PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mwb21 Januari hlm. 7
  • Bukti Katresnan ing Kebaktian

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Bukti Katresnan ing Kebaktian
  • Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2021
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Yéhuwah Ngerti sing Awaké Dhéwé Butuhké
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2019
Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2021
mwb21 Januari hlm. 7

URIPÉ WONG KRISTEN

Bukti Katresnan ing Kebaktian

Para sedulur sing budayané béda foto bareng ing kebaktian internasional.

Apa sebabé mèlu kebaktian kuwi nyenengké banget? Kaya wong Israèl jaman mbiyèn, pas kebaktian awaké dhéwé isa ngibadah bareng para sedulur sing jumlahé atusan, utawa malah nganti éwonan. Ing kebaktian, akèh sing isa dipelajari kanggo nguwatké iman. Awaké dhéwé mesthi ya seneng merga isa kumpul karo kanca-kanca lan keluarga. Merga kebaktian kuwi penting lan nyenengké, awaké dhéwé mesthi dadi péngin mèlu kabèh acarané.

Pas kebaktian awaké dhéwé ya kudu nresnani lan nggatèkké wong liya. (Gal 6:10; Ibr 10:24, 25) Misalé, awaké dhéwé isa mbukakké lawang kanggo wong liya, utawa nèk nggolèkké kursi ya sakperluné waé. Kuwi bukti nèk awaké dhéwé ora mung mikirké kepentingané dhéwé. (Flp 2:3, 4) Kebaktian ya isa dadi kesempatan nambah kanca. Misalé sakdurungé acarané mulai, sakwisé acarané rampung, utawa pas istirahat, awaké dhéwé isa kenalan karo wong akèh. (2Kor 6:13) Wong-wong kuwi isa dadi kancané awaké dhéwé nganti saklawasé. Wektu ndelok awaké dhéwé karo para sedulur padha-padha nresnani, wong liya isa waé dadi péngin mèlu nglayani Yéhuwah.​—Yoh 13:35.

DELOKEN VIDEO KEBAKTIAN INTERNASIONAL ”KATRESNAN BAKAL ANA SAKTERUSÉ”, TERUS JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:

  • Adegan saka vidéo ’Kebaktian Internasional ’Katresnan Bakal Ana Sakterusé’’. Para sedulur saka luar negri disambut lan dipeluk karo sedulur-sedulur pas kebaktian internasional.

    Piyé perasaané para sedulur saka luar negri pas disambut ing kebaktian internasional 2019?

  •  Adegan saka vidéo ’Kebaktian Internasional ’Katresnan Bakal Ana Sakterusé’’. Para sedulur saka negara sing béda-béda foto bareng.

    Apa buktiné nèk umaté Yéhuwah padha-padha nresnani lan bersatu?

  • Adegan saka vidéo ’Kebaktian Internasional ’Katresnan Bakal Ana Sakterusé’’. Sedulur-sedulur saka Korea nyekel kertas sing tulisané ’Welcome’ karo dadah-dadah.

    Pas ceramah, apa waé sing disampèkké Pengurus Pusat soal katresnan?

  • Adegan saka vidéo ’Kebaktian Internasional ’Katresnan Bakal Ana Sakterusé’’. Cah wédok sing ngguya-ngguyu wektu éntuk Alkitab ’Terjemahan Donya Anyar’.

    Piyé carané mbuktèkké katresnan pas kebaktian?

    Apa buktiné para sedulur ing Jerman lan Korea Selatan padha-padha nresnani?

  • Apa sing kuduné dadi tékadé awaké dhéwé?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim