuf ilang. Bèn ora dikon tanggung jawab, kakang-kakangé Yusuf nggawé bukti palsu sing nduduhké nèk Yusuf dipatèni kéwan buas. Carané, klambiné Yusuf sing garis-garis dicelupké ing getihé kambing. Terus, bukti kuwi diduduhké marang Yakub, bapak lan hakim ing keluarga kuwi. Yakub mbébaské Rubèn saka tanggung jawab merga ndelok klambiné Yusuf sing wis dicelupké ing getih lan ngira nèk Yusuf wis dipatèni.—Pd 37:31-33.
Maca Alkitab
(Purwaning Dumadi 36:1-19) Iki turuné Ésap, yaiku Édom. 2 Ésap iku golèk jodho wong wadon Kanaan, yaiku: Ada, anaké Élon wong Hèt lan Oholibama, anaké Ana, anaké Zibéon wong Hèwi, 3 lan Basmat, anaké Ismaèl adhiné Nébayot. 4 Ada mau anak-anak Èlifas patutan saka Ésap, lan Basmat anak-anak Réhuèl. 5 Sarta Oholibama anak-anak Yéusy, Yaélam lan Korakh. Iya iku para anaké Ésap kang lairé ana ing tanah Kanaan. 6 Ésap tumuli mboyongi para somahé, anak-anaké lanang lan wadon sarta sabrayaté kabèh, raja-kayané, kéwané lan sabarang darbèké olèh-olèhané ana ing tanah Kanaan, banjur lunga menyang nagara liya pisah karo Yakub adhiné. 7 Marga raja-darbèké sakaro-karoné iku akèh banget, njalari ora bisa awor pamanggoné, tanah pamanggoné neneka iku ora nyukupi awit saka kèhing raja-kayané. 8 Dadiné Ésap banjur manggon ing pagunungan Séir; Ésap yaiku Édom. 9 Iki turuné Ésap, leluhuré bangsa Édom ana ing pegunungan Séir. 10 Iki jenengé para anaké Ésap: Èlifas, anaké Ada, somahé Ésap, Réhuèl anaké Basmat somahé Ésap. 11 Anaké Èlifas yaiku: Téman, Omar, Zéfo, Gaétam lan Kénas. 12 Anadéné Timna iku seliré Èlifas anaké Ésap, iku nglairaké Amalèk patutan karo Èlifas. Iku mau putu-putuné Ada somahé Ésap. 13 Para anaké Réhuèl yaiku: Nahat, Zérakh, Syama lan Miza. Iku para putuné Basmat somahé Ésap. 14 Iki para anaké Oholibama, somahé Ésap, anaké Ana anaké Zibéon; iku nglairaké anak patutan karo Ésap, yaiku: Yéusy, Yaélam lan Korakh. 15 Iki pratélané para panggedhéning taler-taler turuné Ésap: Élifas anaké pembarep Ésap nurunaké panggedhéning golongan Téman, golongan Omar, golongan Zéfo lan golongan Kénas, 16 panggedhéning golongan Korakh, golongan Gaétam lan golongan Amalèk: iku para panggedhéning golongan Èlifas ing tanah Édom, iku turuné Ada. 17 Déné para turuné Réhuèl anaké Ésap yaiku: panggedhéning golongan Nahat, panggedhéning golongan Zérakh, panggedhéning golongan Syama lan panggedhéning golongan Miza. Iku para panggedhéning golongan anaké Réhuèl ana ing tanah Édom; iku mau padha turuné Basmat somahé Ésap. 18 Iki para anaké Oholibama somahé Ésap: Panggedhéning golongan Yéusy, panggedhéning golongan Yaélam, panggedhéning golongan Korakh; iku kabèh para anaké Oholibama somahé Ésap anaké Ana. 19 Iku mau padha turuné Ésap, yaiku Édom lan iku para panggedhéning golongan-golongané.
11-17 MEI
SINAU SAKA ALKITAB | PURWANING DUMADI 38-39
”Yéhuwah Ora Tau Ninggalké Yusuf”
(Purwaning Dumadi 39:1) Anadéné Yusuf wus digawa menyang tanah Mesir, banjur dipundhut déning Sang Potifar, abdi dalemé Sang Prabu Pringon, panggedhéning prajurit tamtama, wong Mesir. Anggoné mundhut saka wong-wong Ismaèl kang nggawa mrono.
w14-IN 1/11 12 ¶4-5
”Kados Pundi Anggèn Kawula Badhé Nglampahi Piawon Ageng Makaten?”
”Anadéné Yusuf wus digawa menyang tanah Mesir, banjur dipundhut déning Sang Potifar, abdi dalemé Sang Prabu Pringon, panggedhéning prajurit tamtama, wong Mesir. Anggoné mundhut saka wong-wong Ismaèl kang nggawa mrono.” (Purwaning Dumadi 39:1) Ayat kuwi nggawé awaké dhéwé isa mbayangké keadaané salah siji cah lanang sing diedol nganti ping pindho. Dhèwèké mesthi ngrasa ora berharga merga mung didadèkké budhak. Mungkin awaké dhéwé mbayangké Yusuf digawa menyang omahé sing anyar. Dhèwèké ngetutké majikané sing anyar, yaiku pejabat istana Mesir, ngliwati dalan ing kutha sing ramé lan akèh pasaré.
Akhiré Yusuf tekan. Iki béda banget karo omahé mbiyèn. Keluargané Yusuf uripé pindhah-pindhah, tinggalé ing téndha-téndha, lan ngingu kawanan domba. Ing kéné, wong sugih kaya Potifar tinggalé ing omah sing méwah. Para arkéolog kandha nèk wong Mesir jaman mbiyèn seneng nduwé taman sing ana témboké, wit-witan sing gedhé, lan kolam kanggo papirus, teratai, lan tanduran banyu liyané. Kadhang-kadhang ana omah sing diklilingi taman. Omah kuwi nduwé téras kanggo ngisis, jendhéla sing dhuwur, lan akèh kamar klebu ruang makan sing gedhé lan kamar-kamar pelayan.
(Purwaning Dumadi 39:12-14) Bendarané putri tumuli nggondhèli klambiné Yusuf kalawan ngandika: ”Ayo turu karo aku!” Nanging Yusuf ninggal klambiné ana ing astané bendarané putri mau sarta lumayu metu. 13 Bareng bendarané putri mirsa yèn klambiné Yusuf ditinggal ana ing astané sarta wongé wus lumayu metu, 14 tumuli bengok-bengok nimbali abdi-abdiné kabèh, sarta dipangandikani: ”Delengen! Wong Ibrani iku dilebokaké ing panggonanku kéné supaya aku padha dianggo dolanan. Iki mau nyedhaki aku, arep awor turu karo aku, nanging aku banjur bengok-bengok sarosaku.
(Purwaning Dumadi 39:20) Yusuf tumuli dicekel déning bendarané lan dilebokaké ing pakunjaran, papan kanggo nahan wong-wong kang kaluputan marang Sang Prabu. Kaya mangkono anggoné Yusuf kinunjara.
w14-IN 1/11 14 ¶6–15 ¶2
”Kados Pundi Anggèn Kawula Badhé Nglampahi Piawon Ageng Makaten?”
Awaké dhéwé ora pati ngerti kaya apa penjara ing Mesir jaman mbiyèn. Para arkéolog nemokké reruntuhan panggonan-panggonan sing kaya ngono, yaiku bangunan kaya bèntèng sing ana ruang tahanan lan penjara bawah tanahé. Yusuf nggambarké panggonan kuwi kaya lubang, sing nduduhké nèk wis mlebu kono, ora bakal isa metu manèh. (Purwaning Dumadi 40:15) Ing buku Jabur, awaké dhéwé ngerti nèk Yusuf ya disiksa, ”sikilé dibelok [utawa, ditalèni], guluné rinanté [utawa, diranté] ing wesi”. (Jabur 105:17, 18) Kadhang kala, para tahanané wong Mesir dibanda sikuté saka mburi. Sing liyané guluné dipasangi kalung wesi. Yusuf mesthi sengsara banget, padahal dhèwèké ora salah apa-apa.
Yusuf ngalami kuwi ora mung sedhéla. Alkitab nyritakké nèk Yusuf ana ing kono nganti pirang-pirang taun. Dhèwèké ya ora ngerti apa dhèwèké isa bébas utawa ora. Apa sebabé Yusuf ora putus asa senajan ngalami tantangan sing angèl nganti pirang-pirang taun?
Alkitab mènèhi jawaban iki, ”Yéhuwah nunggil kalawan Yusuf, kaparingan sih [”katresnan sing langgeng”, Terjemahan Dunia Baru].” (Purwaning Dumadi 39:21) Témbok penjara, borgol, utawa penjara bawah tanah ora isa ngalang-alangi katresnané Yéhuwah kanggo umaté. (Roma 8:38, 39) Awaké dhéwé mungkin mbayangké pas Yusuf sambat karo Bapaké ing swarga, bar kuwi dhèwèké isa ngrasakké kedamaian saka ”Gusti Allah sing maringi panglipuran ing kahanan apa waé”. (2 Korintus 1:3, 4; Filipi 4:6, 7) Apa manèh sing ditindakké Yéhuwah kanggo Yusuf? Awaké dhéwé maca nèk Yusuf ”diolèhaké ati saka [utawa, disenengi karo] panggedhéné pakunjaran”.
(Purwaning Dumadi 39:21-23) Nanging Sang Yéhuwah nunggil kalawan Yusuf, kaparingan sih lan diolèhaké ati saka panggedhéné pakunjaran. 22 Panggedhé pakunjaran mau nganti mracayakaké sakèhé tahanan marang pangreksané Yusuf, lan sakèhé pagawéan kang kudu ditindakaké ana ing kono, iya Yusuf kang ngurus. 23 Panggedhé pakunjaran wus ora ngawruhi apa-apa tumrap samubarang kang wus dipasrahaké marang Yusuf, marga Sang Yéhuwah nunggil kalawan Yusuf lan apa kang ditindakaké iku dilestarèkaké déning Sang Yéhuwah.
w14-IN 1/11 15 ¶2
”Kados Pundi Anggèn Kawula Badhé Nglampahi Piawon Ageng Makaten?”
Alkitab mènèhi jawaban iki, ”Yéhuwah nunggil kalawan Yusuf, kaparingan sih [”katresnan sing langgeng”, Terjemahan Dunia Baru].” (Purwaning Dumadi 39:21) Témbok penjara, borgol, utawa penjara bawah tanah ora isa ngalang-alangi katresnané Yéhuwah kanggo umaté. (Roma 8:38, 39) Awaké dhéwé mungkin mbayangké pas Yusuf sambat karo Bapaké ing swarga, bar kuwi dhèwèké isa ngrasakké kedamaian saka ”Gusti Allah sing maringi panglipuran ing kahanan apa waé”. (2 Korintus 1:3, 4; Filipi 4:6, 7) Apa manèh sing ditindakké Yéhuwah kanggo Yusuf? Awaké dhéwé maca nèk Yusuf ”diolèhaké ati saka [utawa, disenengi karo] panggedhéné pakunjaran”.
Wulangan Penting
(Purwaning Dumadi 38:9, 10) Nanging sarèhné Onan ngreti yèn turun mau ora bakal dadi duwèké dhéwé, mulané saben kumpul karo somahé kakangné, wijiné diruntuhaké ing bumi, supaya aja nganti nuwuhaké turun kanggo kakangné. 10 Pratingkah mangkono mau ora ndadèkaké keparengé Sang Yéhuwah, mulané Onan uga dipatèni.
it-2-IN 250 ¶8
Onan
(Oʹnan) [saka kata dhasar sing artiné ”kuwasa kanggo ngasilké keturunan; kekuwatan sing gedhé”].
Anaké Yéhuda sing keloro karo anaké Syua sing wédok saka Kanaan. (Pd 38:2-4; 1Bb 2:3) Kakangé Onan, yaiku Èr sing ora nduwé anak, dipatèni karo Yéhuwah merga tumindak jahat. Bar kuwi, Yéhuda ngongkon Onan nindakké perkawinan ipar karo Tamar sing mbiyèn dadi bojoné Èr. Nèk nduwé anak lanang, anak kuwi ora bakal dadi penerusé keluargané Onan. Terus, anak kuwi bakal éntuk warisan kanggo anak mbarep merga dhèwèké sing dadi ahli warisé Èr. Ning, nèk ora nduwé anak, sing éntuk warisané ya Onan. Wektu Onan nindakké hubungan sèks karo Tamar, ”wijiné [utawa, maniné] diwetokaké ing lemah”. Iki ora berarti Onan lagi masturbasi, merga ayaté kandha nèk dhèwèké mbuwang maniné ”saben kumpul [utawa, nindakké hubungan sèks] karo randhané kakangné”. Kétoké Onan sengaja nindakké kuwi bèn maniné ora mlebu alat kelaminé Tamar. Mula, Onan dipatèni karo Yéhuwah dudu merga masturbasi, ning merga ora manut karo bapakké, tamak, lan ora manut pengaturan saka Yéhuwah soal pernikahan. Onan ya ora nduwé anak.—Pd 38:6-10; 46:12; Wi 26:19.
(Purwaning Dumadi 38:15-18) Yéhuda bareng weruh Tamar mau, dikira bangsané wanita tuna-susila, marga ing rainé dikudhungi. 16 Lakuné banjur marani wong wadon kang ana ing pinggir dalan mau karo celathu: ”Ayo, kowé arep dakjak turu!” Awit ora ngreti yèn wong wadon iku mantuné dhéwé. Aturé Tamar: ”Kula badhé panjenengan paringi punapa, manawi kula panjenengan dhawuhi ndhèrèk saré?” 17 Wangsulané: ”Kowé bakal dakkirimi cempé siji.” Aturé Tamar: ”Nanging kula panjenengan paringi cepengan, sadèrèngipun panjenengan ngintunaken ingkang panjenengan janjèkaken punika.” 18 Pitakoné Yéhuda: ”Cekelan apa kang kudu dakwènèhaké kowé?” Aturé Tamar: ”Sesupé cap panjenengan tuwin kalung punapa déné teken ingkang panjenengan asta punika.” Iku iya tumuli diwènèhaké, banjur diwori turu, temah ngandhut marga saka Yéhuda.
w04-IN 15/1 30 ¶4-5
Pitakonané sing Maca
Yéhuda pancèn salah merga ora mènèhké Tamar marang anaké sing jenengé Syéla kaya janjiné. Dhèwèké ya nindakké hubungan sèks karo wong wédok sing dikira pelacur bait. Iki ora cocog karo tujuané Gusti Allah sing péngin wong lanang nindakké hubungan sèks mung karo bojoné. (Purwaning Dumadi 2:24) Sakjané, Yéhuda ora nindakké hubungan sèks karo pelacur. Ning, Yéhuda ora sengaja wis nggantèni Syéla sing kuduné nindakké perkawinan ipar lan dadi bapak kanggo keturunané sing sah.
Tamar ya ora nindakké hubungan sèks sing ora sah. Anak kembaré ya dudu anak haram. Wektu Boaz saka Bètlehèm nindakké perkawinan ipar karo Rut saka Moab, para pinituwa saka Bètlehèm ngomong sing apik soal anaké Tamar yaiku Pèrèz. Para pinituwa kuwi kandha, ”Tedhak-turun panjenengan samia kados tedhakipun Rama Pèrès [utawa, Pèrèz], putranipun Rama Yéhuda ingkang patutan saking Ibu Tamar, lantaran para putra ingkang badhé kaparingaken Yéhuwah dhateng panjenengan patutan kaliyan tiyang èstri nèm punika!” (Rut 4:12) Pèrèz ya dadi salah sijiné leluhuré Yésus Kristus.—Matius 1:1-3; Lukas 3:23-33.
Maca Alkitab
(Purwaning Dumadi 38:1-19) Kacarita nalika samana Yéhuda lunga ninggal para saduluré lan mondhok ing omahé wong Adulam, jenengé Hira. 2 Ana ing kono Yéhuda weruh anaké wadon wong Kanaan jenengé Syua, iku nuli diepèk somah lan banjur kumpul. 3 Wong wadon mau temah ngandhut sarta nglairaké anak lanang kang dijenengaké Èr. 4 Sawusé mangkono somahé mau banjur nglairaké anak lanang manèh dijenengaké Onan. 5 Tumuli nglairaké anak lanang sapisan engkas, anaké mau dijenengaké Syéla. Anggoné nglairaké mau nalika Yéhuda pinuju ana ing Khèzib. 6 Sawusé iku Yéhuda nggolèkaké jodho Èr anaké pembarep, jenengé Tamar. 7 Nanging Èr pembarepé Yéhuda iku ora ndadèkaké keparengé Sang Yéhuwah, mulané dipatèni déning Sang Yéhuwah. 8 Yéhuda banjur tutur marang Onan: ”Kowé kumpula karo tilas somahé kakangmu, iku epèken bojo, kowé dadia gegentiné kakangmu, supaya kowé mènèhana turun marang kakangmu.” 9 Nanging sarèhné Onan ngreti yèn turun mau ora bakal dadi duwèké dhéwé, mulané saben kumpul karo somahé kakangné, wijiné diruntuhaké ing bumi, supaya aja nganti nuwuhaké turun kanggo kakangné. 10 Pratingkah mangkono mau ora ndadèkaké keparengé Sang Yéhuwah, mulané Onan uga dipatèni. 11 Yéhuda banjur tutur marang Tamar mantuné: ”Anggonmu dadi wulanjar iku manggona ing omahé bapakmu baé, nganti anakku Syéla wus gedhé,” marga osiké atiné mangkéné: ”Aja nganti mati kaya kakangné karo pisan.” Tamar nuli lunga manggon ana ing omahé bapakné. 12 Sawusé antara lawas somahé Yéhuda anaké Syua ngajal. Bareng Yéhuda wus lipur, banjur lunga menyang Timna nunggoni wong-wong kang padha mbathili wedhusé, bebarengan karo Hira mitrané wong Adulam. 13 Tamar nuli diwartani mangkéné: ”Bapakmu maratuwa lagi lunga menyang Timna perlu mbathili wedhus.” 14 Tamar banjur ngrucat penganggoné wulanjar, sarta kudhungan nganti brukut, banjur mapan linggih ing gapura Énaim ing dalan kang anjog ing Timna, mulané mangkono awit weruh yèn Syéla wus gedhé, mangka ora diomah-omahaké dadi sisihané Syéla. 15 Yéhuda bareng weruh Tamar mau, dikira bangsané wanita tuna-susila, marga ing rainé dikudhungi. 16 Lakuné banjur marani wong wadon kang ana ing pinggir dalan mau karo celathu: ”Ayo, kowé arep dakjak turu!” Awit ora ngreti yèn wong wadon iku mantuné dhéwé. Aturé Tamar: ”Kula badhé panjenengan paringi punapa, manawi kula panjenengan dhawuhi ndhèrèk saré?” 17 Wangsulané: ”Kowé bakal dakkirimi cempé siji.” Aturé Tamar: ”Nanging kula panjenengan paringi cepengan, sadèrèngipun panjenengan ngintunaken ingkang panjenengan janjèkaken punika.” 18 Pitakoné Yéhuda: ”Cekelan apa kang kudu dakwènèhaké kowé?” Aturé Tamar: ”Sesupé cap panjenengan tuwin kalung punapa déné teken ingkang panjenengan asta punika.” Iku iya tumuli diwènèhaké, banjur diwori turu, temah ngandhut marga saka Yéhuda. 19 Sawusé mangkono Tamar banjur ngadeg sarta lunga, ngrucat kudhungé lan menganggo sandhangan wulanjar manèh.
18-24 MEI
SINAU SAKA ALKITAB | PURWANING DUMADI 40-41
”Yéhuwah Nylametké Yusuf”
(Purwaning Dumadi 41:9-13) Ing kono lurah pangunjukan banjur munjuk marang Sang Prabu Pringon, unjuké: ”Ing dinten punika kawula kèngetan kalepatan kawula. 10 Nalika samanten Sang Prabu Pringon duka dhateng para abdi, ngantos kawula katahan wonten ing griyanipun pangageng prajurit tamtama sesarengan kaliyan lurah among dhaharan. 11 Ing satunggaling dalu kawula kekalih ngimpi, inggih kawula dalah lurah among dhaharan; impèn lan tegesipun piyambak-piyambak. 12 Wonten ing ngriku kawula sesarengan kaliyan tiyang nèm-nèman bangsa Ibrani, réncangipun pangageng prajurit tamtama wau; punika kawula cariyosi impèn kawula, lajeng sami dipun terangaken tegesipun impèn kawula piyambak-piyambak. 13 Déné kalampahanipun inggih cèples kados anggènipun nyukani katrangan, kawula kawangsulaken dhateng padamelan lami, déné lurah among dhahar kagantung.”
w15-IN 1/2 14 ¶3-4
”Ingkang Nerangaken Impèn Punika Rak Namung Gusti Allah?”
Juru minuman kuwi mungkin wis lali karo Yusuf, ning Yéhuwah ora. Bengi kuwi, Yéhuwah mènèhi Firaun mimpi loro sing anèh. Sing pertama, Firaun ndelok ana pitung sapi sing lemu lan rupané apik metu saka Kali Nil. Terus, ana pitung sapi sing kuru lan rupané èlèk. Sapi-sapi sing lemu kuwi dipangan karo sapi-sapi sing kuru. Terus, Firaun ndelok pitung woh gandum sing apik. Bar kuwi, ana pitung woh gandum sing garing lan layu, terus mangan pitung woh gandum sing apik mau. Ésuké, Firaun tangi. Dhèwèké bingung banget, mula dhèwèké ngundang kabèh wong pinter lan para tukang sihir kanggo njelaské mimpiné kuwi. Ning, ora ana sing isa. (Purwaning Dumadi 41:1-8) Awaké dhéwé ora ngerti apa wong-wong kuwi bingung utawa nduwé pendapat sing béda-béda. Sing jelas, Firaun dadi kecéwa. Ning, dhèwèké péngin banget ngerti arti mimpiné.
Akhiré, juru minuman kuwi kèlingan karo Yusuf. Dhèwèké ngrasa salah, terus ngandhani Firaun nèk ing penjara ana cah enom sing hébat. Rong taun kepungkur, cah enom kuwi isa ngandhani arti mimpiné juru minuman kuwi lan juru roti. Firaun langsung ngongkon bèn Yusuf diundang saka penjara.—Purwaning Dumadi 41:9-13.
(Purwaning Dumadi 41:16) Yusuf banjur munjuk: ”Dhuh, Sang Prabu Pringon, punika sanès kawula, Gusti Allah ingkang badhé paring pawartos bab karaharjan dhateng Sang Prabu Pringon.”
(Purwaning Dumadi 41:29-32) Kauningana, gusti, pitung taun ingkang badhé kalampahan punika badhé mirah tedha ingkang kelangkung-langkung ing sawradinipun tanah Mesir. 30 Nanging sasampunipun punika badhé wonten pailan pitung taun laminipun, ing ngriku tiyang-tiyang Mesir sampun sami kesupèn bab kalubèran ingkang sampun, margi pailan wau badhé damel risakipun nagari punika. 31 Kalubèran ingkang kapengker sampun boten katawis tilasipun wonten ing tanah punika, awit saking pailan ingkang nusul wau langkung déning awratipun. 32 Wondéné supenan wau dipun wangsuli ngantos rambah kaping kalih punika kagem Sang Prabu Pringon ateges: bilih prakawis punika sampun dados keputusanipun Gusti Allah, saha Gusti Allah temtu tumunten énggal badhé nindakaken.
w15-IN 1/2 14 ¶6
”Ingkang Nerangaken Impèn Punika Rak Namung Gusti Allah?”
Yéhuwah sayang karo wong sing rendah hati lan nduwé iman. Mula, Yéhuwah ngandhani Yusuf arti saka mimpi sing nggawé wong-wong pinter lan para tukang sihir kuwi bingung. Yusuf njelaské nèk loro mimpiné Firaun kuwi artiné padha. Mimpi kuwi dibalèni ping pindho kanggo nduduhké nèk peristiwa kuwi ”sampun dados keputusanipun Gusti Allah” lan mesthi bakal kelakon. Sapi-sapi sing lemu lan woh gandum sing apik kuwi maksudé bakal ana akèh panganan ing Mesir saksuwéné pitung taun. Terus, sapi-sapi sing kuru lan woh gandum sing èlèk kuwi maksudé bakal ana kelaparan saksuwéné pitung taun bar kuwi. Saksuwéné pitung taun kelaparan kuwi, panganan sing mauné akèh kuwi bakal entèk.—Purwaning Dumadi 41:25-32.
(Purwaning Dumadi 41:38-40) Sang Prabu Pringon banjur ngandika marang para punggawané: ”Apa iya kita bisa nemu wong kang kadunungan Rohing Allah kaya iki?” 39 Sang Prabu Pringon tumuli ngandika marang Yusuf: ”Sarèhné Gusti Allah wus paring sumurup marang sira, dadi ora ana wong kang lantip lan wicaksana kaya sira. 40 Mulané sira kang nguwasanana kadhatoningsun, sarta sakèhé para kawulaningsun kabèh ngèstokna préntahira, mung marga saka dhampar iki baé anggoningsun ngungkuli sira.”
w15-IN 1/2 15 ¶2
”Ingkang Nerangaken Impèn Punika Rak Namung Gusti Allah?”
Firaun nepati omongané. Yusuf langsung diwènèhi klambi sing bahané linèn alus. Firaun mènèhi Yusuf kalung emas, cincin cap, lan kréta kerajaan. Yusuf ya dikèki wewenang kanggo lunga ing endi waé ing negara kuwi kanggo nindakké rencanané. (Purwaning Dumadi 41:42-44) Uripé Yusuf langsung berubah. Mauné dhèwèké dadi tahanan, ning saiki dhèwèké dadi panguwasa ing Mesir sakngisoré Firaun. Jelas banget nèk imané Yusuf marang Yéhuwah ora tanpa guna. Yéhuwah ndelok kabèh tumindak ora adil sing dialami abdiné saksuwéné pirang-pirang taun kuwi. Yéhuwah ngrampungi masalahé ing wektu sing pas lan nganggo cara sing pas. Yéhuwah nindakké kuwi ora mung kanggo kepentingané Yusuf thok, ning ya kanggo kepentingané bangsa Israèl sukmbèn. Ing artikel-artikel sakbanjuré bakal dirembug apa maksudé kuwi.
Wulangan Penting
(Purwaning Dumadi 41:14) Sang Prabu tumuli utusan nimbali Yusuf, kang banjur énggal-énggal kawetokaké saka ing pakunjaran, nuli cukur lan salin sandhangan, banjur sowan marang ing ngarsané Sang Prabu Pringon.
w15-IN 1/11 9 ¶1-3
Apa Panjenengan Ngerti?
Apa sebabé Yusuf cukur dhisik sakdurungé nemoni Firaun?
Nurut buku Purwaning Dumadi, Firaun ngongkon bèn wong Ibrani sing dadi tahanan yaiku Yusuf ndang cepet nemoni dhèwèké kanggo ngandhani arti mimpiné. Pas kuwi, Yusuf wis dipenjara pirang-pirang taun. Senajan Firaun ngongkon bèn dhèwèké ndang teka, Yusuf tetep cukur dhisik. (Purwaning Dumadi 39:20-23; 41:1, 14) Merga sing nulis Purwaning Dumadi iki nyebutké soal katrangan iki, kuwi nduduhké nèk dhèwèké ngerti tenan soal kebiasaané wong Mesir.
Akèh wong ing jaman mbiyèn, termasuk wong Ibrani, seneng nduwé jénggot. Ning, Cyclopedia of Biblical, Theological, and Ecclesiastical Literature saka McClintock lan Strong kandha, ”Wong Mesir kuna kuwi siji-sijiné bangsa ing Asia sing ora seneng nduwé jénggot.”
Apa sing dicukur mung jénggoté thok? Ing majalah Biblical Archaeology Review disebutké nèk ing beberapa upacara adaté wong Mesir, wong lanang kudu siap-siap sakdurungé nemoni Firaun kaya nèk siap-siap sakdurungé mlebu ing kuil. Mula, Yusuf ya kudu nyukur kabèh rambut ing sirah lan awaké.
(Purwaning Dumadi 41:33) Ingkang punika, dhuh Sang Prabu Pringon, mugi karsaa matah salah satunggaling tiyang ingkang lantip saha wicaksana, kadhawuhana mengku satanah Mesir.
w09-IN 15/11 28 ¶14
Dadi Pelayané Gusti Allah sing Nduwé Tata Krama
14 Para wong tuwa ing jaman mbiyèn sing manut karo Yéhuwah ya ngajari anak-anaké bèn nduwé tata krama. Gatèkna carané Abraham lan Ishak omong-omongan ing Purwaning Dumadi 22:7. Yusuf ya mesthi dilatih karo wong tuwané. Mula, wektu dipenjara, dhèwèké sopan karo kabèh termasuk karo tahanan liyané. (Pd. 40:8, 14) Saka kata-katané marang Firaun, kétok nèk Yusuf ngerti cara sing sopan wektu omong-omongan karo wong sing nduwé jabatan.—Pd. 41:16, 33, 34.
Maca Alkitab
(Purwaning Dumadi 40:1-23) Kacarita sawusé lelakon mau, lurah pangunjukan lan lurah dhaharané Sang Raja ing Mesir padha keluputan marang gustiné, yaiku raja ing Mesir mau. 2 Temah banget dukané Sang Prabu Pringon marang punggawané kadhaton mau, marang lurah pangunjukan lan lurah dhaharan iku. 3 Sakaroné padha ditahan ana ing dalemé panggedhé prajurit tamtama ana ing pakunjaran panggonané Yusuf katahan. 4 Panggedhé prajurit mau banjur matah Yusuf ngladèni priyayi tahanan loro mau. Kaya mangkono priyayi loro mau anggoné katahan nganti sawatara suwéné. 5 Ing sawijining bengi lurah sakaroné padha ngimpi, impèné dhéwé-dhéwé, iya iku lurah pangunjukan lan lurah dhaharané raja Mesir kang padha ditahan ana ing pakunjaran mau, anggoné ngimpi tunggal sawengi, lan tegesé impèn iya béda-béda. 6 Nalika ésuké Yusuf teka mrono, banjur sumurup yèn sakaroné lagi padha sedhih atiné. 7 Yusuf banjur takon marang punggawané Sang Prabu Pringon kang padha ditahan tunggal sapakunjaran karo dhèwèké ana ing dalemé bendarané iku, aturé: ”Kénging punapa dinten punika panjenengan kok sami katingal sedhih makaten?” 8 Wangsulané lurah sakaroné: ”Aku padha ngimpi, nanging ora ana wong kang bisa nerangaké tegesé.” Aturé Yusuf marang wong-wong mau: ”Ingkang nerangaken impèn punika rak namung Gusti Allah? Sumangga, impèn wau kula aturi nyariyosaken dhateng kula!” 9 Lurah pangunjukan banjur nyaritakaké impèné marang Yusuf, celathuné: ”Ing sajroning impèn mau aku weruh wit anggur ana ngarepku. 10 Wit anggur iku ana pangé telu, lagi baé anggoné semi, nuli iya metu kembangé lan dhompolané padha metokaké woh kang mateng-mateng. 11 Déné gelas pangunjukané Sang Prabu Pringon ana ing tanganku, woh anggur mau banjur dakjupuk dakperes ana ing gelas pangunjukané Sang Prabu Pringon lan gelasé nuli dakaturaké ing astané Sang Prabu Pringon.” 12 Aturé Yusuf: ”Tegesipun impèn wau makaten: Pang tiga punika tigang dinten, 13 salebetipun tigang dinten punika Sang Prabu Pringon badhé nginggahaken panjenengan, saha mangsulaken panjenengan dhateng kalenggahan panjenengan ingkang lami, temah panjenengan badhé nyaosaken gelas pangunjukan dhateng Sang Pringon kados kala rumiyin nalika panjenengan ngasta lurah pangunjukan. 14 Nanging, kula aturi ènget dhateng kula samangsa panjenengan sampun manggih sakéca, mugi karsaa nandukaken kasaénan dhateng kula, nglantaraken prakawis kula punika dhateng Sang Prabu Pringon, saha nyuwun tulung supados kawedalna saking griya punika. 15 Awitdéné kula punika dipun colong dipun culik makaten kémawon saking tanahipun tiyang Ibrani, saha wonten ing ngriki kula inggih boten naté nglampahi punapa-punapa, ingkang njalari kula pantes dipun lebetaken ing luweng tutupan punika.” 16 Lurah juru among dhaharan bareng krungu yèn anggoné negesi becik, banjur celathu marang Yusuf: ”Aku iya uga ngimpi, lah katoné aku nyunggi ténong sungsun telu isi dhaharan. 17 Déné ténong kang dhuwur isi dhaharan warna-warna kagem Sang Prabu Pringon, olah-olahané juru masak; nanging ténong kang daksunggi mau isiné banjur dipangani manuk.” 18 Yusuf banjur mangsuli: ”Makaten tegesipun impèn wau! Ténong sungsun tiga inggih tigang dinten. 19 Salebetipun tigang dinten punika Sang Prabu Pringon badhé nginggahaken panjenengan dhateng papan ingkang inggil, panjenengan badhé dipun gantung ing cagak, saha peksi-peksi badhé nedha daginging salira panjenengan.” 20 Kacarita bareng telung dinané, mbeneri dina wiyosané Sang Prabu Pringon, panjenengané nganakaké pista kanggo para punggawané, kabèh lurah pangunjukan lan lurah dhaharan padha disengkaké sirahé ana ing satengahé para abdi. 21 Lurah pangunjukan dibalèkaké pangkaté lawas, dadi kelakon nyaosaké gelas pangunjukan marang astané Sang Prabu Pringon manèh. 22 Nanging lurah dhaharan digantung, cocog kaya anggoné negesaké Yusuf marang para lurah mau. 23 Éwadéné lurah pangunjukan iku ora kèlingan marang Yusuf, nanging lali.
25-31 MEI
SINAU SAKA ALKITAB | PURWANING DUMADI 42-43
”Yusuf Isa Ngendhalèni Dhiri”
(Purwaning Dumadi 42:5-7) Dadi ing antarané wong-wong kang padha nempur gandum mau kalebu uga para putrané Israèl, marga tanah Kanaan uga wus kambah ing pailan. 6 Nalika iku Sang Yusuf wus jumeneng patih ana ing nagara kono, lan iya panjenengané iku kang nempuraké gandum marang rakyat ing kono kabèh. Dadi nalika para sadhèrèké Sang Yusuf teka, iya kudu sowan ing ngarsané klawan sumungkem ing bumi. 7 Bareng Sang Yusuf mirsa para sadhèrèké, ora pangling, nanging Sang Yusuf éthok-éthok ora ngretos, malah disentak sarta dipangandikani: ”Kowé kabèh iku saka ngendi?” Aturé kang kadangu: ”Saking tanah Kanaan, badhé nempur.”
w15-IN 1/5 13 ¶5
”Apa Aku Iki Dadi Sulihé Gusti Allah?”
Nèk Yusuf piyé? Dhèwèké langsung ngerti nèk kuwi kakang-kakangé. Wektu Yusuf ndelok kakang-kakangé sujud ing ngarepé, dhèwèké kèlingan pas isih enom. Alkitab kandha nèk ”Yusuf tumuli kèngetan [utawa, kèlingan] marang supenané [utawa, mimpiné]” saka Yéhuwah pas dhèwèké isih enom. Dhèwèké ngimpi nèk sedulur-seduluré bakal sujud ing ngarepé, persis kaya sing lagi kelakon. (Purwaning Dumadi 37:2, 5-9; 42:7, 9) Apa sing bakal ditindakké Yusuf? Meluk kakang-kakangé, utawa balas dendam?
w15-IN 1/5 14 ¶1
”Apa Aku Iki Dadi Sulihé Gusti Allah?”
Njenengan mungkin ora bakal ngalami situasi sing kaya ngono. Ning, ing donya saiki wis biasa nèk ana keluarga sing ora rukun. Merga ora sampurna, awaké dhéwé kerep nggawé keputusan nurut karo ati lan kepénginané awaké dhéwé wektu ngadhepi tantangan-tantangan kaya ngono. Luwih wicaksana nèk awaké dhéwé niru Yusuf lan nyoba ngertèni apa sing kuduné awaké dhéwé tindakké nurut Gusti Allah. (Wulang Bebasan 14:12) Senajan rukun karo keluarga kuwi penting, ning rukun karo Yéhuwah lan putrané kuwi luwih penting manèh.—Matius 10:37.
(Purwaning Dumadi 42:14-17) Ing kono Sang Yusuf ngandika manèh: ”Wis cukup; kaya kang wus dakkandhakaké mau, kowé iku padha telik. 15 Ing bab prakara iki kowé kudu katiti-priksa, demi sugengé Sang Prabu Pringon, kowé mesthi bakal ora bisa padha lunga saka ing kéné, yèn sadulurmu wuragil iku ora teka mréné. 16 Salah siji panunggalanmu konen marani adhimu, déné liyané kari ana ing kéné, ditahan; temah tembungmu bakal ketitik, apa kowé pancèn temen; déné manawa ora, demi sugengé Sang Prabu Pringon, mesthi kowé iku padha dadi telik.” 17 Para sadhèrèké Sang Yusuf kabèh padha bebarengan kalebokaké ing tahanan telung dina lawasé.
w15-IN 1/5 14 ¶2
”Apa Aku Iki Dadi Sulihé Gusti Allah?”
Yusuf nguji kakang-kakangé bèn isa ngerti sipat-sipaté sing saktenané. Liwat penerjemah, Yusuf ngomong kasar lan nudhuh nèk kakang-kakangé kuwi mata-mata saka negara liya. Kanggo mbuktèkké nèk kuwi salah, kakang-kakangé cerita soal keluargané, klebu adhiné sing isih ana ing omah. Yusuf éthok-éthok ora perduli, sakjané dhèwèké seneng banget. Apa adhiné tenanan isih urip? Saiki Yusuf ngerti kudu piyé. Dhèwèké kandha, ”Ing bab prakara iki kowé kudu katiti-priksa [utawa, diuji].” Terus, dhèwèké kandha nèk kudu ketemu karo adhiné. Akhiré, Yusuf ngongkon kakang-kakangé mulih kanggo methuk adhiné. Ning, salah siji kakangé kudu ditahan ing Mesir dhisik.—Purwaning Dumadi 42:9-20.
(Purwaning Dumadi 42:21, 22) Para sadhèrèké banjur padha rerasanan: ”Iki nyata wohing dosa kita marang adhi kita, kita rak padha kèlingan ta, nalika sesambat melas-asih marang kita, nanging kita padha ora ngrèwès, iya iku nalaré kita padha katekan karibedan iki.” 22 Rubèn tumuli mangsuli: ”Biyèn mula kowé rak wis dakkandhani, aja gawé dosa marang bocah iku, nanging kowé padha ora ngrungokaké. Saiki lah iya iki pepulihing getihé.”
it-2-IN 1334 ¶1
Yusuf
Wektu ndelok situasiné, kakang-kakangé Yusuf ngrasa nèk lagi éntuk hukuman saka Gusti Allah merga mbiyèn ngedol Yusuf dadi budhak. Ing ngarepé Yusuf, kakang-kakangé ngrembug kesalahané mbiyèn. Wektu kuwi, kakang-kakangé durung ngerti nèk kuwi Yusuf. Merga krungu omongané kakang-kakangé sing nduduhké nèk pancèn wis mertobat, Yusuf dadi terharu banget. Mula Yusuf ninggalké kakang-kakangé, terus dhèwèké nangis. Pas kakang-kakangé arep mulih, Yusuf ngongkon bèn Siméon ditahan nganti kakang-kakangé balik karo adhiné sing paling cilik.—Pd 42:21-24.
Wulangan Penting
(Purwaning Dumadi 42:22) Rubèn tumuli mangsuli: ”Biyèn mula kowé rak wis dakkandhani, aja gawé dosa marang bocah iku, nanging kowé padha ora ngrungokaké. Saiki lah iya iki pepulihing getihé.”
(Purwaning Dumadi 42:37) Rubèn banjur matur marang kang rama: ”Anak kula jaler kalih sumangga kapejahana manawi piyambakipun boten kula wangsulaken dhateng rama. Sampun ta, kula aturi masrahaken dhateng kula, mangké kula ingkang badhé mangsulaken dhateng rama.”
it-2-IN 675 ¶8
Rubèn
Rubèn nduwé sipat-sipat sing apik. Buktiné dhèwèké ngyakinké sangang adhiné bèn ora matèni Yusuf, ning nguncalké Yusuf ing sumur sing garing. Tujuané bèn Rubèn isa nylametké Yusuf saka sumur kuwi tanpa ana sing ngerti. (Pd 37:18-30) Luwih saka 20 taun bar kuwi, wektu Rubèn karo adhi-adhiné ditudhuh dadi mata-mata, adhi-adhiné nganggep nèk kuwi akibat saka tumindaké mbiyèn marang Yusuf. Ning, Rubèn ngélingké nèk mbiyèn dhèwèké ora mèlu-mèlu. (Pd 42:9-14, 21, 22) Terus, wektu Yakub ora ngolèhké Bènyamin ngancani kakang-kakangé lunga manèh ing Mesir, Rubèn sing mènèhi anaké loro dadi jaminan. Rubèn kandha, ”Anak kula jaler kalih sumangga kapejahana manawi [Bènyamin] boten kula wangsulaken dhateng rama.”—Pd 42:37.
(Purwaning Dumadi 43:32) Dhaharan banjur kaladèkaké, Sang Yusuf disaosi piyambak, para sadhèrèké dhéwé, lan wong Mesir kang padha ndhèrèk mangan iya dhéwé, marga wong Mesir iku ora kena kembul mangan karo wong Ibrani, prakara mangkono kalebu kanisthan tumrap wong Mesir.
w04-IN 15/1 29 ¶1
Piwulang Penting saka Buku Purwaning Dumadi—II
43:32—Apa sebabé wong Mesir ora gelem mangan bareng karo wong Ibrani? Alesan utamané mungkin merga nganggep nèk agama utawa sukuné wong Mesir kuwi luwih unggul. Wong Mesir ya ora seneng karo gembala. (Purwaning Dumadi 46:34) Apa sebabé? Mungkin nurut wong Mesir para gembala kuwi golongan sing paling rendah. Terus, lemah sing isa ditanduri ing Mesir mung sithik. Isa waé kuwi ya sing nyebabké wong Mesir ora seneng nèk ana sing nggolèk panggonan sing akèh tandurané kanggo makani kawanan ternaké.
Maca Alkitab
(Purwaning Dumadi 42:1-20) Bareng Rama Yakub midhanget kabar yèn ing tanah Mesir ana gandum, banjur ngandika marang para putrané: ”Yagéné kowé kok padha pandeng-pandengan baé?” 2 Karomanèh pangandikané: ”Aku krungu kabar yèn ing Mesir ana gandum, bok kowé padha mrana, nempura gandum kanggo kita, supaya kita padha bisa lestaria urip, aja nganti mati.” 3 Sadhèrèké Sang Yusuf sapuluh banjur padha budhal menyang Mesir nempur. 4 Nanging Yakub ora marengaké Bènyamin, rayiné Sang Yusuf, mèlu para saduluré, sabab kagungan panggalih: ”Bokmanawa nemu alangan mengko.” 5 Dadi ing antarané wong-wong kang padha nempur gandum mau kalebu uga para putrané Israèl, marga tanah Kanaan uga wus kambah ing pailan. 6 Nalika iku Sang Yusuf wus jumeneng patih ana ing nagara kono, lan iya panjenengané iku kang nempuraké gandum marang rakyat ing kono kabèh. Dadi nalika para sadhèrèké Sang Yusuf teka, iya kudu sowan ing ngarsané klawan sumungkem ing bumi. 7 Bareng Sang Yusuf mirsa para sadhèrèké, ora pangling, nanging Sang Yusuf éthok-éthok ora ngretos, malah disentak sarta dipangandikani: ”Kowé kabèh iku saka ngendi?” Aturé kang kadangu: ”Saking tanah Kanaan, badhé nempur.” 8 Pancèn Sang Yusuf ora pangling marang para sadhèrèké, nanging para sadhèrèké padha pangling marang panjenengané. 9 Sang Yusuf tumuli kèngetan marang supenané ing bab para sadhèrèké. Banjur ngandika manèh: ”Kowé iku mesthi telik, tekamu mréné arep nitik-nitik ngendi panggonan kang ora dijaga.” 10 Aturé para sadhèrèké: ”Boten Gusti! Sowanipun dalem punika namung badhé nempur. 11 Kawula sadaya punika sami tunggil bapa, sami tiyang temen, abdi dalem sanès telik.” 12 Nanging pangandikané Sang Yusuf marang para sadhèrèké: ”Ora! Tekamu mréné mesthi arep nelik nagara kéné iki endi sing ora dijaga.” 13 Aturé para sadhèrèké: ”Abdi dalem punika tunggilipun kalih welas jaler sadaya, sami tunggil bapa wonten ing tanah Kanaan, nanging ingkang wuragil sapunika kantun wonten ing panggènanipun bapa kawula, déné ingkang setunggal sampun boten wonten.” 14 Ing kono Sang Yusuf ngandika manèh: ”Wis cukup; kaya kang wus dakkandhakaké mau, kowé iku padha telik. 15 Ing bab prakara iki kowé kudu katiti-priksa, demi sugengé Sang Prabu Pringon, kowé mesthi bakal ora bisa padha lunga saka ing kéné, yèn sadulurmu wuragil iku ora teka mréné. 16 Salah siji panunggalanmu konen marani adhimu, déné liyané kari ana ing kéné, ditahan; temah tembungmu bakal ketitik, apa kowé pancèn temen; déné manawa ora, demi sugengé Sang Prabu Pringon, mesthi kowé iku padha dadi telik.” 17 Para sadhèrèké Sang Yusuf kabèh padha bebarengan kalebokaké ing tahanan telung dina lawasé. 18 Bareng telung dinané Sang Yusuf ngandika marang para sadhèrèké: ”Kowé padha nglakonana mangkéné, supaya bisa urip, aku bekti marang Gusti Allah. 19 Manawa kowé pancèn wong temen, salah sijiné panunggalanmu karebèn kari ana ing tahanan kéné, nanging liyané muliha, nggawaa gandum kanggo tamba luwéné brayatmu! 20 Nanging adhimu kang wuragil iku sébakna marang ing ngarepku, supaya kandhamu iku katitika manawa bener lan kowé bakal ora kaukum pati.”