PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Seneng Nesu Kuwi Ora Apik
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
    • Kain nesu pas Habèl mènèhké persembahan kanggo Yéhuwah

      PELAJARAN 4

      Seneng Nesu Kuwi Ora Apik

      Sakwisé diusir saka Taman Èden, Adam lan Hawa nduwé anak akèh. Anaké sing pertama jenengé Kain. Adhiné jenengé Habèl. Kain dadi petani lan Habèl dadi gembala.

      Kain lan Habèl mènèhi persembahan kanggo Yéhuwah. Kowé ngerti ora persembahan kuwi apa? Kuwi hadiah kanggo Yéhuwah. Yéhuwah seneng karo persembahané Habèl. Tapi, Yéhuwah ora seneng karo persembahané Kain. Kain dadi nesu banget. Yéhuwah ngandhani Kain nèk dhèwèké nesu terus, dhèwèké dadi isa nggawé dosa. Tapi, Kain ora gelem ngrungokké Yéhuwah.

      Kain ngomong karo Habèl, ʼAyo lunga ing padhang.’ Ing padhang ora ana sapa-sapa. Terus, Kain matèni Habèl. Terus Yéhuwah piyé? Yéhuwah ngukum Kain. Kain dikon lunga adoh saka keluargané lan ora éntuk bali manèh.

      Kain lan Habèl ing padhang

      Apa sing isa dipelajari saka crita iki? Awaké dhéwé mungkin péngin nesu nèk ora éntuk apa sing dikarepké. Nèk péngin nesu utawa ana sing ngandhani awaké dhéwé bèn aja nesu, awaké dhéwé kudu cepet-cepet berupaya bèn ora tambah nesu.

      Habèl sayang lan manut Yéhuwah. Mula, Yéhuwah bakal terus ngéling-éling Habèl. Yéhuwah bakal nguripké Habèl manèh ing bumi firdaus.

      ”Rukuna dhisik karo sedulurmu, terus balia lan wènèhna korbanmu.”​—Matius 5:24

      Pertanyaan: Sapa jenengé anaké Adam lan Hawa sing nomer siji lan nomer loro? Kenapa Kain matèni adhiné?

      Purwaning Dumadi 4:1-12; Ibrani 11:4; 1 Yohanes 3:11, 12

  • Kapalé Nuh
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
    • Nuh lan keluargané nggawé kapal

      PELAJARAN 5

      Kapalé Nuh

      Manungsa dadi tambah akèh. Tapi, akèh-akèhé dadi wong jahat. Malah, ana malaékat-malaékat ing swarga sing dadi jahat. Malaékat-malaékat jahat kuwi ninggalké swarga, terus teka ing bumi. Kowé ngerti ora sebabé? Malaékat-malaékat jahat kuwi péngin dadi manungsa bèn isa nikah karo wong-wong wédok ing bumi.

      Bar nikah, para malaékat jahat kuwi nduwé anak-anak lanang. Anak-anak kuwi dadi wong sing kuwat banget. Wong-wong kuwi seneng ngganggu lan njahati wong liya. Yéhuwah ora seneng karo tumindaké wong-wong kuwi. Mula, Yéhuwah mutuské kanggo ngukum wong-wong jahat nganggo banjir.

      Nuh sak keluarga nggawé kapal lan nyiapké panganan

      Tapi, ana wong sing ora jahat. Dhèwèké sayang karo Yéhuwah. Wong kuwi jenengé Nuh. Nuh lan bojoné nduwé anak telu, jenengé Sèm, Ham, lan Yafèt. Telu-teluné wis nduwé bojo. Yéhuwah ngongkon Nuh nggawé kapal bèn Nuh lan keluargané isa slamet saka banjir kuwi. Kapal kuwi gedhé banget, bentuké kothak, lan isa ngapung ing banyu. Yéhuwah ya ngongkon Nuh nglebokké kéwan-kéwan ing njero kapal bèn padha slamet.

      Nuh langsung nggawé kapal. Kira-kira butuh 50 taun kanggo nggawé kapal kuwi. Nuh lan keluargané nggawé kapal persis kaya sing dikarepké Yéhuwah. Nuh ya ngandhani wong-wong nèk bakal ana Banjir Gedhé. Tapi, ora ana sing gelem ngrungokké Nuh.

      Saiki wektuné Nuh lan keluargané mlebu kapal. Piyé kelanjutané? Ayo diteruské critané.

      ”Wektu Anaké manungsa bali, keadaané bakal kaya pas jamané Nuh.”​—Matius 24:37

      Pertanyaan: Kenapa ana Banjir Gedhé? Yéhuwah ngongkon Nuh kanggo ngapa waé?

      Purwaning Dumadi 6:1-22; Matius 24:37-41; 2 Pétrus 2:5; Yudas 6

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim