PELAJARAN 28
Carané Bersyukur karo Yéhuwah lan Yésus
Nèk dikèki hadiah, njenengan mesthi seneng banget. Njenengan ya mesthi péngin maturnuwun karo sing mènèhi. Awaké dhéwé wis dikèki tebusan karo Yéhuwah lan Yésus. Apa buktiné nèk awaké dhéwé bersyukur karo berkah sing berharga banget kuwi?
1. Piyé carané awaké dhéwé bersyukur karo Yéhuwah lan Yésus?
Menurut Alkitab, ’Saben wong sing nduduhké iman marang Yésus ora mati, ning isa urip saklawasé.’ (Yohanes 3:16) Apa maksudé? Nduwé iman kuwi ora mung ngomong nèk percaya karo Yésus tapi ya kétok saka perbuatané. (Yakobus 2:17) Hasilé, awaké dhéwé isa cedhak karo Yéhuwah lan Yésus.—Wacanen Yohanes 14:21.
2. Nèk bersyukur karo Yéhuwah lan Yésus, awaké dhéwé kudu teka ing acara apa?
Ana cara liyané kanggo mbuktèkké nèk awaké dhéwé bersyukur karo Yéhuwah lan Yésus. Sakdurungé mati, Yésus ngongkon murid-muridé nggawé acara kanggo ngéling-éling matiné Yésus, sing disebut ”Perjamuan Dalu Gusti”. (1 Korintus 11:20) Yésus péngin bèn para rasulé lan kabèh muridé ngéling-éling nèk dhèwèké wis mati kanggo nebus manungsa. Yésus ngongkon, ”Terus tindakna iki kanggo ngéling-éling aku.” (Lukas 22:19) Nèk teka ing acara kuwi, berarti awaké dhéwé bersyukur karo Yéhuwah lan Yésus sing wis sayang karo awaké dhéwé.
SINAU LUWIH AKÈH
Ayo ngrembug apa manèh buktiné nèk awaké dhéwé bersyukur banget karo Yéhuwah lan Yésus. Terus, ya ana keterangan ngapa kok kudu ngéling-éling matiné Yésus.
3. Buktiné nèk awaké dhéwé bersyukur
Nèk misalé awaké dhéwé kleleb, terus ana sing nulungi, awaké dhéwé mesthi maturnuwun lan péngin banget mbales wong kuwi.
Awaké dhéwé isa urip saklawasé merga Yéhuwah. Wacanen 1 Yohanes 4:8-10, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Ngapa kok tebusané Yésus kuwi berkah sing berharga banget?
Piyé perasaané njenengan bar ngerti nèk Yéhuwah lan Yésus sayang karo njenengan?
Apa buktiné nèk awaké dhéwé bersyukur karo Yéhuwah lan Yésus? Wacanen 2 Korintus 5:15 lan 1 Yohanes 4:11; 5:3, terus rembugen pertanyaan iki:
Apa waé buktiné nèk awaké dhéwé bersyukur?
4. Niru Yésus
Cara liyané kanggo mbuktèkké nèk bersyukur karo Yéhuwah lan Yésus kuwi nèk awaké dhéwé niru Yésus. Wacanen 1 Pétrus 2:21, terus rembugen pertanyaan iki:
Piyé carané njenengan niru Yésus?
Yésus seneng maca Kitab Suci, martakké kabar apik, lan mbantu wong liya
5. Teka ing acara kanggo ngéling-éling matiné Yésus
Kaya apa acara Perjamuan Dalu Gusti sing pertama kali? Wacanen Lukas 22:14, 19, 20, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Acara Perjamuan Dalu Gusti kuwi kaya apa?
Roti karo anggur kuwi lambang apa?—Deloken ayat 19 lan 20.
Yésus ngongkon murid-muridé teka ing acara Perjamuan Dalu Gusti setaun pisan pas tanggal matiné. Mulané, setaun pisan Seksi-Seksi Yéhuwah ngumpul kanggo ngéling-éling matiné Yésus. Ngapa kok kudu teka ing acara kuwi? Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan iki:
Acarané kaya apa?
Roti nglambangké badané Yésus sing sampurna pas mati dadi tebusan. Anggur nglambangké getihé Yésus
NÈK ANA SING NGOMONG: ”Sing penting kuwi kudu percaya karo Yésus.”
Piyé carané njelaské nganggo ayat ing Yohanes 3:16 karo Yakobus 2:17?
KESIMPULAN
Nduwé iman karo Yésus lan teka ing acara kanggo ngéling-éling matiné Yésus kuwi bukti nèk awaké dhéwé bersyukur karo Yéhuwah lan Yésus.
Jawaben
Apa maksudé nduwé iman karo Yésus?
Piyé carané awaké dhéwé bersyukur karo Yéhuwah lan Yésus?
Ngapa kok kudu teka ing acara kanggo ngéling-éling matiné Yésus?
BAHAN TAMBAHAN
Piyé carané niru Yésus sing wis setya nganti mati?
Iman kuwi apa? Nduwé iman kuwi maksudé apa?
”Nduduhké Iman marang Janji-janjiné Yéhuwah” (Warta Penting Oktober 2016)
Ana wong wédok sing akhiré ngrasa nèk Yéhuwah sayang banget karo dhèwèké. Wacanen pengalamané ing crita sing judhulé ”Saiki Aku Ngrasa Uripku Berharga”.
Sapa sing éntuk mangan roti lan ngombé anggur ing acara kanggo ngéling-éling matiné Yésus?