-
Yésus Nggawé Resik Bait ManèhYésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
BAB 103
Yésus Nggawé Resik Bait Manèh
MATIUS 21:12, 13, 18, 19 MARKUS 11:12-18 LUKAS 19:45-48 YOHANES 12:20-27
YÉSUS NGUTUK WIT ARA LAN NGGAWÉ RESIK BAIT
YÉSUS KUDU SÉDA SUPAYA AKÈH WONG ISA URIP SAKLAWASÉ
Yésus lan para muridé wis nginep ing Bétani telung wengi, wiwit wong-wong kuwi teka saka Yérikho. Saiki, dina Senèn tanggal 10 Nisan. Pas isih ésuk banget, Yésus lan para muridé lunga menyang Yérusalèm. Yésus krasa luwé, mula wektu ndelok ana wit ara, Yésus marani wit kuwi. Apa wit kuwi ana wohé?
Usum woh ara kuwi sakjané lagi ing sasi Juni, nanging wektu kuwi godhong-godhongé wis padha thukul padahal isih akir Maret. Mula, wektu marani wit mau Yésus ngira nèk bakal nemokké wohé, nanging ora ketemu. Jebulé, penampilané wit kuwi ngapusi. Yésus banjur kandha, ”Ora ana wong sing bakal mangan wohmu manèh.” (Markus 11:14) Wit ara kuwi langsung alum. Piwulang saka bab iki bakal dikandhakké Yésus sésuk ésuké.
Sakwisé kuwi, Yésus lan para muridé tekan ing Yérusalèm lan langsung lunga menyang bait. Wingi soré, sakjané Yésus wis mara ing bait. Nanging, dina iki Yésus bakal nindakké bab sing mèh padha kaya sing tau ditindakké telung taun sakdurungé pas Paskah taun 30 M. (Yohanes 2:14-16) Dina kuwi Yésus ngusir ”kabèh wong sing dol-tinuku ing bait” lan ”njungkirké méja-méjané para tukang ngijoli dhuwit lan bangku-bangkuné wong-wong sing padha dodolan manuk dara”. (Markus 11:15) Yésus uga nglarang sapa waé sing nggawa barang nrabas liwat bait.
Apa sebabé Yésus tumindak tegas kaya ngono marang wong-wong kuwi? Yésus kandha, ”Apa kowé ora ngerti sing wis ditulis ing Kitab Suci? ’Omah-Ku bakal disebut omah donga kanggo kabèh bangsa’, nanging malah kok dadèkké guwa rampok.” (Markus 11:17) Yésus nyebut wong-wong kuwi rampok merga netepké rega sing larang banget marang wong-wong sing tuku kéwan kanggo kurban. Yésus nganggep tumindak kaya ngono kuwi padha waé meres utawa ngrampok.
Para imam kepala, ahli Taurat, lan para pemimpiné wong Yahudi mesthi krungu tumindaké Yésus iki, lan dadi saya péngin matèni Yésus. Nanging, wong-wong kuwi ora ngerti piyé carané matèni Yésus merga akèh wong padha ngetutké Yésus kanggo ngrungokké piwulangé.
Sing teka ing Paskah kuwi ora mung wong Yahudi asli nanging uga para proselit, yaiku wong sing pindhah agama dadi agama Yahudi. Kuwi klebu wong Yunani sing teka kanggo ngibadah ing riyaya mau. Wong-wong Yunani iki nemoni Filipus, mungkin merga Filipus nduwé jeneng Yunani, lan takon apa isa ketemu karo Yésus. Merga ora yakin bab kuwi, Filipus rembugan karo Andréas. Andréas lan Filipus banjur ngandhani Yésus, sing kayané isih ana ing bait.
Yésus ngerti nèk pirang-pirang dina manèh bakal séda, mula saiki dudu wektuné kanggo nuruti rasa penasarané wong-wong utawa ngupaya bèn terkenal. Yésus banjur nyritakké umpama kanggo njawab rasul loro mau, ”Wektuné wis teka kanggo Putrané manungsa dimulyakké. Saktenané aku kandha, nèk wiji gandum siji ora tiba ing lemah lan ora mati, kuwi mung tetep wiji gandum siji. Nanging nèk mati, kuwi bakal ngasilké akèh woh.”—Yohanes 12:23, 24.
Wiji gandum siji kayané ora ana ajiné. Nanging nèk wiji kuwi tiba ing lemah lan ”mati”, wiji kuwi isa ngetokké tunas lan ngasilké akèh woh. Semono uga, Yésus kuwi siji manungsa sing sampurna, lan merga setya marang Gusti Allah nganti mati, Yésus isa mbukak dalan bèn akèh wong isa urip saklawasé. Nanging, wong kuwi kudu lila nggawé pangurbanan. Yésus kandha, ”Sapa waé sing nresnani nyawané, bakal kélangan nyawané. Nanging sapa sing lila kélangan nyawané ing donya iki, bakal nglindhungi nyawané supaya isa urip saklawasé.”—Yohanes 12:25.
Bab para muridé, Yésus kandha, ”Nèk wong péngin nglayani aku, dhèwèké kudu ngetutké aku. Ing ngendi waé aku ana, pelayanku ya ana ing kono. Nèk wong péngin nglayani aku, Bapak bakal ngajèni dhèwèké.” (Yohanes 12:26) Iki berkah sing gedhé. Wong-wong sing diajèni Yéhuwah bakal mréntah bareng Yésus ing Kratoné Allah.
Merga ngerti nèk sedhéla manèh bakal disiksa lan dipatèni kanthi kejem, Yésus kandha, ”Saiki aku susah banget, lan apa sing kudu tak omongké? Bapak, slametna aku saka mangsa susah iki.” Kuwi dudu tegesé Yésus ora gelem nindakké kersané Gusti Allah. Yésus kandha, ”Nanging, aku teka pancèn kanggo ngadhepi mangsa susah iki.” (Yohanes 12:27) Senajan kudu nganti masrahké nyawané, Yésus tetep gelem nindakké kabèh kersané Gusti Allah.
-
-
Apa Wong Yahudi Bakal Nduwé Iman marang Gusti Allah?Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
BAB 104
Apa Wong Yahudi Bakal Nduwé Iman Marang Gusti Allah?
AKÈH WONG KRUNGU SWARANÉ GUSTI ALLAH
DHASAR KANGGO NGADILI
Pas ing bait, ing dina Senèn tanggal 10 Nisan, Yésus ngomongké bab sédané sing saya cedhak. Merga ngerti nèk kuwi isa mengaruhi asmané Gusti Allah, Yésus kandha, ”Bapak, luhurna asma Panjenengan.” Banjur ana swara banter saka langit, ”Aku wis ngluhurké kuwi lan bakal tak luhurké manèh.”—Yohanes 12:27, 28.
Wong-wong sing ana ing kono padha bingung. Ana sing mikir nèk kuwi swara gludhug. Liyané kandha, ”Ana malaékat sing omongan karo dhèwèké.” (Yohanes 12:29) Nanging, kuwi swarané Yéhuwah. Lan iki dudu sing sepisanan kanggoné manungsa krungu swarané Gusti Allah wiwit Yésus mulai nindakké pelayanané ing bumi.
Telu setengah taun sakdurungé, pas Yésus dibaptis, Yohanes Pembaptis krungu swarané Gusti Allah, ”Iki Putra-Ku sing Tak tresnani, sing nggawé senengé ati-Ku.” Banjur, sakwisé Paskah taun 32 M, Yésus ditransfigurasi ing ngarepé Yakobus, Yohanes, lan Pétrus. Wong telu kuwi krungu Gusti Allah ngendika, ”Iki Putra-Ku sing Tak tresnani, sing nggawé senengé ati-Ku. Rungokna dhèwèké.” (Matius 3:17; 17:5) Nanging saiki, kanggo kaping teluné Yéhuwah ngendika, ana luwih akèh wong sing isa ngrungokké.
Yésus kandha, ”Swara kuwi dudu kanggo aku, nanging kanggo kowé kabèh.” (Yohanes 12:30) Ngendikané Gusti Allah kuwi mbuktèkké nèk Yésus bener-bener Putrané Gusti Allah, Mèsias sing wis dijanjèkké.
Yésus terus setya marang Gusti Allah saksuwéné uripé. Iki mènèhi tuladha sing apik kanggo manungsa lan mbuktèkké nèk Sétan si Iblis, panguwasané donya iki, pantes disirnakké. Yésus kandha, ”Saiki, donya iki lagi diadili, lan panguwasa donya iki bakal diusir.” Sédané Yésus ora nduduhké nèk Yésus kalah, nanging malah menang. Kok isa? Yésus kandha, ”Nanging, nèk aku diangkat saka bumi, aku bakal narik kabèh wong marang aku.” (Yohanes 12:31, 32) Kanthi cara ”diangkat”, maksudé séda ing cagak, Yésus narik wong marang dhèwèké supaya isa éntuk urip saklawasé.
Kanggo nanggepi omongané Yésus kuwi, akèh wong kandha, ”Aku kabèh krungu saka hukum Taurat nèk Kristus tetep ana saklawasé. Kok isa kowé ngomong Putrané manungsa kudu diangkat? Sapa Putrané manungsa kuwi?” (Yohanes 12:34) Senajan wis ana akèh bukti, klebu swarané Gusti Allah dhéwé, akèh-akèhé wong ora gelem ngakoni nèk Yésus kuwi pancèn Putrané manungsa, Mèsias sing dijanjèkké.
Kaya sing tau ditindakké sakdurungé, Yésus nyebut dhèwèké kuwi ”pepadhang”. (Yohanes 8:12; 9:5) Yésus ngandhani wong-wong, ”Mung kari sawetara wektu pepadhang ana ing antaramu. Mlakua mumpung kowé isih nduwé pepadhang kuwi, supaya pepeteng ora nguwasani kowé . . . Mumpung kowé isih nduwé pepadhang kuwi, duduhna iman marang pepadhang kuwi, supaya kowé dadi anak-anaké pepadhang.” (Yohanes 12:35, 36) Yésus banjur lunga, merga tanggal 10 Nisan kuwi durung wektuné Yésus séda. Yésus lagi ”diangkat”, utawa dipaku ing cagak, wektu Paskah tanggal 14 Nisan.—Galatia 3:13.
Akèh-akèhé wong Yahudi ora nduwé iman marang Yésus lan tetep ora gelem nampa bukti nèk Yésus kuwi Wong Sing Mbébaské, sing wis suwé dijanjèkké lan dalan menyang urip langgeng. Kuwi netepi ramalané Yésaya sing kandha nèk mripaté bangsa kuwi bakal digawé wuta, atiné bakal ketutup, lan wong-wong kuwi ora bakal bali marang Yéhuwah kanggo dimarèkké.—Yésaya 6:10; Yohanes 12:40.
Sakjané Nikodémus, Yusuf saka Arimatéa, lan akèh panguwasa liyané ”nduwé iman” marang Yésus. Nanging, apa wong-wong kuwi bakal nduduhké imané kanthi blaka? Apa malah ndhelikké imané merga wedi diusir saka sinagogé, utawa merga ”luwih seneng nampa kamulyan saka manungsa”?—Yohanes 12:42, 43.
Yésus dhéwé nerangké apa sing klebu nduduhké iman marang Yésus: ”Sapa waé sing nduwé iman marang aku, kuwi ora mung nduwé iman marang aku, nanging uga marang Panjenengané sing ngutus aku. Sapa waé sing ndelok aku uga ndelok Panjenengané sing ngutus aku.” Wulangan sing bener sing dipréntahké Gusti Allah kanggo terus diwartakké Yésus kuwi penting, nganti Yésus kandha, ”Sapa waé sing nolak aku lan ora nampa omonganku bakal diadili. Omongan sing wis tak omongké kuwi sing bakal ngadili wong kuwi ing dina pungkasan.”—Yohanes 12:44, 45, 48.
Yésus nyimpulké, ”Aku ora ngomong manut karepku dhéwé, nanging Bapak sing ngutus aku, maringi aku préntah bab apa sing kudu tak omongké lan tak wulangké. Aku ngerti nèk préntahé ngasilké urip saklawasé.” (Yohanes 12:49, 50) Yésus ngerti nèk sedhéla manèh dhèwèké bakal ngurbanké nyawané dadi tebusan kanggo manungsa sing nduduhké iman.—Roma 5:8, 9.
-