PELAJARAN 2
Wajar
2 Korintus 2:17
RINGKESAN: Kudu wajar wektu ngomong bèn wong liya ngerti nèk awaké dhéwé tulus lan perduli.
CARANÉ:
Ndonga lan persiapan. Kudu ndonga bèn isa lancar wektu nyampèkké topiké. Pikirna gagasan utamané. Aja mung ngapalké, ning kudu ngupaya ngomong nganggo kata-katané dhéwé.
Kudu tulus. Pikirna manfaaté topik kuwi kanggo sing ngrungokké. Perasaané awaké dhéwé isa kétok saka wajah lan gerakané awaké dhéwé.
Ndelok sing dijak omong. Awaké dhéwé kudu ndelok wong sing dijak omong. Wektu nyampèkké ceramah, aja mung ndelok sekilas kabèh sing teka, ning isa ndelok siji-siji.