KOTHAK INFORMASI 2B
Yèhèzkièl—Peristiwa sing Dialami lan sing Kelakon ing Jamané
Jeneng Yèhèzkièl artiné ”Gusti Allah Nguwatké”. Isi ramalané Yèhèzkièl akèh-akèhé soal berita penghukuman. Tapi, sakjané berita utama sing disampèkké Yèhèzkièl kuwi sesuai karo arti jenengé lan isa nguwatké imané wong-wong sing péngin nindakké ibadah sing murni.
NABI-NABI ING JAMANÉ YÈHÈZKIÈL
YÉRÉMIA
Keturunané imam, suwé nglayani ing Yérusalèm (647-580 SM)
HULDA
Nglayani kira-kira taun 642 SM, pas buku Hukum Musa ditemokké ing bait
DANIÈL
Keturunané suku Yéhuda, sukuné raja-raja. Digawa ing Babilon taun 617 SM
HABAKUK
Kayané nglayani ing Yéhuda pas Yéhoyakim mulai mréntah dadi raja
OBAJA
Ngramalké nèk Édom bakal dihukum. Ramalan kuwi kétoké disampèkké pas Yérusalèm dihancurké
KAPAN WONG-WONG KUWI NYAMPÈKKÉ RAMALAN? (KABÈH TAUN SM)
PERISTIWA PENTING SING DIALAMI YÈHÈZKIÈL (KABÈH TAUN SM)
±643: Lair
617: Ditawan ing Babilon
613: Mulai nyampèkké ramalan lan éntuk wahyu saka Yéhuwah
612: Éntuk wahyu soal wong Israèl sing nyembah déwa ing bait
611: Mulai nyampèkké berita penghukuman kanggo Yérusalèm
609: Bojoné mati, lan terakhir kali Yérusalèm dikepung
607: Éntuk kabar nèk Yérusalèm wis dihancurké
593: Éntuk wahyu soal bait
591: Ngramalké Nébukhadnézar nyerang Mesir. Yèhèzkièl rampung nulis bukuné
RAJA-RAJA YÉHUDA LAN BABILON
659-629: Yosia ngupaya bèn rakyaté nindakké ibadah sing murni, ning dhèwèké mati pas perang nglawan Firaun Nékho
628: Yéhoahaz, raja sing jahat, mréntah telung sasi lan ditangkep karo Firaun Nékho
628-618: Yéhoyakim kuwi raja sing jahat. Dhèwèké dadi abdiné Firaun Nékho
625: Nébukhadnézar ngalahké pasukan Mesir
620: Nébukhadnézar nyerang Yéhuda. Kuwi serangan sing pertama. Yéhoyakim dadi abdiné Nébukhadnézar ing Yérusalèm
618: Yéhoyakim mbrontak nglawan Nébukhadnézar lan kayané mati pas pasukan Babilon nyerang Tanah Perjanjian. Kuwi serangan sing keloro
617: Yéhoyakhin, sing disebut Yékonia, kuwi raja sing jahat. Dhèwèké mréntah telung sasi lan nyerah marang Nébukhadnézar
617-607: Zédékia dadi abdiné Nébukhadnézar. Zédékia kuwi raja sing jahat lan wedinan
609: Zédékia mbrontak nglawan Nébukhadnézar, terus Nébukhadnézar nyerang Yéhuda. Kuwi serangan sing ketelu
607: Nébukhadnézar nyerang Yérusalèm. Terus, dhèwèké nangkep Zédékia, nggawé Zédékia wuta, lan nggawa Zédékia ing Babilon