PELAJARAN 8
Perumpamaan sing Cocog
Matius 13:34, 35
RINGKESAN: Gunakna perumpamaan sing sederhana lan cocog karo topik sing dirembug.
CARANÉ:
Nggunakké perumpamaan sing sederhana. Kaya Yésus, gunakna perumpamaan sing sederhana kanggo njelaské topik sing angèl dingertèni. Aja nambahi katrangan sing ora perlu. Perumpamaané kudu cocog karo topik sing dirembug.
Milih perumpamaan sing cocog. Gunakna perumpamaan sing cocog karo hobi lan kegiatan saben dinané wong sing ngrungokké. Aja nggunakké perumpamaan sing isa nyinggung perasaané wong liya.
Ngrembug sing penting waé. Rembugen bagéan sing penting waé saka perumpamaan kuwi. Aja nganti sing ngrungokké mung éling karo perumpamaané, ning ora ngerti manfaaté kanggo dhèwèké.