PELAJARAN 18
Ana Manfaaté
1 Korintus 9:19-23
RINGKESAN: Mbantu sing ngrungokké bèn isa mikirké topiké lan ngerti manfaaté.
CARANÉ:
Mikirké apa sing wis dipahami wong sing ngrungokké. Aja mung mbalèni penjelasan sing wis dipahami wong sing ngrungokké. Awaké dhéwé isa nyampèkké topiké luwih cetha manèh.
Persiapan. Awaké dhéwé isa ngekèki katrangan sing mungkin durung dingertèni wong akèh utawa berita sing paling anyar. Ning, kuwi kudu ana hubungané karo topik sing dirembug.
Duduhna manfaaté topik kuwi. Terangna manfaaté ngetrapké ayat sing dirembug. Rembugen ing keadaan apa waé kuwi isa ditrapké wong sing ngrungokké.