Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil
6-12 JULI
SINAU SAKA ALKITAB | PANGENTASAN 5:24–7
”Ing Samengko Sira Bakal Sumurup, Apa kang Bakal Suntandukaké marang Pringon”
(Pangentasan 5:24) Nanging pangandikané Pangéran Yéhuwah marang Nabi Musa: ”Ing samengko sira bakal sumurup, apa kang bakal Suntandukaké marang Pringon; anggoné bakal nglilani lunga bangsa iki sarana dipeksa ing asta kang rosa, iya marga saka dipeksa déning asta kang rosa dhèwèké bakal nundhung bangsa iku saka ing nagarané.”
(Pangentasan 6:5, 6) ”Kang iku sira tutura marang wong Israèl: Ingsun iki Yéhuwah, Ingsun bakal ngluwari sira saka pagawéan-peksané wong Mesir, lan nguwalaké sira saka anggonira dikawulakaké lan ngentasaké sira klawan asta kang Sunacungaké, apadéné kalawan paukuman-paukuman kang abot. 6 Sira bakal Sunpundhut dadi umatingSun lan Ingsun bakal jumeneng dadi Allahira, supaya sira padha sumurup, yèn Ingsun iki Yéhuwah Allahira, kang nguwalaké sira saka pagawéan-peksané wong Mesir.
it-2-IN 168 ¶4
Musa
Wong-wong Israèl wis berubah. Awalé wong-wong kuwi ngakoni nèk Musa kuwi pemimpiné. Ning, sakwisé dikon Firaun kerja luwih abot manèh, wong-wong kuwi protès karo Musa nganti Musa ngrasa susah lan sambat karo Yéhuwah. (Pa 4:29-31; 5:19-23) Gusti Allah nguwatké Musa lan kandha nèk lagi nepati janjiné karo Abraham, Ishak, lan Yakub. Dhèwèké janji nèk bakal nduduhké arti jenengé. Carané yaiku mbébaské bangsa Israèl lan ndadèkké bangsa kuwi dadi bangsa sing gedhé ing tanah perjanjian. (Pa 6:1-8) Wong Israèl ora percaya karo Musa. Ning, sakwisé hukuman sing kesanga, wong Israèl ndhukung Musa. Sakwisé hukuman sing kesepuluh, wong Israèl gelem diatur, lan Musa isa ngatur wong Israèl metu saka Mesir ”kalawan siyaga ing perang”.—Pa 13:18.
(Pangentasan 7:4, 5) Manawa Pringon ora ngrungokaké marang sira, ing kono Ingsun bakal ndhawahaké astaningSun marang tanah Mesir sarta ngirid wadya-balaningSun, iya umatingSun Israèl metu saka tanah Mesir, kalawan paukuman-paukuman kang abot. 5 Ing kono wong Mesir bakal padha sumurup yèn Ingsun iki Yéhuwah, yaiku samangsa Ingsun ngagagaké astaningSun marang tanah Mesir lan ngentasaké wong Israèl saka ing satengahé.”
it-2-IN 168 ¶2-3
Musa
Ing ngarepé Firaun. Musa lan Harun saiki dadi tokoh utama ing ’pertempurané allah-allah’. Liwat para ahli ilmu gaibé, sing kétoké dipimpin karo Yanès lan Yambrès (2Tim 3:8), Firaun ngumpulké kekuwatané kabèh déwa-déwa Mesir kanggo nglawan Yéhuwah. Harun dikon Musa nggawé mukjijat sing pertama ing ngarepé Firaun. Mukjijat kuwi mbuktèkké nèk Yéhuwah luwih unggul ketimbang déwa-déwa Mesir, senajan Firaun malah dadi saya ngèyèl. (Pa 7:8-13) Wektu hukuman sing ketelu kelakon, para ahli sihir kuwi akhiré ngakoni, ”Punika astaning Allah.” Wong-wong kuwi ya kena bisul sing parah nganti ora ana sing isa nemoni Firaun kanggo nglawan Musa.—Pa 8:16-19; 9:10-12.
Merga éntuk hukuman, ana sing akhiré nresnani Yéhuwah, ning ya ana sing tambah nglawan. Musa lan Harun sing ngumumké hukuman pertama nganti kesepuluh. Hukuman kuwi kelakon tenan kaya sing wis diumumké. Kuwi mbuktèkké nèk Musa sing ditugasi Yéhuwah dadi wakilé. Wong-wong ing Mesir dadi ngerti lan ngomongké soal jenengé Yéhuwah. Akhiré, ana sing gelem manut, kaya wong Israèl lan beberapa wong Mesir. Ning, ya ana sing malah dadi tambah mbrontak, kaya Firaun, para penaséhaté, lan para pendhukungé. (Pa 9:16; 11:10; 12:29-39) Wong-wong Mesir sing gelem manut mau ora ngrasa nèk wis mbrontak marang déwa-déwané merga ngerti nèk Yéhuwah sing wis ngukum déwa-déwané. Wektu hukuman sing kesanga kelakon, Musa dadi ”kajèn [utawa, dihormati] banget ana ing tanah Mesir, ana ngarepé para abdiné Sang Prabu Pringon [utawa, Firaun] lan para kawulané”.—Pa 11:3.
Wulangan Penting
(Pangentasan 6:2) Ingsun wus ngatingal marang Abraham, Iskak lan Yakub, dadi Allah kang Mahakuwasa, nanging asmaningSun Yéhuwah durung Sunsumurupaké.
it-1-IN 1444 ¶8-9
Kang Mahakuwasa
Yéhuwah nggunakké gelar ”Allah kang Mahakuwasa” (ʼEl Shaddaiʹ) wektu janji karo Abraham nèk Ishak bakal lair. Abraham kudu percaya tenan nèk Yéhuwah isa netepi janjiné kuwi. Gelar kuwi ya digunakké wektu Gusti Allah ngomong nèk bakal mberkahi Ishak lan Yakub dadi ahli waris perjanjiané Abraham.—Pd 17:1; 28:3; 35:11; 48:3.
Cocog karo kuwi, Yéhuwah isa ngomong karo Musa, ”Ingsun wus ngatingal marang Abraham, Iskak lan Yakub, dadi Allah kang Mahakuwasa [beʼElʹ Shaddaiʹ], nanging asmaningSun Yéhuwah durung Sunsumurupaké.” (Pa 6:2) Iki ora berarti para patriark (Abraham, Ishak, lan Yakub) ora ngerti jenengé Yéhuwah, merga wong-wong kuwi lan wong-wong sing urip sakdurungé ya kerep nggunakké jenengé Yéhuwah. (Pd 4:1, 26; 14:22; 27:27; 28:16) Malah, ing buku Purwaning Dumadi sing nyritakké soal wong-wong kuwi, sebutan ”kang Mahakuwasa” mung ana ping 6, ning jenengé Yéhuwah ditulis nganti ping 172 ing tulisan Ibrani asliné. Ning, senajan wis ngakoni nèk Gusti Allah nduwé hak kanggo disebut ”kang Mahakuwasa”, wong-wong kuwi durung ngerti arti jenengé Yéhuwah. Soal iki, The Illustrated Bible Dictionary (Jil. 1, hlm. 572) kandha, ”Apa sing dijelaské marang para patriark kuwi ana hubungané karo janji-janji sing bakal kelakon sukmbèn; para patriark kuwi kuduné yakin nèk Dhèwèké, Yahwèh kuwi Gusti Allah (ʼel) sing isa (salah siji kemungkinan artiné sadday) netepi janji-janji kuwi. Apa sing dijelaské ing semak kuwi luwih hébat lan luwih pribadi, merga jeneng Yahwèh sing wis kerep dienggo kuwi ya isa berarti nèk Gusti Allah nduwé kuwasa lan mesthi ana ing antarané wong-wong kuwi.”—Di-edit karo J. D. Douglas, 1980.
(Pangentasan 7:1) Pangéran Yéhuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: ”Wruhanira, sira iku Sunangkat dadi Allah tumrap Pringon, lan Harun kakangira, iku bakal dadi nabinira.
it-2-IN 167 ¶3
Musa
Musa tetep dienggo Yéhuwah senajan ora percaya dhiri. Musa ora percaya dhiri merga ngrasa ora lancar ngomong. Patang puluh taun sakdurungé, Musa ngrasa isa mbébaské bangsa Israèl. Ning, saiki dhèwèké wis berubah. Dhèwèké terus golèk-golèk alesan lan akhiré njaluk bèn Yéhuwah ngijinké dhèwèké ora nindakké tugas kuwi. Senajan nesu, Yéhuwah ora nolak Musa. Ning, Yéhuwah ngongkon Harun dadi juru bicarané Musa. Dadi, kaya Musa sing dadi wakilé Gusti Allah, Harun ya dadi wakilé Musa. Mula, Musa ya dadi ’Allahé’ Harun. Kétoké, wektu nemoni para tuwa-tuwa Israèl lan wektu ketemu Firaun, Gusti Allah mènèhi Musa préntah lan arahan, terus Musa neruské kuwi marang Harun. Bar kuwi, Harun sing ngomong langsung karo Firaun (penerusé Firaun sing mréntah wektu Musa ninggalké Mesir 40 taun sakdurungé). (Pa 2:23; 4:10-17) Bar kuwi, Yéhuwah nyebut nèk Harun kuwi ’nabiné’ Musa. Kaya Musa sing manut Gusti Allah merga dadi nabiné, Harun ya kudu manut karo Musa. Terus, Musa ya dikandhani nèk dhèwèké dadi ”Allah tumrap Pringon”. Kuwi berarti Musa dikèki kuwasa lan wewenang saka Gusti Allah, mula dhèwèké ora perlu wedi karo Firaun.—Pa 7:1, 2.
Maca Alkitab
(Pangentasan 5:24–6:14) Nanging pangandikané Pangéran Yéhuwah marang Nabi Musa: ”Ing samengko sira bakal sumurup, apa kang bakal Suntandukaké marang Pringon; anggoné bakal nglilani lunga bangsa iki sarana dipeksa ing asta kang rosa, iya marga saka dipeksa déning asta kang rosa dhèwèké bakal nundhung bangsa iku saka ing nagarané.”
6 Sabanjuré Gusti Allah ngandika marang Nabi Musa mangkéné: ”Ingsun iki Yéhuwah. 2 Ingsun wus ngatingal marang Abraham, Iskak lan Yakub, dadi Allah kang Mahakuwasa, nanging asmaningSun Yéhuwah durung Sunsumurupaké. 3 Karodéné Ingsun ora mung damel prasetyan karo leluhurira iku, yèn bakal Sunparingi tanah Kanaan, tanah panggonané neneka, 4 nanging Ingsun wus mireng uga bab wong-wong Israèl anggoné ditindhes déning wong Mesir, lan Ingsun ènget marang prasetyaningSun. 5 Kang iku sira tutura marang wong Israèl: Ingsun iki Yéhuwah, Ingsun bakal ngluwari sira saka pagawéan-peksané wong Mesir, lan nguwalaké sira saka anggonira dikawulakaké lan ngentasaké sira klawan asta kang Sunacungaké, apadéné kalawan paukuman-paukuman kang abot. 6 Sira bakal Sunpundhut dadi umatingSun lan Ingsun bakal jumeneng dadi Allahira, supaya sira padha sumurup, yèn Ingsun iki Yéhuwah Allahira, kang nguwalaké sira saka pagawéan-peksané wong Mesir. 7 Karodéné sira bakal Sunirid menyang ing nagara kang wus Sunprasetyakaké kalawan supaos, yèn bakal Sunparingaké marang Abraham, Iskak lan Yakub, sarta iku bakal Sunparingaké marang sira dadi darbèkira; Ingsun iki Yéhuwah!” 8 Nabi Musa banjur ngandika mangkono mau marang wong Israèl, nanging padha ora ngrungokaké marang pangandikané Nabi Musa, marga wus padha semplah jalaran saka pangawulan kang banget aboté iku. 9 Pangéran Yéhuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: 10 ”Sira sèbaa lan matura marang Pringon, raja ing Mesir, supaya nglilanana wong Israèl metu saka ing nagarané.” 11 Nanging unjuké Nabi Musa ana ing ngarsaning Sang Yéhuwah: ”Lah tiyang Israèl piyambak boten purun mirengaken dhateng kawula, Sang Prabu Pringon malih yèn karsaa miyarsakaken, kawula punika tiyang ingkang kakèn ilat kawula.” 12 Ing kono Pangéran Yéhuwah banjur dhawuh marang Nabi Musa lan Rama Harun, supaya nemoni wong Israèl lan sowan Sang Prabu Pringon, raja ing Mesir, murih wong Israèl iku padha diirid metu saka ing Mesir. 13 Iki pratélané para lajering kula-wargané. Anak-anaké Rubèn, pambajengé Rama Israèl: Hénokh, Palu, Hézron lan Karmi; iya iku gotrah-gotrahé Rubèn. 14 Anak-anaké Siméon: Yémuèl, Yamin. Ohad, Yakhin, Zohar lan Saul, anaké wadon bangsa Kanaan, iku gotrah-gotrahé Siméon.
13-19 JULI
SINAU SAKA ALKITAB | PANGENTASAN 8-9
”Firaun sing Sombong Malah Nggawé Tujuané Yéhuwah Kelakon”
(Pangentasan 8:15) Nanging bareng Sang Prabu Pringon mirsa yèn wus ora ana apa-apa, tetep mangkotaké panggalihé, dadi ora miyarsakaké aturé Nabi Musa lan Rama Harun, kaya kang wus kapangandikakaké déning Pangéran Yéhuwah.
it-1-IN 1246 ¶8
Ndableg
Wektu urusan karo manungsa, Yéhuwah tetep sabar lan ora matèni wong-wong lan bangsa-bangsa sing sakjané pantes mati. (Pd 15:16; 2Ptr 3:9) Ana wong-wong sing gelem manut lan akhiré nampa welas asihé (Ys 2:8-14; 6:22, 23; 9:3-15), ning ya ana sing ndableg lan malah nglawan Yéhuwah lan umaté. (PT 2:30-33; Ys 11:19, 20) Disebutké nèk Yéhuwah ”mangkotaké atiné” utawa ’nggawé atiné wong-wong kuwi ketutup’ merga ora nyegah wong-wong kuwi dadi ndableg. Wektu akhiré Yéhuwah ngukum wong-wong sing ndableg, kuwasa lan asmané dadi diluhurké.—Bandhingna Pa 4:21; Yoh 12:40; Rm 9:14-18.
(Pangentasan 8:18, 19) Para ahli iya padha tumindak mangkono srana japa-mantrané sumedya metokaké lemud, nanging padha ora bisa. Kaya mangkono lemud-lemud mau padha ngroyok manungsa lan sato-kéwan. 19 Para ahli mau tumuli padha munjuk marang Sang Prabu Pringon: ”Punika astaning Allah.” Ewadéné Sang Pringon isih puguh galihé, lan ora karsa miyarsakaké aturé Nabi Musa lan Rama Harun, kaya kang wus kapangandikakaké déning Pangéran Yéhuwah.
(Pangentasan 9:15-17) Satemené saupama Ingsun karsa ngagagaké astaningSun sarta nggebag marang sira lan para kawulanira kalawan pageblug, mesthi sira wus katumpes sirna saka bumi. 16 Nanging mulané sira isih Sunlestarèkaké urip, iku marga Ingsun karsa ngatingalaké kakiyataningSun marang sira lan supaya asmaningSun kaluhurna ana ing salumahing bumi. 17 Sapréné sira tansah ngalang-alangi umatingSun, ora sira lilani lunga.
it-1-IN 709 ¶3-5
Kejahatan
Yéhuwah isa nggunakké situasi tertentu bèn wong-wong sing jahat isa nggawé tujuané Yéhuwah kelakon. Senajan wong-wong kuwi nglawan Gusti Allah, ning Gusti Allah isa nahan wong-wong kuwi kanggo nglindhungi umaté sing setya. Malah, Yéhuwah ya isa nggawé bèn tumindaké wong-wong kuwi mbuktèkké nèk Yéhuwah kuwi adil lan bener. (Rm 3:3-5, 23-26; 8:35-39; Ms 76:11) Iki kaya kandhané Wulang Bebasan 16:4, ”Pangéran Yéhuwah anggoné nitahaké samubarang iku kanthi tujuané dhéwé-dhéwé, malah wong duraka iku kapesthèkaké kanggo dinané bilai.”
Salah siji contoné yaiku Firaun. Liwat Musa lan Harun, Yéhuwah ngongkon Firaun mbébaské wong Israèl sing dadi budhak. Yéhuwah ora nggawé panguwasa Mesir kuwi dadi jahat, ning Yéhuwah ngejarké dhèwèké tetep urip lan nggawé situasi-situasi tertentu sing akhiré nggawé Firaun dadi wong sing jahat lan pantes mati. Tujuané Yéhuwah kuwi dicathet ing Pangentasan 9:16, ”Mulané sira isih Sunlestarèkaké urip, iku marga Ingsun karsa ngatingalaké kakiyataningSun marang sira lan supaya asmaningSun kaluhurna ana ing salumahing bumi.”
Sepuluh hukuman kanggo Mesir lan kematiané Firaun lan pasukané ing Laut Merah kuwi dadi bukti kuwasané Yéhuwah. (Pa 7:14–12:30; Ms 78:43-51; 136:15) Nganti pirang-pirang taun, bangsa-bangsa ing sekitar Mesir isih ngomongké soal peristiwa kuwi. Kuwi nggawé wong-wong sakdonya ngerti jenengé Gusti Allah. (Ys 2:10, 11; 1Sa 4:8) Kuwasané Yéhuwah isa ngluhurké jenengé lan isa mbébaské umaté. Nèk Yéhuwah langsung matèni Firaun, kuwi ora bakal kelakon.
Wulangan Penting
(Pangentasan 8:21) Déné manawa umatingSun ora sira lilani lunga, Ingsun bakal nekakaké laler cathak padha ngebyuki sira, para abdinira, kawulanira sarta omah-omahira, nganti omahé wong Mesir kebak laler cathak, tekan lemahé kang dienciki.
it-1-IN 1386 ¶4-5
Laler Cathak
Durung isa dipastèkké serangga endi sing dimaksud karo kata Ibrani asliné ing Alkitab, sing dadi hukuman kepapat kanggo Mesir. Kuwi hukuman pertama sing ora dialami karo wong Israèl ing Gosyèn. (Pa 8:21, 22, 24, 29, 31; Ms 78:45; 105:31) Kata ʽA·rovʹ isa diterjemahké béda-béda, misalé ”laler cathak” (BJR, JB, Ro), ”kumbang” (Yg), ”laler” (BJP, AS, KJ, RS), ”agas” (AT), lan ”lalat penggigit” (LXX).
Ing basa Inggris, sebutan ”laler cathak” kuwi termasuk lalat kuda lan lalat bot. Lalat kuda betina nyokot kulité kéwan utawa manungsa lan nyedhot getihé. Wektu dadi larva, lalat bot urip dadi parasit ing awaké kéwan utawa manungsa; biasané sing berkembang ing badané manungsa kuwi anané ing dhaérah tropis. Dadi, hukuman laler cathak kuwi nggawé wong-wong Mesir lan ternaké sengsara banget. Malah, ana sing nganti mati.
(Pangentasan 8:25-27) Sang Prabu Pringon tumuli nimbali Nabi Musa lan Rama Harun, pangandikané: ”Padha lungaa, saosa kurban marang Allahmu ana ing tanah kéné!” 26 Aturé Nabi Musa: ”Kawula boten saged tumindak makaten, awit kurban ingkang badhé kawula saosaken dhateng Pangéran Yéhuwah, Gusti Allah kawula punika, nistha tumrap tiyang Mesir. Saupami kawula sami nyaosaken kurban ingkang nistha tumrap tiyang Mesir wonten ngajenganipun, punapa kawula boten lajeng dipun benturi séla? 27 Kawula kedah késah dhateng pasamunan tebihipun lampahan tigang dinten, perlu nyaosaken kurban dhateng Pangéran Yéhuwah, Gusti Allah kawula, kados anggènipun ndhawuhi kawula.”
w04-IN 15/3 25 ¶9
Piwulang Penting saka Buku Pangentasan
8:26, 27—Apa sebabé Musa kandha nèk persembahané wong Israèl kuwi ”nistha [utawa, njijiki] tumrap tiyang Mesir”? Ana akèh kéwan sing disembah ing Mesir. Musa nyebutké soal persembahan kuwi, kanggo meksa lan ngyakinké bèn wong-wong Israèl éntuk lunga mènèhi persembahan marang Yéhuwah.
Maca Alkitab
(Pangentasan 8:1-19) Pangéran Yéhuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: ”Sira sowana Sang Prabu Pringon lan matura: Pangandikanipun Pangéran Yéhuwah makaten: Sira nglilanana umatingSun padha lunga, supaya padha saos pangabekti marang Ingsun, 2 déné manawa sira tetep ora nglilani lungané, lah satlatahé tanahira bakal Sundhawahi wewelak kodhok. 3 Ing bengawan Nil bakal ana uyel-uyelaning kodhok, banjur padha mentas lumebu ing kadhatonira, tekan ing kamar turu lan paturonira, mangkono uga ing omahé para abdi lan kawulanira, dalah ing jero pawonira lan ing wadhah jladrènira. 4 Kodhok-kodhok iku bakal ngroyok sira lan para kawula lan abdinira.” 5 Sarta dhawuhé Pangéran Yéhuwah marang Nabi Musa manèh: ”Sira ndhawuhana Harun: Tanganmu karo tekenmu acungna marang bengawan, kalèn-kalèn lan blumbang, supaya kodhok-kodhok padha metu mratani tanah Mesir.” 6 Rama Harun banjur ngacungaké astané marang sakèhé banyu ing tanah Mesir, tumuli kodhok-kodhok padha metu nyrambahi tanah Mesir. 7 Nanging para juru sihir iya bisa nindakaké prakara iku srana japa-mantrané, uga metokaké kodhok-kodhok mratani tanah Mesir. 8 Sang Prabu Pringon banjur nimbali Nabi Musa lan Rama Harun sarta ngandika: ”Sira sembahyanga marang Pangéran Yéhuwah, supaya karsaa nyirnakaké kodhok-kodhok iku saka ngarsaningsun lan saka para kawulaningsun, sabanjuré ingsun bakal nglilani bangsa iku lunga saos kurban marang Pangéran Yéhuwah.” 9 Aturé Nabi Musa marang Sang Prabu Pringon: ”Kawula nyumanggakaken karsa panjenengan dalem, bénjing punapa anggèn kawula ndedonga kagem panjenengan dalem tuwin para abdi saha para kawula dalem, supados kodhok-kodhok punika katumpes sirna saking ngarsa dalem saha saking ing salebetipun griya-griya, namunga kantun ingkang wonten ing benawi Nil kemawon?” 10 Pangandikané Sang Prabu Pringon: ”Sésuk!” Aturé Nabi Musa: ”Inggih, badhé kelampahan kados pangandika dalem, supados panjenengan dalem mirsaa, bilih boten wonten ingkang nyamèni Pangéran Yéhuwah, Gusti Allah kawula. 11 Kodhok-kodhok badhé sirna saking ngarsa dalem, saking salebeting griya-griya, saking para abdi saha saking para kawula dalem, namung badhé manggèn wonten ing benawi Nil kemawon.” 12 Nabi Musa lan Rama Harun tumuli padha mundur saka ing ngarsané Sang Prabu Pringon, sarta Nabi Musa banjur nyebut marang asmaning Sang Yéhuwah gegayutan karo kodhok-kodhok kang wus ditekakaké ngebyuki Sang Prabu Pringon mau. 13 Pangéran Yéhuwah nyembadani panyuwuné Nabi Musa, kodhok-kodhok padha mati sirna saka ing omah-omah saka ing plataran lan saka ing pategalan. 14 Bathangé banjur dikumpulaké nganti ngundhung-ngundhung, satemah satanah kabeh ngganda bacin. 15 Nanging bareng Sang Prabu Pringon mirsa yèn wus ora ana apa-apa, tetep mangkotaké panggalihé, dadi ora miyarsakaké aturé Nabi Musa lan Rama Harun, kaya kang wus kapangandikakaké déning Pangéran Yéhuwah. 16 Pangéran Yéhuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: ”Sira ndhawuhana marang Harun: Tekenmu acungna lan sabetna ing lebuning bumi, ing kono lebuné bumi iki bakal dadi lemud ana ing sawratané tanah Mesir kabèh.” 17 Banjur padha nindakaké mangkono, Rama Harun ngacungaké astané karo tekené, lan nyabet lebuning bumi, tumuli lemud-lemud padha ngroyok marang manungsa lan kéwan. Sakèhé lebuning bumi tanah Mesir padha dadi lemud. 18 Para ahli iya padha tumindak mangkono srana japa-mantrané sumedya metokake lemud, nanging padha ora bisa. Kaya mangkono lemud-lemud mau padha ngroyok manungsa lan sato-kéwan. 19 Para ahli mau tumuli padha munjuk marang Sang Prabu Pringon: ”Punika astaning Allah.” Éwadéné Sang Pringon isih puguh galihé, lan ora karsa miyarsakaké aturé Nabi Musa lan Rama Harun, kaya kang wus kapangandikakaké déning Pangéran Yéhuwah.
20-26 JULI
SINAU SAKA ALKITAB | PANGENTASAN 10-11
”Musa lan Harun Kendel”
(Pangentasan 10:3-6) Nabi Musa lan Rama Harun tumuli padha sowan marang Sang Prabu Pringon sarta matur: ”Pangandikanipun Pangéran Yéhuwah Gusti Allahipun bangsa Ibrani makaten: Nganti pira lawasé anggonira ora gelem ngesoraké awak ana ngarsaningSun? UmatingSun lilanana lunga saos pangabekti marang Ingsun! 4 Déné samangsa sira ora gelem nglilani lunga umatingSun, sésuk Ingsun bakal ndhatengaké walang ana ing tlatahira. 5 Walang mau bakal nutupi lumahé bumi nganti ora katon lemahé, sarta bakal mangani nganti entèk sabarang kang isih kari kang ora rusak marga anané udan ès, dalasan sakèhé wit-witan kang thukul ana ing tanahira iku bakal padha dimangsa nganti ludhes kabèh. 6 Malah bakal ngebaki omahira, omahé abdinira lan omahé wong Mesir kabèh, kaanan kang kaya mangkono iku durung tau dialami déning para leluhurira wiwit padha tumitah ana ing bumi nganti sapréné.” Nabi Musa banjur mundur saka ing ngarsané Sang Prabu Pringon.
w09-IN 15/7 20 ¶6
Niru Yésus sing Kendel Wektu Nginjil
6 Élinga Musa sing kendel wektu ngomong karo Firaun. Firaun kuwi raja sing dianggep déwa, yaiku anaké déwa matahari sing jenengé Ra. Kaya Firaun liyané, dhèwèké mungkin ya nyembah patungé dhéwé. Kata-katané Firaun kuwi dadi hukum lan keputusané kudu dituruti. Firaun sing nduwé kuwasa, sombong, lan ndableg ora biasa dikandhani karo wong liya. Tanpa diundang, Musa gembala sing lembut kuwi, kudu bola-bola nemoni wong sing kaya ngono. Apa sing diramalké karo Musa? Hukuman-hukuman sing abot. Terus, apa sing dijaluk karo Musa? Ijin bèn jutaan budhaké Firaun éntuk lunga saka negri kuwi. Musa jelas kudu kendel.—Wi. 12:3; Ibr. 11:27.
(Pangentasan 10:24-26) Sang Prabu Pringon banjur nimbali Nabi Musa sarta ngandika: ”Wis padha lungaa saos pangabekti marang Pangéran Yéhuwah, mung wedhusira lan sapinira aja sira gawa, anak-anakira kang isih cilik-cilik klilan mèlu.” 25 Nanging aturé Nabi Musa: ”Malah kurban sembelèhan lan kurban obaran punika leresipun panjenengan dalem ingkang kedah maringi kawula, supados kawula saged nyaosaken dhateng Pangéran Yéhuwah Gusti Allah kawula. 26 Déné raja-kaya inggih badhé kawula bekta ugi, tracak satunggal kémawon boten kénging kantun; awitdéné inggih panunggilanipun punika ingkang badhé kawula damel saos pangabekti dhateng Pangéran Yéhuwah Gusti Allah kawula; kawula sami boten sumerep punapa ingkang kedah kawula saosaken dhateng Pangéran Yéhuwah, sadèrèngipun kawula dumugi ing ngrika.”
(Pangentasan 10:28) Sang Prabu Pringon banjur ngandika: ”Wis mundura saka ing ngarsaningsun, dingati-ati, poma sira aja ngaton manèh ana ing ngarsaningsun, sabab samangsa sira ngaton, mesthi sira bakal mati.”
(Pangentasan 11:4-8) Nabi Musa munjuk mangkéné: ”Pangandikanipun Pangéran Yéhuwah makaten: Ing wayah tengah wengi Ingsun bakal tindak ndlajahi tanah Mesir. 5 Nuli sakèhé anak pembarep ing tanah Mesir bakal padha mati, wiwit pembarepé Pringon kang bakal lungguh ing dhamparé nganti tekan pembarepé batur wadon kang ngadhep watu panggilingan, uga sakèhé pembarepé kéwan. 6 Sarta ing satanah Mesir bakal ana udan tangis kang luwih déning ngeres-eresi, kang durung tau kelakon lan kang bakal ora kelakon manèh. 7 Nanging marang wong Israèl sapa baé, ora ana asu siji-sijia kang wani mbaung, dadia marang manungsa utawa marang kéwan, supaya sira padha sumurupa yèn Pangéran Yéhuwah mbédakaké wong Mesir lan wong Israèl. 8 Ing ngriku sakathahing para abdi dalem badhé sami ndhatengi kawula kaliyan sumungkem sarta wicantenipun: Sumangga panjenengan tindak, panjenengan dalah sadaya ingkang ndhèrèk panjenengan. Sasampunipun makaten kawula lajeng badhé késah.” Nabi Musa banjur mundur saka ing ngarsané Sang Prabu Pringon klawan duka banget.
it-2-IN 168 ¶5
Musa
Kudu kendel lan nduwé iman wektu ngadhepi Firaun. Musa lan Harun isa nindakké tugas saka Yéhuwah mung merga dibantu kuwasané Yéhuwah lan roh suci. Bayangna istanané Firaun, raja saka kuasa dunia wektu kuwi. Ing kono, Firaun sing sombong, sing dianggep déwa, dikelilingi karo para penaséhat, komandan-komandan militèr, penjaga-penjaga, lan para budhak. Sakliyané kuwi, ana wong-wong sing paling nentang Musa, yaiku para pemimpin agama sing ya dadi ahli sihir. Sakliyané Firaun, wong-wong kuwi kuwasané paling gedhé ing kerajaan Mesir. Kabèh wong kuwi bersatu ndhukung Firaun kanggo nyembah déwa-déwa Mesir. Musa lan Harun nemoni Firaun ora mung ping pisan, ning ping bola-bali. Saben ketemu karo Musa lan Harun, Firaun malah tambah ngèyèl merga péngin terus nguwasani budhak-budhak Ibraniné. Malah, sakwisé ngumumké hukuman sing kewolu, Musa lan Harun diusir karo Firaun. Terus, sakwisé hukuman sing kesanga, Musa lan Harun dilarang nemoni Firaun manèh. Nèk nganti nemoni manèh, Musa lan Harun bakal dipatèni.—Pa 10:11, 28.
Wulangan Penting
(Pangentasan 10:1, 2) Pangéran Yéhuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: ”Sira sébaa marang Pringon, déné Ingsun wus mangkotaké atiné lan atiné para abdiné, supaya Ingsun nindakaké pratandha-pratandha ana ing tengahé. 2 Sarta supaya sira bisa nyaritakaké marang anak-putunira apa kang wus Suntindakaké marang wong Mesir, lan sakèhé pratandha kang Suntindakaké ana ing antarané, supaya sira padha sumurupa manawa Ingsun iki Yéhuwah.”
w95-IN 1/9 11 ¶11
Para Seksi Nglawan Allah Palsu
11 Pas bangsa Israèl isih ana ing Mesir, Yéhuwah ngutus Musa. Yéhuwah ngomong, ”Sira sébaa marang Pringon, déné Ingsun wus mangkotaké atiné lan atiné para abdiné, supaya Ingsun nindakaké pratandha-pratandha ana ing tengahé. Sarta supaya sira bisa nyaritakaké marang anak-putunira apa kang wus Suntindakaké marang wong Mesir, lan sakèhé pratandha kang Suntindakaké ana ing antarané, supaya sira padha sumurupa manawa Ingsun iki Yéhuwah.” (Pangentasan 10:1, 2) Wong Israèl sing manut bakal crita karo anak-anaké soal tumindaké Yéhuwah sing hébat. Terus, anak-anaké kuwi ya bakal crita karo anak-anaké manèh. Kuwi bakal terus ditindakké turun-temurun. Dadi, tumindaké Yéhuwah sing luar biasa bakal terus diéling-éling. Jaman saiki, para wong tuwa ya nduwé tanggung jawab kanggo mulang anak-anaké soal Yéhuwah.—Pangandharing Torèt 6:4-7; Wulang Bebasan 22:6.
(Pangentasan 11:7) Nanging marang wong Israèl sapa baé, ora ana asu siji-sijia kang wani mbaung, dadia marang manungsa utawa marang kéwan, supaya sira padha sumurupa yèn Pangéran Yéhuwah mbédakaké wong Mesir lan wong Israèl.
it-1-IN 653 ¶2
Èksodus
Yéhuwah ngluhurké jenengé lan mbébaské bangsa Israèl nganggo kuwasané sing luar biasa. Pas wis aman ing sisih wétané Laut Merah, Musa mimpin wong-wong lanang Israèl kanggo nyanyi. Terus, mbakyuné yaiku nabiah Miriam mainké rebana lan mimpin kabèh wong wédok Israèl kanggo mainké rebana lan nari. Wong-wong wédok kuwi nyanyi saut-sautan karo wong-wong lanang. (Pa 15:1, 20, 21) Bangsa Israèl bener-bener bébas saka mungsuhé. Yéhuwah nglindhungi bangsa Israèl wektu metu saka Mesir. Bangsa kuwi ora bakal diserang karo manungsa utawa kéwan. Malah, ora ana asu sing wani nggereng utawa mèlèt-mèlèt karo bangsa Israèl. (Pa 11:7) Senajan buku Pangentasan ora nyebutké nèk Firaun mèlu kleleb ing laut bareng karo pasukané, Jabur 136:15 kandha, ”Sang Pringon sawadya-balané dikelemaké [utawa, dilelebké] ana ing segara Teberau [utawa, Laut Merah].”
Maca Alkitab
(Pangentasan 10:1-15) Pangéran Yéhuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: ”Sira sébaa marang Pringon, déné Ingsun wus mangkotaké atiné lan atiné para abdiné, supaya Ingsun nindakaké pratandha-pratandha ana ing tengahé. 2 Sarta supaya sira bisa nyaritakaké marang anak-putunira apa kang wus Suntindakaké marang wong Mesir, lan sakèhé pratandha kang Suntindakaké ana ing antarané, supaya sira padha sumurupa manawa Ingsun iki Yéhuwah.” 3 Nabi Musa lan Rama Harun tumuli padha sowan marang Sang Prabu Pringon sarta matur: ”Pangandikanipun Pangéran Yéhuwah Gusti Allahipun bangsa Ibrani makaten: Nganti pira lawasé anggonira ora gelem ngesoraké awak ana ngarsaningSun? UmatingSun lilanana lunga saos pangabekti marang Ingsun! 4 Déné samangsa sira ora gelem nglilani lunga umatingSun, sésuk Ingsun bakal ndhatengaké walang ana ing tlatahira. 5 Walang mau bakal nutupi lumahé bumi nganti ora katon lemahé, sarta bakal mangani nganti entèk sabarang kang isih kari kang ora rusak marga anané udan ès, dalasan sakèhé wit-witan kang thukul ana ing tanahira iku bakal padha dimangsa nganti ludhes kabèh. 6 Malah bakal ngebaki omahira, omahé abdinira lan omahé wong Mesir kabèh, kaanan kang kaya mangkono iku durung tau dialami déning para leluhurira wiwit padha tumitah ana ing bumi nganti sapréné.” Nabi Musa banjur mundur saka ing ngarsané Sang Prabu Pringon. 7 Sawusé mangkono para abdiné Sang Prabu Pringon banjur munjuk marang Sang Prabu: ”Taksih pinten dangunipun tiyang-tiyang punika anggènipun dados jiret tumrap kita? Sumangga ta panjenengan dalem lilani kémawon anggènipun sami késah saos pangabekti dhateng Pangéran Yéhuwah Gusti Allahipun. Punapa panjenengan dalem dèrèng kraos, bilih tanah Mesir temtu badhé risak?” 8 Nabi Musa lan Rama Harun banjur kasowanaké manèh marang ing ngarsané Sang Prabu Pringon sarta padha dipangandikani: ”Wis padha lungaa saos pangabekti marang Pangéran Yéhuwah Gusti Allahira. Sapa baé satemené kang bakal padha lunga iku?” 9 Aturé Nabi Musa: ”Kawula badhé sami késah, ingkang enem dalah ingkang sepuh, anak-anak kawula jaler èstri dalasan ménda saha lembu kawula, awitdéné kawula sami badhé damel riyaya konjuk ing ngarsaning Pangéran Yéhuwah.” 10 Nanging Sang Prabu Pringon ngandika: ”Pangéran Yéhuwah karebèn nunggal karo sira, yèn ingsun nglilanana sira lunga dalah anak-anakira. Lah sedyanira iku ala! 11 Iku ora mangkono. Sira padha kena lunga, nanging ngemungna wong lanang-lanang baé kang saos pangabekti marang Pangéran Yéhuwah, rak iya mung iku ta kang dadi panyuwunira?” Nabi Musa lan Rama Harun banjur ditundhung saka ing ngarsané Sang Prabu Pringon. 12 Pangéran Yéhuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: ”Tanganira ayatna marang ing tanah Mesir, nekakna walang, lan walang-walang mau ngebyuka ing sawratané tanah Mesir lan mangana saanané tetuwuhan sapira kang ora rusak marga anané udan ès.” 13 Nabi Musa banjur ngayataké tekené marang ing tanah Mesir, sarta Pangéran Yéhuwah tumuli ngididaké angin wétan marang tanah kono nganti sadina muput lan sawengi natas, bareng wayah ésuk angin wétan mau nggawa walang. 14 Walang-walang iku banjur mratani satanah Mesir, kabèh padha neba ing satlatahé Mesir nganti akèh banget; sadurungé iku durung tau ana walang samono akèhé lan ing tembé iya bakal ora kelakon mangkono manèh. 15 Sarèhné walang-walang mau mratani salumahé tanah kabèh, mulané nagarané dadi peteng; walangé padha mangani saanané tetuwuhan lan pala-gumantung sisané udan ès, sakèhé wit-witan lan tanem-tuwuh ing satanah Mesir wus ora ana ijoné sathithik-thithika.
27 JULI–2 AGUSTUS
SINAU SAKA ALKITAB | PANGENTASAN 12
”Artiné Paskah kanggo Wong Kristen”
(Pangentasan 12:5-7) Cempé mau kudu lanang, tanpa cacad, umuré sataun, kena milih wedhus gèmbèl utawa wedhus lumrah. 6 Cempé mau pisahen dhéwé nganti tanggal ping patbelas sasi iki, nuli kasembelèha déning sagolonganing pasamuwané Israèl ing wayah soré. 7 Getihé salong kajupuka kausarna ing dhempelé lawang karo pisan kiwa-tengen lan ing ndhuwuré, ing saben omah kang dianggo mangan cempé iku.
w07-IN 1/1 20 ¶4
”Kowé Bisa Bungah-Bungah Temenan”
4 Yésus mati ing tanggal 14 Nisan taun 33 M. Ing Israèl, tanggal 14 Nisan kuwi dina perayaan Paskah sing nyenengké. Saben taun, keluarga-keluarga ing Israèl mangan anak domba sing séhat ing dina Paskah. Iki cara bèn wong-wong kuwi kèlingan karo gunané getih anak domba ing tanggal 14 Nisan taun 1513 SM. Pas kuwi, malaékaté Yéhuwah matèni anak mbarepé wong Mesir, ning anak mbarepé wong Israèl ora dipatèni. (Pangentasan 12:1-14) Anak domba Paskah kuwi nggambarké Yésus. Paulus ngomong, ”Kristus kuwi Cempé Paskah kita.” (1 Korintus 5:7) Kaya getihé anak domba Paskah, getihé Yésus ya isa nggawé akèh wong dislametké.—Yohanes 3:16, 36.
(Pangentasan 12:12, 13) Awitdéné ing bengi iku Ingsun bakal tindak ndlajahi tanah Mesir, lan sakèhé anak pembarep, iya anaké manungsa dalah anaké kéwan, bakal Sunpatèni, mangkono uga sakèhé allahé wong Mesir bakal Sunpatrapi paukuman, Ingsun iki Yéhuwah. 13 Lah getih iku dadia tengeran ana ing omah kang sira enggoni. Samangsa Ingsun mirsani getih mau, tindakingSun bakal nglangkungi, temah ing antaranira bakal ora ana wewelak kang mbilaèni, samangsa Ingsun nggebag marang tanah Mesir.
it-2-IN 291 ¶3
Paskah
Ana bab-bab saka Paskah sing digenepi karo Yésus. Salah sijiné yaiku getih sing ana ing omah-omah ing Mesir isa nylametké anak mbarep ing omah-omah kuwi bèn ora dipatèni malaékat. Paulus ngomong nèk wong Kristen terurap kuwi jemaat putra mbarep (Ibr 12:23), lan Kristus sing nylametké liwat getihé. (1Tés 1:10; Éf 1:7) Balungé anak domba Paskah ora ana sing diceklèkké. Ana ramalan sing nyebutké nèk balungé Yésus ora ana sing diceklèkké, lan kuwi kelakon wektu dhèwèké mati. (Ms 34:21; Yoh 19:36) Dadi, Paskah sing terus dirayakké wong Yahudi nganti atusan taun kuwi salah siji bagéan saka Hukum sing dadi bayangan saka apa sing bakal kelakon. Kuwi ngarah menyang Yésus Kristus sing dadi ”Cempéné Gusti Allah”.—Ibr 10:1; Yoh 1:29.
(Pangentasan 12:24-27) Prakara iku padha tetepana, gawénen pranatan kanggo kowé dhéwé lan kanggo anak-putumu ing salawasé. 25 Bésuk samangsa kowé wus padha lumebu ing tanah kang bakal kaparingaké déning Pangéran Yéhuwah marang kowé, kaya kang wus dadi prasetyané, tatanan pangibadah iki tetepana! 26 Déné manawa anak-anakmu padha takon marang kowé: Punapa tegesipun pangibadah punika?, 27 tumuli padha wangsulana: Iku kurban Paskah sumaos marang Pangéran Yéhuwah, kang nglangkungi omah-omahé wong Israèl ana ing tanah Mesir, nalikané wong Mesir katibanan wewelak, nanging omah-omah kita diayomi.” Wong akèh banjur padha tumelung lan sumungkem sujud.
w13-IN 15/12 20 ¶13-14
”Iku Dadia Dina Pangéling-éling Tumrap Sira”
13 Wong Israèl turun-temurun ngajari anak-anaké piwulang sing penting. Salah sijiné yaiku Yéhuwah isa nglindhungi umaté. Anak-anak kuwi isa sinau nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing nyata, perduli karo umaté, lan tumindak kanggo kepentingané umaté. Kuwi kebukti wektu Yéhuwah nglindhungi anak mbarepé wong Israèl ”nalikané wong Mesir katibanan wewelak [utawa, hukuman]”. Yéhuwah ora matèni anak-anak mbarepé wong Israèl kuwi.
14 Wong tuwa saiki pancèn ora mulang anak-anaké soal artiné Paskah kuwi saben taun. Ning, apa njenengan mulangké piwulang sing penting, yaiku nèk Gusti Allah nglindhungi umaté? Apa anak-anaké njenengan isa ndelok nèk njenengan percaya nèk Yéhuwah isih nglindhungi umaté nganti saiki? (Ms. 27:11; Yé. 12:2) Apa carané njenengan mulangké kuwi nyenengké, ora kaya nyeramahi anak-anak? Ngupayaa mulangké kuwi, bèn keluargané njenengan isa tambah cedhak karo Yéhuwah.
Wulangan Penting
(Pangentasan 12:12) Awitdéné ing bengi iku Ingsun bakal tindak ndlajahi tanah Mesir, lan sakèhé anak pembarep, iya anaké manungsa dalah anaké kéwan, bakal Sunpateni, mangkono uga sakèhé allahé wong Mesir bakal Sunpatrapi paukuman, Ingsun iki Yéhuwah.
it-2-IN 289 ¶4
Paskah
Sepuluh Hukuman kanggo Mesir, khususé sing terakhir yaiku kematiané anak mbarep, jebulé ya dadi hukuman kanggo déwa-déwa Mesir. (Pa 12:12) Domba jantan kuwi dianggep suci kanggo déwa Ra. Mula, nyipratké getih anak domba Paskah ing lawang kuwi padha waé ngèlèk-èlèk wong Mesir. Sapi jantan ya dianggep suci. Mula, wektu anak-anak mbarepé sapi jantan kuwi dipatèni Yéhuwah, kuwi dadi hukuman kanggo déwa Osiris. Firaun dhéwé ya dianggep dadi anaké déwa Ra. Kematian anak mbarepé Firaun kuwi mbuktèkké nèk Ra lan Firaun ora sanggup nglawan.
(Pangentasan 12:14-16) Anadéné dina iku dadia dina pangéling-éling tumrap sira, padha sira dadèkaké riyaya sumaos marang Pangéran Yéhuwah turun-temurun. Padha riyayakna, dadèkna pranatan kanggo ing salawasé. 15 Pitung dina lawasé sira mangana roti tanpa ragi; dina kang kapisan sira padha nyingkirna sakèhé ragi saka ing omahira, amarga saben wong kang mangan sadhéngah apa kang mawa ragi wiwit ing dina kapisan tumeka ing dina kang kapitu, wong iku kasirnakna saka ing satengahé Israèl. 16 Sira nganakna kumpulan kang suci, ing dina kang kapisan, mangkono uga ing dina kang kapitu; ing dina loro iku ora kena wong nyambut gawé apa-apa, kejaba mung apa kang perlu padha dipangan, mung iku kang kena sira cawisaké.
it-2-IN 515 ¶2
Pertemuan
Sing unik saka kabèh ”kumpulan kang suci” kuwi yaiku, wong-wong ora éntuk kerja keras. Contoné, ing dina pertama lan kepitu saka Perayaan Roti Tanpa Ragi, yaiku ”kumpulan kang suci”, Yéhuwah ngomong, ”Ora kena wong nyambut gawé apa-apa, kejaba mung apa kang perlu padha dipangan, mung iku kang kena sira cawisaké [utawa, siapké].” (Pa 12:15, 16) Ning, pas ”kumpulan kang suci” kuwi, para imam padha sibuk mènèhké korban persembahan kanggo Yéhuwah. (Km 23:37, 38) Kuwi ora nglanggar préntah-préntah sing nglarang nindakké gawéan sing biasa ditindakké saben dina. Iki ora dadi kesempatan kanggo wong-wong bèn males-malesan, ning iki kesempatan kanggo éntuk manfaat rohani. Saben minggu ing dina Sabat, wong-wong bakal ngumpul kanggo ngibadah lan diwulang. Terus, wong-wong kuwi bakal ngrungokké Kitab Suci diwacakké lan dijelaské, kaya sing ditindakké ing sinagogé-sinagogé ing jaman sakbanjuré. (Kis 15:21) Dadi, wong-wong ora bakal kerja keras ing dina Sabat utawa pas ”kumpulan kang suci” liyané, ning wong-wong kuwi khususé bakal ndonga lan mikirké tenanan soal Yéhuwah lan tujuané.—Deloken KUMPULAN.
Maca Alkitab
(Pangentasan 12:1-20) Pangéran Yéhuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa lan Rama Harun ana ing tanah Mesir: 2 ”Sasi iki tumrap sira bakal dadi wiwitané sakèhing sasi; iku bakal dadi sasi kapisan saben taun tumrap sira. 3 Sira ndhawuhana marang pasamuwané Israèl kabèh mangkéné: Ing tanggal sapuluh sasi iki, saben wong nyepakna cempé siji, iku saben brayat; saben omah siji cempé siji. 4 Nanging saupama cempé siji iku kakèhan kanggo brayat siji, iku wongé nglumpuka karo tanggané kang cedhak miturut jiwané. Mungguh cempé iku kira-kiranen sapira tadhahé siji-sijiné wong. 5 Cempé mau kudu lanang, tanpa cacad, umuré sataun, kena milih wedhus gèmbèl utawa wedhus lumrah. 6 Cempé mau pisahen dhéwé nganti tanggal ping patbelas sasi iki, nuli kasembelèha déning sagolonganing pasamuwané Israèl ing wayah soré. 7 Getihé salong kajupuka kausarna ing dhempelé lawang karo pisan kiwa-tengen lan ing ndhuwuré, ing saben omah kang dianggo mangan cempé iku. 8 Dagingé kudu padha dipangan ing bengi iku uga, kapanggang, pamangané karo roti tanpa ragi lan jangan pait. 9 Ora kena dipangan mentahan utawa godhogan; mesthi panggangan tekan endhasé, sikilé dalah jeroané pisan. 10 Iya ora kena nganti turah tekan ésuk; apa kang isih turah, ésuké kudu diobong! 11 Patrapé mangan iku mangkéné: lambungmu sabukana, sikilmu nganggoa trumpah lan tanganmu nyekela teken, anggonmu mangan kanthi rerikatan, iku Paskahé Pangéran Yéhuwah. 12 Awitdéné ing bengi iku Ingsun bakal tindak ndlajahi tanah Mesir, lan sakèhé anak pembarep, iya anaké manungsa dalah anaké kéwan, bakal Sunpatèni, mangkono uga sakèhé allahé wong Mesir bakal Sunpatrapi paukuman, Ingsun iki Yéhuwah. 13 Lah getih iku dadia tengeran ana ing omah kang sira enggoni. Samangsa Ingsun mirsani getih mau, tindakingSun bakal nglangkungi, temah ing antaranira bakal ora ana wewelak kang mbilaèni, samangsa Ingsun nggebag marang tanah Mesir. 14 Anadéné dina iku dadia dina pangéling-éling tumrap sira, padha sira dadèkaké riyaya sumaos marang Pangéran Yéhuwah turun-temurun. Padha riyayakna, dadèkna pranatan kanggo ing salawasé. 15 Pitung dina lawasé sira mangana roti tanpa ragi; dina kang kapisan sira padha nyingkirna sakèhé ragi saka ing omahira, amarga saben wong kang mangan sadhéngah apa kang mawa ragi wiwit ing dina kapisan tumeka ing dina kang kapitu, wong iku kasirnakna saka ing satengahé Israèl. 16 Sira nganakna kumpulan kang suci, ing dina kang kapisan, mangkono uga ing dina kang kapitu; ing dina loro iku ora kena wong nyambut gawé apa-apa, kejaba mung apa kang perlu padha dipangan, mung iku kang kena sira cawisaké. 17 Dadi sira padha netepana riyaya roti tanpa ragi, awitdéné iya ing dina iku uga anggoningSun ngentasaké golonganira saka ing tanah Mesir. Mulané dina iku mau kudu sira riyayakaké turun-tumurun, dadia pranatan kanggo ing salawasé. 18 Ing sasi kapisan tanggalé ping patbelas wayah soré, sira mangana roti tanpa ragi, nganti tumeka tanggal selikur wayah soré. 19 Sajroning pitung dina lawasé ora kena ana ragi ing omahira, sing sapa mangan sadhéngah kang mawa ragi, wong iku kasirnakna saka ing pasamuwané Israèl, dadia wong bangsa liya, dadia wong bumi. 20 Apa baé kang mawa ragi aja sira pangan; ana ing ngendi baé dunungira sira mangana roti tanpa ragi.”