URIPÉ WONG KRISTEN
Wong Mati Bakal Diuripké Manèh
Awaké dhéwé isa terus semangat merga ana harapan wong mati bakal diuripké manèh. Tapi, merga saiki isih ana dosa lan kematian, manungsa isih tetep ngrasakké sedhih. Ing Alkitab, dosa lan kematian dipadhakké kaya ”kain sing nutupi suku-suku bangsa lan kudhung sing nutupi bangsa-bangsa”. (Yés 25:7, 8) Kuwi sing marakké ”kabèh ciptaan padha sambat lan ngrasakké lara”. (Rm 8:22) Terus, piyé bèn ora terus-terusan sedhih pas ditinggal mati? Ing Alkitab, ana akèh saran sing apik.
DELOKEN VIDÉO DITINGGAL MATI WONG SING DISAYANGI, TERUS JAWABEN PERTANYAAN IKI:
Apa sing dialami Danielle karo Masahiro lan Yoshimi? Piyé perasaané para sedulur kuwi?
Apa manfaat sing dirasakké para sedulur kuwi bar ngetrapké limang saran mau?
Sapa sing isa ngekèki penghiburan pas awaké dhéwé lagi sedhih?—2Kor 1:3, 4