-
Piwulang bab Iman saka Wit AraYésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
BAB 105
Piwulang bab Iman saka Wit Ara
MATIUS 21:19-27 MARKUS 11:19-33 LUKAS 20:1-8
PIWULANG BAB IMAN SAKA WIT ARA SING ALUM
WEWENANGÉ YÉSUS DITANTANG
Sakwisé ninggalké Yérusalèm ing dina Senèn soré, Yésus bali menyang Bétani, sing ana ing lèrèng sisih wétané Gunung Zaitun. Yésus kayané nginep ing omahé Lazarus, Maria, lan Marta.
Saiki tanggal 11 Nisan ésuk. Yésus lan para muridé nindakké perjalanan manèh menyang Yérusalèm. Kuwi bakal dadi kesempatan sing pungkasan kanggo Yésus mara ing bait lan mulang ing ngarepé wong akèh. Sakwisé kuwi, Yésus bakal ngrayakké Paskah, netepké Pèngetan sédané, banjur diadili lan dihukum mati.
Ing perjalanan saka Bétani menyang Yérusalèm, pas ngliwati Gunung Zaitun, Pétrus ndelok wit sing wingi dikutuk Yésus. Pétrus kandha, ”Rabi, deloken! Wit ara sing panjenengan kutuk kuwi wis alum.”—Markus 11:21.
Apa sebabé Yésus nggawé wit ara kuwi dadi alum? Yésus njelaské alesané, ”Saktenané aku kandha, nèk kowé nduwé iman lan ora ragu-ragu, kowé ora mung bakal isa nindakké apa sing tak tindakké marang wit ara kuwi, nanging kowé uga mesthi isa ngongkon gunung iki, ’Mumbula lan njegura ing laut,’ lan kuwi bakal kelakon. Lan apa waé sing kok suwun wektu ndonga, kuwi kabèh bakal kok tampa nèk kowé nduwé iman.” (Matius 21:21, 22) Iki dudu sing sepisanan Yésus kandha nèk iman isa mindhah gunung.—Matius 17:20.
Dadi, Yésus nggawé wit ara kuwi alum kanggo nduduhké pentingé nduwé iman marang Gusti Allah. Dhèwèké kandha, ”Apa waé sing kok dongakké lan kok suwun, padha nduwéa iman nèk kowé wis nampa kuwi. Lan kowé mesthi bakal nampa apa sing kok suwun kuwi.” (Markus 11:24) Kuwi piwulang penting kanggo kabèh pengikuté Yésus, utamané kanggo para rasul sing sedhéla manèh bakal ngadhepi akèh ujian sing abot. Sakliyané kuwi, ana piwulang liyané bab iman sing isa kita sinaoni.
Kaya wit ara iki, bangsa Israèl saka njaba kétoké apik nanging sakjané ora. Bangsa Israèl kuwi bangsa sing nduwé perjanjian karo Gusti Allah. Saka njaba, bangsa kuwi kétoké manut hukumé Gusti Allah, nanging sakjané ora nduwé iman lan ora ngasilké woh sing apik. Bangsa kuwi malah nolak Putrané Gusti Allah. Mula, wektu nggawé wit ara kuwi dadi alum, Yésus nduduhké apa sing bakal dialami bangsa sing ora nduwé iman lan ora ngasilké woh kuwi.
Bar kuwi, Yésus lan para muridé tekan Yérusalèm. Kaya biasané, Yésus mlebu ing bait lan mulai mulang. Para imam kepala lan para pemimpin mungkin isih kèlingan karo apa sing Yésus tindakké sakdurungé marang para tukang ngijoli dhuwit. Mula padha takon, ”Nganggo wewenangé sapa kowé nindakké perkara-perkara iki? Utawa sapa sing mènèhi kowé wewenang iki?”—Markus 11:28.
Saiki, gentènan Yésus sing nantang, ”Aku uga arep takon marang kowé. Nèk kowé njawab pitakonanku, aku bakal ngandhani kowé saka ngendi aku éntuk wewenang kanggo nindakké kabèh iki. Baptisan Yohanes kuwi asalé saka Gusti Allah apa manungsa? Coba jawaben.” Para imam lan para pemimpin padha rembugan, ”Nèk awaké dhéwé njawab, ’Saka Gusti Allah,’ dhèwèké bakal kandha, ’Terus, ngapa kowé ora percaya marang Yohanes?’ Nanging, apa awaké dhéwé wani njawab, ’Saka manungsa’?” Wong-wong kuwi mikir kaya ngono merga wedi karo wong akèh sing ”padha nganggep nèk Yohanes kuwi bener-bener nabi.—Markus 11:29-32.
Wong-wong sing nentang Yésus ora isa njawab. Mula padha kandha, ”Aku kabèh ora ngerti.” Yésus kandha, ”Nèk ngono, aku uga ora bakal ngandhani kowé nganggo wewenangé sapa aku nindakké kabèh iki.”—Markus 11:33.
-
-
Rong Umpama bab Kebon AnggurYésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
BAB 106
Rong Umpama bab Kebon Anggur
MATIUS 21:28-46 MARKUS 12:1-12 LUKAS 20:9-19
UMPAMA BAB ANAK LANANG LORO
UMPAMA BAB PARA PETANI
Ing bait, para imam kepala lan para pemimpin lagi waé nantang wewenangé Yésus kanggo nindakké akèh perkara. Jawabané Yésus nggawé wong-wong kuwi padha meneng. Yésus saiki mènèhi umpama sing nduduhké kaya apa sejatiné wong-wong kuwi.
Yésus kandha, ”Ana wong lanang nduwé anak loro. Dhèwèké ngongkon anak sing nomer siji, ’Lé, dina iki kowé nyambut gawéa ing kebon anggur.’ Anaké kuwi njawab, ’Emoh, Pak,’ nanging bar kuwi dhèwèké gela, mula terus mangkat. Wektu ngongkon anaké sing nomer loro nindakké sing padha, anaké kuwi njawab, ’Ya, Pak,’ nanging ora mangkat. Anak sing endi sing manut karo bapaké?” (Matius 21:28-31) Jawabané jelas, anak sing nomer siji kuwi sing akiré nindakké karepé bapaké.
Yésus ngandhani para penentangé, ”Saktenané aku kandha marang kowé, para petugas pajeg lan pelacur bakal mlebu ing Kratoné Allah luwih dhisik ketimbang kowé.” Para petugas pajeg lan pelacur mauné ora ngabdi marang Gusti Allah. Nanging kaya anak sing nomer siji, wong-wong kuwi banjur mertobat lan saiki ngabdi marang Gusti Allah. Sewaliké, para pemimpin agama kaya anak sing nomer loro, sing ngakuné ngabdi marang Gusti Allah nanging ora nindakké kersané. Yésus kandha, ”Wektu Yohanes [Pembaptis] teka marang kowé kanggo mulangké sing bener, kowé ora percaya marang dhèwèké. Nanging petugas pajeg lan pelacur malah percaya marang dhèwèké. Lan kowé, senajan wis weruh iki, kowé tetep ora ngrasa gela lan ora percaya marang dhèwèké.”—Matius 21:31, 32.
Yésus banjur nyritakké umpama liyané. Yésus nduduhké nèk para pemimpin agama ora mung ora ngabdi marang Gusti Allah, nanging uga jahat banget. Yésus crita, ”Ana wong lanang sing nggawé kebon anggur lan mageri kebon kuwi. Dhèwèké uga nggawé panggonan kanggo meres anggur lan ngedegké menara jaga. Banjur dhèwèké nyéwakké kebon angguré marang para petani, terus lunga menyang luar negri. Wektu wis wayahé panèn anggur, dhèwèké ngutus salah siji budhaké marang para petani kuwi kanggo njupuk sebagéan woh anggur saka kebon anggur kuwi. Nanging para petani mau nangkep budhak kuwi, nggebugi dhèwèké, lan budhak kuwi dikongkon lunga tanpa nggawa apa-apa. Banjur dhèwèké ngutus budhak liyané manèh, nanging para petani mau nggebugi sirahé lan tumindak sewenang-wenang marang budhak kuwi. Dhèwèké banjur ngutus budhak liyané, nanging para petani mau matèni budhak kuwi. Dhèwèké ngutus manèh akèh budhak liyané, nanging sebagéan budhak kuwi digebugi lan sebagéan dipatèni.”—Markus 12:1-5.
Wong-wong kuwi mungkin kèlingan karo omongané Yésaya: ”Pakebonané anggur Sang Yéhuwah Gustiné sarwa tumitah iku turuné Israèl, lan para wong Yéhuda iku tetanduran kang diremeni; kang diajeng-ajeng kaadilan, nanging kang ana mung tindak ambek siya, kang diantos-antos kabeneran nanging kang ana mung kaonaran.” (Yésaya 5:7) Padha kaya kuwi, sing nduwé kebon anggur kuwi Yéhuwah, lan kebon anggur kuwi bangsa Israèl, sing dipageri lan dilindhungi nganggo Hukumé Gusti Allah. Yéhuwah ngutus nabi-nabi kanggo mulang lan mbantu umaté ngasilké woh sing apik.
Nanging, ”para petani” tumindak jahat lan matèni ”budhak” sing diutus mau. Yésus kandha, ”Saiki sing diduwèni mung kari wong siji, yaiku anaké lanang sing ditresnani. Akiré, dhèwèké ngutus anaké marang wong-wong kuwi, merga dhèwèké mikir, ’Wong-wong kuwi bakal ngajèni anakku.’ Nanging para petani kuwi kandha marang siji lan sijiné, ’Wong kuwi ahli warisé. Ayo dipatèni, lan warisané bakal dadi duwèké awaké dhéwé.’ Mula wong-wong kuwi nangkep, matèni, lan nyèrèd ahli waris kuwi menyang njabané kebon anggur.”—Markus 12:6-8.
Yésus banjur takon, ”Apa sing bakal ditindakké sing nduwé kebon anggur kuwi?” (Markus 12:9) Para pemimpin agama njawab, ”Merga para petani kuwi jahat, sing nduwé kebon anggur mesthi bakal matèni wong-wong kuwi lan bakal nyéwakké kebon angguré marang petani liya, sing bakal ngekèki woh wektu musim panèn anggur.”—Matius 21:41.
Tanpa sadhar para pemimpin agama kuwi lagi ngomongké bab hukuman sing bakal ditampa wong-wong kuwi dhéwé, merga sing dimaksud ”para petani” ya wong-wong kuwi dhéwé. Woh sing dikersakké Yéhuwah saka para petani kuwi klebu nduwé iman marang Putrané, yaiku Mèsias. Yésus banjur nyawang para pemimpin agama lan kandha, ”Apa kowé ora tau maca ayat iki ing Kitab Suci? ’Watu sing ditolak tukang-tukang bangunan wis dadi watu sing utama. Kuwi asalé saka Yéhuwah lan nggumunké banget kanggo kita.’” (Markus 12:10, 11) Yésus nyimpulké, ”Kuwi sebabé aku kandha marang kowé, Kratoné Allah bakal dijupuk saka kowé lan diwènèhké marang sawijiné bangsa sing nindakké kersané Gusti Allah.”—Matius 21:43.
Para ahli Taurat lan imam kepala ngerti ”nèk wong-wong kuwi dhéwé sing lagi diomongké Yésus ing umpama mau”. (Lukas 20:19) Wong-wong kuwi saya péngin matèni Yésus, ”ahli waris” sing saktenané. Nanging Yésus ora dipatèni wektu kuwi merga wong-wong kuwi wedi karo wong akèh sing nganggep Yésus kuwi nabi.
-
-
Raja Ngundang Wong-Wong ing Pésta MantènanYésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
BAB 107
Raja Ngundang Wong-wong ing Pésta Mantènan
UMPAMA BAB PÉSTA MANTÈNAN
Pelayanané Yésus ing bumi wis arep rampung, lan Yésus terus nggunakké akèh umpama kanggo nyingkapké sipat jahaté para ahli Taurat lan imam kepala. Mula, wong-wong kuwi péngin matèni Yésus. (Lukas 20:19) Saiki, Yésus mènèhi umpama liyané:
”Kraton swarga kuwi kaya raja sing nganakké pésta mantènan kanggo anaké lanang. Raja kuwi ngutus para budhaké kanggo nyeluk para undangan menyang pésta mantènan kuwi, nanging wong-wong mau ora gelem teka.” (Matius 22:2, 3) Yésus nyebutké bab ”Kraton swarga”, mula ”raja” kuwi mesthi maksudé Yéhuwah. ”Anaké lanang” raja kuwi maksudé Putrané Yéhuwah, yaiku Yésus sing lagi ngomongké umpama iki, lan para undangan kuwi maksudé wong-wong sing bakal mréntah bareng Putra mau ing Kraton swarga.
Sapa wong-wong sing sepisanan diundang? Wong-wong Yahudi, merga wong-wong kuwi sing wis krungu dhisik warta bab Kratoné Allah saka Yésus lan para rasulé. (Matius 10:6, 7; 15:24) Bangsa iki nampa perjanjian Hukum Musa ing taun 1513 SM, mula wong-wong kuwi sing sepisanan éntuk kesempatan dadi anggota ”karajan kaimaman”. (Pangentasan 19:5-8) Nanging, kapan wong-wong kuwi bener-bener diundang ing ”pésta mantènan”? Undangan kuwi diwènèhké ing taun 29 M, wektu Yésus mulai martakké bab Kraton swarga.
Piyé tanggepané akèh-akèhé wong Israèl? Kaya sing diomongké Yésus, ”wong-wong mau ora gelem teka”. Akèh-akèhé para pemimpin agama lan wong Israèl ora gelem nampa Yésus dadi Mèsias lan calon Raja sing dipilih Gusti Allah.
Nanging, Yésus nduduhké nèk wong Yahudi bakal éntuk kesempatan kapindho, ”Banjur raja mau ngutus budhak-budhak liyané, lan kandha, ’Omonga marang wong-wong sing wis diundang: ”Aku wis nyiapké akèh maeman. Sapi lan ternak pilihan wis tak belèh. Kabèh wis siap. Ayo padha teka ing pésta!”’ Nanging para undangan kuwi ora perduli, malah padha lunga. Ana sing menyang ladhang, ana sing ngurusi usahané, sing liyané malah nangkep para budhak mau, banjur para budhak kuwi dianiaya lan dipatèni.” (Matius 22:4-6) Iki kelakon wektu jemaat Kristen madeg. Ing wektu kuwi, wong Yahudi sakjané isih nduwé kesempatan kanggo mréntah ing Kraton swarga. Nanging akèh-akèhé nolak, malah nganiaya ’budhak-budhaké raja’.—Kisah 4:13-18; 7:54, 58.
Apa akibaté? Yésus kandha, ”Raja dadi nesu banget, banjur ngutus tentarané kanggo matèni kabèh sing wis matèni budhak-budhaké, lan mbakar kuthané wong-wong kuwi.” (Matius 22:7) Kuwi sing dialami wong Yahudi ing taun 70 M, wektu wong Romawi nyirnakké Yérusalèm.
Sakwisé wong-wong kuwi nolak undangané raja, apa ora ana manèh sing diundang? Ana. Yésus kandha, ”Raja ngomong marang para abdiné, ’Pésta mantènané wis siap, nanging para undangan kuwi ora pantes teka ing pésta iki. Mula, lungaa menyang dalan-dalan utama, lan undangen sapa waé sing kok temoni kanggo teka ing pésta mantènan iki.’ Para budhak mau banjur lunga lan nglumpukké sapa waé sing ditemoni ing dalan, klebu wong jahat lan apik. Panggonan kanggo pésta kuwi nganti kebak tamu.”—Matius 22:8-10.
Iki diwiwiti wektu rasul Pétrus mbantu wong-wong saka bangsa liya dadi wong Kristen. Ing taun 36 M, Kornélius, sawijiné perwira Romawi, lan keluargané nampa roh suci, banjur éntuk kesempatan kanggo mréntah bareng Yésus ing swarga.—Kisah 10:1, 34-48.
Yésus ngandhani nèk ora kabèh tamu bakal ditampa ”raja”. Yésus kandha, ”Wektu raja mlebu kanggo nemoni para tamu, dhèwèké ndelok ana wong lanang sing ora nganggo klambi pésta. Mula raja takon, ’Ngapa kowé teka mréné ora nganggo klambi pésta?’ Wong kuwi meneng waé. Raja banjur ngongkon para abdiné, ’Talènana tangané lan sikilé, terus uncalna ing njaba, ing pepeteng. Ing kono, dhèwèké bakal nangis lan gela banget.’ Akèh wong sing diundang, nanging sing dipilih mung sithik.”—Matius 22:11-14.
Para pemimpin agama sing krungu omongané Yésus mungkin ora paham tegesé umpama mau. Nanging, wong-wong kuwi ora seneng, malah tékadé saya gedhé kanggo matèni Yésus merga wis ngisin-isinké wong-wong kuwi.
-
-
Yésus Ora Isa DijebakYésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
BAB 108
Yésus Ora Isa Dijebak
MATIUS 22:15-40 MARKUS 12:13-34 LUKAS 20:20-40
WÈNÈHNA MARANG KAISAR APA SING DADI DUWÈKÉ KAISAR
APA WONG BAKAL NIKAH SAKWISÉ DIURIPKÉ MANÈH?
RONG PRÉNTAH SING PALING PENTING
Para pemimpin agama padha nesu merga Yésus lagi waé mènèhi umpama sing nyingkapké sipat jahaté wong-wong kuwi. Mula, wong Farisi nggawé rencana bèn Yésus kejebak karo omongané dhéwé lan ditangkep pamréntah Romawi. Wong-wong kuwi mbayar sapérangan pengikuté kanggo njebak Yésus.—Lukas 6:7.
Wong-wong sing wis dibayar kuwi kandha marang Yésus, ”Guru, aku ngerti nèk sing panjenengan omongké lan wulangké kuwi mesthi bener. Panjenengan uga ora mbédak-mbédakké wong, nanging mulangké sing bener bab kersané Gusti Allah kanggo manungsa. Mula, kita éntuk mbayar pajeg kepala marang Kaisar apa ora?” (Lukas 20:21, 22) Yésus ora kapusan wektu dialem kaya ngono. Yésus ngerti wong-wong kuwi munafik lan licik. Nèk njawab, ’Ora éntuk’, Yésus isa ditudhuh nyebabké pemberontakan marang pamréntah Romawi. Nanging nèk kandha, ’Éntuk’, wong-wong ing kono, sing ora pati seneng karo pamréntah Romawi, isa salah paham lan nyerang Yésus. Mula, apa jawabané Yésus?
Yésus kandha, ”Wong munafik, ngapa kowé nguji aku? Duduhna dhuwit rècèh kanggo mbayar pajeg kuwi.” Wong-wong kuwi mènèhi Yésus dhuwit dinar siji. Yésus takon, ”Gambar lan jenengé sapa sing ana ing dhuwit iki?” Wong-wong kuwi njawab, ”Kaisar.” Banjur Yésus kandha, ”Mula, wènèhna marang Kaisar apa sing dadi duwèké Kaisar, nanging marang Gusti Allah apa sing dadi duwèké Gusti Allah.”—Matius 22:18-21.
Wong-wong kuwi nggumun karo jawabané Yésus, banjur lunga merga ora isa ngomong apa-apa manèh. Nanging, ana wong-wong liyané sing isih ngupaya njebak Yésus. Sakwisé wong Farisi gagal, wong Saduki banjur teka marani Yésus.
Wong Saduki, sing ora percaya nèk wong mati isa urip manèh, takon bab urip manèh lan perkawinan ipar: ”Guru, Musa kandha, ’Nèk wong lanang mati tanpa nduwé anak, kakangé utawa adhiné lanang kudu nikah karo randhané wong sing mati mau, supaya wong sing mati mau nduwé keturunan.’ Ing kéné tau ana wong lanang pitu kakang adhi. Sing kapisan nikah banjur mati tanpa nduwé keturunan. Dadi, adhiné lanang terus nikah karo randha mau. Sing kapindho mau ya mati tanpa nduwé keturunan, sing katelu ya ngono. Kuwi kelakon terus nganti sing kapitu. Akiré wong wadon kuwi uga mati. Terus wektu wong-wong mati diuripké manèh, wong wadon kuwi bakal dadi bojoné sapa? Merga wong lanang pitu mau wis tau dadi bojoné.”—Matius 22:24-28.
Yésus njawab nganggo tulisané Musa, sing dipercaya karo wong Saduki mau. Yésus kandha, ”Kowé ora ngerti Kitab Suci lan kuwasané Gusti Allah, mulané kowé klèru. Wektu wong-wong mati diuripké manèh, wong lanang lan wong wadon ora bakal nikah utawa dinikahké, nanging bakal dadi kaya malaékat ing swarga. Nanging bab wong mati sing diuripké manèh, apa kowé ora tau maca ing kitab Musa bab suket eri sing murub? Wektu kuwi Gusti Allah ngendika marang Musa, ’Aku Gusti Allahé Abraham, Gusti Allahé Ishak, lan Gusti Allahé Yakub.’ Panjenengané kuwi dudu Gusti Allahé wong mati, nanging Gusti Allahé wong urip. Kowé klèru banget.” (Markus 12:24-27; Pangentasan 3:1-6) Akèh wong sing nggumun karo jawaban kuwi.
Wong Farisi lan Saduki ora isa mbantah omongané Yésus, mula saiki wong-wong kuwi sepakat kanggo nguji Yésus. Salah siji ahli Taurat takon marang Yésus, ”Guru, préntah endi sing paling penting ing hukum Taurat?”—Matius 22:36.
Yésus njawab, ”Iki sing paling penting: ’Israèl, rungokna! Yéhuwah kuwi Gusti Allah kita, Yéhuwah kuwi ésa, lan tresnaa marang Yéhuwah Gusti Allahmu sakwutuhé atimu, sakwutuhé nyawamu, sakwutuhé pikiranmu, lan sakwutuhé kekuwatanmu.’ Sing kapindho, ’Tresnaa marang pepadhamu kaya kowé nresnani awakmu dhéwé.’ Ora ana préntah liya sing luwih penting ketimbang rong préntah kuwi.”—Markus 12:29-31.
Banjur ahli Taurat kuwi njawab, ”Guru, jawabané panjenengan apik banget lan cocog karo apa sing bener yaiku, ’Gusti Allah kuwi ésa, lan ora ana Gusti Allah liya sakliyané Panjenengané’. Lan, nresnani Panjenengané nganggo sakwutuhé ati, sakwutuhé pikiran, lan sakwutuhé kekuwatan, uga nresnani pepadha kaya nresnani awaké dhéwé kuwi luwih penting ketimbang mènèhké kurban bakaran lan kurban liyané.” Merga wong lanang kuwi njawab kanthi wicaksana, Yésus kandha marang dhèwèké, ”Kowé ora adoh saka Kratoné Allah.”—Markus 12:32-34.
Yésus mulang ing bait telung dina suwéné (tanggal 9, 10, lan 11 Nisan). Ana wong-wong sing seneng ngrungokké Yésus klebu para ahli Taurat. Senajan ngono, para pemimpin agama kuwi ”ora wani takon manèh marang Yésus”.
-
-
Yésus Ngelokké Para Pemimpin AgamaYésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
BAB 109
Yésus Ngelokké Para Pemimpin Agama
MATIUS 22:41–23:24 MARKUS 12:35-40 LUKAS 20:41-47
KRISTUS KUWI PUTRANÉ SAPA?
YÉSUS MBUKAK SIPAT MUNAFIKÉ PARA MUNGSUHÉ
Para pemimpin agama sing nentang Yésus gagal njebak Yésus lan ora isa nyerahké Yésus marang pamréntah Romawi. (Lukas 20:20) Saiki tanggal 11 Nisan lan Yésus isih ana ing bait. Yésus miwiti rembugan lan nduduhké sapa sejatiné dhèwèké kanthi takon, ”Apa pendapatmu bab Kristus? Dhèwèké kuwi putrané sapa?” (Matius 22:42) Wong Yahudi ngerti nèk Kristus utawa Mèsias kuwi keturunané Daud. Mula para pemimpin agama mènèhi jawaban kaya ngono.—Matius 9:27; 12:23; Yohanes 7:42.
Yésus takon manèh, ”Nèk ngono, ngapa Daud sing dituntun roh suci isa nyebut Kristus kuwi Gusti, wektu dhèwèké kandha, ’Yéhuwah ngendika marang Gustiku, ”Lungguha ing sisih tengen-Ku nganti Aku nggawé mungsuh-mungsuhmu ana ing sakngisoré sikilmu”’? Nèk Daud waé nyebut Kristus kuwi Gusti, kok isa Kristus disebut putrané Daud?”—Matius 22:43-45.
Wong Farisi ora isa njawab, merga wong-wong kuwi ngarep-arep Mèsias asalé saka keturunané Daud lan bakal mbébaské saka penjajahan Romawi. Nanging, Yésus nyuplik omongané Daud sing dicathet ing Jabur 110:1, 2 kanggo nduduhké nèk Mèsias ora mung manungsa biasa sing dadi pemimpin. Dhèwèké kuwi Gustiné Daud, sing bakal mréntah sakwisé lungguh ing sisih tengené Gusti Allah. Jawabané Yésus iki nggawé para penentangé ora isa ngomong apa-apa.
Wong Farisi lan ahli Taurat ”nduwé wewenang sing padha karo Musa” kanggo mulang Hukumé Gusti Allah. Saiki, Yésus ngélikké para murid lan akèh wong liyané bab wong-wong kuwi. Yésus kandha, ”Tindakna kabèh sing wis diwulangké, nanging aja niru kelakuané, merga wong-wong kuwi mung ngomong nanging ora nglakoni.”—Matius 23:2, 3.
Yésus banjur mènèhi conto tumindaké para pemimpin agama sing munafik, ”Wong-wong kuwi nggawé luwih gedhé kothak-kothak sing isiné ayat, sing dienggo dadi jimat.” Sapérangan wong Yahudi nganggo kothak cilik isiné cuplikan ayat saka hukum Taurat ing bathuk utawa lengené. Nanging, wong Farisi nggawé luwih gedhé kothak kuwi kanggo nduduhké nèk manut banget karo hukum Taurat. Sakliyané kuwi, wong Israèl pancèn dipréntahké kanggo nggawé gombyok ing pucuk jubahé. Nanging, wong Farisi nggawé ’pucuk jubahé luwih dawa’. (Wilangan 15:38-40) Kuwi ditindakké ”mung supaya didelok wong”.—Matius 23:5.
Para muridé Yésus ya isa waé péngin dadi sing utama, mula Yésus mènèhi naséhat, ”Kowé aja disebut Rabi, merga Gurumu mung siji, lan kowé kabèh kuwi sedulur. Uga, aja nyebut sapa waé ing bumi bapak, merga Bapakmu mung siji yaiku sing ana ing swarga. Uga, kowé aja disebut pemimpin merga Pemimpinmu mung siji yaiku Kristus.” Banjur, para murid kudu piyé? Yésus kandha, ”Sapa sing paling utama ing antaramu kudu ngladèni liyané. Sapa waé sing ngunggulké dhèwèké dhéwé bakal diasorké, lan sapa waé sing ngasorké dhèwèké dhéwé bakal diunggulké.”—Matius 23:8-12.
Yésus banjur ngumumké cilaka kanggo para ahli Taurat lan wong Farisi, ”Cilaka kowé, para ahli Taurat lan wong-wong Farisi. Kowé munafik! Merga kowé nutup lawangé Kraton swarga ing ngarepé wong-wong. Kowé dhéwé ora mlebu, lan kowé uga ngalang-alangi wong sing arep mlebu.”—Matius 23:13.
Yésus ngutuk wong Farisi merga ora ngajèni bab-bab sing dianggep Yéhuwah penting, lan kuwi kétok saka penalarané sing ora masuk akal. Contoné, wong-wong kuwi kandha, ”Nèk ana wong sumpah demi bait, sumpahé kuwi ora ana artiné. Nanging nèk wong sumpah demi emas sing ana ing bait, wong kuwi wajib nindakké sumpahé.” Wong-wong kuwi luwih mentingké emas ing bait ketimbang fungsiné bait kanggo dadi panggonan ngibadah marang Yéhuwah. Wong-wong kuwi ”nyepèlèkké bab-bab sing luwih penting ing hukum Taurat, yaiku kaadilan, welas asih, lan kasetyan”.—Matius 23:16, 23; Lukas 11:42.
Yésus kandha marang wong Farisi, ”Penuntun-penuntun wuta! Nyamuk kok saring saka ombèn-ombènmu, nanging unta malah kok eleg.” (Matius 23:24) Wong-wong kuwi nyaring nyamuk saka ombèn-ombèné merga miturut Taurat nyamuk kuwi najis. Nanging, wong-wong kuwi nyepèlèkké bab-bab sing luwih penting saka Taurat, kaya-kaya ngeleg unta, sing uga kéwan najis nanging luwih gedhé timbang nyamuk.—Kaimaman 11:4, 21-24.
-
-
Dina Pungkasané Yésus ing BaitYésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
BAB 110
Dina Pungkasané Yésus ing Bait
MATIUS 23:25–24:2 MARKUS 12:41–13:2 LUKAS 21:1-6
YÉSUS SEPISAN MANÈH NGELOKKÉ PARA PEMIMPIN AGAMA
BAIT BAKAL DISIRNAKKÉ
RANDHA MISKIN NYUMBANGKÉ DHUWIT RÈCÈH LORO SING CILIK BANGET AJINÉ
Saksuwéné ana ing bait kanggo sing pungkasan, Yésus terus nyingkapké sipat jahaté para ahli Taurat lan wong Farisi, malah terang-terangan nyebut wong-wong kuwi munafik. Yésus kandha, ”Kowé ngresiki bagéan njabané cangkir lan piring, nanging bagéan njeroné kebak keserakahan lan pepénginan sing ora isa dikendhalèni. Wong Farisi sing wuta, resikana dhisik bagéan njeroné cangkir lan piring kuwi, supaya bagéan njabané uga dadi resik.” (Matius 23:25, 26) Wong Farisi terlalu nggatèkké masalah kebersihan lan apa sing kétok, nanging ora ngresiki ati lan pikirané.
Wong-wong kuwi uga munafik merga nggawé lan mènèhi hiasan kuburané para nabi. Nanging, kaya omongané Yésus, wong-wong kuwi ”keturunané wong-wong sing matèni para nabi”. (Matius 23:31) Buktiné, wong-wong kuwi ngupaya matèni Yésus.—Yohanes 5:18; 7:1, 25.
Yésus banjur ngandhani akibaté nèk wong-wong kuwi ora mertobat: ”Ula-ula, keturunané ula sing ana racuné, piyé kowé bakal bébas saka hukuman Géhéna?” (Matius 23:33) Géhéna, utawa Lembah Hinom kuwi panggonan kanggo ngobong sampah, sing dadi lambang hukuman sing langgeng. Kuwi tegesé para ahli Taurat lan wong Farisi sing jahat bakal disirnakké saklawasé.
Para muridé Yésus bakal dadi ”nabi-nabi, wong-wong wicaksana, lan guru-guru”. Apa sing bakal dialami para murid? Yésus kandha marang para pemimpin agama, ”Ana [saka antarané muridku] sing bakal kok patèni lan ana sing bakal kok hukum ing cagak, ana sing bakal kok pecuti ing sinagogé lan ana uga sing bakal kok aniaya saka kutha siji menyang kutha sijiné. Nganggo cara kuwi kowé bakal nanggung getihé kabèh wong bener sing wis diwutahké ing bumi, wiwit saka getihé Habèl yaiku wong sing bener nganti Zakharia . . . sing kok patèni.” Yésus ngélikké, ”Saktenané aku kandha, hukuman kanggo kabèh dosa kuwi bakal ditanggung karo wong-wong jaman iki.” (Matius 23:34-36) Yakuwi sing kelakon ing taun 70 M, wektu tentara Romawi nyirnakké Yérusalèm lan matèni atusan èwu wong Yahudi.
Wektu mikirké kahanan kuwi, Yésus sedhih banget, lan kandha, ”Yérusalèm, Yérusalèm, sing matèni para nabi lan mbandhemi watu wong-wong sing diutus marang kowé, wis ping bola bali aku ngupaya nglumpukké anak-anakmu kaya pitik babon nglumpukké anak-anaké ing ngisor swiwiné. Nanging kowé padha ora gelem. Mula, baitmu bakal ditinggal dadi kosong lan sepi.”—Matius 23:37, 38.
Yésus kandha manèh, ”Kowé kabèh tak kandhani, wiwit saiki kowé ora bakal ndelok aku manèh nganti kowé kandha, ’Muga diberkahi wong sing teka nganggo asmané Yéhuwah!’” (Matius 23:39) Yésus nyuplik ramalan ing Jabur 118:26: ”Binerkahana ingkang rawuh atas asmanipun Pangéran Yéhuwah. Aku padha mberkahi kowé kabèh saka ing padalemaning Sang Yéhuwah.” Dadi cetha nèk wong-wong bakal ngibadah nganggo asmané Yéhuwah, nanging ora ing bait Yérusalèm, merga bait kuwi bakal disirnakké.
Sakwisé kuwi, Yésus banjur lunga menyang panggonan kothak-kothak sumbangan. Wong-wong isa nglebokké sumbangan saka bolongan cilik ing ndhuwuré saben kothak kuwi. Yésus ndelok wong-wong Yahudi, klebu wong-wong sugih sing ”nglebokké dhuwit sing akèh”. Yésus banjur nggatèkké randha miskin sing nglebokké ”rong dhuwit rècèh sing cilik banget ajiné”. (Markus 12:41, 42) Yésus ngerti tenan nèk Gusti Allah seneng karo sumbangané randha iki.
Yésus banjur nyeluk para muridé lan kandha, ”Saktenané aku kandha, randha miskin iki nglebokké luwih akèh ketimbang kabèh wong liya sing nglebokké dhuwit ing kothak sumbangan.” Kok isa? Yésus nerangké, ”Wong-wong kuwi mènèhi saka kaluwihan bandhané. Nanging randha kuwi senajan miskin, nglebokké kabèh duwèké, yaiku kabèh sing diduwèni kanggo nyambung uripé.” (Markus 12:43, 44) Randha iki bener-bener béda karo para pemimpin agama.
Sakwisé kuwi, Yésus ninggalké bait kanggo sing pungkasan. Wektu kuwi isih tanggal 11 Nisan. Ana salah siji muridé sing kandha, ”Guru, deloken watu-watu lan bangunan sing éndah banget iki.” (Markus 13:1) Sapérangan watu sing ana ing témbok bait kuwi pancèn gedhé-gedhé, kuwi nggawé bait kétok kokoh lan ora bakal hancur. Mula para murid mesthi nggumun wektu Yésus kandha, ”Apa kowé ndelok kabèh bangunan sing gedhé iki? Kabèh iki bakal diambrukké. Ora ana siji-sijia watu sing isih numpuk ing ndhuwuré watu liyané.”—Markus 13:2.
Sakwisé ngomongké bab-bab iki, Yésus lan para muridé banjur nyebrang Lembah Kidron lan munggah menyang Gunung Zaitun. Ing kana, Yésus dicedhaki papat rasulé, yaiku Pétrus, Andréas, Yakobus, lan Yohanes. Saka kono, wong-wong kuwi isa ndelok bait sing éndah banget.
-
-
Para Rasul Takon bab Tandha Rawuhé YésusYésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
BAB 111
Para Rasul Takon bab Tandha Rawuhé Yésus
MATIUS 24:3-51 MARKUS 13:3-37 LUKAS 21:7-38
PAPAT MURIDÉ YÉSUS TAKON BAB TANDHA
RAMALANÉ YÉSUS KELAKON ING JAMAN MBIYÈN LAN SAIKI
KITA KUDU TERUS JAGA-JAGA
Dina Selasa, tanggal 11 Nisan wis arep rampung, semono uga pelayanané Yésus ing bumi. Ing dina-dina pungkasané, Yésus sibuk banget. Pas wayah awan Yésus mulang ing bait. Akèh wong sing seneng ngrungokké Yésus, mula ”wektu isih ésuk banget, kabèh wong mara ing bait”. Pas wenginé, Yésus nginep ing njaba kutha Yérusalèm. (Lukas 21:37, 38) Saiki, Yésus lungguh ing Gunung Zaitun bareng karo patang rasulé yaiku Pétrus, Andréas, Yakobus, lan Yohanes.
Papat rasul iki marani Yésus wektu ora ana wong liya. Wong-wong kuwi péngin ngerti apa sing bakal kelakon bab bait merga Yésus bar mènèhi ramalan nèk ora ana siji-sijia watu sing isih numpuk ing ndhuwuré watu liyané. Nanging, ora mung kuwi. Sakdurungé, Yésus kandha, ”Tetepa siap merga Putrané manungsa bakal teka ing jam sing ora kok sangka.” (Lukas 12:40) Yésus uga tau kandha bab ”dina wektu Putrané manungsa nduduhké kuwasané”. (Lukas 17:30) Apa kuwi kabèh ana hubungané karo omongané Yésus bab bait? Para rasul penasaran, mula padha kandha, ”Kandhanana aku kabèh, kapan bab-bab kuwi bakal kelakon, lan apa sing bakal dadi tandha rawuhé panjenengan lan tandha pungkasané jaman iki?”—Matius 24:3.
Para rasul kuwi mungkin péngin ngerti kapan bait ing Yérusalèm disirnakké. Sakliyané kuwi, para rasul uga takon bab rawuhé Putrané manungsa, mungkin merga kèlingan umpama sing diwulangké Yésus bab ’bangsawan sing lunga menyang negara sing adoh kanggo dadi raja, lan sakwisé kuwi dhèwèké bakal bali’. (Lukas 19:11, 12) Para rasul uga péngin ngerti apa sing bakal dadi ”tandha pungkasané jaman iki”.
Ing jawabané sing rinci, Yésus mènèhi tandha bab kapan Yérusalèm lan baité bakal disirnakké. Nanging, Yésus uga nggunakké tandha kuwi kanggo mbantu wong Kristen ing jaman saiki isa ngerti apa wong-wong kuwi urip ing dina-dina ”rawuhé” Yésus, yaiku pungkasané jaman.
Para rasul suwé-suwé isa ndelok dhéwé nèk ramalané Yésus digenepi. Malah, akèh bab sing diramalké Yésus mulai kelakon ing jamané para rasul kuwi. Mula, ing taun 70 M, yaiku 37 taun sakwisé Yésus nyampèkké ramalan kuwi, wong Kristen wis ora kagèt wektu Yérusalèm lan baité disirnakké. Nanging, ora kabèh ramalané Yésus kelakon ing jaman kuwi. Mula, apa sing bakal dadi tandha rawuhé Yésus kanggo mréntah dadi Raja? Yésus ngandhani jawabané marang para rasulé.
Yésus mènèhi ramalan nèk bakal ana ”perang lan warta-warta bab perang” uga ”bangsa bakal nglawan bangsa, lan kerajaan nglawan kerajaan”. (Matius 24:6, 7) Yésus uga kandha nèk ”bakal ana gempa bumi sing gedhé, lan ing ngendi-endi bakal ana kurang pangan uga wabah penyakit”. (Lukas 21:11) Yésus banjur ngélikké para muridé, ”Wong-wong bakal nangkep lan nganiaya kowé.” (Lukas 21:12) Bakal ana nabi-nabi palsu sing nyasarké akèh wong. Kejahatan bakal saya akèh, lan katresnané akèh-akèhé wong bakal saya suda. Yésus uga kandha nèk ”kabar apik bab Kraton iki bakal diwartakké ing saklumahing bumi, dadi kesaksian kanggo kabèh bangsa, sakwisé kuwi pungkasané donya bakal teka”.—Matius 24:14.
Senajan ramalané Yésus kelakon sakdurungé lan saksuwéné Yérusalèm disirnakké karo wong Romawi, nanging ramalan kuwi uga bakal kelakon ing skala sing luwih gedhé ing jaman saiki. Apa panjenengan wis ndelok buktiné?
Salah siji tandha rawuhé Yésus yaiku ”ana perkara sing njijiki sing nyebabké karusakan”. (Matius 24:15) Ing taun 66 M, ramalan bab ”perkara sing njijiki” digenepi wektu ”tentara [Romawi] sing kémah ing saubengé Yérusalèm” nggawa bendéra-bendéra sing nduduhké penyembahan brahala. Wong-wong kuwi uga ngrusak sebagéan témboké kutha kuwi. (Lukas 21:20) Dadi, ”perkara sing njijiki” kuwi ngadeg ing panggonan sing ora sakmesthiné, yaiku ”panggonan suci”.
Yésus banjur mènèhi ramalan, ”Bakal ana sengsara gedhé sing durung tau kedadéan saka wiwitané donya nganti saiki, lan ora bakal kedadéan manèh.” Ing taun 70 M, tentara Romawi nyirnakké Yérusalèm, yaiku ”kutha suci”, klebu baité. Kedadéan iki mbuktèkké nèk ana sengsara gedhé wektu kuwi, merga éwonan wong Yahudi dipatèni. (Matius 4:5; 24:21) Yérusalèm lan wong Yahudi durung tau ngalami karusakan nganti kaya ngono. Wong-wong kuwi ora isa manèh ngibadah ing bait Yérusalèm, sing wis dienggo kanggo ngibadah nganti pirang-pirang abad. Mula, nèk ramalan iki kelakon ing skala sing luwih gedhé, kuwi mesthi bakal dadi kedadéan sing medèni banget.
TETEP NDUWÉ HARAPAN SAKSUWÉNÉ DINA-DINA PUNGKASAN
Yésus karo para rasulé isih rembugan bab tandha rawuhé kanggo mréntah dadi Raja lan bab pungkasané jaman iki. Saiki, Yésus ngélikké para muridé nèk bakal ana ”Kristus-Kristus palsu lan nabi-nabi palsu”. Yésus kandha nèk wong-wong kuwi bakal ngupaya kanggo ”nyasarké wong-wong pilihan”. (Matius 24:24) Nanging, wong-wong pilihan kuwi ora bakal disasarké. Kristus-Kristus palsu kuwi isa didelok, nanging rawuhé Kristus kuwi ora kétok.
Bab sengsara gedhé sing bakal kelakon ing pungkasané jaman, Yésus kandha, ”Srengéngé bakal dadi peteng, bulan bakal ilang cahyané, bintang-bintang bakal tiba saka langit, lan kuwasa-kuwasa langit bakal digoncangké.” (Matius 24:29) Para rasul sing ngrungokké omongan kuwi ora ngerti piyé kuwi bakal kelakon, nanging yakin nèk kedadéan wektu kuwi bakal medèni banget.
Apa pengaruhé kedadéan iki marang wong-wong? Yésus kandha, ”Wong bakal semaput merga kewedèn lan merga mbayangké apa sing bakal ngenani bumi, merga kuwasa-kuwasa langit bakal goncang.” (Lukas 21:26) Cetha nèk kuwi bakal dadi mangsa sing paling medèni ing sejarah uripé manungsa.
Nanging, Yésus nduduhké kanthi cetha marang para rasulé nèk ora kabèh wong bakal wedi wektu ”Putrané manungsa teka nganggo kuwasa lan kamulyan sing gedhé”. (Matius 24:30) Yésus kandha nèk Gusti Allah bakal mèlu campur tangan merga ”wong-wong pilihan”. (Matius 24:22) Mula, piyé kuduné tanggepané para muridé Yésus wektu ndelok akèh kedadéan sing medèni kuwi kelakon? Yésus kandha, ”Wektu bab-bab kuwi mulai kelakon, ngadega kanthi jejeg lan ndhangaka, merga ora suwé manèh kowé bakal dibébaské.”—Lukas 21:28.
Nanging, piyé para muridé Yésus ing jaman saiki isa ngerti nèk pungkasané donya iki wis cedhak? Yésus mènèhi umpama bab wit ara: ”Sakwisé pang-pangé sing enom dadi empuk lan ngetokké godhong-godhong, kowé ngerti nèk musim panas wis cedhak. Semono uga kowé, nèk kowé ndelok kabèh iki kelakon, ngertia nèk Putrané manungsa wis cedhak, wis ing ngarep lawang. Saktenané aku kandha marang kowé, generasi iki ora bakal sirna nganti kabèh iki kelakon.”—Matius 24:32-34.
Dadi, wektu ndelok akèh tandha saka ramalan kuwi kelakon, para muridé Yésus kuduné sadhar nèk pungkasané donya wis cedhak. Yésus banjur mènèhi pangéling-éling marang para muridé sing urip ing akir jaman.
Yésus kandha, ”Bab dina lan jamé, ora ana sing ngerti. Malaékat-malaékat ing swarga ora ngerti, Putra ya ora ngerti, mung Bapak sing ngerti. Kaya kahanan ing jamané Nuh, semono uga mbésuk pas rawuhé Putrané manungsa. Sakdurungé Banjir Gedhé teka, wong-wong padha mangan lan ngombé, wong-wong lanang nikah lan wong-wong wadon dinikahké, nganti pas dinané Nuh mlebu ing bahtera. Wong-wong kuwi ora nggatèkké nganti Banjir Gedhé kuwi teka lan nyirnakké wong-wong kuwi kabèh. Semono uga mbésuk pas rawuhé Putrané manungsa.” (Matius 24:36-39) Dadi, padha kaya Banjir Gedhé ing jamané Nuh, rawuhé Yésus uga bakal mènèhi pengaruh sak donya.
Para rasul sing ngrungokké Yésus ing Gunung Zaitun kuwi sadhar nèk kudu tetep siap. Yésus kandha, ”Ngati-atia aja nganti atimu kabotan beban merga kakèhan mangan, kakèhan ngombé, lan nguwatirké urip, banjur dina kuwi ujug-ujug teka ngenani kowé kaya jiret. Merga dina kuwi bakal ngenani kabèh wong sing manggon ing saklumahing bumi. Mula, kowé kudu tetep waspada lan terus nyuwuna supaya kowé isa slamet saka kabèh sing kudu kelakon kuwi, lan isa ngadeg ing ngarepé Putrané manungsa.”—Lukas 21:34-36.
Yésus sepisan manèh nduduhké nèk ramalané bakal kelakon ing skala sing luwih gedhé. Yésus ora ngramalké bab kedadéan-kedadéan sing bakal kelakon 30 utawa 40 taun sakbanjuré, lan mung mengaruhi kutha Yérusalèm lan wong Yahudi thok. Nanging kedadéan iki ”bakal ngenani kabèh wong sing manggon ing saklumahing bumi”.
Yésus kandha nèk murid-muridé kudu terus jaga-jaga lan siap. Kanggo nduduhké pentingé bab iki, Yésus nyritakké umpama liyané, ”Nèk sing nduwé omah wis ngerti jam pira maling arep teka, dhèwèké mesthi bakal tetep jaga-jaga lan ora ngejarké omahé dibobol. Mula, buktèkna nèk kowé siap, merga Putrané manungsa bakal teka ing wektu sing ora kok sangka-sangka.”—Matius 24:43, 44.
Yésus mènèhi para muridé alesan supaya tetep nduwé harapan. Yésus njamin nèk wektu ramalané kelakon, bakal ana ”budhak” sing tetep siap lan sregep. Yésus mènèhi umpama sing gampang dingertèni para rasulé: ”Sapa sakjané budhak sing setya lan wicaksana, sing dilantik karo majikané kanggo ngurus pelayan-pelayan ing omahé, lan mènèhi pangan marang wong-wong mau ing wektu sing pas? Bungah banget budhak kuwi nèk pas majikané teka, majikané ndelok dhèwèké lagi nindakké tugasé. Saktenané aku kandha, majikané bakal nglantik dhèwèké kanggo ngurus kabèh bandhané.” Nanging nèk ”budhak” kuwi tumindak jahat lan malah nggebugi budhak liyané, majikané bakal ”mènèhi hukuman sing paling abot”.—Matius 24:45-51; bandhingna Lukas 12:45, 46.
Kuwi dudu tegesé nèk bakal ana sakelompok pengikuté Yésus sing dadi jahat. Mula, apa sing sakjané péngin diwulangké Yésus marang para muridé? Yésus péngin para muridé tetep siap lan sregep. Kuwi bakal diwulangké ing umpama sakbanjuré.
-
-
Umpama bab Sepuluh Prawan, Pentingé Terus SiapYésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
BAB 112
Umpama bab Sepuluh Prawan, Pentingé Terus Siap
YÉSUS MÈNÈHI UMPAMA BAB SEPULUH PRAWAN
Yésus lagi waé njawab pitakonané para rasulé bab tandha rawuhé lan pungkasané jaman iki. Saiki, Yésus mènèhi naséhat wicaksana liwat siji umpama. Kedadéan sing digambarké ing umpama iki bakal digenepi ing mangsa rawuhé Yésus.
Yésus miwiti umpama kuwi kanthi kandha, ”Kraton swarga isa diumpamakké kaya sepuluh prawan sing nggawa lampu minyaké lan metu kanggo nyambut mantèn lanang. Prawan sing lima bodho, lan sing lima wicaksana.”—Matius 25:1, 2.
Iki dudu tegesé nèk separo muridé sing bakal nampa warisan Kraton swarga kuwi bodho lan separoné wicaksana. Maksudé Yésus kuwi nèk saben muridé isa milih arep dadi wong sing tetep siap utawa malah dadi keslimur. Nanging, Yésus yakin nèk saben abdiné bakal tetep setya lan akiré nampa berkah saka Bapaké.
Ing umpama kuwi, sepuluh prawan mau metu kanggo nyambut mantèn lanang lan teka ing acara mantènan. Wektu mantèn lanang teka, para prawan kuwi bakal madhangi dalan sing diliwati mantèn lanang nganggo lampu minyak sing digawa. Banjur ngiring mantèn kuwi karo bojoné menyang omah sing wis disiapké. Nanging, apa sing bakal kelakon?
Yésus kandha, ”Prawan sing bodho nggawa lampuné, nanging ora nggawa minyak cadangan. Prawan sing wicaksana nggawa lampuné lan uga nggawa minyak ing botol. Merga mantèn lanang ora teka-teka, para prawan mau dadi ngantuk lan keturon.” (Matius 25:3-5) Mantèn lanang ora teka ing wektu sing dikarepké. Merga kudu ngentèni suwé, para prawan kuwi keturon. Para rasul mungkin kèlingan karo umpama sing diwulangké Yésus bab bangsawan sing lunga adoh lan ’akiré bali’ sakwisé dadi raja.—Lukas 19:11-15.
Yésus banjur ngandhani apa sing kelakon wektu mantèn lanang teka, ”Wektu tengah wengi, ana wong sing mbengok, ’Mantèn lanang wis teka! Metua kanggo nyambut dhèwèké!’” (Matius 25:6) Apa kabèh prawan kuwi tetep siap lan waspada?
Yésus kandha manèh, ”Banjur kabèh prawan mau tangi lan nyiapké lampuné. Prawan sing bodho kandha marang prawan sing wicaksana, ’Aku njaluk minyakmu sithik waé, merga lampuku wis arep mati.’ Prawan sing wicaksana njawab, ’Kétoké ora cukup nèk dienggo aku lan kowé. Lungaa marang wong sing dodol minyak lan tukua kanggo awakmu dhéwé.’”—Matius 25:7-9.
Dadi, limang prawan kuwi ora siap lan waspada wektu mantèn lanang teka. Para prawan kuwi kentèkan minyak lan kudu tuku. Yésus kandha, ”Wektu prawan-prawan sing bodho kuwi tuku minyak, mantèn lanang teka. Prawan-prawan sing wis siap terus mlebu bareng mantèn lanang ing pésta mantènan, banjur lawangé ditutup. Sakwisé kuwi, prawan lima liyané padha teka lan kandha, ’Pak, Pak, aku bukakna lawang!’ Mantèn lanang kuwi njawab, ’Tak kandhani sing saktenané, aku babar blas ora kenal kowé.’” (Matius 25:10-12) Merga ora siap, akibaté nyedhihké tenan.
Para rasul ngerti nèk mantèn lanang kuwi maksudé Yésus dhéwé. Sakdurungé, Yésus wis tau nggambarké dhèwèké kuwi mantèn lanang. (Lukas 5:34, 35) Lan sapa sing dimaksud karo para prawan? Wektu nyebutké bab ”kelompok cilik” sing bakal mréntah ing swarga, Yésus kandha, ”Nganggoa klambi lan siap-siapa, lan pastèkna lampu minyakmu murub terus.” (Lukas 12:32, 35) Mula ing umpama iki, para rasul ngerti nèk para prawan kuwi maksudé para rasul lan wong liyané sing dadi bagéan kelompok cilik. Mula, apa piwulang saka umpama iki?
Yésus mungkasi umpama iki kanthi kandha, ”Dadi, terusa jaga-jaga, merga kowé ora ngerti dina utawa jamé.”—Matius 25:13.
Cetha nèk Yésus mènèhi naséhat marang para muridé sing setya supaya ’terus jaga-jaga’ saksuwéné mangsa rawuhé. Yésus bakal teka lan para muridé kudu siap lan waspada kaya limang prawan sing wicaksana. Nganggo cara kuwi, para murid tetep nduwé harapan lan akiré isa nampa berkah.
-
-
Umpama bab Talènta, Pentingé Terus SregepYésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
BAB 113
Umpama bab Talènta, Pentingé Terus Sregep
YÉSUS MÈNÈHI UMPAMA BAB TALÈNTA
Wektu isih bareng karo patang rasulé ing Gunung Zaitun, Yésus mulang umpama liyané. Pirang-pirang dina sakdurungé, wektu ing Yérikho, Yésus mènèhi umpama bab mina kanggo nduduhké nèk Kratoné Allah isih bakal mréntah sukmbèn. Lan saiki Yésus mènèhi umpama liyané sing mèh padha. Iki bagéan saka katrangané Yésus bab rawuhé lan pungkasané jaman iki. Umpama iki mulang nèk para murid kudu sregep nindakké tugas sing wis dipercayakké.
Yésus miwiti umpama iki: ”Kraton kuwi uga diumpamakké kaya wong lanang sing arep lunga menyang luar negri. Dhèwèké ngundang budhak-budhaké lan masrahké hartané marang budhak-budhak kuwi.” (Matius 25:14) Sakdurungé, Yésus madhakké dhèwèké dhéwé karo wong lanang sing lunga adoh ”kanggo dadi raja”. Mula, para rasul isa ngerti nèk Yésus kuwi ”wong lanang” sing dicritakké ing umpama iki.—Lukas 19:12.
Sakdurungé lunga menyang luar negri, wong lanang kuwi masrahké hartané marang budhak-budhaké. Saksuwéné telung taun setengah, Yésus terus martakké kabar apik bab Kratoné Allah lan nglatih para muridé kanggo nindakké kuwi. Ora suwé manèh Yésus bakal lunga. Nanging Yésus yakin nèk para muridé bakal terus nindakké gawéan kuwi.—Matius 10:7; Lukas 10:1, 8, 9; bandhingna Yohanes 4:38; 14:12.
Ing umpama iki, piyé wong lanang kuwi ngedumké hartané? Yésus crita, ”Sing siji diwènèhi limang talènta, sing liyané rong talènta, lan sing liyané manèh sak talènta, miturut kesanggupané dhéwé-dhéwé. Banjur wong kuwi lunga menyang luar negri.” (Matius 25:15) Apa sing bakal ditindakké para budhak kuwi marang harta sing wis dipercayakké mau? Apa para budhak kuwi bakal sregep nggunakké harta kuwi kanggo kepentingané majikané? Yésus ngandhani para muridé:
”Budhak sing nampa limang talènta kuwi langsung lunga lan nggunakké talènta kuwi kanggo usaha, lan dhèwèké éntuk untung limang talènta manèh. Semono uga, budhak sing nampa rong talènta uga éntuk untung rong talènta manèh. Nanging budhak sing mung nampa sak talènta lunga lan ngubur dhuwité majikané ing njero lemah.” (Matius 25:16-18) Apa sing bakal kelakon wektu majikané mulih?
Yésus neruské, ”Suwé sakwisé kuwi, majikané teka lan étung-étungan karo budhak-budhak mau.” (Matius 25:19) Loro budhak sing kapisan ngupaya tenanan ”miturut kesanggupané dhéwé-dhéwé”. Saben budhak kuwi sregep, kerjané mempeng, lan isa nambahi hartané majikané. Budhak sing nampa limang talènta éntuk untung limang talènta manèh. Semono uga budhak sing nampa rong talènta uga éntuk untung rong talènta manèh. (Ing wektu kuwi, sak talènta kuwi opahé wong kerja kira-kira 20 taun.) Majikané ngalem loro budhak kuwi, ”Apik banget, kowé pancèn budhak sing apik lan setya. Kowé wis setya marang perkara sing sithik. Aku bakal nglantik kowé kanggo ngurus perkara sing luwih akèh. Mèlua bungah karo majikanmu.”—Matius 25:21.
Banjur piyé karo budhak sing nampa sak talènta? Yésus kandha, ”Ndara, aku ngerti nèk panjenengan wong sing seneng nuntut. Ndara manèn padahal ora nyebar lan nglumpukké hasil panèn padahal ora napèni. Mula aku wedi, banjur lunga kanggo ngubur talènta kuwi ing njero lemah. Iki, tak balèkké duwèké panjenengan.” (Matius 25:24, 25) Budhak kuwi ora nabungké dhuwité majikané ing bank, sing sakjané isa mènèhi keuntungan kanggo majikané. Dadi, budhak kuwi ora kerja kanggo kepentingané majikané.
Mula cocog nèk majikan mau nyebut budhak kuwi ”budhak sing jahat lan males”. Apa sing diduwèni budhak kuwi bakal dijupuk lan diwènèhké marang budhak liyané sing sregep. Majikan kuwi banjur kandha, ”Merga sapa sing nduwé, bakal dikèki luwih akèh manèh malah nganti lubèr. Nanging, sapa sing ora nduwé, senajan mung sithik sing diduwèni, kuwi bakal dijupuk saka dhèwèké.”—Matius 25:26, 29.
Para muridé Yésus kudu mikirké tenanan bab iki. Kaya budhak-budhak kuwi, para murid wis diwènèhi bab sing aji banget, yaiku gawéan kanggo ndadèkké murid. Yésus péngin supaya para murid sregep nindakké tugas iki. Nanging, Yésus ora ngarep-arep saben muridé mènèhi hasil sing padha. Kaya umpama mau, saben wong kudu ngupaya ”miturut kesanggupané dhéwé-dhéwé”. Kuwi dudu tegesé Yésus nyetujoni sikap ”males” lan akiré ora nindakké tugas kuwi.
Para rasul mesthi seneng banget merga Yésus mènèhi jaminan, ”Sapa sing nduwé, bakal dikèki luwih akèh manèh malah nganti lubèr.”
-
-
Kristus Bakal Ngadili Wedhus Gèmbèl lan Wedhus JawaYésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
BAB 114
Kristus Bakal Ngadili Wedhus Gèmbèl lan Wedhus Jawa
YÉSUS MÈNÈHI UMPAMA BAB WEDHUS GÈMBÈL LAN WEDHUS JAWA
Ing Gunung Zaitun, Yésus wis mènèhi umpama bab sepuluh prawan lan bab talènta. Saiki, Yésus njawab pitakonané para rasul bab tandha rawuhé lan tandha pungkasané jaman iki. Yésus nyritakké umpama sing pungkasan yaiku bab wedhus gèmbèl lan wedhus jawa.
Yésus miwiti umpama kuwi kanthi kandha, ”Wektu Putrané manungsa teka ing kamulyané bareng karo kabèh malaékat, dhèwèké bakal lungguh ing tahtané sing mulya.” (Matius 25:31) Yésus kuwi tokoh utama ing umpama iki, merga Yésus kerep nyebut nèk dhèwèké kuwi ”Putrané manungsa”.—Matius 8:20; 9:6; 20:18, 28.
Kapan umpama iki bakal digenepi? Iki bakal kelakon sukmbèn wektu Yésus ”teka ing kamulyané” bareng karo para malaékaté, lan lungguh ”ing tahtané sing mulya”. Yésus lagi waé nyritakké nèk ”Putrané manungsa teka ing ndhuwur méga-méga langit nganggo kuwasa lan kamulyan sing gedhé” bareng karo para malaékaté. Kapan Yésus teka? ”Ora suwé sakwisé mangsa sengsara kuwi.” (Matius 24:29-31; Markus 13:26, 27; Lukas 21:27) Apa sing bakal dhèwèké tindakké?
Yésus nerangké, ”Wektu Putrané manungsa teka . . . . Kabèh bangsa bakal diklumpukké ing ngarepé, lan dhèwèké bakal misahké wong-wong, kaya pangon misahké wedhus gèmbèl saka wedhus jawa. Lan dhèwèké bakal manggonké wedhus gèmbèl ing sisih tengené, lan wedhus jawa ing sisih kiwané.”—Matius 25:31-33.
Bab wedhus gèmbèl, Yésus kandha, ”Banjur, Raja bakal kandha marang sing ana ing sisih tengené, ’Mrénéa, kowé sing wis diberkahi Bapakku, warisana Kraton sing wis disiapké kanggo kowé saka wiwitané donya.’” (Matius 25:34) Apa sebabé Raja mberkahi wedhus-wedhus kuwi?
Raja kandha, ”Wektu aku luwé, kowé ngekèki aku mangan. Aku ngelak, kowé ngekèki aku ngombé. Kowé ora kenal aku lan aku ora ngerti arep manggon ing ngendi, nanging kowé nampa aku ing omahmu. Aku ora klambèn, kowé ngekèki aku klambi. Aku lara, kowé ngrumat aku. Aku ing penjara, kowé marani aku.” Wektu wedhus gèmbèl yaiku ”wong-wong sing bener” takon kapan wong-wong kuwi nindakké bab-bab mau, Raja njawab, ”Nèk kowé nindakké kanggo salah siji saka antarané sedulurku sing dianggep paling ora penting iki, kowé nindakké kuwi kanggo aku.” (Matius 25:35, 36, 40, 46) Ing swarga ora ana wong lara utawa luwé. Dadi, bab-bab mau mesthi ditindakké marang sedulur-seduluré Kristus ing bumi.
Piyé bab wedhus jawa, sing ana ing sisih kiwané Raja? Yésus kandha, ”Raja bakal kandha marang sing ana ing sisih kiwané, ’Kowé kuwi wong-wong sing dikutuk, lungaa saka ngarepku! Mlebua ing geni sing langgeng, sing disiapké kanggo Iblis lan para malaékaté. Merga wektu aku luwé, kowé ora ngekèki aku mangan. Aku ngelak, nanging kowé ora ngekèki aku ngombé. Kowé ora kenal aku lan aku ora ngerti arep manggon ing ngendi, nanging kowé ora nampa aku ing omahmu. Aku ora klambèn, nanging kowé ora ngekèki aku klambi. Aku lara lan ing penjara, nanging kowé ora ngrumat aku.’” (Matius 25:41-43) Wedhus-wedhus jawa iki pantes dihukum merga ora tumindak apik marang sedulur-seduluré Kristus ing bumi.
Saka umpama iki, para rasul ngerti nèk pangarep-arep urip lan mati sukmbèn kuwi gumantung saka pengadilané Raja iki. Yésus kandha, ”Banjur Raja bakal njawab, ’Saktenané aku kandha, nèk kowé ora nindakké kanggo salah siji saka antarané sedulurku sing dianggep paling ora penting iki, kowé ora nindakké kuwi kanggo aku.’ Wong-wong iki bakal disirnakké saklawasé, nanging wong-wong sing bener bakal nampa urip langgeng.”—Matius 25:45, 46.
Jawabané Yésus marang para rasul iki kudu dipikirké tenanan karo para pengikuté Yésus supaya isa mriksa manèh sikap lan tumindaké.
-