PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Wulangané Alkitab Ora Ketinggalan Jaman
    Warta Penting (Umum)—2018 | No. 1
    • amargi lampahipun rikat sanget saha kawula sami kabur sirna.”—Jabur 90:10.

      Sophia isa dikuwatké merga éntuk bantuan saka Alkitab wektu ngadhepi masalahé. Ing telung artikel sakbanjuré, ana wong-wong liyané sing uga wis ngrasakké bantuané Alkitab wektu ngadhepi masalahé. Wong-wong kuwi ngrasa nèk Alkitab kaya patung sing isih apik mau lan ora kaya buku-buku kuna liyané sing wis ketinggalan jaman. Apa kuwi merga Alkitab digawé saka bahan sing béda banget karo buku-buku liyané? Apa Alkitab pancèn saka Gusti Allah lan ora mung tulisané manungsa?—1 Tésalonika 2:13.

      Panjenengan isa waé uga ngrasa nèk urip kuwi mung sadhéla lan kebak masalah. Wektu masalah nggawé panjenengan kewalahan, ing endi panjenengan isa éntuk panglipuran, dhukungan, lan saran sing isa dipercaya?

      Ayo dirembug telung bab sing mbuktèkké nèk Alkitab isa mbantu panjenengan ing bab

      1. ngedohi masalah.

      2. ngrampungi masalah.

      3. ngadhepi masalah.

      Artikel-artikel sakbanjuré bakal ngrembug telung bab kuwi.

  • Ketinggalan Jaman Apa Ora?
    Warta Penting (Umum)—2018 | No. 1
    • KESÉHATAN

      SENAJAN ALKITAB DUDU BUKU MÉDIS, ISINÉ ANA PATHOKAN-PATHOKAN BAB KESÉHATAN SING LUWIH MAJU.

      Misahké wong sing lara.

      Nurut Hukum Musa wong sing lara kusta kudu dipisahké saka wong sing séhat. Sakwisé ana wabah ing abad pertengahan, para dokter sing ngetrapké pathokan kuwi lagi ngerti nèk kuwi pancèn bener.—Kaimaman, bab 13 lan 14.

      Wisuh sakwisé ndemok mayit.

      Nganti akir abad 19, para dokter nangani pasièn sing isih urip tanpa wisuh dhisik sakwisé ndemok mayit. Akibaté akèh pasièn sing mati. Ning, Hukum Musa wis nulis nèk sapa waé sing ndemok mayit dadi najis lan wong kuwi kudu wisuh nganggo banyu bèn ora najis. Pathokan iki pancèn migunani kanggo keséhatan.—Wilangan 19:11, 19.

      Mbuwang kotoran.

      Saben taun luwih saka setengah milyar bocah-bocah kena diaré, biasané merga wong-wong ora mbuwang kotoran kanthi cara sing bener. Nurut Hukum Musa, kotorané manungsa kudu dipendhem adoh saka perkémahan.—Pangandharing Torèt 23:13.

      Wektu sing pas kanggo sunat.

      Hukum Musa mréntahké cah lanang disunat wektu umuré wolung dina. (Kaimaman 12:3) Ing jaman Alkitab, wektu tèknologi bab mèdis durung maju, nyunat bayi wektu umuré luwih saka seminggu kuwi bab sing wicaksana merga pembekuan darah bayi sing normal butuh wektu luwih saka seminggu.

      Hubungané perasaan karo keséhatan jasmani.

      Para peneliti keséhatan lan ilmuwan kandha nèk nduwé perasaan sing positif kaya rasa seneng, rasa sokur, nduwé pengarep-arep, lan seneng ngapura nggawé keséhatan jasmani luwih apik. Kuwi cocog karo kandhané Alkitab, ”Ati kang bingar iku minangka obat kang manjur, nanging ilanging semangat iku ngroposaké balung.”—Wulang Bebasan 17:22.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim