URIPÉ WONG KRISTEN
Dadia Perintis kanggo Muji Yéhuwah
Wong Israèl muji Yéhuwah merga wis dibébaské saka Mesir lan dislametké saka Firaun lan pasukané. (Pa 15:1, 2) Nganti saiki Yéhuwah ya terus apikan karo umaté. Piyé carané maturnuwun karo Yéhuwah? —Ms 116:12.
Salah siji carané yaiku dadi perintis èkstra utawa perintis biasa. Awaké dhéwé isa ndonga supaya nduwé kepénginan lan kekuwatan bèn isa dadi perintis. (Flp 2:13) Akèh sedulur sing merintis èkstra dhisik. Pas sasi Maret lan April lan sasi pas kunjungan pinituwa wilayah, awaké dhéwé isa milih merintis èkstra 30 utawa 50 jam. Sakwisé ngrasakké seneng dadi perintis èkstra, awaké dhéwé mungkin péngin dadi perintis biasa. Malah sedulur sing kerja saben dina lan sing gampang lara ya isa dadi perintis biasa. (mwb16.07 8) Awaké dhéwé kudu ngupaya tenanan muji Yéhuwah.—1Bb 16:25.
DELOKEN VIDÉO SEDULUR WADON ING MONGOLIA, TERUS JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:
Apa waé sing kudu diupayakké sedulur wédok telu mau bèn isa dadi perintis?
Berkah apa waé sing dirasakké?
Ana kesempatan apa manèh sakwisé dadi perintis biasa?
Apa pengaruhé pengalamané wong telu kuwi kanggo wong liya?