PELAJARAN 11
Semangat
Roma 12:11
RINGKESAN: Kudu semangat wektu ngomong bèn sing ngrungokké dadi péngin ngetrapké sing dirembug.
CARANÉ:
Mikirké tenanan bahané. Wektu persiapan, pikirna tujuané topik kuwi dirembug. Nèk ngerti tenan bahané, awaké dhéwé isa njelaské nganggo kata-katané dhéwé.
Mikirké manfaaté topik kuwi lan carané nyampèkké. Pikirna manfaaté topik sing arep dirembug kanggo sing ngrungokké. Awaké dhéwé ya kudu mikirké carané nyampèkké katrangan kuwi bèn gampang dingertèni lan ditrapké.
Kudu semangat lan wajar wektu ngomong. Kudu semangat wektu ngomong. Perasaané awaké dhéwé isa kétok saka gerakan sing wajar lan wajahé awaké dhéwé.