PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yakub Éntuk Warisan
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
    • Yakub mènèhi Ésau bubur bèn éntuk hak anak pertama

      PELAJARAN 12

      Yakub Éntuk Warisan

      Ishak, Ribka, lan anak kembaré yaiku Yakub lan Ésau

      Ishak umuré 40 taun pas nikah karo Ribka. Ishak sayang banget karo Ribka. Akhiré, Ishak lan Ribka nduwé anak lanang kembar loro.

      Anak pertama jenengé Ésau, adhiné jenengé Yakub. Ésau seneng dolan ing njaba. Dhèwèké ya pinter berburu. Tapi, Yakub seneng ing omah.

      Ing jaman kuwi, anak lanang pertama bakal éntuk bagian tanah lan dhuwit sing paling akèh nèk bapaké wis mati. Kuwi disebut warisan. Ing keluargané Ishak, dadi bagian saka janjiné Yéhuwah karo Abraham kuwi termasuk warisan. Ésau ora perduli karo janjiné Yéhuwah. Tapi, Yakub nganggep kuwi penting.

      Yakub lan Ésau

      Wektu mulih saka berburu, Ésau kesel banget. Ésau ngerti nèk Yakub lagi masak. Ésau ngomong, ’Aku péngin mangan! Aku njaluk buburmu sing abang-abang kuwi!’ Yakub njawab, ’Ya, tapi warisanmu kanggo aku, lho.’ Terus, Ésau njawab, ’Ya wis kanggo kowé waé. Aku ya ora butuh warisan kuwi. Aku mung péngin mangan.’ Nurutmu, sing ditindakké Ésau kuwi bener apa ora? Jelas ora. Ésau ngijolké warisané sing berharga, mung merga péngin mangan bubur.

      Pas Ishak wis tuwa banget, dhèwèké arep mènèhi berkah kanggo anaké sing pertama. Tapi, Ribka mbantu Yakub bèn éntuk berkah kuwi, padahal Yakub anak nomer loro. Wektu ngerti soal kuwi, Ésau nesu banget lan péngin matèni adhiné. Ishak lan Ribka péngin nglindhungi Yakub. Mula, wong loro kuwi ngomong, ’Lungaa ing omahé Laban, kakangé ibumu. Manggona ing kana nganti Ésau ora nesu manèh.’ Yakub ngrungokké naséhaté wong tuwané. Dhèwèké lunga ing omahé Laban.

      ”Apa gunané wong éntuk kabèh sing ana ing donya iki, ning kélangan nyawané? Senajan wong mènèhké kabèh duwèké, apa dhèwèké isa nylametké nyawané?”​—Markus 8:36, 37

      Pertanyaan: Apa bédané Yakub karo Ésau? Kenapa Yakub sing éntuk berkah, dudu Ésau?

      Purwaning Dumadi 25:20-34; 27:1–28:5; Ibrani 12:16, 17

  • Yakub lan Ésau Rukun Manèh
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
    • Yakub sujud, terus diparani karo Ésau

      PELAJARAN 13

      Yakub lan Ésau Rukun Manèh

      Yéhuwah janji nèk bakal nglindhungi Yakub kaya Dhèwèké nglindhungi Abraham lan Ishak. Yakub manggon ing Haran. Ing kono, Yakub nikah, nduwé anak akèh, lan dadi sugih banget.

      Bar kuwi, Yéhuwah ngongkon Yakub, ’Balia ing dhaèrah asalmu.’ Yakub lan keluargané manut. Ing perjalanan, ana pembantuné Yakub sing teka, terus ngomong, ’Kakangmu lagi perjalanan mréné. Dhèwèké mréné karo wong 400.’ Yakub wedi banget. Yakub mikir nèk Ésau bakal nyerang dhèwèké lan keluargané. Mula, Yakub ndonga, ’Yéhuwah, tulung slametké aku saka kakangku.’ Sésuké, Yakub ngirim hadiah domba, kambing, sapi, unta, lan keledai sing akèh banget kanggo Ésau.

      Benginé, pas lagi dhèwèkan, Yakub ketemu karo malaékat. Yakub gelut karo malaékat kuwi nganti ésuk. Senajan awaké lara kabèh, Yakub ora nyerah. Malaékat kuwi ngomong, ’Eculna aku.’ Yakub njawab, ’Wegah. Kowé kudu mberkahi aku sik.’

      Yakub akhiré diberkahi karo malaékat kuwi. Saiki Yakub yakin nèk Yéhuwah bakal nglindhungi dhèwèké saka Ésau.

      Ésuké, saka kadohan Yakub ndelok Ésau teka karo wong 400. Yakub mlaku ndhisiki keluargané, terus marani Ésau lan sujud ing ngarepé Ésau nganti ping pitu. Ésau ya marani Yakub, terus meluk Yakub. Wong loro kuwi nangis, lan akhiré padha rukun manèh. Nurutmu, apa Yéhuwah seneng karo Yakub?

      Bar kuwi, Ésau mulih ing omahé. Yakub ya nglanjutké perjalanané. Yakub nduwé anak lanang 12. Anaké jenengé Rubèn, Siméon, Lèwi, Yéhuda, Dan, Naftali, Gad, Asyèr, Isakhar, Zébulon, Yusuf, lan Bènyamin. Salah siji anaké Yakub sing jenengé Yusuf digunakké Yéhuwah kanggo nglindhungi umaté. Apa kowé ngerti piyé carané? Ayo diteruské critané.

      ”Kowé kudu terus nresnani mungsuh-mungsuhmu lan ndongakké wong-wong sing nganiaya kowé. Kuwi dadi bukti nèk kowé anak-anaké Bapakmu ing swarga.”​—Matius 5:44, 45

      Pertanyaan: Piyé critané Yakub isa éntuk berkah? Yakub ngapa waé bèn isa rukun manèh karo Ésau?

      Purwaning Dumadi 28:13-15; 31:3, 17, 18; 32:1-29; 33:1-18; 35:23-26

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim