PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • th pelajaran 20 hlm. 23
  • Bagéan Penutup sing Cocog

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Bagéan Penutup sing Cocog
  • Carané Bèn Trampil Maca lan Mulang
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Nerangké Ayat Alkitab
    Carané Bèn Trampil Maca lan Mulang
  • Mbantu Bèn Gelem Ngetrapké
    Carané Bèn Trampil Maca lan Mulang
  • Nduduhké Carané Ngetrapké
    Carané Bèn Trampil Maca lan Mulang
  • Gagasan Utama Diterangké
    Carané Bèn Trampil Maca lan Mulang
Delok Kabèh
Carané Bèn Trampil Maca lan Mulang
th pelajaran 20 hlm. 23

PELAJARAN 20

Bagéan Penutup sing Cocog

Ayat Alkitab

Kohèlèt 12:13, 14

RINGKESAN: Ing bagéan penutup, awaké dhéwé isa nyemangati wong sing ngrungokké bèn gelem ngetrapké topik sing wis dirembug.

CARANÉ:

  • Kudu cocog karo topiké. Ing bagéan penutup, awaké dhéwé isa mbalèni manèh topik lan gagasan utama sing wis dirembug.

  • Nyemangati sing ngrungokké. Terangna apa waé sing kudu ditrapké lan alesané. Awaké dhéwé kudu yakin wektu nerangké.

  • Nggunakké kalimat sing singkat lan sederhana. Senajan isih ana hubungané karo topiké, aja ngrembug gagasan sing anyar manèh. Gunakna kalimat singkat sing isa nyemangati wong liya bèn gelem ngetrapké.

    Saran sing isa ditrapké

    Aja kesusu lan swarané awaké dhéwé kudu tetep jelas. Saka kata-kata lan nada swarané awaké dhéwé, sing ngrungokké kudu ngerti nèk rembugané wis arep rampung.

WEKTU NGINJIL

Wektu rembugané arep rampung, sebutna manèh gagasan utamané bèn sing ngrungokké isa éling. Nèk ora isa nglanjutké omongan utawa wong sing dijak omongan sikapé kasar, gunakna penutup sing cocog bèn wong kuwi nduwé kesan sing apik lan mungkin gelem ngrungokké ing kesempatan liya.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim