PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lff pelajaran 56
  • Tetep Rukun karo Para Sedulur

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Tetep Rukun karo Para Sedulur
  • Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • SINAU LUWIH AKÈH
  • KESIMPULAN
  • BAHAN TAMBAHAN
  • Isa Cedhak karo Para Sedulur Kuwi Hal sing Apik
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Aja Nglarani Atiné ”Wong sing Kaya Bocah Cilik Iki”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2021
  • Niru Yéhuwah sing Seneng Ngampuni
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Terus Sayang karo Yéhuwah lan Sedulur-Sedulur
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2021
Delok Kabèh
Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
lff pelajaran 56
Pelajaran 56. Sedulur wédok sing kétok seneng banget pas ketemu karo sedulur liya sing béda bangsa.

PELAJARAN 56

Tetep Rukun karo Para Sedulur

Vèrsi Tercétak
Vèrsi Tercétak
Vèrsi Tercétak

Raja Daud ngomong, ”Apik banget lan nyenengké tenan nèk kabèh sedulur padha ngumpul lan bersatu.” (Mazmur 133:1) Mesthi awaké dhéwé ya ngrasa kaya ngono. Tapi bèn isa bersatu, kabèh kudu berusaha bèn isa tetep rukun, termasuk awaké dhéwé.

1. Apa buktiné nèk umaté Gusti Allah bersatu?

Nèk mèlu pertemuan ibadah ing luar negeri, mungkin ora ngerti basané. Tapi, isa tetep ngrasa disambut lan ngrasa kaya seduluré dhéwé. Kok isa? Soalé sing dipelajari padha. Terus, kabèh ya berusaha mbuktèkké nèk sayang karo seduluré. Ora soal manggoné ing endi, kabèh umaté Yéhuwah ’ngluhurké jeneng Yéhuwah supaya isa bersatu nglayani Dhèwèké’.​—Zéfanya 3:9.

2. Bèn jemaat bersatu kudu piyé?

Menurut Alkitab, ”[Awaké dhéwé] kudu tenanan sayang karo liyané saka ati.” (1 Pétrus 1:​22) Apa buktiné nèk sayang? Timbang nggolèki èlèké, mendhing nggolèki sifat apiké para sedulur. Aja mung bergaul karo kuwi-kuwi thok, tapi ya kudu gelem bergaul karo kabèh. Terus, aja nganti ora seneng karo wong liya mung merga dhèwèké béda karo awaké dhéwé.​—Wacanen 1 Pétrus 2:​17.a

3. Nèk ana masalah karo sedulur seiman, kudu piyé?

Meskipun bersatu, umaté Yéhuwah kuwi ora sampurna. Dadi isa waé nggawé seduluré kecéwa utawa lara ati. Ing Alkitab ana préntah, ”Kowé kudu terus . . . ngapura liyané. Kowé kudu tulus ngapura wong liya, kaya Yéhuwah tulus ngapura kowé.” (Wacanen Kolose 3:​13.) Awaké dhéwé kerep nggawé Yéhuwah sedhih, tapi Dhèwèké tetep gelem ngampuni. Mulané, Dhèwèké ya péngin awaké dhéwé seneng ngampuni wong liya. Nèk wis nggawé wong liya lara ati, awaké dhéwé kudu cepet-cepet ngrampungi masalahé.​—Wacanen Matius 5:​23, 24.b

SINAU LUWIH AKÈH

Ayo ngrembug piyé carané nggawé bèn jemaat tetep rukun lan bersatu.

Gambar: Upayané sedulur lanang bèn tetep rukun. 1. Dhèwèké diunèk-unèkké sedulur seiman. 2. Mikirké omongané sedulur kuwi. 3. Ngrenungké pathokan ing Alkitab soal piyé bèn ora tersinggung. 4. Dhèwèké nemoni sedulur kuwi bèn isa rukun manèh.

Piyé carané bèn tetep rukun?

4. Ora éntuk mbédak-mbédakké

Meskipun pénginé sayang karo kabèh, tapi biasané ora gampang akrab nèk wongé béda karo awaké dhéwé. Terus kudu piyé? Wacanen Kisah 10:​34, 35, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Yéhuwah gelem nampa kabèh wong dadi umaté. Piyé carané niru Yéhuwah?

  • Apa wong-wong ing dhaérahé njenengan seneng mbédak-mbédakké wong? Contoné apa?

Wacanen 2 Korintus 6:​11-​13, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Menurut njenengan, piyé bèn isa luwih akrab karo kabèh sedulur termasuk sing béda karo njenengan?

5. Terus rukun lan tulus ngampuni

Yéhuwah ora butuh diampuni, tapi Dhèwèké saktulusé ati gelem ngampuni awaké dhéwé. Wacanen Mazmur 86:​5, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Apa sing disebutké ayat kuwi soal Yéhuwah?

  • Apa njenengan bersyukur Yéhuwah seneng ngampuni? Lha ngapa?

  • Apa waé sing isa marahi angèl rukun karo wong liya?

Piyé carané niru Yéhuwah lan carané tetep rukun karo para sedulur? Wacanen Wulang Bebasan 19:​11, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Nèk ana sing marahi jèngkèl utawa lara ati, piyé bèn ora kepancing nesu?

Terus, nèk awaké dhéwé sing nglarani atiné wong liya piyé? Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan iki:

VIDÉO: Berkahé Ngupaya Rukun (6:​01)

  • Apa sing diupayakké sedulur kuwi bèn isa rukun?

6. Mikirké sifat apiké para sedulur

Biasané nèk saya akrab, awaké dhéwé dadi ngerti apiké lan èlèké sedulur seiman. Piyé bèn isa terus mikirké sing apiké waé? Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan iki:

VIDÉO: Nduwé Sipat sing Luwih Apik (5:​11)

  • Piyé bèn isa terus mikirké sifat apiké para sedulur?

Sing digatèkké Yéhuwah kuwi sifat apiké awaké dhéwé. Wacanen 2 Babad 16:9a, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Yéhuwah nggatèkké sifat-sifat apiké njenengan. Piyé perasaané njenengan bar ngerti soal kuwi?

Cincin berlian.

Berlian kuwi berharga meskipun ana gorésan utawa cacadé. Para sedulur kuwi berharga kanggoné Yéhuwah meskipun ora sampurna

NÈK ANA SING NGOMONG: ”Aku gelem ngampuni, tapi dhèwèké kudu njaluk ngapura sik.”

  • Ngapa kok kudu seneng ngampuni?

KESIMPULAN

Bèn jemaat tetep bersatu, awaké dhéwé kudu seneng ngampuni lan sayang karo kabèh sedulur.

Jawaben

  • Piyé bèn ora seneng mbédak-mbédakké?

  • Nèk ana masalah karo sedulur seiman, kudu piyé?

  • Apa njenengan péngin niru Yéhuwah sing seneng ngampuni? Lha ngapa?

Rencana

BAHAN TAMBAHAN

Bèn ora mikirké èlèké wong liya, Yésus ngekèki perumpamaan apa? Deloken vidéoné.

Aja Mikirké Èlèké Wong Liya (7:​01)

Nèk ngrasa ora salah, apa mémang tetep perlu njaluk ngapura?

”Bèn Tetep Rukun Kudu Gelem Njaluk Ngapura” (Warta Penting 1 November 2002)

Ana pengalamané sedulur-sedulur sing ora mbédak-mbédakké manèh.

Aja Ngadili Mung saka Njabané Waé (5:06)

Piyé carané ngrampungi masalah bèn jemaat isa tetep rukun?

”Ngrampungi Masalah Nganggo Katresnan” (Warta Penting Mei 2016)

a Merga sayang wong liya, nèk pas lara ya ora péngin nular-nulari. Deloken Cathetan 6.

b Piyé nèk masalahé soal bisnis utawa hukum? Deloken Cathetan 7.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim