SINAU SAKA ALKITAB | PURWANING DUMADI 48-50
Para Sedulur Lansia Isa Mulang Awaké Dhéwé
Para sedulur sing wis lansia isa nyritakké piyé dhèwèké ndelok dhéwé ’pakaryané Yéhuwah ingkang ngédab-édabi’ ing dina-dina pungkasan iki. Kuwi isa nggawé imané awaké dhéwé marang Yéhuwah lan janji-janjiné dadi saya kuwat. (Ms 71:17, 18) Nèk ana sedulur-sedulur sing wis lansia ing jemaaté njenengan, takonana soal
carané Yéhuwah mbantu dhèwèké terus setya senajan ngadhepi tantangan
apa sing dhèwèké rasakké wektu ndelok jumlah penginjil sing saya suwé saya akèh
apa sing dhèwèké rasakké wektu nampa pemahaman Alkitab sing saya jelas
perkembangan-perkembangan sing kelakon ing organisasiné Yéhuwah