PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mwb23 September hlm. 7
  • Para Pinituwa Kerja Keras kanggo Manfaaté Umaté Yéhuwah

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Para Pinituwa Kerja Keras kanggo Manfaaté Umaté Yéhuwah
  • Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2023
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Piyé Para Pinituwa Nduduhké Rasa Mesakké karo Wong sing Nggawé Dosa Gedhé?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
  • Apa Njenengan Péngin Dadi Pinituwa?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
  • Nggawé Keputusan sing Mbuktèkké Nèk Ngendelké Yéhuwah
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2023
  • Terus Percaya Nèk Yéhuwah Kuwi ”Gusti Allah sing Urip”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
Delok Kabèh
Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2023
mwb23 September hlm. 7

URIPÉ WONG KRISTEN

Para Pinituwa Kerja Keras kanggo Manfaaté Umaté Yéhuwah

Kèt mbiyèn, wong sing nduwé wewenang seneng nggunakké kekuasaané kanggo kepentingané dhéwé. (Mi 7:3) Mulané, akèh sing ora percaya karo wong sing nduwé wewenang. Tapi awaké dhéwé bersyukur soalé para pinituwa ing jemaat wis dilatih nggunakké wewenangé kanggo manfaaté umaté Yéhuwah.—Èst 10:3; Mat 20:​25, 26.

Ora kaya wong-wong sing nduwé wewenang ing donya iki, para pinituwa nglayani dadi pengawas merga sayang Yéhuwah lan para sedulur. (Yoh 21:16; 1Ptr 5:​1-3) Meréka ya kaya gembala sing manut arahané Yésus. Meréka ngupaya bèn para sedulur ing jemaat isa tambah akrab karo Yéhuwah lan ngrasa disayang merga nduwé sedulur seiman sak donya. Nèk ana sing butuh dikuwatké imané, ana keadaan darurat mèdis, utawa ana bencana alam, para pinituwa selalu siap mbantu. Mulané nèk butuh bantuan, njenengan isa langsung ngubungi para pinituwa ing jemaaté njenengan.—Yak 5:14.

Gambar saka vidéo ”Para Gembala sing Nggatèkké Domba-dombané Yéhuwah.” Pas ketemu Elias, pinituwa seneng banget lan meluk dhèwèké.

DELOKEN VIDÉO PARA GEMBALA SING NGGATÈKKÉ DOMBA-DOMBANÉ YÉHUWAH, TERUS JAWABEN PERTANYAAN IKI:

  • Apa waé manfaat sing dirasakké Mariana bar dikunjungi para pinituwa?

  • Apa waé manfaat sing dirasakké Elias bar dikunjungi para pinituwa?

  • Bar nonton vidéo mau, piyé perasaané njenengan bar ngerti kerja kerasé para pinituwa?

Njenengan isa ngabari pinituwa nèk . . .

  • ganti nomer télpon utawa alamat

  • lagi ngalami masalah sing abot

  • arep lunga saka dhaérah jemaat kanggo wektu sing suwé

  • lagi lara parah utawa dirawat ing rumah sakit

  • nggawé dosa sing gedhé

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim