PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mwb20 September hlm. 3
  • Aja Nyebarké Berita sing Ora Bener

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Aja Nyebarké Berita sing Ora Bener
  • Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2020
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Apa Panjenengan Mastèkké Faktané?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2018
  • ”Wong Bodho Ngandel marang Tembungé Saben Wong”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2015
Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2020
mwb20 September hlm. 3

URIPÉ WONG KRISTEN

Aja Nyebarké Berita sing Ora Bener

Wong wédok sing kagèt ndelok HP-né pas lagi blanja.

Jaman saiki berita cepet banget nyebar liwat koran, radio, TV, lan Internèt. Sengaja utawa ora, umaté ”Allah ingkang setya tuhu” ora bakal nyebarké berita sing ora bener. (Ms 31:6; Pa 23:1) Berita sing ora bener isa bahaya kanggo wong liya. Bèn isa ngerti berita sing disebarké kuwi bener apa ora, pikirna:

  • ’Apa sumberé isa dipercaya?’ Sing nyebarké berita durung mesthi ngerti nyatané. Berita sing disebarké isa waé béda karo asliné, mula kudu ngati-ati nèk ora ngerti langsung saka sumberé. Para pinituwa, abdiné jemaat, lan perintis kuwi wong-wong sing dipercaya ing jemaat, mula kudu ngati-ati wektu nyebarké berita

  • ’Apa berita kuwi isa ngrusak jenengé wong liya?’ Aja nyebarké berita sing isa ngrusak jenengé wong utawa kelompok.​—WB 18:8; Flp 4:8

  • ’Apa beritané masuk akal?’ Aja langsung percaya karo berita utawa pengalaman sing digedhèk-gedhèkké

DELOKEN VIDÉO AJA NYEBARKÉ GOSIP, TERUS JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:

  • Bocah lanang sing ditalèni ing papan, terus diuncali pisau.

    Nurut Wulang Bebasan 12:18, apa bahayané omongané awaké dhéwé?

  • Wong-wong sing lagi padha nggosip.

    Piyé carané ngetrapké Filipi 2:4 wektu ngomongké wong liya?

  • Wong lanang sing ora gelem dijak nggosip.

    Awaké dhéwé kudu piyé nèk dijak ngèlèk-èlèk utawa ngrasani wong liya?

  • Wong lanang sing nganggo klambi wartawan lagi nyathet gosip.

    Apa sing kudu dipikirké sakdurungé ngomongké wong liya?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim