PELAJARAN 53
Milih Hiburan sing Isa Nggawé Yéhuwah Seneng
Yéhuwah kuwi ”Gusti Allah sing bahagia”. (1 Timotius 1:11) Dhèwèké péngin awaké dhéwé bahagia lan nduwé wektu kanggo santai. Piyé bèn pas santai awaké dhéwé isa seneng, tapi ya nggawé Yéhuwah seneng? Kuwi bakal dirembug ing pelajaran iki.
1. Menurut Alkitab, awaké dhéwé kudu milih hiburan sing kaya apa?
Nèk pas santai, ana sing senengé ing omah waé maca buku, ngrungokké musik, nonton film, utawa internètan. Ana sing senengé ngumpul karo kanca-kancané kanggo munggah gunung, renang, utawa sepédaan. Embuh senengé sing endi, sing penting kudu milih hiburan ”sing nggawé Gusti Allah seneng”. (Éfésus 5:10) Kuwi penting, soalé saiki akèh sing seneng karo hiburan sing isiné soal kekerasan, hubungan sèks sing ora pantes, lan ilmu gaib, padahal kuwi disengiti Yéhuwah. (Wacanen Mazmur 11:5.) Piyé bèn isa milih hiburan sing padha karo karepé Yéhuwah?
Bèn isa milih hiburan sing apik, kudu bergaul karo sing sayang Yéhuwah. Kaya sing wis dirembug ing pelajaran 48, ”wong sing bergaul karo wong sing wicaksana bakal dadi wicaksana”. Tapi, nèk bergaul karo sing ora sayang Yéhuwah, awaké dhéwé ”bakal cilaka”.—Wulang Bebasan 13:20.
2. Ngapa kok kudu mikirké jumlah wektu sing dienggo hiburan?
Meskipun ora milih hiburan sing salah, aja nganti wektuné entèk dienggo kuwi. Soalé, mengko dadi ora nduwé wektu kanggo sing luwih penting. Menurut Alkitab, awaké dhéwé kudu ’nggunakké wektu kanggo nindakké apa sing penting’.—Wacanen Éfésus 5:15, 16.
SINAU LUWIH AKÈH
Ayo ngrembug piyé bèn isa milih hiburan sing sesuai pathokan ing Alkitab.
3. Ora milih hiburan sing disengiti Yéhuwah
Ngapa kok kudu pilih-pilih soal hiburan? Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Pertandingan gladiator ing Roma karo beberapa hiburan saiki sing padha apané?
Danny dadi ngerti apa soal hiburan?
Wacanen Roma 12:9, terus rembugen pertanyaan iki:
Nèk ngetrapké ayat kuwi, awaké dhéwé bakal milih hiburan sing kaya apa?
Apa waé sing disengiti Yéhuwah? Wacanen Wulang Bebasan 6:16, 17 lan Galatia 5:19-21. Bar maca ayat-ayaté, rembugen pertanyaan iki:
Apa buktiné nèk saiki ana akèh hiburan sing isiné padha kaya sing disebutké ing ayat-ayat kuwi?
Wektu arep milih hiburan
Kudu dipikir sik:
Apa isiné ana sing disengiti Yéhuwah?
Apa kuwi marahi aku dadi ora nduwé wektu kanggo sing luwih penting?
Apa aku malah dadi bergaul karo sing ora sayang Yéhuwah?
Bèn aman, mlakuné aja minggir-minggir jurang. Nèk ngrasa hiburan kuwi ora apik kanggo awaké dhéwé, mendhing langsung ditolak
4. Kudu isa ngatur wektu
Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan iki:
Meskipun pilihan hiburané ora salah, apa akibaté merga sedulur kuwi ora isa ngatur wektu?
Wacanen Filipi 1:10, terus rembugen pertanyaan iki:
Piyé carané ngetrapké ayat kuwi soal hiburan?
5. Milih hiburan sing apik
Meskipun ana hiburan sing ora apik, tapi isih ana akèh hiburan apik sing isa dinikmati. Wacanen Pengkhotbah 8:15 lan Filipi 4:8, terus rembugen pertanyaan iki:
Nèk njenengan dhéwé seneng hiburan apa?
Ana akèh pilihan hiburan sing isa dinikmati
NÈK ANA SING NGOMONG: ”Ya mbok bèn nèk hiburanku isiné kekerasan, hubungan sèks sing ora pantes, utawa ilmu gaib. Sing penting kan aku ora mèlu-mèlu.”
Njenengan arep njelaské piyé?
KESIMPULAN
Yéhuwah péngin bèn awaké dhéwé menikmati hiburan, tapi kudu pinter-pinter milih sing apik.
Jawaben
Awaké dhéwé ora éntuk menikmati hiburan sing kaya apa?
Ngapa kok kudu pinter-pinter ngatur wektu sing dienggo hiburan?
Apa njenengan gelem milih hiburan sing nggawé Yéhuwah seneng? Lha ngapa?
BAHAN TAMBAHAN
Sapa sing isa nentokké hiburan kuwi éntuk apa ora?
Piyé bèn pas santai awaké dhéwé isa seneng, tapi ya nggawé Yéhuwah seneng?
”Apa Hiburan sing Njenengan Pilih Ana Manfaaté?” (Warta Penting 15 Oktober 2011)
Ana wong lanang sing akhiré ora milih hiburan sing ora nggenah manèh. Wacanen pengalamané ing crita sing judhulé ”Malah Aku Ya Ora Mbédak-mbédakké Wong Manèh”.
Piyé contoné nggawé keputusan sing bener soal milih hiburan?