SINAU SAKA ALKITAB | PANGENTASAN 10-11
Musa lan Harun Kendel
Musa lan Harun kendel banget pas ngomong karo wong sing kuwasané paling gedhé wektu kuwi, yaiku Firaun. Apa sebabé? Alkitab kandha, ”Merga nduwé iman, dhèwèké ninggalké Mesir, nanging dudu merga wedi ngadhepi raja sing murka. Musa tetep kukuh kaya-kaya dhèwèké ndelok Gusti Allah sing ora kétok.” (Ibr 11:27) Merga nduwé iman, Musa lan Harun ngendelké Yéhuwah.
Kapan njenengan isa kendel njelaské kepercayaané njenengan wektu ngadhepi wong sing nduwé wewenang?