-
Yésus Ngwijiki Sikilé Para RasuléYésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
BAB 116
Yésus Ngwijiki Sikilé Para Rasulé
MATIUS 26:20 MARKUS 14:17 LUKAS 22:14-18 YOHANES 13:1-17
YÉSUS MAEM JAMUAN PASKAH SING PUNGKASAN BARENG PARA RASULÉ
YÉSUS NGWIJIKI SIKILÉ PARA RASULÉ KANGGO MULANG BAB SIPAT ANDHAP ASOR
Pétrus lan Yohanes ana ing Yérusalèm kanggo nyiapké Paskah, kaya préntahé Yésus. Banjur, Yésus lan sepuluh rasul liyané mangkat menyang Yérusalèm. Wektu Yésus lan para rasulé mudhun saka Gunung Zaitun, dinané wis soré lan srengéngéné wis arep angslup. Iki sing pungkasané Yésus ndelok Yérusalèm saka Gunung Zaitun nganti sakwisé Yésus diuripké manèh.
Ora let suwé, Yésus lan para rasulé tekan ing Yérusalèm, banjur padha lunga menyang omah sing arep digunakké kanggo maem jamuan Paskah. Wong-wong kuwi munggah ing lantai ndhuwur, ing ruangan sing amba. Kabèh persiapan kanggo jamuan Paskah wis siap ing kono. Yésus kandha, ”Aku wis kepéngin banget mangan Paskah iki bareng karo kowé kabèh sakdurungé aku ngalami sengsara.”—Lukas 22:15.
Ing jaman semono, ngiderké cawan sing isiné anggur wis dadi kebiasaan wektu acara Paskah. Mula, sakwisé njupuk cawan anggur, Yésus ngucap sokur lan kandha, ”Jupuken cawan iki lan iderna menyang saben wong ing antaramu, merga aku ngandhani kowé kabèh, wiwit saiki aku ora bakal ngombé anggur manèh nganti Kratoné Allah teka.” (Lukas 22:17, 18) Omongané Yésus cetha nduduhké nèk dhèwèké sedhéla manèh arep séda.
Ing tengah-tengah acara, Yésus ngadeg, nyopot klambi njabané, lan njupuk andhuk. Banjur ngisèni baskom sing ana ing cedhak kono nganggo banyu lan mulai ngwijiki sikilé para rasulé. Biasané, sing nduwé omah bakal ngongkon pembantuné kanggo nindakké gawéan iki. (Lukas 7:44) Nanging wektu kuwi, sing nduwé omah ora ana ing kono, mula Yésus sing nindakké gawéan kuwi. Senajan para rasul sakjané isa nindakké iki, nanging ora ana sing gelem. Apa merga isih padha padu bab sapa sing paling penting? Apa waé alesané, sing mesthi para rasul isin wektu sikilé diwijiki Yésus.
Wektu tekan gilirané Simon Pétrus, dhèwèké protès, ”Aja nganti panjenengan ngwijiki sikilku.” Yésus njawab, ”Nèk aku ora ngwijiki sikilmu, kowé ora isa bareng aku.” Pétrus kandha manèh, ”Gusti, aja mung ngwijiki sikilku, nanging uga tangan lan sirahku.” Yésus njawab, ”Wong sing wis adus, mung perlu diwijiki sikilé, merga badané wis resik. Kowé wis padha resik, nanging ora kabèh ing antaramu resik.” (Yohanes 13:8-10) Jawabané Yésus iki mesthi nggawé Pétrus kagèt banget.
Yésus ngwijiki sikilé kabèh rasulé, klebu sikilé Yudas Iskariot. Sakwisé nganggo klambi njabané lan lungguh manèh, Yésus takon, ”Apa kowé ngerti ngapa aku nindakké kuwi mau marang kowé? Kowé nyebut aku, ’Guru’ lan ’Gusti’, lan kuwi pancèn bener. Nèk aku waé, senajan Gusti lan Guru, gelem ngwijiki sikilmu, kowé uga kudu padha ngwijiki sikilé siji lan sijiné. Aku wis mènèhi tuladha kanggo kowé, supaya kowé uga nindakké apa sing tak tindakké marang kowé. Saktenané aku kandha marang kowé, budhak ora ngungkuli majikané, lan wong sing diutus ora ngungkuli wong sing ngutus. Saiki kowé ngerti bab-bab iki, nanging kowé bakal bungah nèk kowé nindakké kuwi.”—Yohanes 13:12-17.
Iki piwulang sing apik banget bab sipat andhap asor. Pengikuté Yésus ora éntuk nggolèk panggonan sing utama, mikir nèk dhèwèké luwih penting lan kudu dilayani. Nanging, para murid kudu niru contoné Yésus. Iki dudu tegesé para murid kudu ngwijiki sikilé wong liya, nanging gelem nglayani kanthi andhap asor lan ora mbédak-mbédakké.
-
-
Perjamuan Dalu GustiYésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
BAB 117
Perjamuan Dalu Gusti
MATIUS 26:21-29 MARKUS 14:18-25 LUKAS 22:19-23 YOHANES 13:18-30
YUDAS NDUDUHKÉ NÈK DHÈWÈKÉ KUWI PENGKHIANAT
YÉSUS NETEPKÉ PERJAMUAN DALU GUSTI
Yésus lagi waé bar mulang para rasulé bab sipat andhap asor kanthi cara ngwijiki sikilé para rasul. Saiki, kayané sakwisé maem jamuan Paskah, Yésus nyuplik ramalan sing diomongké Daud: ”Dalah mitraku kang dakpracaya, kang kembul mangan karo aku, iku uga ngethungaké tungkaké marang aku.” Yésus banjur nerangké, ”Salah siji saka antaramu bakal ngianati aku.”—Jabur 41:10; Yohanes 13:18, 21.
Para rasul padha sawang-sawangan, banjur saben wong mulai takon, ”Gusti, dudu aku, ta?” Malah Yudas Iskariot ya ngomong kaya ngono. Pétrus ngongkon Yohanes, sing lungguh ing sebelahé Yésus kanggo takon sapa wong sing dimaksud Yésus kuwi. Mula Yohanes méngo marang Yésus lan takon, ”Wong kuwi sapa Gusti?”—Matius 26:22; Yohanes 13:25.
Yésus njawab, ”Dhèwèké kuwi wong sing bakal tak wènèhi roti sing tak celupké.” Sakwisé nyelupké roti ing mangkok, Yésus banjur mènèhké kuwi marang Yudas, lan kandha, ”Putrané manungsa bakal lunga, kaya sing wis ditulis bab dhèwèké. Nanging, cilaka kanggo wong sing ngianati Putrané manungsa. Luwih becik nèk wong kuwi ora lair.” (Yohanes 13:26; Matius 26:24) Sétan banjur mengaruhi Yudas. Wong lanang iki, sing wis nyerahké awaké kanggo nindakké karepé Iblis ”bakal disirnakké”.—Yohanes 6:64, 70; 12:4; 17:12.
Yésus kandha marang Yudas, ”Apa sing lagi kok tindakké, tindakna kuwi luwih cepet.” Merga Yudas sing nggawa kothak dhuwit, rasul-rasul liyané ngira nèk Yésus ngongkon Yudas kanggo ”tuku apa waé sing dibutuhké kanggo riyaya, utawa mènèhi dhuwit marang wong miskin”. (Yohanes 13:27-30) Nanging, sakjané Yudas lunga kanggo ngianati Yésus.
Sakwisé Yudas lunga, Yésus ngenalké riyaya liyané. Yésus njupuk roti, ngucap sokur, nyuwil-nyuwil roti kuwi, banjur mènèhké marang para rasulé kanggo dipangan. Yésus kandha, ”Iki nglambangké badanku sing bakal tak pasrahké kanggo kepentinganmu. Terus tindakna iki kanggo ngéling-éling aku.” (Lukas 22:19) Roti kuwi banjur diiderké lan dipangan para rasul.
Banjur Yésus njupuk cawan sing isiné anggur, lan ngucap sokur. Yésus mènèhké marang para rasul, lan saben rasul padha ngombé saka cawan kuwi. Yésus kandha, ”Cawan iki nglambangké perjanjian anyar, sing disahké nganggo getihku sing bakal diecurké kanggo kepentinganmu.”—Lukas 22:20.
Nganggo cara kuwi, Yésus netepké acara kanggo mèngeti sédané, sing kudu dirayakké para pengikuté saben taun ing tanggal 14 Nisan. Kuwi bakal ngélingké apa sing wis Yésus lan Bapaké tindakké kanggo mbébaské manungsa saka dosa lan mati. Riyaya iki luwih penting ketimbang Paskahé wong Yahudi, merga pangurbanané Yésus isa mbébaské manungsa kanggo saklawasé.
Yésus kandha nèk getihé ”diecurké kanggo ngapurani dosané akèh wong”. Kuwi klebu para rasul lan murid-murid liyané sing setya. Wong-wong kuwi bakal mréntah bareng Yésus ing Kratoné Bapaké.—Matius 26:28, 29.
-
-
Bebantahan bab Sapa sing Paling PentingYésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
BAB 118
Bebantahan bab Sapa sing Paling Penting
MATIUS 26:31-35 MARKUS 14:27-31 LUKAS 22:24-38 YOHANES 13:31-38
YÉSUS MÈNÈHI NASÉHAT BAB SIPAT ANDHAP ASOR
RAMALAN BAB PÉTRUS SING ORA NGAKONI YÉSUS
KATRESNAN KUWI TANDHA PENGIKUTÉ YÉSUS
Ing wengi sing pungkasan karo para rasulé, Yésus mulang bab sipat andhap asor kanthi cara ngwijiki sikilé para rasulé. Apa sebabé naséhat iki cocog? Merga senajan ngabdi marang Gusti Allah, nanging para rasul isih padu bab sapa sing paling penting. (Markus 9:33, 34; 10:35-37) Ing wengi iki, para rasul nduduhké manèh kelemahan kuwi.
Para rasul ”padha bebantahan bab sapa sing paling penting ing antarané murid-murid”. (Lukas 22:24) Yésus mesthi sedhih banget ndelok para rasulé padu manèh. Apa sing bakal ditindakké Yésus?
Ketimbang nyenèni para rasulé, Yésus kanthi sabar ngejak nalar: ”Para raja ing ndonya iki padha mréntah rakyaté, lan wong-wong sing nduwé wewenang marang rakyaté disebut Dermawan. Nanging kowé kabèh aja kaya ngono. . . . Endi sing luwih penting, wong sing mangan apa wong sing ngladèni?” Banjur Yésus ngélingké para rasulé bab tuladha sing terus Yésus duduhké. Yésus kandha, ”Nanging ing antaramu, aku dadi wong sing ngladèni.”—Lukas 22:25-27.
Senajan ora sampurna, para rasul terus bareng karo Yésus ngadhepi akèh kahanan sing ora gampang. Mula, Yésus kandha, ”Aku nggawé perjanjian karo kowé kanggo sawijiné kraton, kaya Bapakku wis nggawé perjanjian karo aku.” (Lukas 22:29) Wong-wong kuwi pancèn pengikuté Yésus sing setya. Liwat perjanjian iki, Yésus njamin nèk para rasulé bakal mréntah bareng Yésus ing Kraton swarga.
Senajan nduwé pangarep-arep sing nggumunké iki, para rasul isih manungsa sing ora sampurna. Yésus ngandhani wong-wong kuwi, ”Sétan wis njaluk kanggo napèni kowé kabèh kaya gandum.” (Lukas 22:31) Yésus uga ngélikké, ”Ing wengi iki, kowé kabèh bakal kesandhung merga kedadéan sing bakal tak alami, merga Kitab Suci kandha, ’Aku bakal nyerang pangoné, lan wedhus-wedhusé bakal kocar-kacir.’”—Matius 26:31; Zakharia 13:7.
Pétrus kanthi yakin kandha, ”Senajan kabèh kesandhung merga kedadéan sing bakal panjenengan alami, aku ora bakal kesandhung!” (Matius 26:33) Yésus kandha nèk sakdurungé pitik jago kluruk ping pindho, Pétrus bakal ora ngakoni Yésus. Yésus kandha manèh, ”Nanging aku wis nyuwun marang Gusti Allah kanggo kowé, supaya imanmu aja nganti ilang. Lan sakwisé kowé mertobat, kuwatna sedulur-sedulurmu.” (Lukas 22:32) Pétrus kandha kanthi luwih yakin, ”Senajan aku kudu mati karo panjenengan, ora mungkin aku ora ngakoni panjenengan.” (Matius 26:35) Para rasul liyané ya ngomong kaya ngono.
Yésus ngandhani para rasulé, ”Wektuku karo kowé mung kari sedhéla. Kowé bakal nggolèki aku. Nanging, apa sing tau tak omongké marang wong-wong Yahudi saiki uga tak omongké marang kowé, ’Ing panggonan sing arep tak parani, kowé ora bakal isa mrana.’ Aku mènèhi kowé préntah anyar, yaiku kowé kudu padha nresnani siji lan sijiné. Kaya aku wis nresnani kowé, kowé uga kudu padha nresnani siji lan sijiné. Nganggo cara iki, kabèh wong bakal ngerti nèk kowé kuwi murid-muridku: yaiku nèk kowé padha nresnani siji lan sijiné.”—Yohanes 13:33-35.
Wektu krungu omongané Yésus sing kandha nèk wektuné mung kari sedhéla, Pétrus takon, ”Gusti, panjenengan arep menyang ngendi?” Yésus njawab, ”Saiki, kowé ora isa mèlu aku menyang panggonan sing arep tak parani, nanging sukmbèn kowé bakal mèlu aku mrana.” Merga bingung, Pétrus kandha, ”Gusti, ngapa aku ora isa mèlu panjenengan saiki? Aku bakal masrahké nyawaku kanggo panjenengan.”—Yohanes 13:36, 37.
Saiki, Yésus ngomongké bab pengalamané para rasul, wektu diutus kanggo nginjil ing Galiléa tanpa nggawa kanthong dhuwit utawa kanthong panganan. (Matius 10:5, 9, 10) Yésus takon, ”Kowé ora kekurangan apa-apa, ta?” Para rasul njawab, ”Ora!” Saiki, Yésus ngandhani, ”Nanging saiki, nèk kowé nduwé kanthong dhuwit utawa kanthong panganan, gawanen kuwi. Nèk kowé ora nduwé pedhang, edolen klambimu njaba lan tukua pedhang. Merga aku ngandhani kowé nèk apa sing wis ditulis bab aku kudu kelakon, yaiku, ’Dhèwèké dianggep wong sing nglanggar hukum.’ Lan iki lagi kelakon marang aku.”—Lukas 22:35-37.
Yésus lagi ngomongké bab wektuné dhèwèké bakal dipaku ing cagak bareng karo para penjahat, utawa pelanggar hukum. Sakwisé kuwi, para pengikuté bakal ngadhepi aniaya. Para rasul rumangsa wis siap lan kandha, ”Gusti, deloken! Iki ana pedhang loro.” Yésus njawab, ”Kuwi wis cukup.” (Lukas 22:38) Bar iki, Yésus bakal mènèhi piwulang penting wektu salah siji rasulé nggunakké salah siji pedhang mau.
-
-
Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi UripYésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
BAB 119
Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
YÉSUS LUNGA KANGGO NYIAPKÉ PANGGONAN
YÉSUS JANJI BAKAL MÈNÈHI JURU TULUNG
BAPAK LUWIH KUWASA KETIMBANG YÉSUS
Yésus isih ana ing ruangan lantai ndhuwur bareng para rasulé. Yésus nguwatké para rasulé, kandhané, ”Aja nganti atimu susah. Duduhna iman marang Gusti Allah. Duduhna iman uga marang aku.”—Yohanes 13:36; 14:1.
Yésus ngandhani apa sebabé para rasul ora perlu kuwatir sakwisé Yésus ora ana, ”Ing omahé Bapakku ana akèh panggonan. . . . Nèk aku lunga lan nyiapké panggonan kanggo kowé, aku bakal teka manèh lan nggawa kowé menyang omahku, supaya kowé isa ana ing panggonan sing tak enggoni.” Nanging, para rasul ora paham nèk Yésus arep lunga menyang swarga. Tomas takon, ”Gusti, aku kabèh ora ngerti panjenengan arep lunga menyang ngendi. Piyé aku isa ngerti dalané?”—Yohanes 14:2-5.
Yésus njawab, ”Aku iki dalan, lan sing bener, lan sing marahi urip.” Dadi, wong isa mlebu ing omahé Bapak ing swarga mung nèk nampa Yésus lan piwulangé, uga niru tuladhané. Yésus kandha, ”Ora ana sing isa teka marang Bapak nèk ora liwat aku.”—Yohanes 14:6.
Filipus, sing kèt mau ngrungokké, kandha, ”Gusti, duduhna Bapak marang aku kabèh, lan kuwi bakal nggawé atiku lega.” Kétoké, Filipus péngin diduduhi wahyu bab Gusti Allah, kaya sing didelok Musa, Élia, lan Yésaya. Nanging, para rasul sakjané nduwé bab sing luwih apik ketimbang kuwi. Yésus kandha, ”Wis suwé aku bareng karo kowé kabèh, nanging kok kowé isih durung kenal aku, Filipus? Sapa waé sing wis ndelok aku uga wis ndelok Bapak.” Yésus nduduhké sipat-sipaté Bapaké kanthi sampurna. Mula, isa srawung bareng Yésus lan nggatèkké tumindaké Yésus kuwi padha kaya ndelok Bapaké. Pancèn, Bapak luwih unggul ketimbang Putra, merga Yésus kandha, ”Apa sing tak omongké marang kowé asalé dudu saka pikiranku dhéwé.” (Yohanes 14:8-10) Para rasul isa weruh nèk Yésus mesthi muji Bapaké merga kabèh piwulangé asalé saka Bapaké.
Para rasul wis ndelok akèh mukjijat lan krungu Yésus martakké warta bab Kratoné Allah. Saiki Yésus ngandhani para muridé, ”Sapa waé sing nduduhké iman marang aku uga bakal nindakké gawéan sing tak tindakké, lan dhèwèké bakal nindakké gawéan sing luwih gedhé manèh.” (Yohanes 14:12) Iki dudu tegesé nèk para murid bakal nggawé mukjijat sing luwih hébat ketimbang Yésus. Nanging, wong-wong kuwi bakal nginjil kanggo wektu sing luwih suwé, ing dhaérah sing luwih amba, lan marang luwih akèh wong.
Senajan arep ditinggal Yésus, para murid ora bakal dijarké, merga Yésus janji, ”Nèk kowé njaluk apa waé nganggo jenengku, aku bakal nindakké kuwi.” Malah, Yésus uga kandha, ”Aku bakal nyuwun marang Bapak lan Panjenengané bakal maringi kowé juru tulung liyané sing bakal tetep ana karo kowé saklawasé, yaiku roh suci sing nduduhké apa sing bener.” (Yohanes 14:14, 16, 17) Yésus njamin para muridé bakal nampa roh suci, yaiku juru tulung liyané. Kuwi kelakon ing dina Péntakosta.
Yésus kandha, ”Sedhéla manèh donya ora bakal ndelok aku, nanging kowé bakal ndelok aku, merga aku terus urip lan kowé bakal urip.” (Yohanes 14:19) Sakwisé Yésus diuripké manèh, para muridé bakal ndelok dhèwèké sakdurungé munggah ing swarga, lan sukmbèn, para murid uga bakal ana bareng karo Yésus ing swarga.
Saiki, Yésus ngandhani piwulang iki: ”Sapa waé sing nampa préntah-préntahku lan nindakké kuwi, yakuwi wong sing nresnani aku. Wong sing nresnani aku bakal ditresnani Bapakku, lan aku uga bakal nresnani dhèwèké, lan bakal nduduhké kanthi cetha marang dhèwèké sapa aku iki.” Wektu krungu kuwi, Rasul Yudas, sing uga disebut Tadéus, takon, ”Gusti, ngapa kok nganti panjenengan arep nduduhké kanthi cetha marang aku kabèh, lan dudu marang donya?” Yésus njawab, ”Wong sing nresnani aku bakal nindakké omonganku. Bapakku bakal nresnani dhèwèké . . . Sapa sing ora nresnani aku, ora nindakké omonganku.” (Yohanes 14:21-24) Ora kaya para pengikuté Yésus, akèh-akèhé wong ing donya iki ora ngakoni nèk Yésus kuwi dalan, sing bener, lan sing marahi urip.
Sakwisé Yésus ora ana, piyé para muridé isa kèlingan kabèh piwulangé Yésus? Yésus kandha, ”Juru tulung kuwi, yaiku roh suci, sing bakal dikirim Bapak nganggo jenengku, kuwi sing bakal mulangké kabèh perkara marang kowé lan ngélingké kowé bab kabèh sing wis tau tak omongké marang kowé.” Para rasul wis ndelok dhéwé nèk kabèh sing ditindakké Yésus kuwi dibantu roh suci, mula omongan kuwi mesthi nglipur banget. Yésus kandha manèh, ”Kowé padha tak tinggali katentreman. Aku mènèhi kowé katentremanku. . . . Aja nganti atimu susah lan wedi.” (Yohanes 14:26, 27) Dadi, para murid ora perlu kuwatir merga Bapaké Yésus, yaiku Yéhuwah bakal nuntun lan nglindhungi.
Sedhéla manèh wong-wong kuwi bakal ndelok nèk Gusti Allah isa nglindhungi manungsa. Yésus kandha, ”Panguwasa donya iki bakal teka, lan dhèwèké ora nduwé kuwasa marang aku.” (Yohanes 14:30) Iblis isa mengaruhi Yudas lan ngendhalèni dhèwèké. Nanging, ora ana kelemahan sing diduwèni Yésus sing isa digunakké Sétan kanggo nglawan Gusti Allah, klebu nggawé Yésus mati terus. Apa sebabé? Yésus kandha, ”Aku mung nindakké apa sing dipréntahké Bapak marang aku.” (Yohanes 14:31) Yésus yakin nèk Bapaké bakal nguripké manèh dhèwèké, merga Bapak luwih kuwasa ketimbang Yésus.
-
-
Ngasilké Woh lan Dadi Sahabaté YésusYésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
BAB 120
Ngasilké Woh lan Dadi Sahabaté Yésus
WIT ANGGUR SING SEJATI LAN PANG-PANGÉ
CARANÉ TETEP DITRESNANI YÉSUS
Yésus isih omongan kanggo nguwatké para rasulé. Wektu kuwi mungkin wis tengah wengi lan Yésus mènèhi umpama iki:
”Aku iki wit anggur sing sejati, lan Bapakku kuwi petaniné.” (Yohanes 15:1) Umpama iki ngélingké bab omongané para nabi atusan taun kepungkur, sing nyebut bangsa Israèl kuwi wit angguré Yéhuwah. (Yérémia 2:21; Hoséa 10:1, 2) Nanging, akiré Yéhuwah nolak bangsa kuwi. (Matius 23:37, 38) Mula, wit anggur kuwi mesthiné Yésus, sing mulai digarap Bapaké wektu Yésus dilantik nganggo roh suci ing taun 29 M. Nanging, Yésus ngandhani nèk umpama bab wit anggur iki ora mung ngrembug bab dhèwèké.
Yésus kandha, ”[Bapakku] mbuwang saben pang sing ana ing aku sing ora ngetokké woh. Panjenengané uga ngresiki saben pang sing ngasilké woh, supaya isa ngasilké woh luwih akèh. . . . Pang ora isa ngetokké woh dhéwé kejaba tetep nyawiji karo wité, semono uga kowé ora bakal isa ngetokké woh kejaba tetep nyawiji karo aku. Aku iki wit anggur, lan kowé kabèh kuwi pang-pangé.”—Yohanes 15:2-5.
Yésus janji marang para muridé sing setya nèk sakwisé Yésus lunga, Yésus bakal ngutus juru tulung, yaiku roh suci. Sèket siji dina sakbanjuré, para rasul lan wong liyané nampa roh suci lan dadi pang-pangé wit anggur kuwi. Kabèh ”pang-pangé” kudu tetep nyawiji karo Yésus. Apa sebabé?
Yésus kandha, ”Nèk wong tetep nyawiji karo aku lan aku nyawiji karo wong kuwi, dhèwèké bakal ngasilké akèh woh. Kowé ora isa nindakké apa-apa tanpa aku.” ’Pang-pang’, yaiku para pengikuté Yésus sing setya, bakal ngasilké akèh woh kanthi cara niru sipaté Yésus, nginjil bab Kratoné Allah, lan ndadèkké luwih akèh murid. Nanging, piyé nèk ana sing ora nyawiji lan ora ngasilké woh? Yésus kandha, ”Nèk wong ora tetep nyawiji karo aku, dhèwèké bakal kaya pang sing dibuwang.” Sewaliké, Yésus kandha, ”Nèk kowé tetep nyawiji karo aku, lan omonganku tetep ana ing atimu, njaluka apa waé sing kok péngini lan kuwi bakal diwènèhké marang kowé.”—Yohanes 15:5-7.
Yésus wis ping pindho ngandhani bab pentingé nindakké préntahé. (Yohanes 14:15, 21) Saiki, Yésus ngandhani carané para murid isa mbuktèkké kuwi, yaiku terus ngupaya bèn tetep ditresnani Yéhuwah lan Yésus. Yésus kandha, ”Nèk kowé nindakké préntah-préntahku, kowé bakal tetep dadi wong sing tak tresnani, kaya aku wis nindakké préntah-préntahé Bapak lan tetep dadi wong sing ditresnani Bapak.” Nanging ora mung kuwi, Yésus kandha manèh, ”Iki préntahku, yaiku supaya kowé padha nresnani siji lan sijiné kaya aku wis nresnani kowé. Ora ana wong sing nduwé katresnan sing luwih gedhé ketimbang wong sing masrahké nyawané kanggo sahabat-sahabaté. Kowé kuwi sahabat-sahabatku nèk kowé nindakké apa sing tak préntahké marang kowé.”—Yohanes 15:10-14.
Pirang-pirang jam manèh, Yésus bakal nduduhké katresnané kanthi cara masrahké uripé kanggo kabèh wong sing nduwé iman marang dhèwèké. Para pengikuté kuduné niru tuladhané Yésus iki sing gelem nggawé pangurbanan kanggo wong liya. Katresnan kaya ngono bakal dadi tandha para pengikuté Yésus, kaya kandhané Yésus sakdurungé, ”Nganggo cara iki, kabèh wong bakal ngerti nèk kowé kuwi murid-muridku: yaiku nèk kowé padha nresnani siji lan sijiné.”—Yohanes 13:35.
Yésus nyebut para rasulé kuwi ”sahabat”. Yésus ngandhani alesané, ”Aku nyebut kowé sahabat, merga aku wis ngandhani kowé bab kabèh sing wis tak rungokké saka Bapakku.” Kuwi bener-bener hubungan sing istiméwa merga para rasul isa nduwé hubungan sing akrab karo Yésus lan ngerti apa sing diwulangké Bapak marang Yésus. Para murid kudu ”terus ngasilké woh” supaya isa nduwé hubungan kaya ngono. Nèk kuwi ditindakké, Yésus kandha, ”Apa waé sing kok jaluk marang Bapak nganggo jenengku, bakal diparingké marang kowé.”—Yohanes 15:15, 16.
Katresnan ing antarané ’pang-pang’, utawa para murid, bakal mbantu wong-wong kuwi isa tekun ngadhepi apa sing bakal kelakon. Yésus ngélikké para murid nèk bakal disengiti karo donya. Nanging, Yésus kandha, ”Nèk donya sengit marang kowé, élinga nèk donya wis sengit marang aku sakdurungé sengit marang kowé. Nèk kowé bagéan saka donya, donya bakal nresnani kowé merga kowé duwèké donya. Saiki kowé dudu bagéan saka donya . . . Kuwi sebabé, donya sengit marang kowé.”—Yohanes 15:18, 19.
Yésus nduduhké alesan liyané sing nyebabké donya sengit marang para muridé, kandhané, ”Wong-wong kuwi bakal nindakké kabèh iki marang kowé merga jenengku, sebab wong-wong kuwi ora kenal Panjenengané sing ngutus aku.” Yésus nduduhké nèk wong-wong sengit marang dhèwèké padahal wis ndelok mukjijat-mukjijaté, wong-wong kuwi dosa. Yésus kandha, ”Nèk ing antarané wong-wong kuwi, aku ora tau nindakké gawéan-gawéan sing durung tau ditindakké wong liya, wong-wong kuwi ora dosa. Nanging saiki, wong-wong kuwi wis ndelok aku lan sengit marang aku uga marang Bapakku.” Tumindaké wong-wong kuwi nggenepi ramalan ing Alkitab.—Yohanes 15:21, 24, 25; Jabur 35:19; 69:5.
Sepisan manèh, Yésus janji nèk bakal ngutus juru tulung, yaiku roh suci. Kabèh pengikuté Yésus isa nampa kuwasa saka roh suci sing bakal mbantu para murid kanggo ngasilké woh yaiku ”mènèhi kesaksian” bab Yésus.—Yohanes 15:27.
-
-
”Kuwatna Atimu! Aku wis ngalahké donya”Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
BAB 121
”Kuwatna Atimu! Aku Wis Ngalahké Donya”
PARA RASUL ORA BAKAL NDELOK YÉSUS MANÈH
RASA SEDHIHÉ PARA RASUL BAKAL MALIH DADI RASA BUNGAH
Yésus lan para rasulé sedhéla manèh arep lunga saka ruangan lantai ndhuwur, yaiku panggonan wektu mangan jamuan Paskah. Yésus wis mènèhi akèh naséhat marang para rasul lan saiki mènèhi pangéling-éling, ”Aku ngomongké bab-bab iki marang kowé supaya kowé ora kesandhung. Wong-wong bakal ngusir kowé saka sinagogé. Malah, bakal tekan wektuné, saben wong sing matèni kowé bakal ngira nèk dhèwèké nindakké tugas suci marang Gusti Allah.”—Yohanes 16:1, 2.
Omongané Yésus kuwi mungkin nggawé para rasulé kuwatir. Senajan Yésus tau kandha nèk donya bakal sengit marang para rasulé, nanging Yésus durung tau ngomong langsung nèk para rasulé bakal dipatèni. Apa sebabé? Yésus kandha, ”Mauné aku ora ngandhani kowé bab-bab iki, merga aku isih ana karo kowé.” (Yohanes 16:4) Nanging saiki, sakdurungé lunga, Yésus ngélikké para rasulé. Iki isa mbantu para rasulé supaya ora kesandhung.
Yésus neruské omongané, ”Saiki aku bakal lunga marang Panjenengané sing ngutus aku. Nanging ora ana siji-sijia ing antaramu sing takon karo aku, ’Panjenengan arep lunga menyang ngendi?’” Para rasul sakjané wis takon bab iki wengi kuwi. (Yohanes 13:36; 14:5; 16:5) Nanging, sakwisé krungu nèk bakal dianiaya, para rasul dadi sedhih banget, mula ora sida takon bab kamulyan sing bakal ditampa Yésus lan berkahé kanggo para murid. Yésus ngerti perasaané wong-wong kuwi. Yésus kandha, ”Merga aku wis ngandhani kowé bab-bab iki, atimu dadi sedhih banget.”—Yohanes 16:6.
Yésus kandha, ”Aku lunga kuwi kanggo kepentinganmu. Merga nèk aku ora lunga, juru tulung kuwi ora bakal teka marang kowé. Nanging nèk aku lunga, aku bakal ngirim juru tulung kuwi marang kowé.” (Yohanes 16:7) Para muridé Yésus lagi isa nampa roh suci nèk Yésus wis séda lan munggah menyang swarga. Yésus bakal ngirim roh suci dadi juru tulung marang para pengikuté ing saklumahing bumi.
Roh suci ”bakal mènèhi bukti sing kuwat marang donya bab dosa lan bab apa sing bener lan bab pengadilané Gusti Allah”. (Yohanes 16:8) Maksudé, roh suci bakal nduduhké nèk donya iki kebukti ora nduwé iman marang Putrané Gusti Allah. Sakliyané kuwi, munggahé Yésus menyang swarga bakal mbuktèkké nèk Yésus kuwi bener lan bakal nduduhké apa sebabé Sétan, ”panguwasané donya iki”, pantes diadili.—Yohanes 16:11.
Yésus kandha, ”Isih akèh sing arep tak omongké marang kowé, nanging saiki kowé durung sanggup ngertèni kuwi kabèh.” Wektu Yésus ngesokké roh suci, roh suci kuwi bakal nuntun para murid kanggo paham ”kabèh sing bener”, lan urip manut apa sing bener kuwi.—Yohanes 16:12, 13.
Para rasul dadi bingung karo omongané Yésus bar kuwi: ”Sedhéla manèh kowé bakal ora ndelok aku, lan sedhéla manèh kowé bakal ndelok aku.” Para murid banjur padha takon marang siji lan sijiné apa maksudé Yésus. Yésus ngerti, mula kandha, ”Saktenané aku kandha marang kowé, kowé bakal nangis lan susah banget, nanging donya iki bakal bungah. Kowé bakal sedhih banget, nanging rasa sedhihmu bakal malih dadi rasa bungah.” (Yohanes 16:16, 20) Wektu Yésus dipatèni sésuk awané, para pemimpin agama seneng, nanging para murid ngrasa sedhih. Banjur, rasa sedhih kuwi bakal malih dadi bungah wektu Yésus diuripké manèh lan wektu Yésus ngesokké roh suciné Gusti Allah marang wong-wong kuwi.
Yésus mbandhingké kahanané para rasul karo wong wadon sing arep nglairké. Yésus kandha, ”Wektu wong wadon wis wayahé nglairké, dhèwèké kelaran. Nanging sakwisé nglairké anaké, dhèwèké ora éling manèh karo kasusahané. Dhèwèké bungah merga ana manungsa sing wis dilairké ing donya.” Yésus banjur nguwatké para rasulé, ”Semono uga kowé, saiki kowé sedhih, nanging aku bakal ketemu kowé manèh, lan atimu bakal bungah, lan ora ana sing isa ngrampas rasa bungahmu.”—Yohanes 16:21, 22.
Nganti wektu kuwi para rasul ora tau nyuwun apa-apa nganggo jenengé Yésus. Yésus saiki kandha, ”Ing dina kuwi, kowé bakal nyuwun marang Bapak nganggo jenengku.” Kuwi dudu tegesé Bapak ora gelem njawab donga nèk ora Yésus sing nyuwunké. Yésus kandha, ”Bapak dhéwé nresnani kowé, merga kowé wis nresnani aku . . . aku teka dadi wakilé Gusti Allah.”—Yohanes 16:26, 27.
Omongané Yésus kuwi mungkin nggedhèkké atiné para rasul, mula padha kandha, ”Kuwi sebabé aku kabèh percaya nèk panjenengan kuwi asalé saka Gusti Allah.” Nanging imané para murid ora suwé manèh bakal diuji. Yésus kandha, ”Wektuné bakal teka, malah saiki wis teka, kowé kabèh bakal mencar menyang omahmu dhéwé-dhéwé lan kowé bakal ninggalké aku dhèwèkan.” Yésus ngyakinké, ”Aku wis ngomongké kabèh iki marang kowé supaya kowé nduwé katentreman merga aku. Ing donya iki kowé bakal ngalami sengsara, nanging kuwatna atimu! Aku wis ngalahké donya.” (Yohanes 16:30-33) Dadi, Yésus bakal terus ndhukung para murid. Yésus yakin nèk para muridé uga bakal ngalahké donya, kanthi cara setya nindakké kersané Gusti Allah, senajan Sétan lan donyané ngupaya nggawé ora setya.
-
-
Dongané Yésus ing Ruang NdhuwurYésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
BAB 122
Dongané Yésus ing Ruang Ndhuwur
BERKAH MERGA KENAL GUSTI ALLAH LAN PUTRANÉ
YÉHUWAH, YÉSUS, LAN UMATÉ GUSTI ALLAH DADI SIJI
Merga tresnané sing gedhé, Yésus wis nyiapké para rasulé kanggo ngadhepi sédané Yésus sing saya cedhak. Saiki, Yésus ndhangak ndelok langit lan ndonga marang Bapaké, ”Mulyakna putra Panjenengan supaya putra Panjenengan mulyakké Panjenengan. Panjenengan wis maringi dhèwèké wewenang tumrap kabèh wong, supaya dhèwèké isa mènèhi urip saklawasé marang kabèh wong sing wis Panjenengan pasrahké marang dhèwèké.”—Yohanes 17:1, 2.
Yésus ngerti nèk mulyakké Gusti Allah kuwi bab sing paling penting. Nanging, Yésus uga nyebutké bab urip saklawasé. Merga wis nampa ”wewenang tumrap kabèh wong”, Yésus isa mènèhi paédah saka kurban tebusané marang manungsa. Nanging ora marang kabèh wong. Apa sebabé? Merga Yésus mung bakal mberkahi wong-wong sing tumindaké cocog karo syarat iki: ”Kanggo éntuk urip langgeng, wong-wong kudu kenal karo Panjenengan, siji-sijiné Gusti Allah sing sejati, lan kenal karo Yésus Kristus sing Panjenengan utus.”—Yohanes 17:3.
Dadi, kita kudu kenal cedhak lan nduwé hubungan sing akrab karo Bapak lan Putra. Kita kudu nduwé pandhangan sing padha karo Yéhuwah lan Putrané, lan ngupaya niru sipat-sipat apiké wektu urusan karo wong liya. Kita uga kudu paham nèk mulyakké Gusti Allah kuwi luwih penting ketimbang pangarep-arep urip saklawasé sing diwènèhké marang manungsa. Bab iki Yésus kandha:
”Aku wis ngluhurké Panjenengan ing bumi lan ngrampungké gawéan sing Panjenengan paringké marang aku. Mula saiki, Bapak, mulyakna aku ing sisihé Panjenengan nganggo kamulyan sing tak duwèni ing sisihé Panjenengan sakdurungé donya ana.” (Yohanes 17:4, 5) Yésus njaluk diuripké manèh lan nampa manèh kamulyan ing swarga.
Nanging, Yésus ora lali nèk kudu ngrampungké pelayanané ing bumi. Yésus ndonga, ”Aku wis nggawé asmané Panjenengan nyata marang wong-wong sing Panjenengan pasrahké marang aku saka donya. Wong-wong kuwi duwèké Panjenengan, lan Panjenengan masrahké wong-wong kuwi marang aku, lan wong-wong kuwi wis nindakké pangandikané Panjenengan.” (Yohanes 17:6) Yésus ora mung martakké bab asmané Yéhuwah ing pelayanané. Nanging, Yésus uga mbantu para rasulé ngerti bab sipat-sipat lan carané Yéhuwah urusan karo manungsa.
Para rasul wis kenal Yéhuwah, ngerti tugasé Yésus, lan bab-bab sing diwulangké Yésus. Yésus kandha, ”Aku wis mènèhi wong-wong kuwi pangandika sing wis Panjenengan paringké marang aku, lan wong-wong kuwi wis nampa pangandika kuwi. Wong-wong kuwi ngerti tenan nèk aku teka dadi wakilé Panjenengan lan wis padha percaya nèk Panjenengan sing ngutus aku.”—Yohanes 17:8.
Yésus banjur nduduhké bédané para pengikuté karo akèh-akèhé wong umumé: ”Aku ndonga kanggo wong-wong kuwi. Aku ora ndonga kanggo donya, nanging kanggo wong-wong sing Panjenengan pasrahké marang aku, merga wong-wong kuwi duwèké Panjenengan . . . Bapak sing suci, jaganen wong-wong kuwi demi asmané Panjenengan sing wis Panjenengan paringké marang aku, supaya wong-wong kuwi dadi siji, kaya aku lan Panjenengan dadi siji. . . . Aku wis nglindhungi wong-wong kuwi lan ora ana siji-sijia ing antarané wong-wong kuwi sing sirna, kejaba wong siji sing pancèn bakal disirnakké,” maksudé Yudas Iskariot, sing lagi nindakké rencanané kanggo ngianati Yésus.—Yohanes 17:9-12.
Yésus neruské dongané, ”Donya sengit marang wong-wong kuwi . . . Aku ora nyuwun supaya Panjenengan njupuk wong-wong kuwi saka donya, nanging supaya Panjenengan nglindhungi wong-wong kuwi saka si jahat. Wong-wong kuwi dudu bagéan saka donya, kaya aku dudu bagéan saka donya.” (Yohanes 17:14-16) Senajan urip ing donya sing dikuwasani Sétan, para rasul lan murid liyané kudu terus kepisah saka donya iki lan kejahatané. Piyé carané?
Wong-wong kuwi kudu tetep suci, ngabdi marang Gusti Allah, lan urip manut karo apa sing ditulis ing Kitab-Kitab Ibrani lan wulangan sing bener saka Yésus. Yésus ndonga, ”Gunakna pangandika Panjenengan kanggo nggawé suci wong-wong kuwi, merga pangandika Panjenengan kuwi sing bener.” (Yohanes 17:17) Ing wektuné, ana rasul-rasul sing bakal nulis buku sing diilhamké Gusti Allah, sing uga bakal dadi bagéan saka wulangan ”sing bener”, sing isa nggawé suci wong.
Nanging, ana uga wong liyané sing bakal nampa wulangan ”sing bener”. Yésus banjur ndonga ”ora mung kanggo [11 rasul], nanging uga kanggo wong-wong sing nduwé iman marang [Yésus] sakwisé ngrungokké piwulangé wong-wong kuwi”. Apa sing didongakké Yésus? ”Supaya kabèh wong kuwi dadi siji, kaya Panjenengan, Bapak, nyawiji karo aku lan aku nyawiji karo Panjenengan, supaya wong-wong kuwi uga nyawiji karo aku lan Panjenengan.” (Yohanes 17:20, 21) Yésus lan Bapaké dadi siji, maksudé nduwé tujuan sing padha ing kabèh bab. Yésus ndonga supaya para pengikuté uga kaya ngono.
Ora let suwé bar kuwi, Yésus ngandhani Pétrus lan liyané nèk Yésus bakal lunga kanggo nyiapké panggonan ing swarga kanggo para muridé. (Yohanes 14:2, 3) Yésus saiki ndongakké bab kuwi: ”Bapak, aku péngin supaya wong-wong sing wis Panjenengan pasrahké marang aku isa ana karo aku ing panggonanku, supaya wong-wong kuwi weruh kamulyanku sing wis Panjenengan paringké marang aku, merga Panjenengan nresnani aku sakdurungé wiwitané donya.” (Yohanes 17:24) Yésus nduduhké nèk wiwit mbiyèn, sakdurungé Adam lan Hawa nduwé keturunan, Gusti Allah wis nresnani Yésus, Putra siji-sijiné.
Ing pungkasan dongané, Yésus nandheské manèh rong bab sing penting, yaiku asmané Bapaké, lan katresnané Bapak marang para rasul lan wong liyané sing bakal nampa wulangan ”sing bener”. Yésus kandha, ”Aku wis nggawé asmané Panjenengan dikenal karo wong-wong kuwi, lan aku bakal terus nggawé kuwi dikenal, supaya wong-wong kuwi nduduhké katresnan kaya sing Panjenengan duduhké marang aku, lan supaya aku nyawiji karo wong-wong kuwi.”—Yohanes 17:26.
-
-
Yésus Ndonga Wektu Sedhih Banget lan Susah AtinéYésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
BAB 123
Yésus Ndonga Wektu Sedhih Banget lan Susah Atiné
MATIUS 26:30, 36-46 MARKUS 14:26, 32-42 LUKAS 22:39-46 YOHANES 18:1
YÉSUS ING TAMAN GÈTSEMANI
KRINGETÉ DADI KAYA GETIH SING NÈTÈS ING LEMAH
Yésus wis rampung ndonga bareng karo para rasulé. Banjur, ”sakwisé nyanyi lagu pamuji, Yésus lan para muridé lunga menyang Gunung Zaitun”. (Markus 14:26) Yésus lan para muridé lunga ngétan menyang taman sing disebut Gètsemani, panggonan sing kerep diparani Yésus.
Pas wis tekan ing taman, sing akèh wit-wit zaituné, Yésus ninggalké wolung rasulé lan kandha, ”Lungguha ing kéné dhisik, aku arep mrana kanggo ndonga.” Yésus ngejak telung rasulé, yaiku Pétrus, Yakobus, lan Yohanes mlebu luwih jero ing taman kuwi. Yésus dadi sedhih banget lan susah atiné. Yésus kandha, ”Aku sedhih banget, rasané kaya arep mati. Padha entènana ing kéné lan terusa jaga-jaga karo aku.”—Matius 26:36-38.
Sakwisé maju sithik saka kono, Yésus banjur ”sujud lan mulai ndonga”. Apa sing didongakké Yésus ing wektu sing nyusahké banget kuwi? Yésus ndonga, ”Bapak, ora ana sing mustahil kanggo Panjenengan. Singkirna cawan iki saka aku. Nanging dudu karepku sing kuduné kelakon, mung kersané Panjenengan sing kudu kelakon.” (Markus 14:35, 36) Apa maksudé Yésus? Apa Yésus wedi banjur ora gelem dadi Penebus? Ora!
Wektu ing swarga, Yésus ngerti piyé wong Romawi nyiksa lan nganiaya nganti mati tawanané. Saiki, Yésus dadi manungsa. Yésus nduwé perasaan kaya manungsa biasa lan isa ngrasakké lara, mula mesthiné Yésus ya ora péngin ngalami kaya ngono. Nanging sakjané, Yésus sedhih banget kuwi merga ngerti nèk dhèwèké bakal mati kaya penjahat sing asor lan kuwi isa ngrusak réputasiné Bapaké. Pirang-pirang jam manèh, Yésus bakal dipaku ing cagak merga ditudhuh ngrèmèhké Gusti Allah.
Sakwisé ndonga suwé, Yésus bali marani murid-muridé lan weruh telung rasulé lagi turu. Yésus kandha marang Pétrus, ”Apa kowé ora isa tetep jaga-jaga sak jam waé karo aku? Tetepa jaga-jaga lan terusa ndonga, supaya kowé ora nyerah marang godha.” Yésus ngerti nèk para muridé lagi strès lan wektu kuwi ya wis liwat tengah wengi. Yésus kandha, ”Ati pancèn kepéngin nglakoni, nanging awak ora kuwat.”—Matius 26:40, 41.
Banjur, Yésus lunga manèh lan ndonga nyuwun supaya Gusti Allah nyingkirké ”cawan iki” saka dhèwèké. Pas bali manèh, Yésus weruh telung rasul mau padha turu, padahal kuduné wong-wong kuwi ndonga supaya ora nyerah marang godha. Wektu diélikké Yésus, ”para murid ora ngerti kudu ngomong apa marang Yésus”. (Markus 14:40) Yésus lunga manèh kanggo sing kaping teluné, banjur sujud lan ndonga.
Yésus bener-bener kuwatir merga réputasiné Bapaké isa rusak nèk Yésus mati dadi penjahat. Yéhuwah mirengké dongané Putrané, lan ngutus malaékat kanggo nguwatké Yésus. Senajan ngono, Yésus ora mandheg nyuwun marang Bapaké, nanging malah ”saya tenanan anggoné ndonga”. Yésus ngrasa strès banget. Tanggung jawabé abot, merga urip langgengé Yésus dhéwé lan urip langgengé kabèh manungsa sing nduwé iman, gumantung marang Yésus. Mula, Yésus ngrasa susah banget nganti ’kringeté dadi kaya getih sing nètès ing lemah’.—Lukas 22:44.
Wektu bali marani murid-muridé kanggo sing kaping teluné, Yésus ndelok para rasul kuwi turu manèh. Yésus kandha, ”Ing wektu kaya ngéné iki, kowé malah turu lan ngaso! Deloken, saiki wis wektuné Putrané manungsa diserahké menyang tangané wong-wong dosa. Tangia, ayo lunga. Deloken, sing ngianati aku wis teka.”—Matius 26:45, 46.
-
-
Kristus Dikhianati lan DitangkepYésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
BAB 124
Kristus Dikhianati lan Ditangkep
MATIUS 26:47-56 MARKUS 14:43-52 LUKAS 22:47-53 YOHANES 18:2-12
YUDAS NGIANATI YÉSUS ING TAMAN GÈTSEMANI
PÉTRUS NYABET KUPINGÉ BUDHAKÉ IMAM AGUNG
YÉSUS DITANGKEP
Saiki wis liwat tengah wengi. Para imam wis setuju mbayar Yudas 30 dhuwit pérak kanggo ngianati Yésus. Mula, Yudas mimpin grombolan imam kepala lan wong Farisi kanggo nggolèki Yésus. Wong-wong kuwi uga ngejak para prajurit Romawi sing nggawa senjata lan komandan militèré.
Mungkin bar dikongkon lunga saka acara jamuan Paskah, Yudas langsung marani para imam kepala. (Yohanes 13:27) Banjur, para imam kuwi nglumpukké para petugasé lan sak kelompok prajurit. Yudas mungkin nggawa dhisik wong-wong kuwi menyang panggonané Yésus lan para rasulé ngrayakké Paskah. Nanging, saiki grombolan kuwi wis nyebrangi Lembah Kidron lan mèh tekan Taman Gètsemani. Sakliyané senjata, grombolan kuwi uga nggawa obor lan lampu minyak, ngupaya nggolèki Yésus.
Yudas mimpin grombolan kuwi munggah ing Gunung Zaitun. Yudas yakin nèk Yésus ana ing Taman Gètsemani, merga saksuwéné lunga bola-bali saka Yérusalèm menyang Bétani, Yésus lan para rasulé kerep mampir ing taman kuwi. Nanging, saiki wis wengi lan ana akèh banget wit zaitun ing kana. Wong-wong kuwi mungkin uga durung tau ndélok Yésus. Mula, piyé para prajurit kuwi isa ngenali Yésus? Yudas mènèhi tandha, kandhané, ”Wong sing tak ambung, yakuwi wongé. Tangkepen lan gawanen wong kuwi, jaganen sing tenanan.”—Markus 14:44.
Wektu grombolan wong kuwi tekan ing taman, Yudas ndélok Yésus lan para rasulé. Yudas marani Yésus lan kandha, ”Salam, Rabi!” banjur ngambung Yésus kanthi lembut. Yésus takon, ”Ngapa kowé teka mréné?” (Matius 26:49, 50) Yésus banjur takon manèh, ”Yudas, apa kowé ngianati Putrané manungsa nganggo ambunganmu iki?” (Lukas 22:48) Nanging, Yésus wis ora perduli manèh karo jawabané Yudas.
Yésus saiki marani wong-wong sing nggawa obor lan lampu minyak, lan takon, ”Sapa sing kok golèki?” Wong-wong kuwi njawab, ”Yésus wong Nazarèt.” Yésus kanthi kendel kandha, ”Aku iki wongé.” (Yohanes 18:4, 5) Merga kagèt, wong-wong kuwi padha tiba ing lemah.
Ketimbang mlayu, Yésus takon manèh sapa sing digolèki wong-wong kuwi. Wektu dijawab, ”Yésus wong Nazarèt,” Yésus kanthi tenang kandha, ”Aku wis ngandhani kowé nèk aku iki wongé. Mula nèk kowé nggolèki aku, ejarna wong-wong iki lunga.” Senajan kuwi wengi sing nyusahké banget, Yésus ora lali karo omongané mbiyèn yaiku nèk dhèwèké ’ora bakal kélangan siji-sijia rasulé’. (Yohanes 6:39; 17:12) Yésus terus nglindhungi para rasulé sing setya lan ora ana sing bakal sirna ”kejaba wong siji sing pancèn bakal disirnakké”, yaiku Yudas. (Yohanes 18:7-9) Mula Yésus njaluk supaya para rasulé sing setya kuwi dijarké lunga.
Wektu para prajurit nyedhaki Yésus, para rasul sadhar sing lagi kelakon, mula takon, ”Gusti, apa aku kabèh kudu nyerang wong-wong kuwi nganggo pedhang?” (Lukas 22:49) Sakdurungé dijawab, Pétrus langsung ngetokké salah siji pedhang sing digawa para rasul, banjur nyerang Malkhus, salah siji budhaké imam agung, lan nyabet kupingé tengen nganti pothol.
Nanging, Yésus ndemèk lan marèkké kupingé Malkhus. Banjur karo nyawang Pétrus, Yésus mènèhi piwulang sing penting: ”Lebokna pedhangmu ing wadhahé, merga kabèh wong sing nggunakké pedhang bakal mati merga pedhang.” Yésus lila ditangkep, merga miturut Kitab Suci, ’kabèh kudu kedadéan kaya ngéné iki’. (Matius 26:52, 54) Yésus kandha manèh, ”Aku kan kudu ngombé saka cawan sing Bapak paringké marang aku, ta?” (Yohanes 18:11) Yésus lila nindakké kersané Gusti Allah, senajan kudu mati.
Yésus takon marang grombolan wong kuwi, ”Apa aku iki rampok, kok kowé nganti nggawa pedhang lan penthung kanggo nangkep aku? Saben dina aku lungguh ing bait kanggo mulang, nanging kowé ora nangkep aku. Nanging kabèh iki kelakon supaya tulisané para nabi dadi nyata.”—Matius 26:55, 56.
Para prajurit, komandan militèr, lan para petugas sing diutus wong Yahudi banjur nangkep lan mbanda Yésus. Wektu ndelok iki, para rasul langsung mlayu. Nanging, ana ”wong lanang sing isih enom”, kayané muridé Yésus sing jenengé Markus, terus ana ing antarané grombolan kanggo ngetutké Yésus. (Markus 14:51) Nanging dhèwèké konangan, lan grombolan wong kuwi ngupaya nangkep dhèwèké. Mula, dhèwèké kepeksa ninggalké kain linené lan mlayu.
-
-
Yésus Digawa marang Hanas, Banjur marang KayafasYésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
BAB 125
Yésus Digawa marang Hanas, Banjur marang Kayafas
MATIUS 26:57-68 MARKUS 14:53-65 LUKAS 22:54, 63-65 YOHANES 18:13, 14, 19-24
YÉSUS DIGAWA MARANG HANAS, BEKAS IMAM AGUNG
SANHÈDRIN NGANAKKÉ PENGADILAN SING ORA SAH
Yésus dibanda kaya penjahat lan digawa marang Hanas. Hanas iki mbiyèn dadi imam agung wektu Yésus sing isih bocah nggawé nggumun para guru agama ing bait. (Lukas 2:42, 47) Ana anaké Hanas sing banjur dadi imam agung, nanging saiki mantuné Hanas sing jenengé Kayafas sing dadi imam agung.
Wektu Yésus ditakon-takoni Hanas, Kayafas nglumpukké para anggota Sanhèdrin. Anggotané Sanhèdrin ana 71, klebu imam agung lan wong-wong liyané sing tau nduwé jabatan kuwi.
Hanas takon marang Yésus ”bab murid-muridé lan bab piwulangé”. Yésus njawab, ”Nèk aku ngomong, mesthi ing ngarepé wong akèh. Nèk aku mulang, mesthi ing sinagogé lan ing bait, panggonané kabèh wong Yahudi padha ngumpul, lan wektu ngomong, aku ora tau ndhelik-ndhelik. Ngapa kowé nakoni aku? Takona karo wong-wong sing wis tau ngrungokké omonganku.”—Yohanes 18:19-21.
Sakwisé kuwi, salah siji petugas ngampleng rainé Yésus lan kandha, ”Apa kaya ngono carané njawab imam kepala?” Nanging merga ngerti nèk ora salah, Yésus njawab, ”Nèk omonganku salah, duduhna endi salahé. Nanging nèk omonganku bener, ngapa kowé ngampleng aku?” (Yohanes 18:22, 23) Hanas banjur ngongkon Yésus digawa marang mantuné, yaiku Kayafas.
Kabèh anggotané Sanhèdrin, yaiku imam agung wektu kuwi, para pemimpiné wong Yahudi, lan ahli Taurat, padha ngumpul ing omahé Kayafas. Pengadilan kaya ngono kuwi sakjané ora sah merga dianakké ing wengi Riyaya Paskah. Nanging, wong-wong kuwi ora perduli lan tetep nindakké rencana jahaté.
Wong-wong iki pancèn wis suwé sengit marang Yésus. Sakwisé nguripké manèh Lazarus, Sanhèdrin wis mutuské nèk Yésus kudu dipatèni. (Yohanes 11:47-53) Lan pirang-pirang dina sakdurungé pengadilan iki, wong-wong kuwi padha nggawé rencana jahat kanggo nangkep Yésus lan matèni dhèwèké. (Matius 26:3, 4) Dadi, sakdurungé pengadilan kuwi dimulai, Yésus sakjané wis divonis mati.
Para imam kepala lan anggota Sanhèdrin liyané nggolèk wong-wong sing isa mènèhi kesaksian palsu kanggo nglawan Yésus. Ana akèh sing gelem, nanging kesaksiané wong-wong kuwi padha ora gathuk. Akiré, ana wong loro kandha, ”Aku krungu dhèwèké kandha, ’Aku bakal ngambrukké bait iki sing digawé nganggo tangan, lan ing wektu telung dina aku bakal mbangun bait liyané sing ora digawé nganggo tangan.’” (Markus 14:58) Nanging kesaksiané wong-wong kuwi ya ora gathuk.
Kayafas nakoni Yésus, ”Apa kowé ora péngin njawab? Apa kowé ora krungu tudhuhané wong-wong iki marang kowé?” (Markus 14:60) Yésus tetep meneng waé. Mula, Imam Agung Kayafas nggunakké cara liya.
Kayafas ngerti nèk wong Yahudi ora seneng ana wong sing ngaku-ngaku Putrané Gusti Allah. Sakdurungé, wektu Yésus nyebut Gusti Allah kuwi Bapaké, wong Yahudi arep matèni Yésus. Miturut wong Yahudi, Yésus ”nganggep dhèwèké padha karo Gusti Allah”. (Yohanes 5:17, 18; 10:31-39) Kuwi sebabé, kanthi licik Kayafas saiki kandha marang Yésus, ”Sumpaha demi Gusti Allah sing urip, lan kandhanana aku kabèh, apa kowé Kristus, Putrané Gusti Allah!” (Matius 26:63) Yésus tau ngakoni nèk dhèwèké kuwi Putrané Gusti Allah. (Yohanes 3:18; 5:25; 11:4) Nèk saiki Yésus meneng waé, wong-wong isa mikir nèk Yésus ora ngakoni nèk dhèwèké kuwi Kristus lan Putrané Gusti Allah. Mula Yésus njawab, ”Iya, lan kowé bakal ndelok Putrané manungsa lungguh ing sisih tengené Sing Kuwasa lan teka nganggo méga-méga langit.”—Markus 14:62.
Kayafas nyuwèk klambi njabané lan kandha, ”Dhèwèké wis ngrèmèhké Gusti Allah! Apa awaké dhéwé isih butuh seksi-seksi manèh? Kowé kabèh wis krungu dhéwé wong iki ngrèmèhké Gusti Allah. Saiki, piyé miturutmu?” Pengadilan Sanhèdrin mutuské vonis sing ora adil: ”Dhèwèké pantes mati.”—Matius 26:65, 66.
Wong-wong kuwi banjur ngécé lan njotosi Yésus. Sing liyané ngamplengi lan ngidoni rainé Yésus. Sakwisé nutupi rainé Yésus lan ngamplengi, wong-wong kuwi kandha, ”Nèk kowé pancèn nabi, kandhanana aku, sapa sing ngamplengi kowé?” (Lukas 22:64) Bayangna, Putrané Gusti Allah diadili nganggo cara sing ora sah ing wayah wengi lan ngalami tumindak kasar.
-
-
Pétrus Ora Ngakoni YésusYésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
BAB 126
Pétrus Ora Ngakoni Yésus
MATIUS 26:69-75 MARKUS 14:66-72 LUKAS 22:54-62 YOHANES 18:15-18, 25-27
PÉTRUS ORA NGAKONI YÉSUS PING TELU
Wektu Yésus ditangkep ing Taman Gètsemani, para rasul ninggalké Yésus lan mlayu merga wedi. Nanging, ana rong rasul sing akiré balik ngetutké Yésus, sing siji yaiku Pétrus ”lan salah siji murid liyané”, kayané rasul Yohanes. (Yohanes 18:15; 19:35; 21:24) Pétrus lan Yohanes mungkin nyusul Yésus pas Yésus digawa marang Hanas. Wektu Yésus digawa marang Imam Agung Kayafas, Pétrus lan Yohanes ngetutké saka kadohan. Wong loro kuwi kayané wedi kélangan nyawané, nanging ya kuwatir karo apa sing bakal dialami Gustiné.
Merga Yohanes dikenal karo imam agung, mula dhèwèké isa mlebu menyang halaman omahé Kayafas. Pétrus tetep nunggu ing njaba, ing gerbang nganti Yohanes metu lan ngandhani pembantu wadon sing jaga lawang, banjur nggawa Pétrus mlebu.
Merga wengi kuwi adhem, wong-wong ing halaman nggawé api unggun. Pétrus lungguh bareng wong-wong kuwi bèn ora kadhemen karo ngentèni ”apa sing bakal kedadéan” marang Yésus. (Matius 26:58) Saiki, merga ana api unggun kuwi, pembantu wadon sing ngéntukké Pétrus mlebu dadi isa nitèni Pétrus. Dhèwèké kandha, ”Kowé kan salah siji muridé wong kuwi, ta?” (Yohanes 18:17) Wong-wong liyané ya nitèni Pétrus lan kandha nèk Pétrus kuwi pengikuté Yésus.—Matius 26:69, 71-73; Markus 14:70.
Pitakonan kuwi nggawé Pétrus wedi banget. Dadi, wis ping pindho Pétrus ora ngakoni nèk kenal Yésus. Pétrus kandha, ”Aku ora kenal karo dhèwèké, aku ora ngerti maksud omonganmu.” (Markus 14:67, 68) Pétrus malah lunga menyang cedhaké gerbang, lan ngati-ati bèn aja nganti konangan. Pétrus ya siap ”dikutuk nèk ngapusi lan sumpah” nèk omongané kuwi bener.—Matius 26:74.
Saksuwéné kuwi, pengadilané Yésus isih ditindakké, kayané ing balkon ndhuwur ing omahé Kayafas. Pétrus lan liyané sing nunggu ing ngisor mungkin isa ndelok para seksi palsu sing nudhuh Yésus lagi mlebu-metu ing ruang pengadilan.
Merga logaté Pétrus, wong-wong ing kono ngerti nèk Pétrus ngapusi. Apa manèh, ing antarané wong-wong kuwi ana seduluré Malkhus, sing kupingé disabet pedhang karo Pétrus. Dhèwèké kandha, ”Aku ndelok kowé bareng karo dhèwèké ing taman. Iya, ta?” Nanging Pétrus ora ngakoni manèh kanggo sing kaping teluné, lan ing wektu kuwi uga, pitik jago kluruk, kaya sing wis diomongké Yésus.—Yohanes 13:38; 18:26, 27.
Wektu kuwi, Yésus kayané ngadeg ing balkon lan ndelok ing halaman. Gusti banjur nolèh lan mandeng Pétrus, sing mesthi nggawé atiné Pétrus remuk. Pétrus kèlingan karo apa sing diomongké Yésus pirang-pirang jam sakdurungé, ing ruang ndhuwur. Bayangna piyé perasaané Pétrus wektu sadhar apa sing wis ditindakké. Pétrus banjur lunga lan nangis sesenggukan.—Lukas 22:61, 62.
Pétrus mauné yakin banget nèk imané kuwat lan bakal terus setya. Mula, apa sebabé Pétrus ora ngakoni Yésus? Wektu kuwi, Yésus dijebak lan ditudhuh dadi penjahat sing kejem, padahal ora salah. Kuduné Pétrus mbéla Yésus, nanging malah ninggalké Putrané Gusti Allah, sing omongané isa ”ngasilké urip saklawasé”.—Yohanes 6:68.
Pengalamané Pétrus iki nduduhké nèk wong sing nduwé iman lan setya, ya isa tiba nèk ora siap ngadhepi godha utawa tantangan sing ujug-ujug teka. Muga-muga apa sing dialami Pétrus isa dadi pangéling-éling kanggo kabèh abdiné Gusti Allah.
-