PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mwbr20 Juni hlm. 1-14
  • Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil
  • Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil—2020
  • Subjudhul
  • 1-7 JUNI
  • 8-​14 JUNI
  • 15-​21 JUNI
  • 22-​28 JUNI
  • 29 JUNI–​5 JULI
Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil—2020
mwbr20 Juni hlm. 1-14

Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil

1-7 JUNI

SINAU SAKA ALKITAB | PURWANING DUMADI 44-​45

”Yusuf Ngapurani Kakang-kakangé”

(Purwaning Dumadi 44:​1, 2) Sawusé mangkono Sang Yusuf banjur dhawuh marang kang nguwasani dalemé, pangandikané: ”Bagoré wong-wong iku isinana gandum ing sakuwaté anggoné nggawa, lan dhuwité siji-sijiné dokokna ing jero bagor tumumpang ing dhuwuré. 2 Lan tuwungku, tuwung selaka iku dokokna ing jeroné bagoré kang wuragil tumpangna ing dhuwur dalah dhuwit patukoné gandum.” Abdi mau iya banjur nglakoni apa sadhawuhé Sang Yusuf.

w15-IN 1/5 14-15 ¶5-8

”Apa Aku Iki Dadi Sulihé Gusti Allah?”

Yusuf njebak kakang-kakangé. Kakang-kakangé dioyak, ditahan, lan ditudhuh nyolong gelas péraké. Wektu gelas kuwi ditemokké ing tasé Bènyamin, dhèwèké karo kakang-kakangé digawa bali menyang Yusuf. Saiki Yusuf nduwé kesempatan kanggo ndelok apa pancèn kakang-kakangé wis berubah. Yéhuda sing makili kakang-kakangé Yusuf. Dhèwèké njaluk diapurani, malah nganti kandha nèk kabèh kakang lan adhiné gelem dadi budhak ing Mesir. Ning, Yusuf kandha nèk mung Bènyamin sing kudu dadi budhak ing Mesir. Terus, kabèh kakang-kakangé kudu lunga.​—⁠Purwaning Dumadi 44:​2-​17.

Yéhuda njaluk karo Yusuf, ”Namung kantun satunggal punika ingkang tunggil biyung, mila laré wau sanget dipun tresnani déning bapa kawula.” Kata-kata kuwi mesthi nggawé Yusuf terharu, merga dhèwèké kuwi anaké Rakhèl sing mbarep. Kaya bapaké, kétoké Yusuf éling karo akèh kenangan sing nyenengké karo Rakhèl. Rakhèl mati wektu nglairké Bènyamin. Mungkin kuwi sing nggawé Yusuf sayang banget karo Bènyamin.​—⁠Purwaning Dumadi 35:​18-​20; 44:⁠20.

Yéhuda njaluk bèn Bènyamin ora didadèkké budhak karo Yusuf. Dhèwèké nganti ngomong nèk péngin nggantèni Bènyamin dadi budhak. Terus, Yéhuda akhiré ngomong, ”Awitdéné kados pundi anggèn kawula saged lumampah wangsul pinanggih bapa kawula, manawi laré punika boten tumut sareng kaliyan kawula; kawula boten mentala ningali kasisahan ingkang badhé tumempuh dhateng bapa kawula.” (Purwaning Dumadi 44:​18-​34) Kuwi jelas nduduhké nèk Yéhuda wis berubah. Dhèwèké ya nduduhké émpati, ora mentingké kepentingan dhéwé, lan apikan.

Yusuf wis ora kuwat manèh. Dhèwèké ngongkon kabèh pelayané lunga, terus dhèwèké nangis banter banget nganti krungu tekan ing istanané Firaun. Akhiré dhèwèké ngakoni, ”Aku iki Yusuf adhimu.” Yusuf meluk sedulur-seduluré lan ngapurani tumindaké kakang-kakangé mbiyèn. (Purwaning Dumadi 45:​1-​15) Yusuf niru Yéhuwah sing seneng ngapurani. (Jabur 86:⁠5) Apa awaké dhéwé ya ngono?

(Purwaning Dumadi 44:​33, 34) Milanipun sapunika mugi abdi dalem kalilana kantun dados abdinipun gusti kawula minangka gegentosipun laré punika, sarta laré punika mugi keparengna lumampah wangsul sareng kaliyan para sadhèrèkipun. 34 Awitdéné kados pundi anggèn kawula saged lumampah wangsul pinanggih bapa kawula, manawi laré punika boten tumut sareng kaliyan kawula; kawula boten mentala ningali kasisahan ingkang badhé tumempuh dhateng bapa kawula.”

(Purwaning Dumadi 45:​4, 5) Sang Yusuf tumuli ngandika manèh marang para sadhèrèké: ”Padha majua ta, nyedhaka mréné!” Tumuli padha maju. Sarta dipangandikani manèh: ”Aku iki Yusuf adhimu, kang padha kok edol menyang tanah Mesir. 5 Nanging saiki aja padha susah lan aja nggrantes, awit saka anggonmu wus ngedol aku mréné, awit Gusti Allah kang ngutus aku ndhisiki kowé supaya mitulungi urip.

Wulangan Penting

(Purwaning Dumadi 44:13) Tumuli kabèh padha nyuwèk panganggoné, sarta siji-sijiné padha ngemoti kuldiné manèh, banjur padha bali menyang nagara.

it-1-IN 1310 ¶5-6

Nyuwèk Klambi

Kebiasaané wong Yahudi lan bangsa-bangsa ing dhaérah timur nèk lagi sedhih. Biasané kuwi ditindakké nèk ana seduluré sing mati. Wektu nyuwèk klambi, biasané sing disuwèk mung bagéan ngarepé nganti dhadhané kétok, dudu nganti ora isa dienggo manèh.

Kebiasaan iki pertama kali disebutké ing Alkitab pas Rubèn, anak mbarepé Yakub, bali manèh ing sumur. Merga ngerti Yusuf wis ora ana ing kono, Rubèn nyuwèk klambiné karo ngomong, ”Bocahé wus ora ana, lah aku menyang ngendi paranku?” Rubèn kudu njaga adhiné merga dhèwèké kuwi anak mbarep. Pas ngira nèk anaké wis mati, Yakub nyuwèk jubahé, terus nganggo kain goni merga sedhih. (Pd 37:​29, 30, 34) Pas ing Mesir, wektu Bènyamin ditudhuh nyolong, kakang-kakangé Yusuf sedhih, terus nyuwèk klambi.​—⁠Pd 44:⁠13.

(Purwaning Dumadi 45:​5-8) Nanging saiki aja padha susah lan aja nggrantes, awit saka anggonmu wus ngedol aku mréné, awit Gusti Allah kang ngutus aku ndhisiki kowé supaya mitulungi urip. 6 Sabab nagara kéné iki anggoné katempuh ing pailan wus rong taun, mangka bakalé isih limang taun engkas ora ana wong mluku utawa panèn. 7 Mulané Gusti Allah ngutus aku ndhisiki kowé, supaya turunmu bisa lestari ana ing bumi iki lan supaya kowé kapitulungana urip, satemah panunggalanmu sabagéan gedhé bisa kapitulungan. 8 Dadiné dudu kowé kang akon aku mréné, nanging Gusti Allah. Iya Panjenengané kang mrenahaké aku dadi ramané Sang Prabu Pringon, lan mengku sakedhaton kabèh apadéné nguwasani tanah Mesir kabèh.

w04-IN 15/8 15 ¶15

Disengiti Tanpa Sebab

15 Nèk disengiti tanpa sebab karo wong liya, piyé carané bèn awaké dhéwé ora lara ati? Élinga nèk mungsuh utamané awaké dhéwé kuwi Sétan lan para hantuné. (Éfésus 6:​12) Akèh-akèhé wong sing sengaja nganiaya awaké dhéwé kuwi sakjané ora ngerti sing bener utawa kena pengaruh saka wong liya. (Danièl 6:​4-​16; 1 Timotius 1:​12, 13) Yéhuwah péngin ”kabèh wong” isa ”dislametké lan nduwé pangertèn sing trep bab apa sing bener”. (1 Timotius 2:⁠4) Akèh wong sing mbiyèn nentang, saiki dadi sedulur seiman merga nggatèkké tumindaké awaké dhéwé sing apik. (1 Pétrus 2:​12) Awaké dhéwé ya isa niru anaké Yakub, yaiku Yusuf. Senajan digawé sengsara, Yusuf ora tau sengit karo kakang-kakangé. Apa sebabé? Merga dhèwèké ngerti nèk Yéhuwah isa nindakké apa waé bèn tujuané kelakon. (Purwaning Dumadi 45:​4-8) Dadi, senajan awaké dhéwé ngalami tumindak ora adil, Yéhuwah isa ngowahi keadaan kuwi kanggo ngluhurké jenengé.​—⁠1 Pétrus 4:​16.

Maca Alkitab

(Purwaning Dumadi 45:​1-​15) Ing kono sang Yusuf wus ora kuwat nahan panggalihé manèh ana ing ngarepé kang padha sowan, banjur ngandika seru: ”Wong kabèh padha konen metu saka ing kéné!” Dadi ing ngarsané Sang Yusuf wus ora ana wong siji-sijia, nalika panjenengané mblakakaké sarira marang para sadhèrèké. 2 Sawusé mangkono Sang Yusuf banjur muwun seru banget, nganti keprungu wong Mesir, malah iya nganti keprungu para santanané Sang Prabu Pringon. 3 Pangandikané Sang Yusuf marang para sadhèrèké: ”Aku iki Yusuf, bapak apa isih sugeng?” Nanging para sadhèrèké padha ora bisa ngaturaké wangsulan, marga saka wedi lan geter ana ing ngarsané. 4 Sang Yusuf tumuli ngandika manèh marang para sadhèrèké: ”Padha majua ta, nyedhaka mréné!” Tumuli padha maju. Sarta dipangandikani manèh: ”Aku iki Yusuf adhimu, kang padha kok edol menyang tanah Mesir. 5 Nanging saiki aja padha susah lan aja nggrantes, awit saka anggonmu wus ngedol aku mréné, awit Gusti Allah kang ngutus aku ndhisiki kowé supaya mitulungi urip. 6 Sabab nagara kéné iki anggoné katempuh ing pailan wus rong taun, mangka bakalé isih limang taun engkas ora ana wong mluku utawa panèn. 7 Mulané Gusti Allah ngutus aku ndhisiki kowé, supaya turunmu bisa lestari ana ing bumi iki lan supaya kowé kapitulungana urip, satemah panunggalanmu sabagéan gedhé bisa kapitulungan. 8 Dadiné dudu kowé kang akon aku mréné, nanging Gusti Allah, Iya Panjenengané kang mrenahaké aku dadi ramané Sang Prabu Pringon, lan mengku sakedhaton kabèh apadéné nguwasani tanah Mesir kabèh. 9 Diénggal padha balia menyang ngarsané rama, lan matura mangkéné: ”Piwelingipun ingkang putra Yusuf makaten: Gusti Allah sampun ngangkat kula dados ingkang nguwaosi satanah Mesir sadaya, sumangga kula aturi rawuh dhateng panggènan kula, sampun ngentosi punapa-punapa. 10 Rama kula aturi dedalem wonten ing tanah Gosyèn celak kaliyan kula, inggih rama dalah putra wayah, ménda-ménda lan lembu tuwin sadaya kagunganipun rama. 11 Déné kula ingkang badhé nyekapi sadaya kabetahanipun rama, awit pailan punika taksih gangsal taun malih dangunipun, supados rama sakulawarga sampun ngantos dhumawah ing kamlaratan, punapa déné sadaya tiyang ingkang ndhèrèk rama. 12 Lah kowé lan adhiku Bènyamin wus padha ndeleng dhéwé, yèn kang ngandhani kowé kabèh iki aku dhéwé. 13 Marga saka iku ramaku critanana bab kaluhuranku ana ing tanah Mesir kéné, lan sabarang kang wus padha kokdeleng nuli diénggal ramaku dhèrèkna mréné!” 14 Kang rayi Bènyamin banjur dirangkul guluné kanthi muwun, sarta Bènyamin iya nangis ana ing astané Sang Yusuf. 15 Sang Yusuf banjur ngarasi lan ngrangkuli para sadhèrèké klawan muwun. Sawusé mangkono para sadhèrèké lagi padha guneman karo Sang Yusuf.

8-​14 JUNI

SINAU SAKA ALKITAB | PURWANING DUMADI 46-​47

”Bébas saka Kelaparan”

(Purwaning Dumadi 47:13) Ing saindenging nagara kono ora ana pangan, marga pailané luwih déning abot, nganti wong satanah Mesir lan satanah Kanaan padha nglentéré lan lemes déning pailan mau.

w87-IN s-36 13 ¶2

Nylametké Wong-Wong Wektu Ana Kelaparan

2 Sakwisé pitung taun ana akèh panganan ing Mesir, kelaparan mulai kelakon kaya ramalané Yéhuwah. Kelaparan kuwi ora mung kelakon ing Mesir, ning ya ”ing sajagad kabèh”. Pas wong-wong ing Mesir kuwi mulai njaluk-njaluk panganan, Firaun ngomong, ”Padha maranana Yusuf, nglakonana apa sapréntahé marang sira!” Yusuf ngedol gandum marang wong Mesir nganti dhuwité wong-wong kuwi entèk. Bar kuwi, wong-wong kuwi isa mbayar nganggo ternak. Akhiré, wong-wong kuwi nemoni Yusuf, lan ngomong, ”Panjenengan dalem mugi karsaa mundhut badan saha pasitèn [utawa, tanah] kawula kalintonana [utawa, ijolana] tedha, déné kawula dalah pasitèn kawula badhé lumados dhateng Sang Prabu Pringon.” Dadi, Yusuf nuku kabèh tanahé wong Mesir kanggo Firaun.​—⁠Purwaning Dumadi 41:​53-​57; 47:​13-​20.

(Purwaning Dumadi 47:16) Paring wangsulané sang Yusuf: ”Manawa wus padha ora duwé dhuwit, raja-kayamu aturna, kowé bakal dakwènèhi pangan, minangka ijolé raja-kayamu.”

(Purwaning Dumadi 47:​19, 20) Punapa kawula sami kedah pejah wonten ngarsanipun gusti kawula, inggih kawula dalah pasitèn kawula? Panjenengan dalem mugi karsaa mundhut badan saha pasitèn kawula kalintonana tedha, déné kawula dalah pasitèn kawula badhé lumados dhateng Sang Prabu Pringon. Sarta malih panjenengan dalem mugi karsaa maringi winih, supados kawula sami gesang, sampun ngantos pejah, saha bumi ing ngriki sampun ngantos dados cengkar.” 20 Sang Yusuf banjur mundhut kabèh tanahé wong Mesir dadi kagungané Sang Prabu Pringon, awitdéné siji-sijiné wong Mesir padha ngedol pategalané marga saka bangeting pailan kang dialami. Kaya mangkono satanah kabèh dadi kagungané Sang Prabu Pringon.

(Purwaning Dumadi 47:​23-​25) Sang Yusuf tumuli ngandika marang rakyat mau: ”Lah wiwit dina iki kowé dalah palemahanmu wus daktuku dadi kagungané Sang Prabu Pringon. Enya, iki winih, supaya kowé bisa nyebari lemah iku. 24 Déné mungguh pametuné iku: sapralimané ladèkna marang Sang Prabu Pringon, déné kang patang pralimané iku dadia pandumanmu kanggo winih lan kanggo panganmu lan brayatmu apadéné anak-anakmu.” 25 Aturé wong akèh iku: ”Panjenengan dalem ingkang mitulungi gesang kawula, uger kawula sami manggih sih wonten ing ngarsanipun gusti kawula, kawula badhé nglampahi dados abdinipun Sang Prabu Pringon.”

kr 234-​235 ¶11-​12

Kratoné Allah Mujudké Kersané Allah ing Bumi

11 Kalubèran. Donya iki lagi kaliren ing bab rohani. Alkitab ngélingké, ” ’Lah bakal tumeka ing titi-mangsané,’ mangkono pangandikané Pangéran Yéhuwah, ’Ingsun bakal ndhatengaké pailan ana ing nagara kéné, dudu pailan pangan utawa kasatan banyu, nanging ngorong marang pangandikané Pangéran Yéhuwah.’ ” (As. 8:​11) Apa rakyat Kratoné Allah uga ngalami kaliren kuwi? Yéhuwah ngramalké bédané umaté Allah lan mungsuh-mungsuhé. Yéhuwah ngendika, ”Para abdiningSun bakal mangan, nanging sira bakal padha kaliren; para abdiningSun bakal padha ngombé, nanging sira bakal padha kasatan; para abdiningSun bakal padha bungah-bungah, nanging sira bakal padha nandhang wirang.” (Yé. 65:13) Apa panjenengan wis ndelok kelakoné ramalan kuwi?

12 Awaké dhéwé nampa pangan rohani sing ora tau mandheg, kaya kali sing amba lan jero. Senajan ing bab rohani akèh wong ing donya iki padha kekurangan, ning awaké dhéwé malah ngrasakké kalubèran. Contoné, ana akèh wacan-wacan Alkitab, rekaman audhio vidhéo, pakumpulan ibadah, kebaktian, lan bahan sing ana ing situs Wèbé Seksi Yéhuwah. (Yk. 47:​1-​12; Yl. 3:​18) Panjenengan mesthi seneng ngrasakké dhéwé janjiné Yéhuwah iki. Apa panjenengan bakal terus mangan ing méjané Yéhuwah?

Wulangan Penting

(Purwaning Dumadi 46:⁠4) Ingsun piyambak kang nunggil lakunira menyang Mesir lan uga kang bakal ngirid lakunira bali manèh, karodéné tangané Yusuf kang bakal ngeremaké mripatira.”

it-2-IN 809 ¶6

Sikap lan Gerakan

Numpangké tangan ing mripaté wong sing wis mati. Yéhuwah ngomong karo Yakub nèk ”tangané Yusuf kang bakal ngeremaké mripatira”. (Pd 46:⁠4) Maksudé, Yusuf sing bakal nutup mripaté Yakub sakwisé mati. Biasané kuwi tugasé anak mbarep. Kétoké Yéhuwah arep ngandhani Yakub nèk Yusuf sing bakal éntuk hak dadi anak mbarep.​—⁠1Bb 5:⁠2.

(Purwaning Dumadi 46:​26, 27) Sakèhé wong kang ndhèrèk Rama Yakub menyang Mesir, yaiku para putrané, kejaba somahé para putrané, kabèh gunggungé sawidak nem. 27 Karodéné putrané Sang Yusuf kang miyos ana ing tanah Mesir iku cacahé loro. Dadi brayaté Rama Yakub kang teka ing tanah Mesir iku kabèh gunggungé pitung puluh.

nwtsty katrangan kanggo sinau Kis 7:​14

jumlahé wong-wong kuwi ana 75: Kétoké Stéfanus ora ngutip ayat tertentu saka Kitab-Kitab Ibrani wektu nyebutké nèk jumlah anggota keluargané Yakub ing Mesir kuwi 75. Jumlah kuwi ora disebutké ing Kitab-Kitab Ibrani tulisan Masorèt. Pd 46:26 kandha, ”Sakèhé wong kang ndhèrèk Rama Yakub menyang Mesir, yaiku para putrané, kejaba somahé para putrané, kabèh gunggungé sawidak nem.” Ayat 27 kandha, ”Dadi brayaté Rama Yakub kang teka ing tanah Mesir iku kabèh gunggungé pitung puluh.” Ana rong cara ngétung jumlah wong-wong kuwi. Sing pertama mungkin mung wong-wong sing bener-bener keturunané Yakub. Sing keloro kuwi kabèh wong sing mèlu lunga ing Mesir. Jumlah keturunané Yakub ya disebutké ing Pa 1:5 lan PT 10:22. Ing kono, disebutké nèk jumlahé ana ”70”. Kétoké, Stéfanus nyebutké jumlah sing béda merga keluargané Yakub sing wis tambah akèh ya mèlu diétung. Ana sing ngomong nèk jumlah kuwi termasuk anak-anak lan putu-putuné Manasyé lan Éfraim, sing disebutké ing terjemahan Septuaginta saka Pd 46:20. Manasyé lan Éfraim kuwi anak-anaké Yusuf. Ana manèh sing ngomong nèk jumlah kuwi termasuk mantu-mantuné Yakub, sing ora klebu ing jumlah sing disebutké ing Pd 46:26. Dadi, ”75” kuwi mungkin jumlah totalé. Jumlah iki mungkin dhasaré saka salinan-salinan Kitab-Kitab Ibrani sing ana ing abad pertama Masèhi. Saksuwéné pirang-pirang taun, para ahli ngerti nèk jumlah ”75” kuwi ana ing Pd 46:27 lan Pa 1:5 ing Septuaginta Yunani. Apa manèh, ing sekitar taun 1950, ana rong bagéan gulungan Laut Mati saka Pa 1:5 ing basa Ibrani sing ditemokké. Ing kono ya nyebutké jumlah ”75”. Jumlah sing disebutké Stéfanus mungkin dijupuk saka tulisan-tulisan kuno kuwi. Ora soal kemungkinan endi sing bener, jumlah sing disebutké Stéfanus kuwi mung nduduhké cara liya ngétung jumlah total keturunané Yakub.

Maca Alkitab

(Purwaning Dumadi 47:​1-​17) Sawusé mangkono Sang Yusuf banjur sowan ngunjuki uninga marang Sang Prabu Pringon, unjuké: ”Bapa kawula kaliyan para sadhèrèk kawula sampun sami dhateng saking tanah Kanaan mbekta ménda saha lembunipun punapa déné sabarang gadhahanipun sadaya, sapunika wonten ing tanah Gosyèn.” 2 Para sadhèrèké ana lima kang diajak ngadhep Sang Prabu Pringon. 3 Sang Prabu Pringon tumuli ndangu marang para sadhèrèké Sang Yusuf mau: ”Apa kang dadi panggaotanira?” Unjuké kang kadangu marang Sang Prabu Pringon: ”Abdi dalem sami tiyang angèn ménda ugi para leluhur kawula.” 4 Karomanèh unjuké marang Sang Prabu Pringon: ”Dhateng kawula badhé sami dados tiyang neneka wonten ing tanah ngriki, margi sampun boten wonten pangènan kanggé ménda-ménda gadhahanipun dalem, awitdéné tanah Kanaan ngrika kambah pailan ngédab-édabi, pramila abdi dalem mugi sami kelilana manggèn wonten ing tanah Gosyèn.” 5 Sang Prabu Pringon banjur ngandika marang Sang Yusuf: ”Bapakira lan sadulurira padha nekani sira, 6 tanah Mesir iki ngeblag tumrap sira. Bapakira lan sadulurira tuduhana panggonan kang becik dhéwé, karebèn padha manggon ana ing tanah Gosyèn. Déné manawa sira weruh ing saantarané panunggalanira ana kang trengginas, padha sira dadèkna pemimpin pangoning raja-kaya kagunganingsun.” 7 Sang Yusuf tumuli uga ngirid kang Rama Yakub sowan ing ngarsané Sang Prabu Pringon. Rama Yakub nyuwunaké berkah Sang Prabu Pringon. 8 Pandanguné Sang Prabu Pringon marang Rama Yakub: ”Sampéyan sampun umur pinten taun?” 9 Unjuké Rama Yakub marang Sang Prabu Pringon: ”Étanging taun-taun anggèn kawula nglembara dados tiyang neneka punika satus tigang dasa taun. Cacahing taunipun gesang kawula namung sakedhik, nanging kathah karibedanipun; boten saged nututi umuripun para leluhur kawula ing nalikanipun sami nglembara dados tiyang neneka.” 10 Rama Yakub tumuli nyuwunaké berkah Sang Prabu Pringon; sawusé iku banjur mundur saka ngarsané Sang Prabu Pringon. 11 Sang Yusuf tumuli mrenahaké pamanggoné kang rama lan sadulur-saduluré, padha diedumi wewenang nduwèni bumi ana ing kono, kaya kang kadhawuhaké déning Sang Prabu Pringon. 12 Karodéné Sang Yusuf nyekapi panggesangané kang rama, sadhèrèk-sadhèrèké lan sabrayaté kang rama, miturut cacahé anak-anaké. 13 Ing saindenging nagara kono ora ana pangan, marga pailané luwih déning abot, nganti wong satanah Mesir lan satanah Kanaan padha nglentéré lan lemes déning pailan mau. 14 Sang Yusuf nuli nglempakaké dhuwit kang ketemu ana ing tanah Mesir lan ing tanah Kanaan, yaiku dhuwit patukoné gandum; déné dhuwit-dhuwité mau digawa mlebu menyang ing kratoné Sang Prabu Pringon. 15 Bareng ing tanah Mesir lan ing tanah Kanaan wus ora ana dhuwit, wong-wong Mesir padha séba marang ing ngarsané Sang Yusuf sarta matur: ”Kawula mugi panjenengan dalem paringi tedha, punapa kawula kedah pejah wonten ngarsa dalem ngriki? Margi sampun sami boten gadhah arta malih.” 16 Paring wangsulané sang Yusuf: ”Manawa wus padha ora duwé dhuwit, raja-kayamu aturna, kowé bakal dakwènèhi pangan, minangka ijolé raja-kayamu.” 17 Raja-kayané banjur padha diaturaké marang Sang Yusuf. Sang Yusuf tumuli maringi pangan minangka ijolé jaran, pepanthan wedhus, pepanthan sapi apadéné kuldi; dadi setaun iku wong-wong mau padha dicukupi pangané minangka ijolé raja-kayané.

15-​21 JUNI

SINAU SAKA ALKITAB | PURWANING DUMADI 48-​50

”Para Sedulur Lansia Isa Mulang Awaké Dhéwé”

(Purwaning Dumadi 48:​21, 22) Sawusé mangkono Rama Israèl banjur ngandika marang Sang Yusuf: ”Lah ora suwé manèh aku bakal mati, nanging Gusti Allah bakal nunggil karo kowé lan kowé bakal padha diulihaké menyang tanahé leluhurmu. 22 Lan kowé dakpandumi ngluwihi para sadulurmu, gegeré gunung kang dakrebut saka ing tangané wong Amori sarana pedhang lan panahku.”

it-2-IN 1163 ¶9

Yakub

Sakdurungé mati, Yakub mberkahi putu-putuné, yaiku anak-anaké Yusuf. Merga dituntun Gusti Allah, Yakub mberkahi Éfraim luwih dhisik senajan Manasyé luwih tuwa. Terus, Yusuf bakal nampa warisan ping pindhoné anak-anak liyané. Yakub kandha marang Yusuf, ”Kowé dakpandumi ngluwihi para sadulurmu, gegeré gunung kang dakrebut saka ing tangané wong Amori sarana pedhang lan panahku.” (Pd 48:​1-​22; 1Bb 5:⁠1) Yakub sakjané wis tuku lemah cedhak Syikhèm saka putra-putrané Hémor. (Pd 33:​19, 20) Dadi, janjiné Yakub marang Yusuf iki nduduhké nèk Yakub nduwé iman. Wektu Yakub ngramalké nèk keturunané bakal ngalahké lan manggon ing Kanaan, dhèwèké ngomong kaya-kaya kuwi wis kelakon nganggo pedhang lan panahé dhéwé. (Deloken BANGSA AMORI.) Warisané Yusuf sing jumlahé ping pindhoné anak-anak liyané kuwi klebu rong bagéan lemah sing diwènèhké marang suku Éfraim lan Manasyé.

(Purwaning Dumadi 49:⁠1) Sawusé mangkono Rama Yakub banjur nimbali para putrané sarta ngandika: ”Padha nglumpuka, kowé arep dakkandhani apa kang bakal kokalami ing tembé buri.

it-1-IN 876 ¶4

Dina-Dina Pungkasan

Ramalané Yakub Sakdurungé Mati. Yakub kandha marang anak-anaké, ”Padha nglumpuka, kowé arep dakkandhani apa kang bakal kokalami ing tembé buri” utawa ”sing mbésuk bakal padha kokalami”. (Basa Jawi Padintenan) Sing dimaksud Yakub kuwi sukmbèn pas kata-katané mulai digenepi. (Pd 49:⁠1) Luwih saka rong abad sakdurungé, Yéhuwah wis ngomong marang mbahé Yakub yaiku Abram (Abraham) nèk keturunané bakal sengsara saksuwéné 400 taun. (Pd 15:13) Dadi, sing disebut karo Yakub ”ing tembé buri” kuwi ora isa kelakon sakdurungé 400 taun kuwi rampung. (Kanggo keterangan luwih akèh soal Purwaning Dumadi 49, deloken artikel soal putra-putrané Yakub nurut jenengé dhéwé-dhéwé.) Penerapan liyané saka ramalan kuwi isa waé ana hubungané karo ”Israèl duwèké Gusti Allah”.​—⁠Gal 6:​16; Rm 9:⁠6.

(Purwaning Dumadi 50:​24, 25) Sang Yusuf banjur ngandika marang para sadhèrèké: ”Ora suwé manèh aku bakal mati, nanging Gusti Allah mesthi bakal ngreksa kowé, lan kowé bakal padha diangkataké saka ing tanah kéné menyang tanah kang wus diprasetyakaké kalawan sumpah marang Éyang Abraham, Iskak lan Yakub.” 25 Sang Yusuf tumuli mundhut sumpahé para putrané Rama Israèl, pangandikané: ”Gusti Allah mesthi bakal mitulungi kowé; ing waktu iku, balung-balungku padha angkaten saka kéné.”

w07-IN 1/6 28 ¶10

Sedulur-Sedulur Lansia Kuwi Berkah kanggo Cah Enom

10 Sedulur-sedulur lansia isa mènèhi pengaruh sing apik kanggo sedulur seiman. Wektu wis tuwa, anaké Yakub yaiku Yusuf nduduhké imané liwat tumindak sing sederhana. Tumindaké mènèhi manfaat sing gedhé kanggo jutaan umaté Gusti Allah sing urip sakwisé Yusuf mati. Wektu umuré Yusuf wis 110 taun ”dhèwèké uga mènèhi préntah bab penguburané”. Yusuf péngin balung-balungé ya digawa pas bangsa Israèl metu saka Mesir. (Ibrani 11:22; Purwaning Dumadi 50:25) Préntah kuwi mènèhi harapan marang wong Israèl wektu dadi budhak nganti pirang-pirang taun sakwisé Yusuf mati. Kuwi dadi jaminan nèk wong Israèl bakal dislametké.

Wulangan Penting

(Purwaning Dumadi 49:19) Gad iku bakal ditempuh déning grombolan, nanging bakal genti nempuh tungkaké.

w04-IN 1/6 15 ¶4-5

Wong sing Ngluhurké Gusti Allah Bakal Diberkahi

4 Sakdurungé mlebu ing Tanah Perjanjian, suku Gad saka Israèl njaluk dhaérah ing sebelah timur Kali Yordan sing cocog kanggo ngingu ternak. (Wilangan 32:​1-5) Manggon ing kono akèh tantangané. Suku-suku sing ana ing sebelah barat éntuk perlindungan saka serangan mungsuh merga ana Lembah Yordan. (Yusak 3:​13-​17) Ning, nurut The Historical Geography of the Holy Land, sing ditulis George Adam Smith, dhaérah ing sebelah timur Yordan kuwi ”rata lan luas, mèh ora ana penghalangé, ing dataran tinggi Arab. Akibaté wong-wong kuwi kudu terus ngadhepi serangan saka pengembara sing kejem. Saben taun, ana pengembara-pengembara sing nggawé kelompok gedhé bèn isa ngrebut dhaérah sing cocog kanggo ngingu ternak.”

5 Piyé carané suku Gad isa ngatasi tantangan sing terus-terusan ana kuwi? Pirang-pirang abad sakdurungé, wektu mèh mati, leluhuré suku Gad yaiku Yakub wis ngramalké nèk ”Gad iku bakal ditempuh déning grombolan, nanging bakal genti nempuh tungkaké”. (Purwaning Dumadi 49:19) Kata-kata kuwi mungkin isa nggawé cilik ati. Ning, sakjané kata-kata kuwi isiné préntah marang suku Gad kanggo nyerang balik. Yakub ngyakinké nèk wong-wong sing nyerbu kuwi bakal mlayu kewedèn merga dioyak karo suku Gad sing nyerang balik.

(Purwaning Dumadi 49:27) Bènyamin iku kaya asu ajag nyenyempal, ing wayah ésuk ngganyang memangsan lan ing wayah soré andum rayahané.”

it-1-IN 388 ¶5

Bènyamin

Kemampuan perangé keturunané Bènyamin digambarké karo Yakub ing ramalané sakdurungé mati. Dhèwèké kandha, ”Bènyamin iku kaya asu ajag nyenyempal, ing wayah ésuk ngganyang memangsan lan ing wayah soré andum rayahané.” (Pd 49:27) Pejuang saka suku Bènyamin terkenal merga pinter nganggo bandhil. Wong-wong kuwi isa nggunakké tangan tengen lan kiwané kanggo mbandhil lan ”ora mlèsèd sarambut baé”. (PH 20:16; 1Bb 12:⁠2) Hakim Éhud sing matèni Raja Églon kuwi kidhal. Dhèwèké kuwi saka suku Bènyamin. (PH 3:​15-​21) Terus, ”ing wayah ésuk”, utawa ing awal mulané kerajaan Israèl, raja pertamané Israèl kuwi saka suku Bènyamin, yaiku Saul, anaké Kis. Saul akhiré ya kebukti dadi pejuang sing hébat nglawan wong Filistin. Padahal Bènyamin kuwi ”taler ingkang alit piyambak”. (1Sa 9:​15-​17, 21) Padha kaya ngono, ”ing wayah soré” saka bangsa Israèl, ana Ratu Èster lan Perdana Menteri Mordekai saka suku Bènyamin sing nylametké bangsa Israèl bèn ora disirnakké pas pamréntahané Pèrsia.​—Ès 2:​5-7.

Maca Alkitab

(Purwaning Dumadi 49:​8-​26) Yéhuda, kowé iku bakal dialembana déning sadulur-sadulurmu, tanganmu bakal nyekeli cengelé mungsuhmu, anak-anaké bapakmu bakal padha tumelung ana ing ngarepmu. 9 Yéhuda iku kaya anak singa, sawusé nubruk memangsan, banjur munggah ing papan kang dhuwur, anakku enggèr! Lagi ndhekem lan njerum kaya anak singa lanang utawa kaya singa wadon, sapa kang wani nangèkaké? 10 Tekené keprabon bakal ora ngalih saka Yéhuda, utawa lambanging papréntahan saka ing antarané sikilé, nganti tumeka rawuhé Sang Silo, kang bakal disuyudi bangsa-bangsa. 11 Kuldiné bakal dicancang ana ing wit anggur lan beloné ana ing wit anggur pilihan. Sandhangané dikumbah nganggo anggur lan jubahé ing duduhé woh anggur. 12 Mripaté abang déning dayané anggur lan untuné putih déning dayané susu. 13 Zébulon bakal manggon ana ing pinggir sagara, bakal dadi pelabuhaning prau, tapel watesé ing tlatahé Sidon. 14 Isakhar iku kaya kuldi kang kuwat balungané, kang ndhekem kaapit ing momotané, 15 bareng weruh yèn papan palèrènané kepénak lan negarané nyenengaké, banjur mendhakaké gegeré nuli nggawa momotan, sabanjuré dadi wong kang kena ing pagawéan peksan. 16 Anadéné Dhan iku bakal ngadili bangsané kayadéné salah sijiné taler Israèl. 17 Muga-muga Dhan iku kaya ula ana ing dalan, kaya ula bedhudhak ana ing lurung kang nyakot tungkaké jaran, nganti sing nunggang tiba kegeblag. 18 Dhuh Yéhuwah, kawula ngantos-antos dhateng kawilujengan ingkang saking Paduka. 19 Gad iku bakal ditempuh déning grombolan, nanging bakal genti nempuh tungkaké. 20 Mungguh Asyèr iku pangané bakal mubra-mubru, malah bakal leladi dhaharané raja-raja. 21 Naftali iku kaya menjangan wadon umbaran, iku bakal nglairaké tetembungan kang manis-manis. 22 Yusuf iku kaya wit wowohan kang nom, wit wowohan kang nom ana ing pinggir sendhang. Pang-pangé padha ngungkuli pager témbok. 23 Sanadyan bala-pamanah mbéda, padha manah lan nempuh, 24 nanging panahé tetep kuwat, lan tangané padha tetep cukat marga saka pitulungané Kang Mahasantosa, Pangayomané Yakub, marga saka pangoné Gunung Parangé Israèl, 25 marga saka Allahé bapakmu kang bakal mitulungi kowé, lan marga saka Kang Mahakawasa kang mberkahi kowé, klawan berkah kang lubèr saka ing langit dhuwur, berkah saka telenging samodra kang ana ing ngisor, berkah saka ing payu-dara lan guwa-garba. 26 Berkahé bapakmu iku ngungkuli berkahé gunung-gunung wiwit jaman biyèn, yaiku kang luwih déning ngresepaké ana ing tengger-tengger kang wus pirang-pirang abad anané; kabèh mau bakal tumurun ana ing sirahé Yusuf, ing embun-embunané wong kang linuwih ana ing antarané para saduluré.

22-​28 JUNI

SINAU SAKA ALKITAB | PANGENTASAN 1-3

”Aku Arep Dadi Apa Waé sing Tak Péngini”

(Pangentasan 3:​13, NWT) Ning, Musa ngomong karo Gusti Allah, ”Nèk aku nemoni wong Israèl lan ngandhani, ’Gusti Allahé leluhurmu sing wis ngutus aku’, terus wong-wong kuwi takon, ’Sapa jenengé?’ Aku kudu ngomong piyé marang wong-wong kuwi?”

w13-IN 15/3 25 ¶4

Ngluhurké Jenengé Yéhuwah

4 Wacanen Pangentasan 3:​10-​15. Wektu Musa umuré 80 taun, Gusti Allah mènèhi dhèwèké préntah, ”UmatingSun Israèl iku sira irida metu saka ing tanah Mesir.” Terus, Musa takon, ”Asmanipun [njenengan] sinten?” Jenengé Gusti Allah kuwi wis dingertèni kèt mbiyèn. Dadi, apa maksudé Musa? Kétoké, Musa péngin ngerti luwih akèh soal pribadi sing nduwé jeneng kuwi bèn umaté Gusti Allah yakin nèk Yéhuwah bakal nylametké umaté. Musa kuwatir merga bangsa Israèl wis suwé dadi budhak. Isa waé bangsa kuwi ragu nèk Gusti Allahé leluhuré isa nylametké bangsa kuwi. Beberapa wong Israèl malah nyembah allah-allahé wong Mesir.​—⁠Yk. 20:​7, 8.

(Pangentasan 3:​14, NWT) Mula, Gusti Allah kandha karo Musa, ”Aku Arep Dadi Apa Waé sing Tak Péngini.” Terus, Gusti Allah kandha, ”Kowé kudu ngomong karo wong Israèl, ’Aku diutus Gusti Allah sing arti jenengé ”Aku Arep Dadi” ’ .”

kr 43, kothak

TEGESÉ ASMANÉ GUSTI ALLAH

ASMANÉ Allah asalé saka tembung kriya (kata kerja) basa Ibrani sing tegesé ”ndadèkké”. Ana para ahli sing kandha nèk tembung kuwi digunakké nganggo cara kausatif (sing nyebabké). Mula, akèh wong ngerti asmané Gusti Allah kuwi tegesé ”Sing Nyebabké Bèn Dadi”. Iki cocog merga Yéhuwah kuwi Sing Nggawé. Yéhuwah nggawé jagat iki lan makhluk pinter liyané, uga terus nyebabké kersané lan tujuané kelakon.

Terus, apa maksudé jawabané Yéhuwah marang Musa sing dicathet ing Pangentasan 3:​13, 14 (NW)? Musa takon, ”Nèk aku nemoni wong Israèl lan ngandhani, ’Gusti Allahé leluhurmu sing wis ngutus aku’, terus wong-wong kuwi takon, ’Sapa jenengé?’ Aku kudu ngomong piyé marang wong-wong kuwi?” Yéhuwah njawab, ”Aku Arep Dadi Apa Waé sing Tak Péngini.”

Gatèkna nèk Musa ora njaluk Yéhuwah nduduhké asmané. Musa lan bangsa Israèl wis ngerti asmané Allah. Ning, Musa péngin ngerti luwih akèh bab tegesé asmané Allah. Yaiku kaya apa Yéhuwah kuwi. Mesthi kuwi bakal nguwatké iman. Dadi, wektu Gusti Allah njawab ”Aku Arep Dadi Apa Waé sing Tak Péngini” Yéhuwah nduduhké bab sing nggumunké, yaiku: Ing saben kahanan, Yéhuwah isa dadi apa waé sing dibutuhké bèn tujuané kelakon. Contoné, kanggo Musa lan bangsa Israèl, Yéhuwah dadi Sing Nylametké, Sing Nggawé Hukum, Sing Nyedhiyakké, lan akèh manèh. Yéhuwah dhéwé isa milih kanggo dadi apa waé bèn kabèh janjiné marang umaté kelakon. Ning, tegesé asmané Yéhuwah ora mung kuwi. Asmané Yéhuwah uga tegesé Yéhuwah isa nyebabké kabèh sing digawé kanggo nindakké apa waé bèn kersané kelakon.

Wulangan Penting

(Pangentasan 2:​10) Bareng bocahé wus gedhé, banjur diaturaké marang putriné Sang Prabu Pringon, dipundhut dadi putra angkat lan diparingi nama Musa, pangandikané: ”Marga dakentasaké saka ing banyu.”

g04-IN 8/4 6 ¶5

Apa Musa Kuwi Mung Tokoh Dongèng?

Apa masuk akal nèk putriné Raja Mesir ngadopsi anak? Ya. Merga agamané wong Mesir ngajarké nèk tumindak apik kuwi penting bèn isa munggah swarga. Soal adopsi kuwi, arkéolog sing jenengé Joyce Tyldesley kandha, ”Wong-wong wédok ing Mesir ya diajèni kaya wong lanang. Sakjané, wong-wong wédok éntuk hak sing padha soal hukum lan ékonomi, . . . wong-wong wédok ya isa ngadopsi anak.” Malah, ana cathetan soal salah siji wong wédok Mesir sing ngadopsi budhak-budhaké ing Surat Adopsi kuno. Soal putriné Raja Mesir sing ngopahi ibuké Musa kanggo nyusoni, The Anchor Bible Dictionary kandha, ”Ibuké Musa diopahi kanggo nyusoni kuwi . . . mèh padha karo pengaturan kontrak-kontrak adopsiné wong Mésopotamia.”

(Pangentasan 3:⁠1) Anadéné Sang Musa saben-saben ngengèn wedhusé Imam Yitro, kang rama marasepuh, imam ing Midian. Nalika ing sawijining dina pinuju nggiring wedhusé nganti ngliwati wates pasamunan, lan rawuh ing gunungé Gusti Allah, yaiku gunung Horèb,

w04-IN 15/3 24 ¶4

Piwulang Penting saka Buku Pangentasan

3:1​—⁠Yitro kuwi imam sing kaya apa? Ing jaman patriark (jaman sing nduwé kebudayaan bapak dadi kepala keluarga), kepala keluarga nglayani dadi imam kanggo keluargané. Yitro kétoké kepala keluarga ing masyarakat patriark saka salah siji suku wong Midian. Merga wong Midian kuwi keturunané Abraham saka Kétura, mungkin wong-wong kuwi ngerti soal ngibadah marang Yéhuwah.​—⁠Purwaning Dumadi 25:​1, 2.

Maca Alkitab

(Pangentasan 2:​11-​25) Kacarita bareng Sang Musa wus diwasa, tindak-tindak nuwèni para kadangé, kepéngin nguningani anggoné nindakaké pagawéan peksan; nuli mirsa ana wong Mesir menthung wong Ibrani, panunggalané para kadangé. 12 Sawusé ngawasaké ngiwa-nengen lan uninga yèn ora ana wong, wong Mesir mau banjur dipatèni, jisimé dipendhem ana ing pawedhèn. 13 Bareng ésuké tindak manèh, sarta mirsa ana wong Ibrani loro kang lagi padha kerengan, kang salah banjur didangu: ”Yagéné kowé kok nggitiki kancamu?” 14 Wangsulané wong iku: ”Sinten ingkang ngangkat panjenengan dados pemimpin lan hakim kula? Punapa kula badhé panjenengan pejahi kados anggèn panjenengan mejahi tiyang Mesir punika?” Ing kono Sang Musa kuwatos, pangunandikané: ”Prakara iki genah wus kaweruhan!” 15 Sang Prabu Pringon bareng midhanget prakara mau, nuli golèk réka-daya arep nyédani Sang Musa. Nanging Sang Musa lolos saka ngarsané Sang Prabu Pringon, lan rawuh ing tanah Midian, banjur lenggah ana ing sapinggiring belik. 16 Anadéné imam ing Midian iku kagungan putra èstri pitu, iku mbeneri teka ngangsu ngisèni wadhah-wadhah kanggo ngombéni wedhus-wedhusé ramané. 17 Nuli ana pangon-pangon lanang teka, bocah-bocah wadon mau padha diunduraké saka ing kono, nanging Sang Musa banjur jumeneng nulungi sarta ngombéni wedhus-wedhusé. 18 Satekané bocah-bocah wadon mau ana ing ngarsané Imam Réhuèl, ramané, banjur padha didangu: ”Sabab apa déné ing dina iki ulihmu kok énggal temen?” 19 Atur wangsulané: ”Wonten satunggaling tiyang Mesir ingkang nulungi kula saking tindakipun para pangèn, malah kula dipun timbakaken ngantos kathah, saha lajeng ngombéni ménda-méndanipun.” 20 Panjenengané nuli ngandika marang para putrané: ”Wongé saiki ana ngendi? Yagéné kok koktinggal? Undangen mangan ta!” 21 Sang Musa sagah mondhok ing dalem kono, sarta banjur diparingi déning Imam Réhuèl, Zipora, putrané, dadi garwané. 22 Kacarita Ibu Zipora mau mbabar putra kakung, Sang Musa maringi jeneng: Gèrsom, marga pangunandikané: ”Aku dadi wong neneka ana ing tanah ngamanca.” 23 Kacarita sawusé antara lawas Sang Raja ing Mesir séda. Nanging wong Israèl isih sambat ngaru-ara, awit saka anggoné padha dadi batur, mangka pangadhuhé kang jalaran saka aboting pagawéan mau wus sumengka marang ing ngarsané Gusti Allah. 24 Gusti Allah miyarsakaké pasambaté, sarta banjur ngèngeti prasetyané karo Rama Abraham, Iskak lan Yakub. 25 Gusti Allah mirsani lan nggatosaké marang wong Israèl.

29 JUNI–​5 JULI

SINAU SAKA ALKITAB | PANGENTASAN 4–5:23

”Ingsun kang Bakal Ngerèh Ilatira”

(Pangentasan 4:​10) Unjuké Sang Musa marang Pangéran Yéhuwah: ”Dhuh Pangéran, kawula punika boten saged rembagan, wiwit rumiyin mila, wiwit Paduka mangandikani, inggih sanès ahli micara, margi gineman kawula alot saha ilat kawula kaken.”

(Pangentasan 4:​13) Dhuh Pangéran, mugi Paduka karsaa utusan sinten kémawon ingkang pantes Paduka utus!”

w10-IN 15/10 13 ¶5

Apa Pandhangané Yéhuwah soal Alesan?

”Aku ora isa.” Mungkin njenengan ngrasa ora trampil dadi penginjil. Ana beberapa abdiné Yéhuwah ing jaman mbiyèn sing ngrasa ora trampil nindakké tugas saka Yéhuwah. Contoné yaiku Musa. Pas nampa tugas saka Yéhuwah, Musa ngomong, ”Dhuh Pangéran, kawula punika boten saged rembagan, wiwit rumiyin mila, wiwit Paduka mangandikani, inggih sanès ahli micara, margi gineman [utawa, omongan] kawula alot saha ilat kawula kaken [utawa, kaku].” Senajan wis diyakinké Yéhuwah, Musa njawab, ”Dhuh Pangéran, mugi Paduka karsaa utusan sinten kémawon ingkang pantes Paduka utus!” (Pa. 4:​10-​13) Piyé tanggepané Yéhuwah?

(Pangentasan 4:​11, 12) Nanging Sang Yéhuwah ngandika: ”Sapa kang nitahaké ilaté manungsa, lan sapa kang nitahaké wong bisu utawa budheg, wong melèk utawa wong wuta? Apa dudu Ingsun, Yéhuwah? 12 Kang iku sira mangkata, Ingsun kang bakal ngerèh ilatira lan mulang marang sira apa kang kudu sira ucapaké.”

w14-IN 15/4 9 ¶5-6

Apa Njenengan Isa Ndelok ”Gusti Allah sing Ora Kétok”?

5 Sakdurungé Musa bali ing Mesir, Yéhuwah ngajari Musa pathokan sing penting. Pathokan kuwi akhiré dicathet Musa ing buku Ayub, ”Lah pangabekti marang Pangéran iku kawicaksanan.” (Ayub 28:28) Kanggo mbantu bèn Musa isa ngabdi marang Yéhuwah lan dadi wicaksana, Yéhuwah mbandhingké manungsa karo Gusti Allah. Yéhuwah takon, ”Sapa kang nitahaké ilaté manungsa, lan sapa kang nitahaké wong bisu utawa budheg, wong melèk utawa wong wuta? Apa dudu Ingsun, Yéhuwah?”​—⁠Pa. 4:​11.

6 Apa pelajarané? Musa ora perlu wedi. Dhèwèké diutus karo Yéhuwah. Yéhuwah bakal mènèhi apa waé sing dibutuhké bèn Musa isa nyampèkké berita saka Yéhuwah kanggo Firaun. Apa manèh, Yéhuwah luwih unggul ketimbang Firaun. Terus, mbiyèn umaté Gusti Allah ya tau ngadhepi bahaya ing Mesir. Mungkin Musa mikirké piyé carané Yéhuwah nglindhungi Abraham, Yusuf, lan Musa dhéwé pas pamréntahané Firaun-Firaun sakdurungé. (Pd. 12:​17-​19; 41:​14, 39-​41; Pa. 1:⁠22–​2:​10) Merga nduwé iman marang Yéhuwah, ”Gusti Allah sing ora kétok”, Musa isa kendel nemoni Firaun lan nyampèkké omongané Yéhuwah.

(Pangentasan 4:​14, 15) Ing kono tuwuh dukané Pangéran Yéhuwah marang Sang Musa, pangandikané: ”Apa Harun kakangira wong Lèwi iku ora ana ing kana? Ingsun mirsa, yèn iku wasis micara, malah wus mangkat methuk sira, lan samangsa ketemu klawan sira, bakal bungah atiné. 15 Harun iku sira tuturana lan tembung-tembung mau dokoken ing cangkemé, déné Ingsun kang bakal ngerèh cangkemira lan cangkemé Harun, sarta sira bakal Sunwulang apa kang perlu sira lakoni.

w10-IN 15/10 14 ¶1

Apa Pandhangané Yéhuwah soal Alesan?

Yéhuwah tetep ngongkon Musa nindakké tugasé. Ning, Yéhuwah ngongkon Harun ngancani Musa nindakké tugasé kuwi. (Pa. 4:​14-​17) Yéhuwah ya terus ngancani lan mènèhi Musa apa waé sing dhèwèké butuhké bèn isa nindakké tugas saka Yéhuwah. Saiki, njenengan ya isa yakin nèk Yéhuwah bakal nggawé bèn para sedulur sing luwih pengalaman mbantu njenengan nindakké tugas nginjil. Apa manèh, Alkitab ya ngyakinké nèk Yéhuwah bakal nggawé awaké dhéwé dadi trampil kanggo nindakké tugas saka Dhèwèké.​—⁠2 Kor. 3:5; deloken kothak ”Taun-Taun sing Paling Nyenengké ing Uripku.”

Wulangan Penting

(Pangentasan 4:​24-​26) Kacarita bareng ana ing dalan ana ing panginepan, Sang Musa tumuli dipanggihi déning Pangéran Yéhuwah bakal disédani. 25 Ibu Zipora banjur mundhut lading watu, sarta ngiris ikuté kang putra, irisan iku nuli kasénggolaké ing sampéyané Sang Musa karo matur: ”Saèstu panjenengan punika pangantèn rah tumrap kula.” 26 Sang Musa banjur ora dikapak-kapakaké déning Pangéran Yéhuwah. Mungguh Ibu Zipora anggoné nalika iku nyebut ”pangantèn rah” iku awit saka prakara tetak mau.

w04-IN 15/3 28 ¶4

Pitakonané sing Maca

Kata-kata ”panjenengan punika pangantèn rah [utawa, getih] tumrap kula” sing diucapké karo Zipora kuwi kata-kata sing ora biasa. Saka kata-katané kuwi, apa sing awaké dhéwé ngertèni soal Zipora? Merga manut karo apa sing dituntut ing perjanjian sunat, Zipora ngakoni nèk ana perjanjian ing antarané dhèwèké karo Yéhuwah. Ing perjanjian kuwi, Yéhuwah isa dianggep dadi suami, terus pihak sijiné dianggep dadi istri. Kuwi kaya ing Perjanjian Hukum sing digawé karo bangsa Israèl. (Yérémia 31:32) Mula, wektu nyebut (liwat malaékat sing dadi wakilé Gusti Allah) nèk Yéhuwah kuwi ”pangantèn rah”, kuwi berarti Zipora ngomong nèk bakal manut karo syarat-syaraté perjanjian kuwi. Kuwi padha kaya Zipora wis dadi pihak istri ing perjanjian sunat, lan Yéhuwah sing dadi suaminé. Terus, merga dhèwèké tegas lan manut karo pengaturané Gusti Allah, dhèwèké isa nylametké anaké lanang.

(Pangentasan 5:⁠2) Nanging pangandikané Sang Prabu Pringon: ”Sapa ta Yéhuwah iku, kang préntahé kudu sunèstokaké bab nglilani lungané wong Israèl? Ingsun ora wanuh karo Yéhuwah iku lan uga ora bakal nglilani lungané wong Israèl.”

it-2-IN 1205 ¶1

Yéhuwah

Dadi, ”wanuh” kuwi ora mung ngerti thok. Nabal ngerti jenengé Daud, ning tetep takon ”Dawud [utawa, Daud] iku sapa?” Maksudé, dhèwèké takon, ”Dhèwèké kuwi sakjané nduwé kuwasa apa?” (1Sa 25:​9-​11; bandhingna 2Sa 8:​13.) Padha kaya ngono, Firaun ya tau ngomong karo Musa, ”Sapa ta Yéhuwah iku, kang préntahé kudu sunèstokaké bab nglilani lungané wong Israèl? Ingsun ora wanuh karo Yéhuwah iku lan uga ora bakal nglilani lungané wong Israèl.” (Pa 5:​1, 2) Kuwi maksudé, Firaun ngomong nèk dhèwèké ora nganggep Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing sejati, nduwé wewenang sing luwih dhuwur ketimbang raja Mesir, lan nduwé kuwasa kanggo nindakké kepénginané kaya sing disampèkké Musa lan Harun. Ning saiki, Firaun, wong Mesir, lan wong Israèl bakal ngerti apa sakjané arti jenengé kuwi lan kaya apa pribadi sing nduwé jeneng kuwi. Kaya sing Yéhuwah omongké marang Musa, Gusti Allah bakal nindakké tujuané kanggo bangsa Israèl, yaiku Gusti Allah bakal nylametké bangsa Israèl, mènèhké Tanah Perjanjian kanggo bangsa kuwi, lan netepi perjanjiané karo leluhuré bangsa Israèl. Nèk wis ngono, omongané Gusti Allah bakal kelakon, yaiku, ”Sira padha sumurup, yèn Ingsun iki Yéhuwah Allahira, kang nguwalaké sira saka pagawéan-peksané wong Mesir”.​—⁠Pa 6:​4-8; deloken MAHAKUWASA.

Maca Alkitab

(Pangentasan 4:​1-​17) Sang Musa banjur munjuk: ”Kados pundi manawi tiyang-tiyang wau sami boten ngandel dhateng kawula saha boten mirengaken dhateng tembung-tembung kawula, malah lajeng wicanten: Pangéran Yéhuwah boten ngatingal dhateng panjenengan?” 2 Pangandikané Pangéran Yéhuwah marang Sang Musa: ”Sira nyekel apa iku?” Unjuké Sang Musa: ”Punika teken.” 3 Dhawuhé Pangéran Yéhuwah: ”Teken iku sira uncalna ing lemah!” Banjur kelakon diuncalaké ing lemah, tumuli malih dadi ula, Sang Musa satemah mlajeng. 4 Pangéran Yéhuwah banjur ngandika manèh marang Sang Musa: ”Tanganira gumragèha, pethité cekelen!” Sang Musa banjur gumragèh astané, pethité dicepeng, banjur malih dadi teken manèh ana ing astané. 5 ”Iku supaya padha ngandela, yèn sira wus diketingali déning Pangéran Yéhuwah Gusti Allahé para leluhuré, Gusti Allahé Abraham, Gusti Allahé Iskak lan Gusti Allahé Yakub.” 6 Pangéran Yéhuwah tumuli ngandika manèh marang Sang Musa: ”Tanganira lebokna ing tangkeping jubahira!” Banjur iya kelakon astané dilebetaké ing tangkeping jubahé, bareng ditarik, lah astané nandhang mala saraat putih kaya salju. 7 Sawusé mangkono dhawuhé manèh: ”Tanganira lebokna manèh ing tangkeping jubahira!” Sang Musa banjur nglebetaké astané manèh ing tangkeping jubahé, bareng ditarik metu, lah wus pulih manèh kaya sarirané. 8 ”Saupama padha ora ngandel marang sira lan ora maèlu marang pratandha kang kapisan, mesthi bakal padha ngandel marang pratandha kang kapindho. 9 Saupama meksa padha ora ngandel marang pratandha loro mau lan ora ngrungokaké tembungira, sira njupuka banyu saka bengawan Nil, sira esokna ing lemah kang garing, banyu mau ana ing lemah kang garing bakal malih dadi getih.” 10 Unjuké Sang Musa marang Pangéran Yéhuwah: ”Dhuh Pangéran, kawula punika boten saged rembagan, wiwit rumiyin mila, wiwit Paduka mangandikani, inggih sanès ahli micara, margi gineman kawula alot saha ilat kawula kaken.” 11 Nanging Sang Yéhuwah ngandika: ”Sapa kang nitahaké ilaté manungsa, lan sapa kang nitahaké wong bisu utawa budheg, wong melèk utawa wong wuta? Apa dudu Ingsun, Yéhuwah? 12 Kang iku sira mangkata, Ingsun kang bakal ngerèh ilatira lan mulang marang sira apa kang kudu sira ucapaké.” 13 Éwadéné unjuké Sang Musa: ”Dhuh Pangéran, mugi Paduka karsaa utusan sinten kemawon ingkang pantes Paduka utus!” 14 Ing kono tuwuh dukané Pangéran Yéhuwah marang Sang Musa, pangandikané: ”Apa Harun kakangira wong Lèwi iku ora ana ing kana? Ingsun mirsa, yèn iku wasis micara, malah wus mangkat methuk sira, lan samangsa ketemu klawan sira, bakal bungah atiné. 15 Harun iku sira tuturana lan tembung-tembung mau dokoken ing cangkemé, déné Ingsun kang bakal ngerèh cangkemira lan cangkemé Harun, sarta sira bakal Sunwulang apa kang perlu sira lakoni. 16 Harun iku kang bakal makili sira mituturi bangsa iku, kalawan mangkono Harun iku minangka cangkemira lan sira kaya kang dadi Allahé. 17 Anadéné teken iku sira gawaa, iku minangka sarana anggonira nindakaké pratandha-pratandha mau.”

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim