Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil
7-13 SEPTEMBER
SINAU SAKA ALKITAB | PANGENTASAN 23-24
”Aja Mèlu-Mèlu Wong Akèh”
(Pangentasan 23:1) ”Sira aja nyebar kabar goroh. Aja mbiyantu wong kang luput lan gelem dadi seksi rerékan.
Apa Panjenengan Mastèkké Faktané?
7 Apa panjenengan kerep ngirim e-mail utawa pesan singkat kanggo kanca panjenengan? Mbokmenawa panjenengan ndelok berita sing apik utawa pengalaman-pengalaman sing unik. Sakdurungé nyebar-nyebarké kuwi, coba pikirna dhisik, ’Apa aku yakin nèk berita kuwi bener lan cocog karo kabèh faktané?’ Nèk ora yakin, isa waé berita kuwi palsu. Dadi, nèk panjenengan ora yakin, aja disebarké, dihapus waé.
8 Ana bahaya liyané nèk kita ora mikir dhisik sakdurungé ngirimké e-mail utawa pesan singkat. Ana negara-negara sing mbatesi utawa malah nglarang kagiyatané Seksi Yéhuwah. Para penentang kuwi mbokmenawa sengaja nyebarké crita sing medèn-medèni lan nggawé para sedulur dadi ora percaya karo siji lan sijiné. Iki sing kelakon ing bekas negara Uni Soviet. Agen rahasia KGB nyebarké crita nèk ana sedulur-sedulur sing dikenal apik wis ora setya manèh. Sayangé, ana sedulur-sedulur sing percaya karo crita sing ora bener kuwi lan metu saka organisasiné Yéhuwah. Ana sing akhiré bali dadi abdiné Yéhuwah manèh. Ning ana sing ora, merga wis ora nduwé iman manèh marang Yéhuwah. (1 Tim. 1:19) Dadi, apa piwulangé kanggo kita? Aja nyebar-nyebarké crita sing èlèk utawa sing durung mesthi bener. Aja langsung percaya karo apa sing mbok rungokké. Ning, pastèkna dhisik kabèh faktané.
(Pangentasan 23:2) Sira aja nyebar mèlu-mèlu wong akèh nglakoni piala, lan anggonira nglairaké paseksi tumrap sawijining prakara aja ngiloni wong akèh murih dhoyonging pangadilan.
it-1-IN 884 ¶4
Harun
Jelaslah bahwa dalam ketiga peristiwa penyimpangannya itu, Harun tampaknya bukanlah pencetus utama dari perbuatan salah tersebut, tetapi sebaliknya, telah membiarkan tekanan keadaan atau pengaruh orang-orang lain menyimpangkannya dari haluan yang benar. Khususnya pada pelanggarannya yang pertama, ia sesungguhnya dapat menerapkan prinsip yang mendasari perintah, ”Jangan mengikuti orang banyak untuk tujuan yang jahat.” (Kel 23:2) Meskipun demikian, setelah itu namanya digunakan dalam Alkitab dengan cara yang terhormat, dan Putra Allah, selama masa hidupnya di bumi, mengakui keabsahan keimaman Harun.—Mz 115:10, 12; 118:3; 133:1, 2; 135:19; Mat 5:17-19; 8:4.
(Pangentasan 23:3) Iya aja ngiloni prakarané wong miskin.
it-1-IN 484 ¶5
Buta, Kebutaan
Kegagalan melaksanakan keadilan karena adanya penyimpangan di pengadilan dilambangkan sebagai kebutaan, dan dalam Hukum ada banyak peringatan agar tidak menyuap, memberi hadiah, atau berprasangka, karena hal-hal tersebut dapat membutakan seorang hakim dan mencegahnya melaksanakan keadilan secara tidak berat sebelah. ”Suap membutakan orang yang berpenglihatan terang.” (Kel 23:8) ”Suap membutakan mata orang yang berhikmat.” (Ul 16:19) Seorang hakim, tidak soal seberapa lurus hati dan berdaya pengamatan, dapat secara sadar atau bahkan tidak sadar terpengaruh oleh hadiah dari orang-orang yang terlibat dalam suatu kasus. Dengan bijaksana, hukum Allah mengulas dampak yang membutakan, bukan hanya dari hadiah, melainkan juga dari perasaan, dengan menyatakan, ”Jangan memperlakukan orang kecil dengan berat sebelah, dan jangan lebih menyukai orang besar.” (Im 19:15) Jadi, karena mengikuti perasaan atau demi popularitas di masyarakat, seorang hakim hendaknya tidak menjatuhkan vonis terhadap orang kaya hanya karena mereka kaya.—Kel 23:2, 3.
Wulangan Penting
(Pangentasan 23:9) Wong neneka aja sira tindhes, awitdene sira rak wus padha ngerti marang rasaning atine wong neneka, marga sira wus padha ngalami dadi wong neneka ana ing tanah Mesir.
Apikan marang Wong sing Ora Dikenal
4 Yéhuwah ora mung mréntahké wong Israèl bèn ngajéni wong asing, ning uga ngélingké piyé rasané wektu dadi wong asing. (Wacanen Pangentasan 23:9.) Malah sakdurungé dadi budhak ing Mesir, wong Israèl wis digethingi karo wong Mesir merga béda. (Pd. 43:32; 46:34; Pa. 1:11-14) Wong Israèl tau ngrasakké rekasané dadi wong asing. Mula, Yéhuwah péngin wong Israèl ngéling-éling kuwi lan apikan marang wong asing.—Km. 19:33, 34.
(Pangentasan 23:20, 21) ”Lah Ingsun bakal ngutus malaekat tindak ana ing ngarepira, perlu ngreksa lakunira ana ing dalan sarta ngirid lakunira menyang panggonan kang Suncawisake. 21 Sira dingati-ati ana ing ngarsane lan ngestokna marang dhawuh-dhawuhe, sira aja gawe duraka marang Panjenengane, awitdene panerakira ora bakal diapura, sabab asmaningSun ana ing batose.
it-2-IN 126
Mikhael
1. Satu-satunya malaikat kudus selain Gabriel yang disebutkan namanya dalam Alkitab, dan satu-satunya pribadi yang disebut ”penghulu malaikat”. (Yud 9) Nama ini pertama kali muncul di pasal kesepuluh buku Daniel, yang menggambarkan Mikhael sebagai ”salah seorang dari antara para pangeran yang terkemuka”; ia datang untuk menolong malaikat yang lebih rendah kedudukannya yang ditentang oleh ”pangeran dari wilayah kerajaan Persia”. Mikhael disebut ”pangeran [bangsa Daniel]”, ”pangeran besar yang sedang berdiri demi kepentingan putra-putra bangsa [Daniel]”. (Dan 10:13, 20, 21; 12:1) Ayat-ayat itu menunjuk ke Mikhael sebagai malaikat yang menuntun orang-orang Israel melewati padang belantara. (Kel 23:20, 21, 23; 32:34; 33:2) Fakta yang mendukung kesimpulan ini adalah bahwa ”Mikhael, sang penghulu malaikat, berselisih dengan Iblis dan berbantah mengenai tubuh Musa”.—Yud 9.
Maca Alkitab
(Pangentasan 23:1-19) ”Sira aja nyebar kabar goroh. Aja mbiyantu wong kang luput lan gelem dadi seksi rerekan. 2 Sira aja melu-melu wong akeh nglakoni piala, lan anggonira nglairake paseksi tumrap sawijining prakara aja ngiloni wong akeh murih dhoyonging pangadilan. 3 Iya aja ngiloni prakarane wong miskin. 4 Manawa sira mrangguli sapine utawa kuldine mungsuhira kang ketriwal, poma iku enggal-enggal sira ulihna marang kang duwe. 5 Manawa sira weruh kuldine mungsuhira ambruk marga kabotan momotan, poma sira aja sungkan tetulung, nanging kang duwe sira rewangana mbongkar momotane kalawan eklas. 6 Sira aja ndhoyongake wewenange wong miskin ing sajroning prakarane. 7 Sira ngedohana tindak culika; wong kang ora luput lan kang bener aja sira pateni, awitdene Ingsun ora bakal mbenerake wong kang luput. 8 Sira aja nampani besel, marga besel iku marakake wutane wong melek, lan ngisruhake prakarane wong-wong kang bener. 9 Wong neneka aja sira tindhes, awitdene sira rak wus padha ngerti marang rasaning atine wong neneka, marga sira wus padha ngalami dadi wong neneka ana ing tanah Mesir. 10 Sajroning nem taun sira nyebarana buminira lan ngundhuhana pametune, 11 nanging ing taun kang kaping pitune kudu sira lerenake, lan sira tinggal mangkono bae, supaya panunggalanira kang miskin padha bisaa mangan, lan sisane iku kareben dipangana dening sato-kewan ing alas. Mangkono uga tumrap pakebonanira anggur lan witira jaitun. 12 Nem dina sira nglakonana pagaweanira, nanging ing dina kapitu sira lerena, supaya sapi lan kuldinira padha bisa ngaso; lan supaya anake baturira lan wong kang neneka padha leren.” 13 ”Sira diprayitna ing bab sabarang kang wus Sundhawuhake marang sira: sira aja nyebut jenenge allah liyane, jenenge aja nganti keprungu saka ing cangkemira. 14 Setaun kaping telu sira kudu nganakake riyaya sumaos marang Ingsun. 15 Sira netepana riyaya mangan roti tanpa ragi; pitung dina lawase sira mangana roti tanpa ragi kaya kang wus Sundhawuhake marang sira, ing waktu kang wus katemtokake ana ing sasi Abib, sabab mbeneri ing sasi iku anggonira metu saka ing tanah Mesir; nanging aja ana kang seba marang ing ngarsaningSun klawan ora nggawa apa-apa. 16 Sira netepana riyaya mangan roti tanpa ragi; pitung dina lawase sira mangana roti tanpa ragi kaya kang wus Sundhawuhake marang sira, ing waktu kang wus katemtokake ana ing sasi Abib, sabab mbeneri ing sasi iku anggonira metu saka ing tanah Mesir; nanging aja ana kang seba marang ing ngarsaningSun klawan ora nggawa apa-apa. 17 Setaun rambah kaping telu wongira kang lanang kudu padha seba marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gustinira. 18 Anggonira nyaosake getihing kurban sembelehan kang sumaos marang Ingsun, iku aja nganti kaworan sadhengah kang mawa ragi, karomaneh gajihing kurban riyaya kang sumaos marang Ingsun aja nganti nginep nganti esuke. 19 Pepethingane pametune buminira iku ladekna marang ing padalemaning Sang Yehuwah Gusti Allahira. Anggonira nggodhog daginging cempe iku aja nganggo puwaning embokne.”
14-20 SEPTEMBER
SINAU SAKA ALKITAB | PANGENTASAN 25-26
”Barang Paling Penting ing Tabernakel”
(Pangentasan 25:9) Anggonira padha yasa dalem pasucen lan sakehe pirantine kabeh iku mituruta conto kang bakal Suntedahake marang sira.”
it-2-IN 922
Tabut Perjanjian
Pola dan Desain. Sewaktu Yehuwa menginstruksikan Musa untuk membangun tabernakel, yang pertama-tama Ia berikan adalah pola dan desain Tabut, sebab sesungguhnya itulah benda yang terutama dan terpenting dalam tabernakel dan di seluruh perkemahan Israel. Peti itu sendiri panjangnya 2,5 hasta, lebarnya 1,5 hasta, dan tingginya 1,5 hasta (± 111 × 67 × 67 cm). Tabut itu terbuat dari kayu akasia, bagian dalam dan luarnya dilapisi emas murni. ”Sekelilingnya” dihiasi untaian atau ”pinggiran” yang artistik ”dari emas”. Bagian kedua pada Tabut, yaitu tutupnya, seluruhnya terbuat dari emas, bukan sekadar kayu yang dilapisi emas, dan ukuran panjang serta lebarnya sama dengan ukuran peti itu. Di atas tutup itu terdapat dua kerub yang terbuat dari emas tempaan, satu kerub di setiap ujung tutup itu, saling berhadapan, dengan kepala menunduk dan sayap membentang ke atas dan menaungi Tabut. (Kel 25:10, 11, 17-22; 37:6-9) Tutup itu juga dikenal sebagai ”tutup pendamaian”.—Kel 25:17; Ibr 9:5, Rbi8, ctk.; lihat TUTUP PENDAMAIAN.
(Pangentasan 25:21) Tutup pangruwatan iku sira etrapna ing dhuwure pethi, samangsa papan angger-angger kang bakal Sunparingake marang sira iku wus sira selehake ing sajroning pethine.
it-2-IN 922 ¶4
Tabut Perjanjian
Tabut itu berfungsi sebagai tempat kudus untuk menyimpan pengingat-pengingat suci atau kesaksian, karena isinya terutama adalah kedua lempeng kesaksian, atau Sepuluh Perintah. (Kel 25:16) ”Tempayan emas dengan manna, [dan] tongkat Harun yang berkuncup” juga ditempatkan dalam Tabut itu tetapi belakangan diambil, beberapa waktu sebelum bait Salomo dibangun. (Ibr 9:4; Kel 16:32-34; Bil 17:10; 1Raj 8:9; 2Taw 5:10) Tidak lama sebelum kematiannya, Musa memberikan sebuah salinan ”buku hukum” kepada para imam Lewi, dengan instruksi untuk menyimpannya, tidak di dalam, tetapi ”di samping tabut perjanjian Yehuwa, Allahmu, . . . menjadi saksi di sana sehubungan dengan engkau”.—Ul 31:24-26.
(Pangentasan 25:22) Ana ing kono anggoningSun bakal ngrawuhi sira saka ing sadhuwure tutup pangruwatan iku, saka ing antarane kerub loro kang ana ing sadhuwure pethi angger-angger iku, Ingsun bakal paring pangandika marang sira bab kang bakal Sundhawuhake marang sira kang kudu sira terusake marang wong Israel.”
it-2-IN 922 ¶5
Tabut Perjanjian
Berkaitan dengan kehadiran Allah. Sepanjang sejarahnya, Tabut dikaitkan dengan kehadiran Allah. Yehuwa berjanji, ”Aku akan tampil di hadapanmu di sana, dan dari atas tutup itu, dari antara kedua kerub yang ada pada tabut Kesaksian itu.” ”Dalam awan aku akan menampakkan diri di atas penutup.” (Kel 25:22; Im 16:2) Samuel menulis bahwa Yehuwa ”duduk di atas kerub-kerub” (1Sam 4:4); jadi, kerub-kerub itu ”menggambarkan kereta” Yehuwa. (1Taw 28:18) Maka, ”apabila Musa masuk ke dalam kemah pertemuan untuk berbicara kepada [Yehuwa], ia akan mendengar suara yang bercakap-cakap dengannya dari atas tutup yang berada di atas tabut Kesaksian, dari antara kedua kerub; demikianlah ia akan berbicara kepadanya”. (Bil 7:89) Belakangan, Yosua dan Imam Besar Pinehas juga meminta petunjuk Yehuwa di hadapan Tabut. (Yos 7:6-10; Hak 20:27, 28) Akan tetapi, hanya imam besar yang benar-benar masuk ke dalam Ruang Mahakudus dan melihat Tabut, satu kali setahun, bukan untuk berkomunikasi dengan Yehuwa, melainkan untuk melaksanakan upacara Hari Pendamaian.—Im 16:2, 3, 13, 15, 17; Ibr 9:7.
Wulangan Penting
(Pangentasan 25:20) Kerub-kerub iku padha ngegarna swiwine mandhuwur ngaubi tutup pangruwatan, raine padha adu arep; raine kerub-kerub iku padha tumungkula marang tutup pangruwatan mau.
it-1-IN 1253 ¶8
Kerub
Patung-patung kerub termasuk dalam perlengkapan tabernakel yang didirikan di padang belantara. Di atas kedua ujung tutup Tabut terdapat dua kerub dari emas tempaan. Mereka saling berhadapan dan membungkuk ke arah tutup Tabut dengan sikap menyembah. Masing-masing memiliki dua sayap yang membentang ke atas dan menaungi tutup Tabut seolah-olah menjaga dan melindunginya. (Kel 25:10-21; 37:7-9) Selain itu, bagian dalam tutup tabernakel yang terbuat dari kain kemah dan tirai yang memisahkan Ruang Kudus dari Ruang Mahakudus disulam dengan gambar-gambar kerub.—Kel 26:1, 31; 36:8, 35.
(Pangentasan 25:30) Mejane iku tansah dokokana roti sesaosan ana ing ngarsaningSun.”
it-2-IN 673
Roti Pertunjukan
Dua belas roti yang ditaruh di atas meja dalam Ruang Kudus tabernakel atau bait dan yang setiap Sabat diganti dengan yang baru. (Kel 35:13; 39:36; 1Raj 7:48; 2Taw 13:11; Neh 10:32, 33) Sebutan harfiah untuk roti pertunjukan dalam bahasa Ibrani adalah ”roti muka”. Kata untuk ”muka” kadang-kadang menyatakan ”kehadiran” (2Raj 13:23), maka roti pertunjukan ada di depan muka Yehuwa sebagai persembahan yang senantiasa ada di hadapan-Nya. (Kel 25:30, Rbi8, ctk.) Roti pertunjukan juga disebut ”roti lapis” (2Taw 2:4), ”roti persembahan” (Mrk 2:26), dan ”roti” (Ibr 9:2, BIS).
Maca Alkitab
(Pangentasan 25:23-40) ”Lan maneh sira gawea meja kayu sittah, dawane rong asta, ambane saasta lan dhuwure karotengah asta. 24 Meja iku sira lapisana mas murni sarta wenehana plisir mas mubeng. 25 Karodene sira wenehana wengku mubeng ambane saepek-epek, lan wengku iku iya sira wenehana plisir mas mubeng. 26 Sarta maneh meja iku iya sira gawekna gelangan mas patang iji, gelangan iku sira etrapna ing pojokane papat kaprenah ana ing sikile papat. 27 Gelangane padha pepetna ing wengku, kanggo slobokane pikulan kang kanggo ngusung mejane. 28 Pikulane iku iya kayu sittah kalapisa mas, iku kang kagawe ngusung mejane. 29 Sira iya gawea pinggan, piring, porong lan tuwung, kang kagawe ngesok kurban unjukan, kabeh iku kagawea saka mas murni. 30 Mejane iku tansah dokokana roti sesaosan ana ing ngarsaningSun.” 31 ”Sira gawea padamaran mas murni; padamaran iku kang digawe kudu mas gemblengan, iya sikilane iya adeg-adege; dalah rerekane slaga, kudhup lan kembange padha kagawea iras-irasan karo padamarane. 32 Pange nem metu saka ing adeg-adege; pange kang telu ing sisih kenene, lan kang telu ing sisih kanane. 33 Siji-sijine pang anaa rerekane slaga kembang saked nelung iji, karo rerekan kudhup lan kembang, dadine pang nem kang metu saka padamaran iku iya gawenen kaya mangkono. 34 Mungguh adeg-adege padamaran iku anaa rerekane slaga kembang saked patang iji dalah rerekane kudhup lan kembang. 35 Rerekan kudhup siji anaa kang kapasang ing ngisore pang sajodho kang kapisan kang metu saka padamarane, siji maneh ing ngisore pang kang kapindho lan siji maneh ing ngisore kang katelu, mangkono mungguh pang nem kang metu saka ing adeg-adege padamaran mau digawea padha. 36 Kudhup lan pange iku kudu metu saka ing padamaran mau lan kabeh mau kang digawe kudu mas murni gemblengan. 37 Padamaran iku iya sira gawekna clupak pitung iji, katumpangna ing ndhuwure, supaya madhangi kang ana ing ngarepe. 38 Sapite lan tadhahane langes iya padha mas murni. 39 Mas murni satalenta kang dianggoa gawe padamaran dalah sapirantine kabeh. 40 Dingati-ati, anggonira gawe kabeh mau kudu ngepleki conto kang wus katedahake marang sira ana ing gunung.”
21-27 SEPTEMBER
SINAU SAKA ALKITAB | PANGENTASAN 27-28
”Awaké Dhéwé Isa Ngerti Apa saka Klambiné Para Imam?”
(Pangentasan 28:30) Lan ana ing tutup dhadha piranti kanggo nibakake keputusan iku sira pasangana Urim lan Tumim, ana ing sadhuwure jantunge Harun samangsa lumebu seba ing ngarsaning Yehuwah; mangkono Harun anggone tansah ngemban karampungane keputusan tumrap wong Israel, ana ing sadhuwure atine ana ing ngarsaning Sang Yehuwah.
it-2-IN 1120
Urim and Tumim
Sejumlah komentator Alkitab percaya bahwa Urim dan Tumim adalah dua undi. Dalam Keluaran 28:30 terjemahan James Moffatt kedua benda itu disebut ”undi-undi suci”. Ada yang berpendapat bahwa yang dimaksud adalah tiga benda, satu dengan tulisan kata ”ya”, satu dengan ”tidak”, dan satu lagi tanpa tulisan. Penarikan undi-undi itu akan memberikan jawaban atas pertanyaan yang diajukan, kecuali yang ditarik adalah benda tanpa tulisan, yang berarti tidak ada jawaban. Ada lagi yang berpikir bahwa benda-benda tersebut berupa dua batu pipih, satu sisinya putih dan sisi lainnya hitam. Setelah dilempar, dua sisi putih akan berarti ”ya”, dua sisi hitam ”tidak”, sedangkan hitam dan putih berarti tidak ada jawaban. Sekali peristiwa, sewaktu Saul meminta petunjuk melalui sang imam apakah ia harus menyerang orang Filistin lagi, ia tidak memperoleh jawaban. Karena merasa bahwa seseorang di antara anak buahnya telah berbuat dosa, ia memohon, ”Oh, Allah Israel, berikanlah Tumim!” Saul dan Yonatan ditunjuk di antara orang-orang yang hadir; setelah itu, undi dilempar untuk menentukan siapa di antara mereka berdua yang bersalah. Dalam catatan itu permohonan, ”Berikanlah Tumim,” tampaknya terpisah dari pelemparan undi, meskipun dapat memberi petunjuk bahwa ada kaitan antara kedua hal itu.—1Sam 14:36-42.
(Pangentasan 28:36) Apadene sira gawea blebekan mas murni lan ing blebekan iku sira ukirna tulisan patrape kaya ngukir cap, unine: Sesengkerane Pangeran Yehuwah.
it-1-IN 517 ¶4
Dahi
Imam Besar Israel. Di Israel, pada bagian depan serban imam besar, yang ada di dahi sang imam, terdapat sebuah lempeng emas, yaitu ”tanda pembaktian kudus”; pada lempeng itu tertera kata-kata ”Yehuwa adalah Kudus” dengan ”ukiran seperti pada meterai”. (Kel 28:36-38; 39:30) Sebagai wakil utama Israel dalam ibadat kepada Yehuwa, imam besar memang sepatutnya menjaga kekudusan tugasnya, dan inskripsi itu pun berfungsi sebagai pengingat bagi seluruh Israel akan perlunya tetap kudus dalam dinas kepada Yehuwa. Hal itu juga menjadi gambaran yang cocok tentang Imam Besar agung, Yesus Kristus, dan tentang fakta bahwa ia telah dibaktikan oleh Yehuwa untuk tugas keimaman yang menjunjung kekudusan Allah.—Ibr 7:26.
(Pangentasan 28:42, 43) Sarta maneh iya gawekna clana lena, kagawea nutupi kawirangane. Clana mau dawane wiwit bangkekan nganti tekan pupu. 43 Iku kudu dianggo Harun dalah anak-anake samangsa lumebu ing Tarub Pasewakan utawa samangsa nyedhaki misbyah perlu nindakake pangibadah ana ing pasucen, supaya aja nganti kaluputan lan banjur mati. Iku dadia pranatan ing salawase tumrap Harun lan para turune.”
w08-IN 15/8 15 ¶17
Muliakan Yehuwah dengan Berlaku Terhormat
17 Alkitab menunjukkan bahwa kita khususnya harus berlaku terhormat sewaktu beribadat kepada Yehuwa. ”Jagalah kakimu apabila engkau pergi ke rumah Allah yang benar,” kata Pengkhotbah 5:1. Musa maupun Yosua diperintahkan untuk melepaskan kasut mereka ketika berada di suatu tempat yang kudus. (Kel. 3:5; Yos. 5:15) Mereka harus melakukan hal itu sebagai tanda respek atau hormat. Para imam Israel wajib mengenakan celana dalam dari linen ”untuk menutupi aurat yang telanjang”. (Kel. 28:42, 43) Dengan demikian, apa yang memalukan tidak terlihat sewaktu mereka melayani di mezbah. Setiap anggota keluarga imam harus menaati standar Allah berkenaan dengan kehormatan.
Wulangan Penting
(Pangentasan 28:15-21) Lan sira kudu gawe tutup dhadha, piranti kanggo nibakake kaputusan, garapaning ahli. Panggarape padha kaya kotang efod, kang kagawe: mas, bakal wungu tuwa, wungu nom, jingga lan lena alus tenunan kang benange kaantih. 16 Wangune pesagi lan rangkep loro, dawane sakilan ambane iya sakilan, 17 iku kaetrapana sesotya patang larik. Larikan kapisan: sotya yaspis abang, krisolit lan malakit. 18 Larikan kapindho: mirah, lazurit lan yaspis ijo. 19 Larikan katelu: sotya ambar, akik lan kecubung. 20 Larikan kang kaping papat: sotya pirus, krisopras lan nefrit, kabeh padha kaembanana mas, kaya mangkono sesotya-sesotya mau dalah embanane. 21 Sesotya iku kaetrapana jenenge para anake Israel, mulane cacahe kudu rolas. Lan ing saben sotya diukirna jenenge, niji miturut taler rolas, kaya patrape gawe cap.
w12-IN 1/8 26 ¶1-3
Tahukah Anda?
Dari mana asalnya batu-batu berharga pada tutup dada imam besar Israel?
Setelah bangsa Israel meninggalkan Mesir dan tiba di padang belantara, Allah memberi mereka perintah untuk membuat tutup dada ini. (Keluaran 28:15-21) Pada tutup dada ini terdapat batu mirah, topas, zamrud, turkois, safir, yaspis, lesyem, akik, kecubung, krisolit, oniks, dan giok.* Apakah bangsa Israel memang bisa mendapatkan batu-batu permata itu?
Pada zaman Alkitab, batu-batu mulia tinggi nilainya dan diperdagangkan. Misalnya, bangsa Mesir kuno mendapatkan batu-batu permata ini dari tempat-tempat yang sekarang adalah Iran, Afganistan, bahkan mungkin India. Tambang di Mesir menghasilkan berbagai jenis batu berharga. Raja Mesir memonopoli hasil penggalian mineral di daerah kekuasaannya. Sang patriark Ayub menjelaskan bagaimana orang sezamannya menggunakan lubang tambang dan terowongan bawah tanah untuk mencari harta. Beberapa barang berharga yang digali dari dalam tanah adalah safir dan topas yang secara spesifik disebutkan oleh Ayub.—Ayub 28:1-11, 19.
Buku Keluaran menyatakan bahwa bangsa Israel ”melucuti” barang-barang berharga orang Mesir saat pergi dari negeri itu. (Keluaran 12:35, 36) Maka, kemungkinan dari Mesir-lah bangsa Israel mendapatkan batu-batu berharga yang digunakan pada tutup dada imam besar.
(Pangentasan 28:38) Blebekan iku anaa ing bathuke Harun lan Harun kudu nyangga akibate kaluputan tumrap samubarang kang disucekake dening wong Israel, yaiku tumrap sadhengah kang dadi pisungsung sesengkerane. Blebekan mau kudu tetep tumempel ing bathuke, supaya wong Israel iku katrimah ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah.
it-1-IN 1356 ¶2
Kudus, Kekudusan
Binatang dan Hasil Bumi. Anak sulung jantan dari lembu, domba, dan kambing, dianggap kudus bagi Yehuwa dan tidak boleh ditebus, tetapi harus dikorbankan, dan sebagian diberikan kepada para imam yang telah disucikan. (Bil 18:17-19) Buah sulung dan sepersepuluhan adalah kudus, demikian pula semua korban dan semua pemberian yang dikhususkan untuk dinas di tempat suci. (Kel 28:38) Segala sesuatu yang kudus bagi Yehuwa adalah suci dan tidak dapat dianggap remeh atau digunakan dengan cara yang tidak khusus, atau tidak pantas. Sebuah contoh adalah hukum mengenai sepersepuluhan. Apabila seseorang menyisihkan bagian untuk sepersepuluhan, seperti panenan gandumnya, dan kemudian dia atau salah seorang anggota rumah tangganya tanpa sengaja mengambil sebagian untuk kebutuhan rumah tangga, misalnya untuk dimasak, orang tersebut bersalah karena melanggar hukum Allah berkenaan dengan perkara-perkara kudus. Menurut Hukum, ia harus membayar ganti rugi ke tempat suci menurut jumlah yang sama ditambah 20 persen, selain mempersembahkan sebagai korban seekor domba jantan yang tidak bercela dari kawanannya. Dengan demikian, orang Israel memperkembangkan respek yang dalam terhadap hal-hal kudus milik Yehuwa.—Im 5:14-16.
Maca Alkitab
(Pangentasan 27:1-21) ”Karomaneh sira gawea misbyah kayu sittah, dawane limang asta lan ambane limang asta, dadi misbyah iku pesagi bener, nanging dhuwure telung asta. 2 Sungune sira gawea ana ing pojokane papat; iku ginawea iras-irasan karo misbyahe, misbyah iku kudu sira lapis ing tembaga. 3 Sarta sira uga gawea wadhah-wadhah kanggo mbuwangi awune, apadene sorok lan bokor kanggo nyirami, cukit lan anglone; sakehe piranti iku kudu tembaga kang sira gawe. 4 Lan maneh sira gawekna krawangan tembaga adhapur jala, krawangan iku ing pojoke papat pisan sira wenehana gelangan tembaga patang iji, 5 banjur sira etrapna ing sangisoring wengkune misbyah wiwit saka ngisor nganti krawangan mau dhuwure saparone misbyah. 6 Karomaneh misbyah iku iya sira gawekna pikulan, pikulan kayu sittah kang kalapis ing tembaga. 7 Pikulane kaslobokna ing gelangane, dadi samangsa misbyahe diusung, pikulan iku padha ana ing lambunge misbyah kiwa-tengen. 8 Misbyah iku kang sira gawe blabag ing jero growong, kaya anggonira wus kaparingan pitedah ana ing gunung, mangkono anggonira padha nggarap misbyah iku.” 9 ”Sira gawea platarane Tarub Suci; ing sisih kidul plataran iku anaa gebere lena tenunan alus kang benange kaantih, dawane sasisih satus asta. 10 Cagake kabeh kudu rong puluh, ompake tembaga iya rong puluh, canthelane cagak lan sambungane iku salaka. 11 Mangkono uga ing sisih lor, turut ujure iya nganggoa geber dawane padha satus asta, sarta cagake rong puluh lan ompake rong puluh padha tembaga, nanging canthelane lan sambungane iku salaka. 12 Ing ambane plataran sisih kulon anaa gebere kang seket asta, kalawan cagake sapuluh lan ompake sapuluh. 13 Dene ambane plataran perangan ngarep kang sisih wetan kudu seket asta, 14 yaiku gebere limalas asta kanggo ing sisihe gapura kang siji karo cagake telu lan ompake telu, 15 lan kanggo ing sisihe gapura sijine gebere iya limalas asta, cagake telu lan ompake iya telu. 16 Nanging ing gapurane plataran anaa gebere kang dawane rong puluh asta, kang kagawe bakal wungu tuwa, lan wungu nom, jingga lan lena alus tenunan kang mancawarna kalawan cagake papat lan ompake papat. 17 Sakehe cagak kang ana ing saubenge plataran mau padha kaetrapana sambungan salaka, lan canthelane iya salaka, dene ompake tembaga. 18 Dawane plataran kudu satus asta, ambane seket asta lan dhuwure limang asta, awujud lena tenunan alus kang benange kaantih, sarta ompake tembaga. 19 Anadene mungguh sakehe piranti kanggo ngedegake Tarub Suci, mangkono uga sakehe pathoke dalasan pathoke plataran, iku kudu tembaga kabeh.” 20 ”Karodene sire ndhawuhana marang wong Israel, supaya padha ngladekna lenga jaitun dheplokan kang tulen kanggo padamaran, supaya damare tansah murub. 21 Ing sajrone Tarub Pasewakan ing sajabane geber kang ngaling-alingi pethining angger-angger, ing kono Harun lan anak-anake kang nata padamaran mau ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah wiwit sore nganti esuk. Iku pranatan kang tumindak turun-tumurun kanggo wong Israel.”
28 SEPTEMBER–4 OKTOBER
SINAU SAKA ALKITAB| PANGENTASAN 29-30
”Nyumbang kanggo Yéhuwah”
(Pangentasan 30:11, 12) Pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa, mangkene: 12 ”Samangsa sira ngetung cacahe wong Israel, nalika padha didaftar, siji-sijine nyaosna pisungsung minangka panebusing nyawane konjuk marang Pangeran Yehuwah, supaya sajrone kacacahake aja nganti padha kena ing wewelak.
it-2-IN 367
Pendaftaran
Di Sinai. Pendaftaran pertama diadakan atas perintah Yehuwa, yaitu pada waktu orang Israel berkemah di Sinai pada bulan kedua dari tahun kedua setelah Eksodus dari Mesir. Guna membantu Musa melaksanakan hal ini, seorang pemimpin dipilih dari setiap suku untuk mengawasi pendaftaran sukunya dan bertanggung jawab atasnya. Pria-pria terdaftar yang berumur 20 tahun ke atas tidak hanya memenuhi syarat untuk menjadi prajurit, tetapi Hukum juga mewajibkan mereka membayar pajak kepala sebesar setengah syekel ($1,10) bagi dinas di tabernakel. (Kel 30:11-16; Bil 1:1-16, 18, 19) Semua yang terdaftar berjumlah 603.550 orang, tidak termasuk orang Lewi, yang tidak akan mempunyai milik pusaka di negeri itu. Orang Lewi tidak membayar pajak tabernakel dan tidak dituntut untuk menjadi prajurit.—Bil 1:44-47; 2:32, 33; 18:20, 24.
(Pangentasan 30:13-15) Saben wong kang kadaftar nyaosna dhuwit satengah sekel, ditimbang miturut sekelan pasucen, sasekel iku bobote ana rong puluh gerah; satengah sekel iku minangka pisungsung-mligi konjuk marang Sang Yehuwah. 14 Wong kang bisa kalebu ing pendaftaran iku umure rong puluh taun munggah, iku kudu nyaosake pisungsung-mligi konjuk marang Pangeran Yehuwah. 15 Wong sugih anggone asok aja luwih lan wong miskin aja kurang saka satengah sekel, samangsa sira padha nyaosake pisungsung-mligi konjuk marang Sang Yehuwah minangka panebuse nyawa iku.
it-2-IN 870
Sumbangan
Sumbangan-sumbangan tertentu dituntut oleh Hukum. Ketika Musa mengadakan sensus atas orang Israel, setiap laki-laki yang berusia 20 tahun ke atas harus memberikan tebusan bagi jiwanya, ”setengah syekel [mungkin $1,10] menurut syekel tempat kudus”, yang merupakan ”sumbangan kepada Yehuwa” untuk mengadakan pendamaian bagi jiwa mereka dan ”demi kepentingan dinas di kemah pertemuan”. (Kel 30:11-16) Menurut sejarawan Yahudi bernama Yosefus (The Jewish War, VII, 218 [vi, 6]), ”pajak suci” ini kemudian dibayar setiap tahun.—2Taw 24:6-10; Mat 17:24; lihat PAJAK, PEMAJAKAN.
(Pangentasan 30:16) Anadene dhuwit panebus kang sira pungut saka wong Israel iku kaanggoa mragadi pangibadah ana ing Tarub Pasewakan; pranatan iku dadia pangeling-eling marang wong Israel ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, lan kanggo panebuse nyawanira kabeh.”
w11-IN 1/11 12 ¶1-2
Tahukah Anda?
Bagaimana dinas di bait Yehuwa di Yerusalem dibiayai?
Berbagai dinas di bait dibiayai dengan uang pajak, khususnya sepersepuluhan yang diwajibkan. Tetapi, ada juga pajak lain yang digunakan. Misalnya, pada waktu pembangunan tabernakel, Yehuwa memerintahkan Musa untuk memungut setengah syekel perak dari setiap orang Israel yang terdaftar, sebagai ”sumbangan bagi Yehuwa”.—Keluaran 30:12-16.
Tampaknya, hal ini kemudian menjadi kebiasaan orang Yahudi, yaitu menyumbangkan uang sejumlah tertentu sebagai pajak tahunan bait. Inilah pajak yang Yesus perintahkan agar dibayar oleh Petrus dengan uang logam yang diambil dari mulut ikan.—Matius 17:24-27.
Wulangan Penting
(Pangentasan 29:10) Sapine lanang mau nuli sira ajokna menyang ing ngarepe Tarub Pasewakan, Harun lan anak-anake banjur padha numpangna tangane ing endhase sapi iku,
it-2-IN 975 ¶5
Tangan
Peletakan Tangan. Selain untuk sekadar memegang, tangan diletakkan di atas seseorang atau sesuatu untuk berbagai tujuan. Namun, pada umumnya tindakan tersebut menunjuk kepada pelantikan, yakni menetapkan bahwa seseorang atau suatu barang dengan cara tertentu diakui. Pada waktu upacara peresmian keimaman, Harun dan putra-putranya meletakkan tangan mereka di atas kepala lembu jantan dan kedua ekor domba jantan yang akan dikorbankan, dengan demikian mengakui bahwa binatang-binatang ini dikorbankan bagi mereka agar mereka dapat menjadi imam-imam Allah Yehuwa. (Kel 29:10, 15, 19; Im 8:14, 18, 22) Ketika melantik Yosua sebagai penerusnya atas perintah Allah, Musa meletakkan tangannya ke atas Yosua, yang kemudian menjadi ”penuh dengan roh hikmat” sehingga sanggup memimpin Israel dengan sepatutnya. (Ul 34:9) Tangan diletakkan di atas orang-orang ketika menetapkan mereka sebagai penerima berkat. (Kej 48:14; Mrk 10:16) Yesus Kristus menyentuh, atau meletakkan tangannya ke atas, beberapa orang yang ia sembuhkan. (Mat 8:3; Mrk 6:5; Luk 13:13) Pada beberapa peristiwa, karunia berupa roh kudus dianugerahkan melalui peletakan tangan para rasul.—Kis 8:14-20; 19:6.
(Pangentasan 30:31-33) Karodene wong Israel padha sira kandhanana bab dhawuhingSun mangkene: Iki Suntetepake dadi lenga jebad kang suci kagem Ingsun ana ing antaranira turun-tumurun. 32 Aja nganti diesokake ing awake wong lumrah, lan sira aja gawe lenga kang kaya mangkono iku kalawan nganggo adon-adon padha kaya iku; awitdene iku lenga kang suci, iya sira anggepa suci.33 Sapa kang gawe lenga adon-adone padha kaya iku, lan ngusapake ing awake wong lumrah, iku kasirnakna saka ing antarane bangsane.”
it-2-IN 1118 ¶3
Urap, Pengurapan
Dalam Hukum yang Yehuwa berikan kepada Musa, Ia menetapkan campuran untuk minyak pengurapan. Untuk campuran yang khusus itu digunakan ramuan-ramuan terbaik—mur, kayu manis yang harum, akar jerangau wangi, lawang, dan minyak zaitun. (Kel 30:22-25) Barang siapa membuat campuran tersebut dan menggunakannya untuk tujuan sehari-hari atau yang tidak sah harus dihukum mati. (Kel 30:31-33) Secara kiasan hal itu memperlihatkan betapa penting dan sucinya pelantikan untuk suatu jabatan yang telah diteguhkan oleh pengurapan dengan minyak suci.
Maca Alkitab
(Pangentasan 29:31-46) Wedhus lanang pisungsung tahbisan iku daginge kajupuka sarta diolaha ana ing panggonan kang suci. 32 Harun dalah anak-anake padha mangana daging wedhus iku karo roti kang ana ing cething ana ing ngarep lawang Tarub Pasewakan. 33 Harun lan anak-anake kudu mangan iku kabeh, marga iku dadi sarana panebuse nalika diwisudha lan disucekake, nanging wong liyane aja ana kang melu mangan, marga kabeh iku pisungsung suci. 34 Daginge pisungsung tahbisan lan rotine iku, manawa ana turahane nganti tumeka esuke, iku kaobonga, aja dipangan, marga kabeh iku pisungsung suci. 35 Dadi Harun lan anak-anake iku kudu sira tanduki kaya saprentahingSun marang sira, sajroning pitung dina lawase anggonira nahbisake. 36 Saben dina sira kudu ngolah sapi lanang siji minangka kurban pangruwating dosa kanggo nganakake karukunan sarta misbyah iku kudu sira sucekake kanthi nganakake karukunan kanggo iku; sarta sira jebadana supaya dadi suci. 37 Pitung dina lawase anggonira nganakake karukunan kanggo misbyah iku, misbyah iku kudu sira sucekake, satemah bakal dadi suci pinunjul; sadhengah wong kang nggepok misbyah iku bakal dadi suci.” 38 ”Anadene kang kudu sira kurbanake ing misbyah iku: cempe loro kang umur nyetaun, ajeg saben dina. 39 Cempe kang siji sira saosna ing wayah esuk lan cempe sijine sira saosna ing wayah sore. 40 Cempe sijine kaolaha karo glepung kang becik saprasapuluh efa lan lenga dheplokan saprapat hin, sarta kurban unjukan rupa anggur saprapat hin. 41 Cempe sijine kaolaha ing wayah sore; padha kaya kurban dhaharan lan kurban unjukan ing wayah esuk, iku kaolaha minangka pisungsung kang arum, kurban geni kang kasaosake marang Pangeran Yehuwah, 42 iku kurban obaran kang ajeg ana ing tengahira nganti turun-tumurun, kang kasaosake ing ngareping lawange Tarub Pasewakan ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah. Marga ana ing kono anggoningSun bakal manggihi sira sarta ngandika marang sira. 43 Ana ing kono anggoningSun bakal manggihi wong Israel, temah panggonan iku bakal kasucekake dening kamulyaningSun. 44 Mangkono Ingsun bakal nucekake Tarub Pasewakan lan misbyah iku, sarta Harun lan anak-anake iya bakal Sunsucekake, supaya padha dadia imam lumados marang Ingsun. 45 Karodene Ingsun bakal dedalem ana ing tengahe wong Israel sarta Ingsun bakal jumeneng Allahe. 46 Ing kono banjur bakal padha weruh, yen Ingsun iki Yehuwah Allahe, kang wus ngirid metu saka ing tanah Mesir, supaya Ingsun dedalem ana ing tengahe, iya Ingsun iki Yehuwah, Allahe.”