PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lmd pelajaran 1
  • Mikirké sing Diminati Wong Liya

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Mikirké sing Diminati Wong Liya
  • Sayang Kabèh Wong Kunci Ndadèkké Murid
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Conto saka Yésus
  • Sing Isa Dipelajari saka Yésus
  • Carané Niru Yésus
  • Luwes
    Sayang Kabèh Wong Kunci Ndadèkké Murid
  • Tambah Trampil Nginjil—Carané Mulai Ngekèki Kesaksian sing Ora Resmi
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2018
  • Apikan
    Sayang Kabèh Wong Kunci Ndadèkké Murid
Sayang Kabèh Wong Kunci Ndadèkké Murid
lmd pelajaran 1

MULAI OMONG-OMONGAN

Yésus omong-omongan karo wong wédok ing cedhak sumur.

Yoh. 4:​6-9

PELAJARAN 1

Mikirké sing Diminati Wong Liya

Ayat: ”Wong sing nduwé katresnan . . . ora mung mikirké kepentingané dhéwé.”—1 Kor. 13:​4, 5.

Conto saka Yésus

Yésus omong-omongan karo wong wédok ing cedhak sumur.

VIDÉO: Yésus karo Wong Wédok ing Cedhak Sumur

1. Setèlen VIDÉONÉ, utawa wacanen Yohanes 4:​6-9. Terus jawaben pertanyaan iki:

  1. Sakdurungé mulai ngejak omong-omongan, apa sing diamati Yésus?

  2. Yésus ngomong, ”Tulung, wènèhana aku ngombé.” Ngapa kok omongané Yésus kuwi cara sing apik kanggo mulai omong-omongan?

Sing Isa Dipelajari saka Yésus

2. Biasané wong gelem dijak omong-omongan nèk topik sing dirembug kuwi topik sing diminati.

Carané Niru Yésus

3. Ora kaku. Meskipun sakdurungé wis nyiapké topik, tapi nèk topiké ora cocog karo sing diminati wong kuwi, ya aja meksa nganggo topik kuwi. Mulai omong-omongané isa nganggo topik sing lagi dipikirké wong kuwi. Pikirna:

  1. ’Saiki lagi ana berita soal apa?’

  2. ’Tangga, kanca kerja, utawa kanca sekolahku saiki lagi seneng ngomongké soal apa?’

4. Ngamati. Pikirna:

  1. ’Wong kuwi lagi ngapa? Kira-kira apa sing lagi dhèwèké pikirké?’

  2. ’Saka pakaian, penampilan, utawa omahé, aku isa ngerti apa ya soal agama utawa budayané?’

  3. ’Wektuné cocog apa ora ya nèk saiki wongé tak ajak omong-omongan?’

5. Ngrungokké.

  1. Aja kakèhan ngomong.

  2. Wongé dikon leluasa nyritakké perasaané. Nèk situasiné cocog, takonana.

DELOKEN AYAT LIYANÉ

Mat. 7:12; 1 Kor. 9:​20-23; Flp. 2:4; Yak. 1:19

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim