-
Diadili Sanhèdrin, Banjur Digawa marang PilatusYésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
BAB 127
Diadili Sanhèdrin, Banjur Digawa marang Pilatus
MATIUS 27:1-11 MARKUS 15:1 LUKAS 22:66–23:3 YOHANES 18:28-35
DIADILI ING NGAREPÉ SANHÈDRIN PAS ISIH ÉSUK BANGET
YUDAS ISKARIOT NGGANTUNG DHIRI
YÉSUS DIGAWA MARANG PILATUS BÈN DIHUKUM MATI
Wektu kuwi wis mèh ésuk pas Pétrus ora ngakoni Yésus kanggo kaping teluné. Para anggota Sanhèdrin wis rampung ngadili banjur padha bubar. Nanging, ing dina Jumat wektu isih ésuk banget, wong-wong kuwi ngumpul manèh, kayané kanggo nggawé pengadilan mau wengi sing sakjané ora sah dadi kétok sah. Yésus banjur digawa ing ngarepé Sanhèdrin.
Wong-wong kuwi kandha manèh, ”Nèk kowé pancèn Kristus, kandhanana aku.” Yésus njawab, ”Senajan aku ngandhani kowé, kowé babar blas ora bakal percaya. Apa manèh nèk aku takon, kowé uga ora bakal njawab.” Nanging kanthi kendel, Yésus nduduhké nèk dhèwèké kuwi pribadi sing diramalké ing Dhanièl 7:13. Yésus kandha, ”Mulai saiki, Putrané manungsa bakal lungguh ing sisih tengené Gusti Allah sing kuwasa.”—Lukas 22:67-69; Matius 26:63.
Wong-wong kuwi takon, ”Nèk ngono, apa kowé Putrané Gusti Allah?” Yésus njawab, ”Kowé dhéwé sing ngomong.” Kayané jawaban iki digunakké kanggo bukti nèk Yésus ngrèmèhké Gusti Allah, lan pantes dipatèni. Wong-wong kuwi kandha, ”Kanggo apa awaké dhéwé nggolèk seksi-seksi manèh?” (Lukas 22:70, 71; Markus 14:64) Yésus banjur dibanda lan digawa marang Gubernur Romawi Pontius Pilatus.
Yudas Iskariot kayané weruh wektu Yésus digawa marang Pilatus. Wektu Yudas ngerti nèk Yésus wis divonis mati, Yudas gela banget lan sedhih. Nanging, ketimbang mertobat, Yudas malah lunga mbalèkké 30 dhuwit pérak. Yudas kandha marang imam kepala, ”Aku wis dosa merga wis ngianati wong sing ora salah.” Wong-wong kuwi ora perduli, lan kandha, ”Apa urusané karo aku? Kuwi urusanmu!”—Matius 27:4.
Yudas banjur nguncalké 30 dhuwit pérak kuwi ing njero bait, lan nambahi dosané nganggo cara bunuh dhiri. Pas Yudas nyoba nggantung dhiri, kayané pang wit sing dinggo nalèkké taliné ceklèk. Badané tiba ing ndhuwur watu, lan wetengé bedhah.—Kisah 1:17, 18.
Wektu kuwi isih ésuk pas Yésus digawa ing panggonané Pontius Pilatus. Nanging wong Yahudi sing nggawa Yésus ora gelem mlebu, merga wedi dadi najis nèk urusan karo wong saka bangsa liya lan akiré ora éntuk mèlu maem jamuan tanggal 15 Nisan, yaiku dina kapisan Riyaya Roti Tanpa Ragi, sing uga dianggep bagéan saka Paskah.
Banjur Pilatus metu lan takon, ”Apa tudhuhanmu marang wong iki?” Wong-wong kuwi njawab, ”Nèk wong iki ora salah, aku ora bakal nyerahké wong iki marang panjenengan.” Mungkin merga ngerti nèk arep dipeksa kanggo ngukum mati Yésus, Pilatus kandha, ”Ya wis, gawanen wong iki lan adilana miturut hukummu dhéwé.” Wong-wong kuwi pancèn péngin Yésus mati mula digawa marang Pilatus. Nanging, wong-wong kuwi kandha, ”Aku kabèh ora éntuk matèni wong.”—Yohanes 18:29-31.
Nèk wong-wong kuwi matèni Yésus pas Riyaya Paskah, kayané bakal nyebabké gègèran. Nanging nèk wong-wong kuwi isa nggawé wong Romawi matèni Yésus nganggo tudhuhan nglawan pamréntah, wong Yahudi ora perlu tanggung jawab. Merga wong Romawi nduwé wewenang nindakké kuwi.
Para pemimpin agama kuwi ora ngandhani Pilatus nèk wis nudhuh Yésus ngrèmèhké Gusti Allah. Saiki, wong-wong kuwi mènèhi tudhuhan palsu liyané, ”Aku kabèh ngonangi nèk wong iki [1] wis nyasarké bangsa iki, [2] nglarang wong-wong mbayar pajeg marang Kaisar, lan [3] ngaku-ngaku nèk dhèwèké kuwi Kristus, Sang Raja.”—Lukas 23:2.
Merga dadi wakilé pamréntah Romawi, Pilatus kuwatir karo tudhuhan sing kandha nèk Yésus ngaku-ngaku raja. Mula Pilatus mlebu ing istanané, nyeluk Yésus, lan takon, ”Apa kowé Rajané Wong Yahudi?” Utawa, maksudé Pilatus, ’Apa kowé nglanggar hukum lan nglawan Kaisar kanthi cara ngaku-ngaku dadi raja?’ Yésus mungkin péngin ngerti sepira akèhé Pilatus ngerti bab Yésus, mula Yésus takon, ”Kowé takon kaya ngono kuwi merga karepmu dhéwé utawa ana wong liya sing ngandhani kowé bab aku?”—Yohanes 18:33, 34.
Pilatus ora ngerti apa-apa bab Yésus, nanging dhèwèké péngin ngerti, mula Pilatus takon, ”Kowé kan ngerti nèk aku dudu wong Yahudi. Bangsamu dhéwé lan para imam kepala sing masrahké kowé marang aku. Apa sing wis kok tindakké?”—Yohanes 18:35.
Yésus tetep fokus karo inti pitakonané Pilatus, yaiku bab kedudukané dadi raja. Jawabané Yésus bener-bener nggawé Gubernur Pilatus nggumun.
-
-
Pilatus lan Hérodès Ora Nemokké Kesalahané YésusYésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
BAB 128
Pilatus lan Hérodès Ora Nemokké Kesalahané Yésus
MATIUS 27:12-14, 18, 19 MARKUS 15:2-5 LUKAS 23:4-16 YOHANES 18:36-38
YÉSUS DIADILI ING NGAREPÉ PILATUS LAN HÉRODÈS
Yésus ngakoni marang Pilatus nèk dhèwèké kuwi bener-bener raja. Nanging, Kratoné ora bakal dadi ancaman kanggo pamréntah Romawi. Yésus kandha, ”Kratonku dudu bagéan saka donya iki. Nèk Kratonku bagéan saka donya iki, para abdiku mesthi bakal nglawan supaya aku ora diserahké marang wong-wong Yahudi. Nanging, Kratonku dudu saka donya iki.” (Yohanes 18:36) Yésus pancèn nduwé Kraton, nanging ora ing donya iki.
Pilatus takon manèh, ”Nèk ngono, apa kowé kuwi raja?” Yésus nduduhké nèk jawabané Pilatus kuwi bener, kanthi kandha, ”Kowé dhéwé sing ngomong nèk aku iki raja. Aku kudu mènèhi kesaksian bab apa sing bener, merga kanggo kuwi aku lair, lan kanggo kuwi aku teka ing donya. Sapa waé sing manut karo apa sing bener ngrungokké swaraku.”—Yohanes 18:37.
Sakdurungé, Yésus ngandhani Tomas: ”Aku iki dalan, lan sing bener, lan sing marahi urip.” Saiki, Yésus ngandhani Pilatus nèk tujuané diutus menyang bumi kuwi kanggo mènèhi kesaksian bab ”sing bener”, utamané sing bener bab Kratoné Allah. Yésus nduwé tékad kanggo setya marang apa sing bener senajan kudu ngurbanké nyawané. Pilatus takon, ”Sing bener kuwi apa?” Nanging Pilatus ora nunggu jawabané Yésus. Pilatus rumangsa wis isa nggawé kesimpulan kanggo ngadili Yésus.—Yohanes 14:6; 18:38.
Pilatus banjur nemoni para imam kepala lan wong akèh sing nunggu ing njaba istana lan Yésus kayané ana ing sisihé Pilatus. Pilatus nyimpulké kanthi kandha, ”Aku babar blas ora nemokké kesalahané wong iki.” Merga nesu karo keputusan kuwi, wong-wong kuwi padha ngotot, ”Dhèwèké wis ngojok-ojoki wong-wong nganggo cara mulang ing kabèh wilayah Yudéa, diwiwiti saka Galiléa nganti tekan kéné.”—Lukas 23:4, 5.
Pilatus nggumun karo tanggepané wong Yahudi sing fanatik banget iki. Wektu isih padha mbengok, Pilatus takon marang Yésus, ”Apa kowé ora krungu tudhuhan-tudhuhané wong-wong kuwi marang kowé?” (Matius 27:13) Nanging, Yésus ora njawab. Pilatus nggumun merga Yésus tetep tenang ngadhepi tudhuhan-tudhuhan kuwi.
Merga wong Yahudi kandha nèk Yésus mauné mulang ing Galiléa, Pilatus dadi ngerti nèk Yésus kuwi wong Galiléa. Mula saiki, Pilatus ngerti carané isa bébas saka tanggung jawabé kanggo ngadili Yésus. Pilatus ngirim Yésus marang Hérodès Antipas (anaké Hérodès Agung) sing wektu kuwi dadi panguwasa Galiléa. Saksuwéné Paskah iki, Hérodès Antipas ana ing Yérusalèm. Dhèwèké kuwi wong sing mréntahké nugel guluné Yohanes Pembaptis. Wektu krungu nèk Yésus nindakké akèh mukjijat, Hérodès kuwatir nèk Yésus mungkin Yohanes sing diuripké manèh.—Lukas 9:7-9.
Wektu ndelok Yésus, Hérodès seneng banget, nanging dudu merga péngin mbantu Yésus utawa péngin ngerti apa tudhuhané wong-wong kuwi bener. Dhèwèké mung penasaran lan mung ”ngarep-arep isa ndelok mukjijat saka Yésus”. (Lukas 23:8) Yésus ora gelem nuruti rasa penasarané Hérodès. Malah pas ditakoni Hérodès, Yésus babar blas ora njawab. Merga gela, Hérodès lan prajurité ”tumindak ngrèmèhké Yésus”. (Lukas 23:11) Wong-wong kuwi nganggokké klambi sing apik marang Yésus kanggo ngécé Yésus. Hérodès ngirim Yésus bali marang Pilatus. Hérodès lan Pilatus wis suwé mungsuhan, nanging wiwit dina kuwi dadi kekancan.
Wektu Yésus bali, Pilatus nyeluk para imam kepala, para pemimpin Yahudi, lan akèh wong, banjur kandha, ”Aku wis mriksa dhèwèké ing ngarepmu kabèh, nanging aku ora nemokké dhasar kanggo tudhuhan sing kok omongké marang wong iki. Sakjané, Hérodès uga ora nemokké kesalahané wong iki, merga dhèwèké ngirim wong iki bali marang aku. Wong iki ora nindakké apa-apa sing nggawé dhèwèké pantes dihukum mati. Mula, aku bakal mecuti dhèwèké lan mbébaské dhèwèké.”—Lukas 23:14-16.
Pilatus péngin banget mbébaské Yésus, sebab ngerti nèk para pemimpin agama masrahké Yésus merga iri. Pilatus ya ngupaya mbébaské Yésus merga alesan liya. Wektu Pilatus lagi lungguh ing kursi pengadilan, bojoné ngirim pesen: ”Ora usah mèlu-mèlu urusan karo wong bener kuwi, merga dina iki aku mimpi bab dhèwèké lan mimpi kuwi marakké aku kewedèn.”—Matius 27:19.
Apa pancèn Pilatus isa mbébaské wong sing ora salah iki?
-
-
Pilatus Kandha, ”Deloken Wong Iki!”Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
BAB 129
Pilatus Kandha, ”Deloken Wong Iki!”
MATIUS 27:15-17, 20-30 MARKUS 15:6-19 LUKAS 23:18-25 YOHANES 18:39–19:5
PILATUS NGUPAYA MBÉBASKÉ YÉSUS
WONG YAHUDI MILIH BARABAS KANGGO DIBÉBASKÉ
YÉSUS DIÉCÉ LAN DISIKSA
Pilatus ngandhani wong akèh sing péngin Yésus dihukum mati, ”Aku ora nemokké dhasar kanggo tudhuhan sing kok omongké marang wong iki. Sakjané, Hérodès uga ora nemokké kesalahané wong iki.” (Lukas 23:14, 15) Saiki, Pilatus nggunakké cara liya bèn isa mbébaské Yésus, kandhané, ”Miturut kebiasaanmu, aku kudu mbébaské siji tahanan saben Riyaya Paskah. Dadi apa kowé péngin aku mbébaské Rajané Wong Yahudi iki?”—Yohanes 18:39.
Pilatus ngerti nèk ana tahanan siji sing jenengé Barabas, sing terkenal dadi rampok, tukang mbrontak, lan tukang matèni. Mula Pilatus takon, ”Kowé péngin aku mbébaské sapa, Barabas utawa Yésus sing disebut Kristus?” Merga diojok-ojoki para imam kepala, wong-wong kuwi njaluk supaya Barabas sing dibébaské, dudu Yésus. Pilatus takon manèh, ”Ing antarané wong loro iki, kowé péngin aku mbébaské sing endi?” Wong-wong kuwi njawab, ”Barabas.”—Matius 27:17, 21.
Karo gela, Pilatus takon, ”Nèk ngono, Yésus sing disebut Kristus kudu tak apakké?” Kabèh wong kuwi njawab, ”Patènana wong kuwi ing cagak!” (Matius 27:22) Tanpa nduwé isin, wong-wong kuwi péngin matèni wong sing ora salah. Pilatus kandha, ”Apa sebabé? Kejahatan apa sing wis dhèwèké tindakké? Aku ora nemokké apa-apa sing nggawé dhèwèké pantes dihukum mati. Mula aku bakal mecuti lan mbébaské dhèwèké.”—Lukas 23:22.
Senajan Pilatus bola-bali nyoba mbébaské Yésus, nanging wong akèh isih padha mbengok, ”Patènana wong kuwi ing cagak!” (Matius 27:23) Para pemimpin agama bener-bener wis ngojok-ojoki wong akèh nganti padha gelem matèni wong sing ora salah lan mbébaské tukang matèni. Padahal limang dina sakdurungé, wong-wong kuwi nyambut Yésus dadi Raja wektu mlebu menyang Yérusalèm. Para muridé Yésus mungkin ana ing antarané wong akèh mau, nanging padha meneng waé lan ngupaya bèn ora konangan.
Sakwisé ngerti nèk upayané ora ana gunané, lan malah nggawé wong-wong kuwi saya gègèr, Pilatus njupuk banyu lan ngwijiki tangané ing ngarepé wong-wong kuwi, banjur kandha, ”Aku ora tanggung jawab marang getihé wong iki. Kowé kabèh sing kudu tanggung jawab.” Wong-wong kuwi ora gela, nanging malah kandha, ”Aku lan anak-anakku sing tanggung jawab marang getihé wong kuwi.”—Matius 27:24, 25.
Pilatus sakjané ngerti apa sing kudu ditindakké, nanging dhèwèké milih nuruti pepénginané wong akèh. Mula, Pilatus mbébaské Barabas, banjur ngongkon prajurité nyopot klambiné Yésus lan mecuti dhèwèké.
Sakwisé nyiksa, para prajurit nggawa Yésus menyang istanané gubernur. Kabèh prajurit nglumpuk ing sakiwa-tengené Yésus lan terus ngécé Yésus. Para prajurit banjur nggawé mahkota saka tanduran eri lan nganggokké kuwi ing sirahé Yésus, uga ndèlèhké sak lonjor kayu ing tangané tengen lan nganggokké jubah marang dhèwèké, kaya klambiné bangsawan. Karo ngécé, wong-wong kuwi kandha, ”Salam, hé Rajané Wong Yahudi!” (Matius 27:28, 29) Ora mung kuwi, wong-wong kuwi uga ngidoni Yésus lan terus ngamplengi rainé Yésus. Wong-wong kuwi njupuk kayu saka tangané Yésus lan mulai menthungi sirahé Yésus, mula eri ing mahkota mau nancep saya jero ing kulit sirahé Yésus.
Sikapé Yésus sing tetep tenang lan kendel senajan ngadhepi kuwi kabèh nggawé Pilatus nggumun, mula dhèwèké ngupaya manèh supaya isa bébas saka tanggung jawabé. Pilatus kandha, ”Deloken! Aku nggawa dhèwèké metu supaya kowé ngerti nèk aku babar blas ora nemokké kesalahané wong iki.” Pilatus mungkin ngira nèk nggawa Yésus sing luka-luka lan getihen iki bakal nggawé wong-wong kuwi mesakké. Dadi, karo ngadeg ing ngarepé wong-wong sing kejem kuwi, Pilatus kandha, ”Deloken wong iki!”—Yohanes 19:4, 5.
Senajan luka parah, Yésus tetep kendel lan tenang. Omongané Pilatus kuwi kétoké nduduhké nèk dhèwèké nggumun nanging ya mesakké karo Yésus.
-
-
Yésus Dihukum MatiYésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
BAB 130
Yésus Dihukum Mati
MATIUS 27:31, 32 MARKUS 15:20, 21 LUKAS 23:24-31 YOHANES 19:6-17
PILATUS NYOBA MBÉBASKÉ YÉSUS MANÈH
YÉSUS DIVONIS MATI
Yésus wis dianiaya lan diécé, lan Pilatus uga wis ngupaya mbébaské Yésus, nanging para imam kepala lan pengikuté tetep péngin Yésus dipatèni. Wong-wong kuwi mbengok, ”Patènana wong kuwi ing cagak! Patènana wong kuwi ing cagak!” Pilatus njawab, ”Kowé waé sing nggawa lan matèni dhèwèké. Aku babar blas ora nemokké kesalahané wong iki.”—Yohanes 19:6.
Wong Yahudi ora isa ngyakinké Pilatus nèk Yésus pantes dihukum mati merga tudhuhan nglawan pamréntah. Mula, kaya tudhuhané mbiyèn pas ing ngarepé Sanhèdrin, saiki Yésus ditudhuh ngrèmèhké Gusti Allah. Wong-wong kuwi kandha, ”Aku nduwé hukum, lan miturut hukumku dhèwèké kudu mati, merga dhèwèké ngaku-ngaku putrané Gusti Allah.” (Yohanes 19:7) Iki sing sepisanan Pilatus krungu tudhuhan kuwi.
Pilatus banjur bali menyang istanané lan ngupaya nggolèk cara kanggo mbébaské Yésus sing bar ngalami tumindak kejem. Mungkin, dhèwèké kèlingan karo mimpiné bojoné. (Matius 27:19) Pilatus bingung karo tudhuhan anyar sing digawé wong Yahudi nèk Yésus kuwi ”putrané Gusti Allah”. Padahal Pilatus ngertiné Yésus saka Galiléa. (Lukas 23:5-7) Mula, Pilatus nakoni Yésus, ”Asalmu saka ngendi?” (Yohanes 19:9) Pilatus mungkin ngira nèk Yésus kuwi déwa lan tau urip ing swarga.
Yésus wis ngandhani Pilatus nèk Yésus kuwi raja, nanging Kratoné dudu bagéan saka donya iki. Mula, Yésus rumangsa ora perlu nerangké apa-apa manèh, Yésus tetep meneng. Kuwi nggawé Pilatus tersinggung, banjur karo nesu dhèwèké kandha, ”Apa kowé ora gelem ngomong karo aku? Apa kowé ora ngerti nèk aku nduwé wewenang kanggo mbébaské kowé lan kanggo ngukum mati kowé?”—Yohanes 19:10.
Yésus njawab, ”Kowé babar blas ora nduwé wewenang marang aku, kejaba nèk kuwi diparingké Gusti Allah marang kowé. Kuwi sebabé wong sing masrahké aku marang kowé, dosané luwih gedhé.” (Yohanes 19:11) Kayané ”wong” sing dimaksud Yésus kuwi ora mung wong siji thok, nanging wong-wong kaya Kayafas, para imam liyané, lan Yudas Iskariot kuwi dosané luwih gedhé timbang Pilatus.
Pilatus nggumun karo sikap lan omongané Yésus, kuwi nggawé Pilatus saya wedi aja-aja Yésus kuwi bener-bener déwa. Mula, Pilatus ngupaya manèh mbébaské Yésus. Nanging, wong Yahudi ngancem Pilatus, ”Nèk kowé mbébaské wong iki, kowé dudu kancané Kaisar. Saben wong sing ngaku-ngaku dhèwèké kuwi raja, sakjané wong kuwi nglawan Kaisar.”—Yohanes 19:12.
Pilatus nggawa Yésus metu manèh, banjur lungguh ing kursi pengadilan, lan kandha marang wong-wong, ”Deloken, rajamu!” Nanging, wong Yahudi ora mesakké lan mbengok, ”Patènana dhèwèké! Patènana dhèwèké! Patènana dhèwèké ing cagak!” Pilatus banjur kandha, ”Apa aku kudu matèni rajamu?” Wong Yahudi sakjané ya ora seneng karo pamréntahan Romawi, nanging para imam kepala njawab, ”Aku ora nduwé raja liya sakliyané Kaisar.”—Yohanes 19:14, 15.
Merga terus-terusan dipeksa wong Yahudi, Pilatus akiré masrahké Yésus kanggo dihukum mati. Para prajurit nyopot jubahé Yésus lan nganggokké klambi njabané. Yésus banjur digawa saka kono karo manggul cagak paukumané dhéwé.
Saiki dina Jumat tanggal 14 Nisan, lan wis mèh wayah awan. Yésus ora turu wiwit dina Kemis ésuk lan disiksa terus-terusan. Merga cagak sing kudu dipanggul kuwi abot, Yésus dadi kentèkan tenaga. Mula, para prajurit meksa sawijiné wong sing lagi liwat, jenengé Simon saka Kiréné ing Afrika, kanggo ngangkat cagak paukumané Yésus. Akèh wong ngarak Yésus karo nangis lan nggebugi awaké merga sedhih.
Yésus kandha marang wong-wong wadon kuwi, ”Wong-wong wadon Yérusalèm, aja nangisi aku manèh. Tangisana awakmu dhéwé lan anak-anakmu. Merga bakal tekan wektuné wong-wong padha kandha, ’Bungah wong-wong wadon sing mandhul, lan wong-wong wadon sing ora tau nglairké lan sing ora tau nyusoni!’ Banjur wong-wong kuwi bakal mulai kandha marang gunung-gunung, ’Tutupana aku!’ lan marang bukit-bukit, ’Dhelikna aku!’ Nèk wong-wong kuwi nindakké perkara-perkara iki wektu wit isih seger, apa sing bakal kelakon wektu wit kuwi alum?”—Lukas 23:28-31.
Yésus lagi ngomongké bab bangsa Yahudi, sing dipadhakké kaya wit alum nanging isih ana bagéané sing seger, merga Yésus isih urip lan ana wong Yahudi sing nduwé iman marang Yésus. Nanging, wektu Yésus séda lan para muridé ninggalké agama Yahudi, bangsa kuwi bakal mati ing bab rohani kaya wit sing mati. Bangsa kuwi bakal nangis wektu Gusti Allah nggunakké tentara Romawi kanggo ngukum bangsa kuwi.
-
-
Sang Raja Dipaku ing CagakYésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
BAB 131
Sang Raja Dipaku ing Cagak
MATIUS 27:33-44 MARKUS 15:22-32 LUKAS 23:32-43 YOHANES 19:17-24
YÉSUS DIPAKU ING CAGAK PAUKUMAN
YÉSUS DIÉCÉ MERGA PAPAN ING NDHUWUR SIRAHÉ
YÉSUS MÈNÈHI HARAPAN URIP ING BUMI FIRDAUS
Yésus digawa menyang panggonan sing ora adoh saka kutha, sing disebut Golgota, utawa Panggonan Tengkorak lan panggonan iki kétok ”saka kadohan”. (Markus 15:40) Ya ing kono kuwi Yésus lan penjahat loro liyané bakal dihukum mati.
Sakwisé tekan kono, Yésus lan penjahat loro mau dicopoti klambiné, banjur diwènèhi anggur sing dicampur mur lan empedu. Kayané, ombènan iki digawé wong-wong wadon ing Yérusalèm. Para prajurit Romawi ngéntukké wong sing arep dihukum mati ngombé iki kanggo ngilangké rasa lara. Nanging sakwisé ngicipi, Yésus ora gelem ngombé. Apa sebabé? Yésus péngin tetep sadhar saksuwéné ngadhepi ujian abot iki lan setya nganti mati.
Yésus banjur dipaku ing cagak. (Markus 15:25) Paku-paku sing dipakokké ing tangan lan sikilé Yésus nembus daging lan sendiné, lan mesthi nggawé Yésus kelaran banget. Apa manèh pas cagaké didegké, rasa larané saya nambah merga badané Yésus sing mesthiné abot bakal nyuwèk lan narik luka-luka mau. Nanging, Yésus ora nyenèni para prajurit. Yésus ndonga, ”Bapak, tulung apurana wong-wong iki, merga wong-wong iki ora ngerti apa sing ditindakké.”—Lukas 23:34.
Wong Romawi biasané masang papan sing isiné tudhuhan marang wong sing dihukum. Pilatus wis nggawé papan kanggo Yésus sing tulisané, ”Yésus wong Nazarèt, Rajané Wong Yahudi.” Tulisan ing papan mau ditulis nganggo basa Ibrani, Latin, lan Yunani, supaya akèh wong isa maca kuwi. Tumindaké Pilatus iki nduduhké nèk dhèwèké ora seneng karo wong Yahudi sing meksa kanggo ngukum mati Yésus. Para imam kepala protès, ”Aja nulis, ’Rajané Wong Yahudi,’ nanging tulisen nèk dhèwèké kandha, ’Aku iki Rajané Wong Yahudi.’” Nanging merga Pilatus ora gelem dikongkon-kongkon wong-wong kuwi manèh, Pilatus njawab, ”Apa sing wis tak tulis ora isa diowahi.”—Yohanes 19:19-22.
Para imam sing nesu kuwi banjur mbalèni manèh kesaksian palsu sing disebutké wong-wong wektu Yésus diadili ing ngarepé Sanhèdrin. Kuwi sebabé wong-wong sing liwat padha gèdhèg-gèdhèg lan ngécé Yésus, ”Kowé sing jaréné arep ngambrukké bait lan mbangun manèh ing wektu telung dina, slametna awakmu dhéwé lan mudhuna saka cagak paukuman!” Para imam kepala lan para ahli Taurat uga ngécé Yésus kaya ngono, kandhané, ”Kristus, Raja Israèl, kuduné isa mudhun saka cagak paukuman, supaya kita isa ndelok lan percaya.” (Markus 15:29-32) Malah para rampok sing ana ing sisihé Yésus ya ngécé Yésus, padahal Yésus ora salah.
Patang prajurit Romawi uga ngécé Yésus. Para prajurit kuwi mungkin lagi ngombé anggur kecut, mula saiki karo ngécé Yésus, wong-wong kuwi kaya-kayané arep mènèhi Yésus anggur, padahal jelas-jelas Yésus ora isa ngranggèh lan ngombé kuwi. Para prajurit kuwi kandha, ”Nèk kowé Rajané Wong Yahudi, slametna awakmu dhéwé.” (Lukas 23:36, 37) Bayangna, Yésus kuwi dalan, sing bener, lan sing marahi urip, nanging saiki disiksa lan diécé. Senajan ngono Yésus tetep tabah. Wektu ngadhepi kuwi kabèh, Yésus ora ngèlèk-èlèk wong Yahudi sing nonton dhèwèké, prajurit Romawi sing ngécé dhèwèké, lan penjahat loro sing digantung ing sisihé.
Patang prajurit kuwi njupuk klambi njabané Yésus lan mbagi kuwi dadi patang bagéan. Para prajurit nguncalké undhi kanggo nemtokké sapa sing éntuk saben bagéané. Nanging, klambi njero duwèké Yésus kuwi mutuné apik banget, ”ora ana jahitané, merga ditenun saka ndhuwur tekan ngisor”. Mula para prajurit kuwi kandha, ”Klambi iki aja disuwèk, nanging ayo nguncalké undhi kanggo nemtokké sapa sing éntuk klambi iki.” Iki nggenepi ramalan Kitab Suci sing kandha, ”Sandhangan kawula sami dipun dumdum, saha jubah kawula dipun gebag ing dhadhu.”—Yohanes 19:23, 24; Jabur 22:19.
Akiré, salah siji penjahat sing dipaku bareng Yésus sadhar nèk Yésus bener-bener raja. Dhèwèké ngélikké penjahat sing sijiné, ”Apa kowé babar blas ora wedi karo Gusti Allah? Kowé dhéwé nampa hukuman sing padha kaya dhèwèké. Awaké dhéwé pancèn pantes dihukum, lan hukuman iki wis sakmesthiné awaké dhéwé tampa merga tumindaké awaké dhéwé. Nanging wong iki babar blas ora nindakké kesalahan.” Banjur dhèwèké nyuwun, ”Yésus, élinga marang aku wektu kowé mlebu ing Kratonmu.”—Lukas 23:40-42.
Yésus njawab, ”Saktenané aku kandha marang kowé dina iki, kowé bakal bebarengan karo aku,” dudu ing Kraton swarga, nanging ”ing Firdaus”. (Lukas 23:43) Janji iki béda karo omongané Yésus marang para rasulé yaiku nèk wong-wong kuwi bakal mréntah dadi raja ing Kraton swarga. (Matius 19:28; Lukas 22:29, 30) Nanging, merga rampok iki wong Yahudi, mungkin wis tau krungu bab bumi Firdaus sing digawé Yéhuwah kanggo dadi omahé Adam, Hawa, lan keturunané. Mula, senajan arep mati, rampok iki nduwé harapan kanggo urip ing Firdaus.
-
-
”Wong Iki Mesthi Putrané Gusti Allah”Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
BAB 132
”Wong Iki Mesthi Putrané Gusti Allah”
MATIUS 27:45-56 MARKUS 15:33-41 LUKAS 23:44-49 YOHANES 19:25-30
YÉSUS SÉDA ING CAGAK
KEDADÉAN SING NGGUMUNKÉ WEKTU YÉSUS SÉDA
Saiki ”jam 12 awan”, lan ”kabèh dhaérah ing kono dadi peteng nganti jam 3 soré”. (Markus 15:33) Iki dudu gerhana matahari, merga biasané nèk gerhana matahari kuwi suwéné mung pirang-pirang menit, lan mung kedadéan pas bulan ing langit kuwi bulan baru. Nanging wektu kuwi petengé luwih suwé lan wektu kuwi ya musim Paskah, pas bulan purnama. Mula, sing nyebabké kahanan iki mesthi Gusti Allah.
Bayangna pengaruhé bab iki marang wong-wong sing ngécé Yésus. Saksuwéné kahanan peteng kuwi, ana patang wong wadon sing nyedhaki cagak paukumané Yésus, yaiku Maria ibuné Yésus, Salomé, Maria Magdaléna, lan Maria ibuné Yakobus Cilik.
Rasul Yohanes lagi ngadeg ”ing cedhak cagak paukumané Yésus” bareng karo ibuné Yésus. Maria ndeloki anak sing dhèwèké lairké lan gedhèkké saiki sengsara lan sekarat ing cagak paukuman. Maria sedhih banget, ”kaya-kaya ditusuk pedhang sing dawa”. (Yohanes 19:25; Lukas 2:35) Senajan sengsara banget, Yésus isih mikirké ibuné. Yésus nunjuk Yohanes nganggo sirahé karo ngandhani Maria, ”Ibu, kuwi anakmu lanang.” Banjur, Yésus nunjuk Maria nganggo sirahé karo ngandhani Yohanes, ”Dhèwèké ibumu.”—Yohanes 19:26, 27.
Yésus masrahké ibuné, sing saiki wis dadi randha marang rasulé sing paling ditresnani. Yésus ngerti nèk adhi-adhi tiriné yaiku anak-anaké Maria, durung nduwé iman marang Yésus. Mula, sakliyané kebutuhan jasmani, Yésus uga mikirké kebutuhan rohaniné Maria. Iki bener-bener dadi conto sing apik.
Kira-kira jam telu soré, Yésus kandha, ”Aku ngelak.” Iki nggenepi ramalan ing Kitab Suci. (Yohanes 19:28; Jabur 22:16) Yésus ngerti nèk Yéhuwah wektu kuwi ora nglindhungi dhèwèké supaya kasetyané Yésus isa bener-bener diuji. Kristus banjur mbengok, ”Eli, Eli, lama sabakhtani?” nèk diterjemahké tegesé, ”Allahku, Allahku, ngapa Panjenengan ninggalké aku?” Ana wong-wong sing ngadeg ing cedhak kono salah paham lan kandha, ”Deloken, wong kuwi nyeluki Élia.” Banjur ana salah siji wong sing mlayu kanggo ngekum kembang karang ing anggur kecut, terus ndèlèhké kuwi ing sak lonjor kayu, lan diwènèhké marang Yésus supaya diombé. Wong liyané kandha, ”Ejarna waé dhèwèké! Ayo didelok apa Élia bakal teka kanggo ngedhunké dhèwèké.”—Markus 15:34-36.
Yésus banjur kandha, ”Wis rampung.” (Yohanes 19:30) Yésus wis ngrampungké kabèh tugas sing diparingké Bapaké wektu dhèwèké diutus ing bumi. Akiré Yésus kandha, ”Bapak, ing astané Panjenengan tak pasrahké nyawaku.” (Lukas 23:46) Yésus percaya tenan nèk Yéhuwah bakal nguripké manèh Yésus. Sakwisé ngomong kuwi, Yésus banjur ndhingkluk lan séda.
Ujug-ujug ana gempa bumi sing medèni banget, bukit-bukit watu bengkah. Gempa kuwi gedhé banget nganti kuburan-kuburan ing njaba kutha Yérusalèm padha kebukak, lan akèh mayit padha mencelat metu. Wong-wong sing liwat sing weruh mayit-mayit padha mencelat iki mlebu menyang ”kutha suci” lan nglaporké apa sing didelok.—Matius 12:11; 27:51-53.
Wektu Yésus séda, geber sing dawa lan kandel sing misahké Papan Suci lan Papan Mahasuci suwèk dadi loro saka ndhuwur tekan ngisor. Kedadéan kuwi nduduhké nèk Gusti Allah murka karo wong-wong sing matèni Putrané. Kuwi uga nduduhké nèk wiwit wektu kuwi manungsa isa mlebu menyang Papan Mahasuci, yaiku swarga.—Ibrani 9:2, 3; 10:19, 20.
Wong-wong dadi padha wedi. Perwira sing ngawasi Yésus pas dihukum mati kandha, ”Wong iki mesthi Putrané Gusti Allah.” (Markus 15:39) Dhèwèké mungkin ana wektu Pilatus ngadili Yésus merga tudhuhan ngaku-ngaku dadi Putrané Gusti Allah. Saiki, dhèwèké yakin nèk Yésus ora salah lan pancèn Putrané Gusti Allah.
Sakwisé ndelok kedadéan sing nggumunké kuwi, kabèh wong banjur mulih karo ”nggebugi dhadhané” merga sedhih lan isin. (Lukas 23:48) Saka antarané akèh wong sing padha ngadeg ing kadohan, ana akèh wong wadon pengikuté Yésus sing kadhang kala ngancani Yésus ing perjalanan. Wong-wong kuwi sedhih banget ndelok kabèh kedadéan kuwi.
-
-
Yésus DikuburYésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
BAB 133
Yésus Dikubur
MATIUS 27:57–28:2 MARKUS 15:42–16:4 LUKAS 23:50–24:3 YOHANES 19:31–20:1
MAYITÉ YÉSUS DIEDHUNKÉ SAKA CAGAK
MAYITÉ DISIAPKÉ KANGGO DIKUBUR
WONG-WONG WADON NDELOK KUBURANÉ YÉSUS KOSONG
Saiki, dina Jumat soré tanggal 14 Nisan. Sakwisé srengéngé angslup, dina Sabat tanggal 15 Nisan bakal mulai. Yésus wis séda, nanging rampok loro sing ana ing sisihé Yésus isih urip. Miturut Hukum Taurat, mayit ”ora kena gumantung sewengi muput”, nanging kudu dikubur ”ing dina iku uga”.—Pangandharing Torèt 21:22, 23, BJP.
Apa manèh, Jumat kuwi dina Persiapan Sabat merga wong-wong padha nyiapké maeman lan nindakké gawéan liyané sing kudu rampung sakdurungé Sabat. Sakwisé srengéngé angslup, ”Sabat istiméwa” dimulai. (Yohanes 19:31) Kuwi disebut ”istiméwa” merga ing dina kuwi ana rong Sabat sing kelakon. Sing kapisan, tanggal 15 Nisan kuwi dina Setu, lan kuwi Sabat mingguan. Sing kapindho, tanggal 15 Nisan kuwi dina kapisan saka pitung dina Riyaya Roti Tanpa Ragi, sing mesthi didadèkké dina Sabat.—Kaimaman 23:5, 6.
Mula, wong Yahudi njaluk marang Pilatus supaya sikilé Yésus lan penjahat loro diceklèk bèn ora isa ngangkat badané kanggo ambegan lan akiré matiné luwih cepet. Para prajurit teka lan nyeklèk sikilé penjahat loro mau. Nanging, merga weruh nèk Yésus wis mati, para prajurit ora nyeklèk sikilé Yésus. Iki nggenepi ramalan ing Jabur 34:21: ”Panjenengané ngreksa [utawa, njaga] balung-balungé, nganti ora ana kang tugel siji-sijia.”
Kanggo mastèkké nèk Yésus wis mati tenan, salah siji prajurit nusuk bagéan igané Yésus nganggo tombak lan ”ing wektu kuwi uga, metu getih lan banyuné”. (Yohanes 19:34) Iki nggenepi ramalan liyané ing Kitab Suci, ’Wong-wong kuwi bakal padha mandeng marang kang wus katuwek [utawa, ditusuk].’—Zakharia 12:10.
Yusuf saka Arimatéa, ”wong lanang sugih” sing dadi salah siji anggota sing diajèni ing Sanhèdrin, uga teka wektu Yésus dihukum mati. (Matius 27:57) Dhèwèké disebut ”wong sing apik lan bener”, lan ”wong sing uga ngarep-arep Kratoné Allah”. Yusuf kuwi ”muridé Yésus, nanging ora wani terus terang merga wedi karo wong-wong Yahudi”. Dhèwèké ora setuju karo keputusané Sanhèdrin sing ngukum mati Yésus. (Lukas 23:50; Markus 15:43; Yohanes 19:38) Yusuf ngupaya bèn kendel nemoni Pilatus lan njaluk mayité Yésus. Pilatus banjur nyeluk perwira sing ngawasi pas Yésus dihukum mati. Sakwisé kuwi, Pilatus ngijinké Yusuf njupuk mayité Yésus.
Yusuf tuku kain linen sing alus lan resik banjur ngedhunké mayité Yésus saka cagak. Yusuf banjur mbungkus mayité Yésus nganggo kain kuwi kanggo persiapan penguburan. Nikodémus, ”yaiku wong sing tau nemoni Yésus ing wayah wengi”, uga mèlu nyiapké penguburané Yésus. (Yohanes 19:39) Dhèwèké nggawa kira-kira 33 kilogram campuran mur lan gaharu sing larang banget regané. Mayité Yésus banjur dibungkus nganggo linen lan rempah-rempah mau, kaya kebiasaané wong Yahudi kanggo ngubur wong mati.
Yusuf nduwé kuburan anyar sing wis digrowongi ing cedhak bukit watu. Mayité Yésus banjur dipapanké ing kono. Banjur watu gedhé diglundhungké kanggo nutup kuburan kuwi. Kuwi kabèh ditindakké cepet-cepet merga sedhéla manèh Sabat dimulai. Maria Magdaléna lan Maria ibuné Yakobus Cilik mungkin ya mèlu mbantu persiapan penguburané Yésus. Saiki, wong-wong kuwi cepet-cepet mulih ”kanggo nyiapké rempah-rempah lan lenga wangi”, sing bakal diblonyohké ing mayité Yésus sakwisé dina Sabat.—Lukas 23:56.
Ing dina sakbanjuré, pas dina Sabat, para imam kepala lan wong Farisi marani Pilatus lan kandha, ”Pak, aku kabèh kèlingan wektu tukang ngapusi kuwi isih urip, dhèwèké kandha, ’Sakwisé telung dina, aku bakal diuripké manèh.’ Mula, préntahna supaya kuburan kuwi dijaga tenanan nganti dina katelu, supaya murid-muridé ora teka lan nyolong mayité terus kandha marang wong-wong, ’Dhèwèké wis diuripké manèh saka ing antarané wong mati!’ Nèk kuwi kelakon, apus-apus sing pungkasan iki bakal luwih parah ketimbang sing sakdurungé.” Pilatus njawab, ”Lungaa karo para penjaga iki lan jaganen tenanan kuburané.”—Matius 27:63-65.
Ing dina Minggu, wektu isih ésuk banget, Maria Magdaléna, Maria ibuné Yakobus, lan wong wadon liyané nggawa rempah-rempah menyang kuburané Yésus. Wong-wong kuwi padha kandha, ”Sapa sing bakal nulungi awaké dhéwé ngglundhungké watu sing dienggo nutup kuburan kuwi?” (Markus 16:3) Nanging, sakdurungé kuwi ana gempa gedhé. Malaékaté Yéhuwah uga wis ngglundhungké watu sing nutupi kuburan kuwi. Saiki, kuburan kuwi ora dijaga lan kosong.
-