PELAJARAN 12
Ramah lan Perduli
1 Tésalonika 2:7, 8
RINGKESAN: Kudu ramah lan perduli karo sing ngrungokké.
CARANÉ:
Mikirké perasaané wong sing ngrungokké. Pikirna masalah sing lagi diadhepi wong sing ngrungokké lan perasaané.
Aja sembarangan wektu ngomong. Omongané awaké dhéwé kudu nguwatké lan nyemangati. Aja nganti nggawé wong sing ngrungokké ngrasa ora nyaman. Aja ngèlèk-èlèk wong sing dudu Seksi Yéhuwah lan agamané.
Nduduhké rasa perduli. Rasa perduliné awaké dhéwé isa kétok saka nada swara, gerakan, lan wajahé awaké dhéwé. Awaké dhéwé isa kerep senyum.