PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Raja Utara ing Wekasaning Jaman
    Warta Penting (Wulangan)—2020 | Mei
    • ARTIKEL PELAJARAN 19

      Raja Utara ing Wekasaning Jaman

      ”Ing wekasaning jaman [ratu nagara Lor] bakal diperangi déning ratuné nagara Kidul.”​—DN. 11:40.

      LAGU 150 Ngupayaa Bèn Dislametké Yéhuwah

      ISINÉ ARTIKEL IKIa

      1. Ramalané Alkitab ngandhani awaké dhéwé soal apa?

      SAKA Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti apa sing bakal dialami karo umaté Yéhuwah. Alkitab ngramalké peristiwa-peristiwa penting sing bakal kelakon ing masa depan sing ana pengaruhé kanggo awaké dhéwé. Misalé, ing Dhanièl pasal 11, ana ramalan soal raja loro sing mungsuhan sing disebut raja utara lan raja selatan.b Saka ramalan kuwi, awaké dhéwé isa ngerti apa sing sukmbèn bakal ditindakké karo negara-negara sing kuwat. Merga ramalan kuwi sebagéan wis kelakon, awaké dhéwé isa yakin nèk kabèh bagéan saka ramalan kuwi mesthi ya bakal kelakon.

      2. Bèn isa bener-bener ngerti artiné ramalané Danièl, apa sing perlu diéling-éling sakwisé maca Purwaning Dumadi 3:15; Wahyu 11:7; lan 12:17?

      2 Bèn isa ngerti sapa sing dimaksud karo raja-raja sing disebutké ing Dhanièl pasal 11, awaké dhéwé kudu éling nèk raja-raja kuwi nggambarké pamréntahan sing ana hubungané karo umaté Yéhuwah merga akèh-akèhé umaté Yéhuwah manggon ing dhaérah kekuasaané raja-raja kuwi, utawa merga raja-raja kuwi sengit karo umaté Yéhuwah. Apa sebabé raja-raja kuwi sengit karo umaté Yéhuwah, padahal umaté Yéhuwah kuwi jumlahé ora pati akèh? Sétan péngin nyingkirké kabèh wong sing ngabdi marang Yéhuwah lan Yésus. Mula, raja-raja sing wis dipengaruhi karo Sétan kuwi akhiré ya ora seneng karo umaté Yéhuwah. (Wacanen Purwaning Dumadi 3:15 lan Wahyu 11:7; 12:17.) Terus, awaké dhéwé ya kudu éling nèk ramalan sing dicathet ing Dhanièl pasal 11 kuduné cocog karo ramalan liyané sing ana ing Alkitab. Dadi, bèn isa bener-bener ngerti artiné ramalané Danièl kuwi, awaké dhéwé ya kudu nggatèkké ayat-ayat liyané sing ana hubungané karo ramalan kuwi.

      3. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki lan ing artikel sakbanjuré?

      3 Saiki, awaké dhéwé bakal ngrembug Dhanièl 11:25-39. Saka ayat-ayat kuwi, awaké dhéwé bakal ngerti sapa sing dadi raja utara lan raja selatan ing taun 1870 nganti 1991. Awaké dhéwé ya bakal ngerti apa sebabé katrangan sing mbiyèn njelaské soal ayat-ayat kuwi saiki kudu diganti. Ing artikel sakbanjuré, awaké dhéwé bakal ngrembug Dhanièl 11:40–12:1. Ing artikel kuwi, awaké dhéwé bakal ngerti nèk ayat-ayat kuwi sakjané nduduhké peristiwa-peristiwa sing kelakon ing taun 1991 nganti Armagédon. Bèn isa luwih paham wektu ngrembug artikel-artikel kuwi, awaké dhéwé isa nggatèkké tabél ”Raja-Raja sing Mungsuhan ing Wekasaning Jaman”. Saiki, ayo dirembug dhisik apa waé sing perlu digatèkké bèn isa ngerti sapa sing dimaksud karo raja utara lan raja selatan.

      SING PERLU DIGATÈKKÉ

      4. Bèn isa ngerti sapa sing dimaksud karo raja utara lan raja selatan, persamaan apa waé sing kudu digatèkké?

      4 Pas nemoni Danièl, malaékaté Yéhuwah kandha, ”Aku banjur mréné prelu awèh sumurup marang kowé bab apa kang bakal kelakon tumrap bangsamu [yaiku, umaté Yéhuwah].” (Dn. 10:14) Saka kono, awaké dhéwé isa ngerti nèk istilah raja utara lan raja selatan kuwi sakjané digunakké kanggo nduduhké raja-raja sing mréntah ing dhaérah sing ana ing sisih lor lan sisih kidulé bangsa Israèl. Ning, kèt dina Péntakosta taun 33 M, Yéhuwah nganggep nèk sing dadi umaté kuwi murid-muridé Yésus, dudu bangsa Israèl. Dadi, akèh bagéan saka ramalan ing Dhanièl pasal 11 kuwi sakjané nduduhké peristiwa-peristiwa sing ana hubungané karo murid-muridé Yésus, dudu bangsa Israèl. (Kis. 2:1-4; Rm. 9:6-8; Gal. 6:15, 16) Senajan pamréntahan sing dadi raja utara lan raja selatan kuwi béda-béda, ning pamréntahan-pamréntahan kuwi nduwé persamaan. Pertama, pamréntahan-pamréntahan kuwi ana hubungané karo umaté Yéhuwah merga akèh-akèhé umaté Yéhuwah manggon ing dhaérah kekuasaané, utawa merga pamréntahan-pamréntahan kuwi sengit karo umaté Yéhuwah. Keloro, saka tumindaké marang umaté Yéhuwah, pamréntahan-pamréntahan kuwi nduduhké nèk dhèwèké ora seneng karo Yéhuwah. Lan ketelu, pamréntahan-pamréntahan kuwi padha saingan merga péngin dadi negara sing paling kuwat.

      5. Apa ana pamréntahan sing dadi raja utara lan raja selatan ing antarané taun 100 nganti 1870? Jelasna.

      5 Ora suwé sakwisé para rasul mati, wong-wong Kristen palsu mulai mlebu ing jemaat lan mulangké ajaran palsu. Akibaté, wong-wong dadi ora ngerti wulangan sing bener lan nganti taun 1870-an ora ana organisasiné Yéhuwah ing bumi. Kaya alang-alang sing thukul ing ladhang, wong-wong Kristen palsu kuwi dadi saya akèh lan nggawé umaté Yéhuwah dadi angèl dikenali. (Mat. 13:36-43) Apa hubungané katrangan iki karo ramalané Danièl? Merga kèt taun 100 nganti 1870 ora ana organisasiné Yéhuwah ing bumi, mula pamréntahan-pamréntahan sing ana wektu kuwi ora isa mungsuhi umaté Yéhuwah. Iki nduduhké nèk wektu kuwi ora ana pamréntahan sing dadi raja utara lan raja selatan.c Ning, awaké dhéwé isa yakin nèk ora suwé sakwisé taun 1870 bakal ana pamréntahan-pamréntahan sing dadi raja utara lan raja selatan manèh. Apa buktiné?

      6. Kapan umaté Yéhuwah mulai diorganisasi manèh? Jelasna.

      6 Ing taun 1870, umaté Yéhuwah mulai diorganisasi manèh. Wektu kuwi, Charles T. Russell lan kanca-kancané ngumpul kanggo sinau Alkitab. Russell lan kanca-kancané dadi utusan sing ”ngrata dalan” merga wong-wong kuwi mbantu umaté Yéhuwah bèn isa siap wektu Kratoné Gusti Allah mulai mréntah. (Ml. 3:1) Kuwi artiné, organisasiné Yéhuwah ing bumi mulai ana manèh. Nèk ngono, pamréntahan-pamréntahan endi sing bakal mungsuhi umaté Yéhuwah? Ayo digatèkké peristiwa-peristiwa sing kelakon wektu kuwi.

      SAPA SING DIMAKSUD RAJA SELATAN?

      7. Sapa sing dadi raja selatan nganti Perang Donya I?

      7 Sing dadi raja selatan nganti Perang Donya I yaiku negara Inggris. Apa buktiné? Kèt taun 1870, Inggris nduwé dhaérah kekuasaan sing paling gedhé lan pasukan militèr sing paling kuwat nèk dibandhingké karo negara-negara liyané. Terus, Danièl ya ngramalké nèk ana sungu cilik sing bakal ngalahké telung sungu liyané. (Dn. 7:7, 8) Ramalan iki kelakon wektu Inggris ngalahké Prancis, Spanyol, lan Belanda. Sakliyané kuwi, ing antarané taun 1870 nganti Perang Donya I, Amerika Serikat dadi negara sing paling sugih lan mulai kerja sama karo Inggris.

      8. Sapa sing dadi raja selatan ing dina-dina pungkasan?

      8 Ing Perang Donya I, Inggris lan Amerika Serikat nggabungké kekuwatan militèré. Hasilé, Inggris lan Amerika Serikat ora isa dikalahké karo negara-negara liyané lan dadi negara sing paling kuwat. Kaya sing diramalké karo Danièl, raja-raja kuwi nduwé ’wadya-bala kang akèh banget lan kang linuwih’. (Dn. 11:25) Kuwi kabèh dadi bukti nèk Inggris lan Amerika kuwi sing dadi raja selatan ing dina-dina pungkasan.d Nèk ngono, negara endi sing dadi raja utara?

      Ramalané Alkitab soal Inggris lan Amerika

      Alkitab nggunakké gambaran sing béda-béda wektu ngramalké soal raja selatan, yaiku Inggris lan Amerika. Raja kuwi digambarké kaya . . .

      • Sikilé patung sing digawé saka campuran wesi lan lempung.

        sikilé patung sing digawé saka campuran wesi lan lempung (Dn. 2:41-43)

      • Endhasé kéwan buas sing sunguné sepuluh. Ana sungu cilik sing nduwé mata lan cangkem sing thukul saka sungu-sunguné.

        sungu cilik sing ana ing endhasé kéwan buas (Dn. 7:7, 8)

      • Kéwan buas sing endhasé pitu lan nduwé sepuluh sungu.

        endhas sing kepitu saka kéwan buas (Why. 13:1)

      • Kéwan buas sing sunguné loro.

        kéwan buas sing sunguné loro (Why. 13:11-15)

      • Bangunan-bangunan sing dadi lambangé negara Inggris lan Amerika.

        ”nabi palsu” (Why. 19:20)

      SAPA SING DIMAKSUD RAJA UTARA?

      9. Kapan raja utara sing anyar mulai ana, lan piyé ramalan ing Dhanièl 11:25 kelakon?

      9 Setaun sakwisé Russell lan kanca-kancané ngumpul kanggo sinau Alkitab bareng, ana negara sing dadi raja utara sing anyar. Ing taun 1871, Otto von Bismarck nggabungkké dhaérah-dhaérah ing sekitaré kanggo dadi Kekaisaran Jerman. Wektu kuwi, Raja Wilhelm I dadi kaisar sing pertama ing Jerman lan Bismarck dadi kepala pamréntahané.e Nganti puluhan taun sakwisé kuwi, Jerman nguwasani negara-negara ing Afrika lan Samudra Pasifik. Jerman ya ngupaya kanggo dadi negara sing luwih kuwat ketimbang Inggris. (Wacanen Dhanièl 11:25.) Mula, Jerman ngumpulké pasukané nganti nduwé kekuwatan militèr sing mèh padha karo Inggris lan nggunakké kuwi kanggo nglawan mungsuh-mungsuhé ing Perang Donya I.

      10. Piyé ramalan ing Dhanièl 11:25b, 26 akhiré isa kelakon?

      10 Danièl ya ngramalké apa sing bakal kelakon marang Kekaisaran Jerman lan pasukan militèré. Ramalan kuwi kandha nèk raja utara ”ora bisa nanggulangi [utawa, bakal dikalahké], awit ana pangrencana kang katujokaké marang dhèwèké, lan wong-wong kang padha mangan tunggal saméja bakal ndadèkaké bilainé”. (Dn. 11:25b, 26a) Ing jamané Danièl, wong sing ”nyambut gawé” kanggo raja lan nduwé jabatan sing dhuwur kaya-kayané mangan sak méja karo raja merga wong-wong kuwi mangan panganan sing padha kaya ”dhaharané” raja. (Dn. 1:5) Dadi, wong-wong sing disebutké ing ramalané Danièl kuwi nggambarké wong-wong ing Kekaisaran Jerman sing cedhak karo raja, termasuk wong-wong sing nduwé jabatan, para jéndral, lan wong-wong liyané sing nduwé pangkat sing dhuwur. Wong-wong kuwi sing nyebabké Kekaisaran Jerman akhiré isa dikalahké.f Sakliyané kuwi, ramalané Danièl ya ngandhani apa sing bakal kelakon marang raja utara sakwisé perang karo raja selatan. Ramalan kuwi kandha, ”Wadya-balané bakal kentas sarta akèh wongé kang tiwas pinatènan.” (Dn. 11:26b) Kaya sing wis diramalké, pasukané Jerman akhiré isa dikalahké lan ana akèh wong sing mati ing Perang Donya I. Saking akèhé, wong-wong sing mati wektu kuwi jumlahé luwih akèh ketimbang wong-wong sing mati ing perang-perang sing tau kelakon sakdurungé.

      11. Nurut Dhanièl 11:27, 28, apa sing ditindakké karo raja utara lan raja selatan?

      11 Dhanièl 11:27, 28 ya ngramalké apa sing bakal kelakon sakdurungé Perang Donya l. Ayat kuwi kandha nèk raja utara lan raja selatan bakal ”padha lungguh bebarengan ngadhep méja, padha goroh-ginorohan [utawa, padha apus-apusan]”. Jerman lan Inggris padha apus-apusan merga senajan wis kandha nèk padha-padha péngin damai, nyatané negara-negara kuwi akhiré tetep perang ing taun 1914. Ing ayat kuwi ya disebutké nèk raja utara bakal nglumpukké ”raja-brana [utawa, bandha]” sing akèh. Iki pancèn kelakon merga pirang-pirang taun sakdurungé taun 1914, Jerman wis dadi negara sing mèh padha sugihé karo Inggris. Terus, Dhanièl 11:29 lan bagéan awal saka ayat 30 ya kelakon merga Jerman akhiré dikalahké wektu perang karo raja selatan.

      RAJA-RAJA SING SENGIT KARO UMATÉ YÉHUWAH

      12. Apa sing ditindakké raja utara lan raja selatan marang umaté Yéhuwah ing Perang Donya I?

      12 Kèt taun 1914, loro raja kuwi terus mungsuhan lan ya mungsuhi umaté Yéhuwah. Misalé, ing Perang Donya I, pamréntah Jerman lan Inggris padha nganiaya umaté Yéhuwah sing ora gelem mèlu perang. Terus, ing Amerika Serikat, wong-wong sing mimpin gawéan nginjil ya dipenjara karo pamréntah ing kono. Kuwi dadi bukti nèk ramalan ing Wahyu 11:7-10 pancèn kelakon.

      13. Apa sing ditindakké raja utara ing taun 1930-an lan khususé pas Perang Donya II?

      13 Ing taun 1930-an lan khususé pas Perang Donya II, raja utara bener-bener tumindak kejem marang umaté Yéhuwah. Wektu partai Nazi nguwasani Jerman, Hitler lan para pengikuté nglarang gawéan nginjil ing kono. Akibaté, ana kira-kira 1.500 Seksi Yéhuwah sing dipatèni lan ana éwonan sing dilebokké ing kamp konsèntrasi. Peristiwa-peristiwa kuwi wis diramalké karo Danièl wektu dhèwèké kandha nèk raja utara bakal ”gawé najising papan suci” lan ”nyuwak [utawa, nyingkirké] kurban dinan”, sing artiné raja utara bakal nglarang umaté Yéhuwah kanggo nginjil. (Dn. 11:30b, 31a) Malah, pemimpiné Jerman wektu kuwi, yaiku Hitler, ya kandha nèk dhèwèké bakal matèni kabèh Seksi Yéhuwah sing ana ing Jerman.

      RAJA UTARA SING ANYAR

      14. Sakwisé Perang Donya II, sapa sing dadi raja utara sing anyar? Jelasna.

      14 Sakwisé Perang Donya II rampung, Uni Soviet nguwasani dhaérah-dhaérah sing mbiyèn dikuwasani karo Jerman lan akhiré dadi raja utara sing anyar. Kaya pamréntahan Nazi sing kejem, Uni Soviet ya nganiaya wong-wong sing milih kanggo terus ngabdi marang Yéhuwah lan manut karo pathokané Alkitab.

      15. Sakwisé Perang Donya II rampung, apa sing mulai ditindakké karo raja utara sing anyar?

      15 Ora suwé sakwisé Perang Donya II rampung, raja utara sing anyar, yaiku Uni Soviet lan negara-negara sing dadi balané, mulai nganiaya umaté Yéhuwah. Gawéan nginjil ing kono dilarang lan éwonan Seksi Yéhuwah dibuwang menyang Siberia. Apa sing ditindakké Uni Soviet kuwi cocog karo Wahyu 12:15-17 sing kandha nèk kabèh aniaya sing dialami umaté Yéhuwah kuwi padha kaya banyu ”kali”. Ning, senajan terus dianiaya ing dina-dina pungkasan, umaté Yéhuwah ora nyerah lan tetep semangat nginjil.g

      16. Kaya sing diramalké ing Dhanièl 11:37-39, apa sing ditindakké karo Uni Soviet?

      16 Wacanen Dhanièl 11:37-39. Apa sing ditindakké raja utara kanggo nduduhké nèk dhèwèké ora ngajèni ”allahé para leluhuré”? Uni Soviet ora péngin dipengaruhi karo organisasi-organisasi agama sing wis ana ing kono kèt jaman mbiyèn lan ngupaya bèn wong-wong dadi ora nduwé agama. Mula, kèt taun 1918, pamréntah Uni Soviet nggawé keputusan sing akhiré nyebabké sekolah-sekolah mulangké ajaran atéis. Terus, apa maksudé raja utara ”ngabekti marang déwané bètèng-bètèng”? Merga péngin dadi negara sing ora isa dikalahké, Uni Soviet ngentèkké akèh dhuwit bèn isa nduwé senjata-senjata nuklir lan pasukan militèr sing kuwat. Raja utara lan raja selatan akhiré padha-padha nduwé senjata sing nèk digunakké bakal isa matèni akèh wong.

      MUNGSUH SING KERJA SAMA

      17. Sapa sing dimaksud karo ”kang ora pantes kang ngrerusak”?

      17 Senajan mungsuhan, ning raja utara lan raja selatan nganakké kerja sama wektu negara-negara kuwi mbentuk ”kang ora pantes kang ngrerusak”. (Dn. 11:31) Sing dimaksud ”kang ora pantes”, utawa perkara sing njijiki kuwi yaiku Perserikatan Bangsa-Bangsa (PBB).

      18. Apa sebabé PBB cocog disebut ”kang ora pantes”?

      18 PBB pancèn cocog disebut ”kang ora pantes” merga PBB ngaku-ngaku isa nggawé donya iki ayem tentrem. Padahal, mung Kratoné Gusti Allah sing isa nindakké kuwi. PBB ya cocog disebut ”kang ngrerusak” merga PBB kuwi sing bakal nyerang lan nyingkirké agama palsu.​—Deloken tabél ”Raja-Raja sing Mungsuhan ing Wekasaning Jaman”.

      APA PENGARUHÉ KANGGO AWAKÉ DHÉWÉ?

      19-20. (a) Apa manfaaté sakwisé awaké dhéwé ngrembug peristiwa-peristiwa sing kelakon ing taun 1870 nganti 1991? (b) Pitakonan apa sing bakal dirembug ing artikel sakbanjuré?

      19 Apa sing wis awaké dhéwé sinaoni ing artikel iki dadi bukti nèk ramalané Danièl soal raja utara lan raja selatan wis kelakon kèt taun 1870 nganti taun 1991. Iki mesthi nggawé awaké dhéwé yakin nèk bagéan liyané saka ramalané Danièl mesthi ya bakal kelakon.

      20 Ning, Uni Soviet bubar ing taun 1991. Nèk ngono, sapa sing saiki dadi raja utara? Ing artikel sakbanjuré, awaké dhéwé bakal ngrembug pitakonan kuwi..

      APA JAWABANÉ?

      • Telung persamaan apa sing kudu digatèkké bèn awaké dhéwé isa ngerti sapa sing dimaksud karo raja utara lan raja selatan?

      • Sapa sing dadi raja utara lan raja selatan saka taun 1870 nganti 1991?

      • Apa manfaaté sakwisé awaké dhéwé ngrembug peristiwa-peristiwa sing kelakon ing taun 1870 nganti 1991?

      LAGU 128 Setya Nganti Pungkasan

      a Ing buku Dhanièl, ana ramalan sing nyebutké soal raja utara lan raja selatan. Apa sebabé awaké dhéwé isa yakin nèk ramalan kuwi saiki lagi kelakon? Apa sebabé awaké dhéwé kudu ngerti apa sing dimaksud karo ramalan kuwi?

      b Istilah ”raja utara” lan ”raja selatan” sing digunakké ing artikel iki padha karo istilah ”ratu nagara Lor” lan ”ratu nagara Kidul” sing digunakké ing Dhanièl pasal 11.

      c Saka katrangan iki, awaké dhéwé dadi ngerti nèk Kaisar Aurelian saka Roma (270-275 M) dudu raja utara lan Ratu Zenobia (267-272 M) kuwi dudu raja selatan. Iki ngganti katrangan sing ana ing buku Perhatikanlah Nubuat Daniel! pasal 13 lan 14.

      d Deloken kothak ”Ramalané Alkitab soal Inggris lan Amerika”.

      e Ing taun 1890, Raja Wilhelm II nyingkirké Bismarck saka Kekaisaran Jerman.

      f Jerman akhiré isa dikalahké merga wong-wong kuwi ora ndhukung raja manèh, mbocorké informasi sing penting wektu perang, lan meksa raja bèn ora dadi kaisar.

      g Nurut Dhanièl 11:34, penganiayaan sing dialami karo umaté Yéhuwah sing manggon ing dhaérah kekuasaané raja utara bakal mandheg kanggo wektu sing sedhéla. Iki kelakon wektu Uni Soviet bubar ing taun 1991.

  • Sapa sing Dadi Raja Utara Saiki?
    Warta Penting (Wulangan)—2020 | Mei
    • ARTIKEL PELAJARAN 20

      Sapa sing Dadi Raja Utara Saiki?

      ”[Raja utara] bakal ngajal, [lan] ora ana wong siji-sijia kang mitulungi.”​—DN. 11:45.

      LAGU 95 Pangertèn sing Bener Saya Padhang

      ISINÉ ARTIKEL IKIa

      1-2. Apa sing bakal awaké dhéwé rembug ing artikel iki?

      ANA akèh bukti sing nduduhké nèk awaké dhéwé urip ing bagéan akhir saka dina-dina pungkasan. Ora suwé manèh, Yéhuwah lan Yésus bakal nyingkirké kabèh pamréntahan sing dadi mungsuhé Kratoné Gusti Allah. Ning, sakdurungé kuwi kelakon, raja utara lan raja selatan bakal terus mungsuhan lan sengit karo umaté Yéhuwah.b

      2 Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug ramalan sing dicathet ing Dhanièl 11:40–12:1. Saka ayat-ayat kuwi, awaké dhéwé bakal ngerti sapa sing dadi raja utara saiki lan apa sebabé awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah mesthi bakal nylametké awaké dhéwé.

      RAJA UTARA SING ANYAR

      3-4. Sapa sing dadi raja utara saiki? Jelasna.

      3 Sakwisé Uni Soviet bubar ing taun 1991, umaté Yéhuwah ing negara-negara bekas Uni Soviet isa bébas nginjil manèh lan ora suwé sakwisé kuwi, jumlahé dadi atusan èwu penginjil. Ning, apa sing dialami umaté Yéhuwah kuwi digambarké kaya ”pitulungan sathithik”. (Dn. 11:34) Kuwi artiné, kebébasan sing dirasakké umaté Yéhuwah kuwi kelakon mung sedhéla. Apa sebabé? Pirang-pirang taun sakwisé kuwi, ana pamréntahan sing dadi raja utara sing anyar yaiku Rusia lan negara-negara sing dadi balané. Kaya sing wis dirembug ing artikel sakdurungé, pamréntahan sing dadi raja utara lan raja selatan kudu: (1) ana hubungané karo umaté Yéhuwah, (2) nduduhké saka tumindaké nèk dhèwèké sengit karo Yéhuwah lan umaté, lan (3) padha-padha saingan merga péngin dadi negara sing paling kuwat.

      4 Apa sebabé awaké dhéwé isa ngerti nèk sing dadi raja utara sing anyar kuwi Rusia lan negara-negara sing dadi balané? Pertama, pamréntah Rusia nglarang Seksi-Seksi Yéhuwah kanggo nindakké gawéan nginjil ing kono lan nganiaya umaté Yéhuwah sing manggon ing dhaérah kekuasaané. Keloro, apa sing ditindakké karo pamréntah Rusia kuwi nduduhké nèk dhèwèké sengit karo Yéhuwah lan umaté. Ketelu, Rusia kepéngin dadi negara sing luwih kuwat ketimbang raja selatan yaiku, Inggris lan Amerika. Saiki, ayo digatèkké apa buktiné nèk Rusia lan negara-negara sing dadi balané kuwi pancèn sing dadi raja utara sing anyar.

      RAJA UTARA LAN RAJA SELATAN TERUS MUNGSUHAN

      5. Dhanièl 11:40-43 ngramalké soal apa, lan kapan kuwi bakal kelakon?

      5 Wacanen Dhanièl 11:40-43. Saka ayat-ayat iki, awaké dhéwé isa ngerti apa sing bakal kelakon ing wekasaning jaman. Ramalané Danièl kuwi nduduhké nèk raja utara bakal terus mungsuhan karo raja selatan. Kaya sing disebutké Danièl, raja utara bakal ’perang’ karo raja selatan ing wekasaning jaman.​—Dn. 11:40.

      6. Apa buktiné nèk raja utara lan raja selatan terus mungsuhan?

      6 Raja utara lan raja selatan terus mungsuhan merga péngin dadi negara sing paling kuwat. Misalé, merga Uni Soviet wis nguwasani akèh negara ing Eropa sakwisé Perang Donya II, raja selatan lan negara-negara liyané kerjasama bèn nduwé kekuwatan militèr sing kuwat lan mbentuk organisasi sing jenengé NATO. Terus, raja utara lan raja selatan padha-padha ngentèkké akèh dhuwit kanggo nggawé senjata-senjata perang sing luwih canggih. Sakliyané kuwi, ing perang-perang sing kelakon ing Afrika, Asia, lan Amerika Latin, raja utara ndhukung negara-negara sing dadi mungsuhé raja selatan. Wis pirang-pirang taun iki, Rusia lan negara-negara sing ndhukung Rusia ya dadi saya kuwat. Negara-negara kuwi ngupaya kanggo nggawé program komputer sing canggih kanggo ngalahké raja selatan. Sakliyané kuwi, raja utara lan raja selatan padha-padha nudhuh nèk mungsuhé kuwi wis nggunakké program komputer sing isa nyebabké masalah keuangan lan politik ing negarané. Terus, kaya sing wis diramalké karo Danièl, raja utara ya terus mungsuhi umaté Yéhuwah.​—Dn. 11:41.

      RAJA UTARA MLEBU ING ”TANAH ÉNDAH”

      7. Apa sing dimaksud karo ”Tanah Éndah” kuwi?

      7 Dhanièl 11:41 kandha nèk raja utara bakal mlebu ing ”Tanah Éndah”. Apa sing dimaksud karo ”Tanah Éndah” kuwi? Ing jaman mbiyèn, tanahé wong Israèl kuwi dianggep ”tanah kang éndah ing antarané sakèhing nagara”. (Yk. 20:6) Wektu kuwi, tanahé wong Israèl dianggep éndah merga dadi panggonan kanggo ngibadah marang Yéhuwah. Ning, kèt dina Péntakosta taun 33 M, ora ana panggonan ing bumi sing isa disebut ”Tanah Éndah” merga umaté Yéhuwah ora ngumpul ing sak panggonan thok. Saiki, ”Tanah Éndah” kuwi nggambarké organisasiné Yéhuwah sing wis nyedhiakké perhimpunan lan ngatur gawéan nginjil bèn awaké dhéwé isa ngibadah marang Yéhuwah.

      8. Apa buktiné nèk raja utara mlebu ing ”Tanah Éndah”?

      8 Ing dina-dina pungkasan, raja utara wis bola-bali mlebu ing ”Tanah Éndah”. Misalé, pas Jerman dadi raja utara ing Perang Donya II, raja kuwi mlebu ing ”Tanah Éndah” wektu partai Nazi nganiaya lan matèni umaté Yéhuwah. Sakwisé Perang Donya II, Uni Soviet sing dadi raja utara sing anyar ya mlebu ing ”Tanah Éndah” merga dhèwèké nganiaya lan mbuwang umaté Yéhuwah menyang panggonan sing adoh.

      9. Apa buktiné nèk Rusia lan negara-negara sing dadi balané ya mlebu ing ”Tanah Éndah”?

      9 Ora suwé iki, Rusia lan negara-negara sing dadi balané ya mlebu ing ”Tanah Éndah”. Apa buktiné? Ing taun 2017, pamréntah Rusia nglarang gawéan nginjil lan ana sedulur-sedulur ing kono sing dijebloské ing penjara. Publikasi-publikasiné Seksi Yéhuwah, termasuk Alkitab Terjemahan Dunia Baru, ya dilarang ing Rusia. Sakliyané kuwi, ana bangunan-bangunan duwèké organisasi, termasuk kantor cabang, Balé Ibadah, lan Balé Kebaktian, sing disita karo pamréntah Rusia. Merga apa sing ditindakké Rusia marang umaté Yéhuwah, ing taun 2018, Pengurus Pusat nggawé kesimpulan nèk sing dadi raja utara saiki yaiku Rusia lan negara-negara sing dadi balané. Ning, senajan dianiaya, umaté Yéhuwah ora gelem mbrontak nglawan pamréntah. Seksi-Seksi Yéhuwah manut karo pathokané Alkitab sing kandha nèk awaké dhéwé kudu ndongakké ”kabèh panguwasa” sing arep nggawé keputusan kanggo nglarang utawa mbébaské Seksi Yéhuwah kanggo ngibadah.​—1 Tim. 2:1, 2.

      APA RAJA UTARA BAKAL NGALAHKÉ RAJA SELATAN?

      10. Apa raja utara bakal ngalahké raja selatan? Jelasna.

      10 Pancèn, ramalan ing Dhanièl 11:40-45 mung nyebutké soal raja utara. Dadi, apa raja utara bakal ngalahké raja selatan? Ora. Raja selatan bakal isih ’urip’ wektu Yéhuwah lan Yésus nyingkirké kabèh pamréntahané manungsa. Kuwi artiné, raja selatan bakal isih ana nganti perang Armagédon kelakon. (Why. 19:20) Apa sebabé awaké dhéwé isa yakin soal kuwi? Ayo digatèkké ayat-ayat liya sing ana ing buku Dhanièl lan buku Wahyu.

      Ana watu saka gunung sing ngancurké sikilé patung.

      Ing Armagédon, Kratoné Gusti Allah sing digambarké kaya watu bakal ngancurké pamréntahané manungsa sing digambarké kaya patung sing gedhé (Deloken paragraf 11)

      11. Ramalan ing Dhanièl 2:43-45 nduduhké soal apa? (Deloken gambar ing halaman 1.)

      11 Wacanen Dhanièl 2:43-45. Danièl ndelok ana patung gedhé sing saben bagéan ing awaké digawé saka logam sing béda-béda. Saben bagéan kuwi nggambarké pamréntahan-pamréntahan sing akèh-akèhé umaté Yéhuwah manggon ing dhaérah kekuasaané. Pamréntahan-pamréntahan kuwi mréntah ing wektu sing béda-béda. Sikilé patung sing digawé saka campuran wesi lan lempung kuwi nggambarké pamréntahan sing terakhir, yaiku Inggris lan Amerika. Dadi, ramalan iki nduduhké nèk Inggris lan Amerika bakal isih mréntah nganti Kratoné Gusti Allah nyingkirké kabèh pamréntahané manungsa.

      12. Sapa sing dimaksud endhas sing kepitu saka kéwan buas, lan kuwi nduduhké apa?

      12 Rasul Yohanes ya éntuk wahyu sing nduduhké soal pamréntahan-pamréntahan sing ana hubungané karo umaté Yéhuwah. Ing kono, pamréntahan-pamréntahan kuwi digambarké kaya kéwan buas sing endhasé pitu. Endhas sing kepitu saka kéwan buas kuwi nggambarké Inggris lan Amerika. Ramalan kuwi nyebutké nèk ora ana endhas liyané sakwisé endhas kepitu. Kuwi nduduhké nèk endhas sing kepitu saka kéwan buas kuwi bakal isih mréntah nganti Yésus lan para malaékaté nyirnakké endhas sing kepitu lan kéwan buas kuwi.c—Why. 13:1, 2; 17:13, 14.

      APA SING BAKAL DITINDAKKÉ RAJA UTARA ING MASA DEPAN?

      13-14. Sapa sing dimaksud ”Gog ing tanah Magog”, lan apa sebabé dhèwèké péngin nyerang umaté Yéhuwah?

      13 Ramalané Yèhèzkièl ngandhani awaké dhéwé soal apa sing bakal kelakon sakdurungé raja utara lan raja selatan disingkirké. Kétoké, ayat-ayat ing Yéheskièl 38:10-23; Dhanièl 2:43-45; 11:44–12:1; lan Wahyu 16:13-16, 21 nggambarké peristiwa sing padha. Nèk kuwi pancèn bener, isa waé sukmbèn iki sing bakal kelakon.

      14 Ora suwé sakwisé sengsara gedhé dimulai, ”kabèh raja ing bumi” bakal bersatu. (Why. 16:13, 14; 19:19) Nurut Alkitab, gabungan saka bangsa-bangsa sing bersatu kuwi disebut ”Gog ing tanah Magog”, utawa Gog saka Magog. (Yk. 38:2) Merga péngin nyirnakké umaté Yéhuwah, gabungan saka bangsa-bangsa kuwi bakal nyerang Seksi-Seksi Yéhuwah. Apa sebabé bangsa-bangsa kuwi péngin nyerang umaté Yéhuwah? Nurut wahyu sing didelok Yohanes, ana udan ès sing nibani mungsuh-mungsuhé Yéhuwah. Udan ès kuwi cocog kanggo nggambarké kabar penghukuman sing disampèkké karo umaté Yéhuwah. Dadi, kétoké kuwi sing nggawé Gog saka Magog dadi péngin nyerang lan nyirnakké umaté Yéhuwah.​—Why. 16:21.

      15-16. (a) Dhanièl 11:44, 45 kaya-kayané ngramalké peristiwa sing padha karo apa? (b) Apa sing bakal dialami karo Gog saka Magog?

      15 Kétoké, Dhanièl 11:44, 45 ngramalké peristiwa sing padha karo ramalané Yohanes sing nyebutké soal kabar penghukuman sing kaya udan ès lan serangané bangsa-bangsa. (Wacanen.) Ing ayat kuwi, Danièl kandha nèk raja utara dadi ”nepsu [utawa, nesu] banget” sakwisé krungu ”pawarta saka ing wétan lan saka ing lor”. Terus, dhèwèké dadi péngin ”mbengkas [utawa, nyirnakké] wong akèh”. Kétoké, ”wong akèh” kuwi nggambarké umaté Yéhuwah.d Dadi, ramalané Danièl kuwi mesthiné nggambarké serangan sing bakal dialami karo umaté Yéhuwah.

      16 Serangané raja utara lan bangsa-bangsa liyané kuwi nggawé Yéhuwah dadi nesu banget lan akhiré perang Armagédon bakal dimulai. (Why. 16:14, 16) Wektu kuwi, Gog saka Magog, yaiku gabungan saka raja utara lan bangsa-bangsa liyané, bakal disirnakké lan ”ora ana wong siji-sijia kang mitulungi” dhèwèké.​—Dn. 11:45.

      Yésus numpak jaran putih lan siap manah mungsuhé. Malaékat liyané ya numpak jaran putih lan nggawa pedhang.

      Ing perang Armagédon, Yésus lan para malaékaté bakal nyirnakké donyané Sétan lan nylametké umaté Yéhuwah (Deloken paragraf 17)

      17. Sapa sing dimaksud Mikhaèl ”sang pemimpin agung” sing disebutké ing Dhanièl 12:1, lan apa sing dhèwèké tindakké?

      17 Ing ayat sakbanjuré, ramalané Danièl ngandhani awaké dhéwé sapa sing bakal nyirnakké raja utara lan negara-negara sing dadi balané. Saka ayat kuwi, awaké dhéwé ya isa ngerti apa sing bakal dialami karo umaté Yéhuwah. Ayat kuwi kandha, ”Wektu kuwi, Mikhaèl, bakal tumindak. Dhèwèké kuwi sang pemimpin agung sing lagi tumindak kanggo bangsamu. Terus, bakal ana mangsa susah sing durung tau kelakon kèt anané bangsa-bangsa nganti tekané mangsa kuwi. Wektu kuwi, kabèh wong saka bangsamu sing jenengé ditulis ing kitab kuwi bakal slamet.” (Dhanièl 12:1, Terjemahan Dunia Baru [NWT]) Apa artiné ramalan kuwi? Mikhaèl kuwi jeneng liyané Yésus. Kèt taun 1914, Yésus wis mréntah ing Kratoné Gusti Allah lan ”tumindak kanggo” umaté Yéhuwah. Ora suwé manèh, Yésus ya ”bakal tumindak” kanggo nyirnakké mungsuh-mungsuhé ing perang Armagédon. Perang kuwi bakal dadi bagéan akhir saka ”mangsa susah” sing durung tau kelakon sakdurungé. Nurut ramalané Yohanes sing dicathet ing buku Wahyu, mangsa kuwi disebut ”sengsara gedhé”.​—Why. 6:2; 7:14.

      APA JENENGÉ NJENENGAN BAKAL ”DITULIS ING KITAB KUWI”?

      18. Ora soal apa sing bakal kelakon sukmbèn, apa sebabé awaké dhéwé ora perlu kuwatir?

      18 Danièl lan Yohanes kandha nèk Yéhuwah lan Yésus bakal nylametké umaté pas sengsara gedhé kelakon. Dadi, ora soal apa sing bakal kelakon sukmbèn, awaké dhéwé ora perlu kuwatir. Danièl kandha nèk wong-wong sing jenengé ”ditulis ing kitab kuwi” bakal dislametké. (Dn. 12:1, NWT) Piyé carané bèn jenengé awaké dhéwé isa ditulis ing kitab kuwi? Awaké dhéwé kudu nduduhké iman marang Anak Dombané Gusti Allah, yaiku Yésus. (Yoh. 1:29) Terus, awaké dhéwé ya kudu nggawé janji ngabdi marang Yéhuwah lan dibaptis. (1 Ptr. 3:21) Sakliyané kuwi, awaké dhéwé kudu mbantu wong liya bèn isa kenal karo Yéhuwah. Kuwi nduduhké nèk awaké dhéwé ndhukung Kratoné Gusti Allah.

      19. Apa sing kudu awaké dhéwé tindakké mulai saiki, lan apa sebabé?

      19 Mulai saiki, awaké dhéwé kudu terus ngupaya bèn isa nduwé iman sing kuwat marang Yéhuwah lan bener-bener percaya karo organisasiné Yéhuwah. Awaké dhéwé ya kudu ndhukung Kratoné Gusti Allah. Nèk nindakké kuwi, wektu raja utara lan raja selatan disirnakké karo Kratoné Gusti Allah, awaké dhéwé bakal dislametké.

      APA JAWABANÉ?

      • Sapa sing dadi raja utara saiki?

      • Apa buktiné nèk raja utara mlebu ing ”Tanah Éndah”?

      • Apa sing bakal dialami karo raja utara lan raja selatan?

      LAGU 149 Nyanyian Kemenangan

      a Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug sapa sing dadi raja utara saiki lan piyé carané raja utara disirnakké. Jawaban saka pitakonan-pitakonan kuwi isa nguwatké imané awaké dhéwé lan mbantu awaké dhéwé bèn saya siap kanggo ngadhepi sengsara gedhé.

      b Istilah ”raja utara” lan ”raja selatan” sing digunakké ing artikel iki padha karo istilah ”ratu nagara Lor” lan ”ratu nagara Kidul” sing digunakké ing Dhanièl pasal 11.

      c Bèn isa ngerti luwih akèh soal ramalan sing dicathet ing Dhanièl 2:36-45 lan Wahyu 13:1, 2, deloken artikel Menara Pengawal 15 Juni 2012 halaman 7-19.

      d Bèn isa ngerti luwih akèh, deloken artikel Menara Pengawal 15 Mei 2015 halaman 29-30.

  • Raja-Raja sing Mungsuhan ing Wekasaning Jaman
    Warta Penting (Wulangan)—2020 | Mei
    • Raja-Raja sing Mungsuhan ing Wekasaning Jaman

      Ayat-ayat sing disebutké ing tabél iki ngramalké peristiwa-peristiwa sing bakal kelakon ing wektu sing padha. Kuwi dadi bukti nèk awaké dhéwé urip ”ing wekasaning jaman”.​—Dn. 12:4.

      Tabèl iki nduduhké negara-negara sing dadi raja utara lan raja selatan lan ramalan-ramalan sing kelakon kèt taun 1870 nganti saiki.
      • Bagéan 1, nduduhké ramalan-ramalan sing kelakon ing taun 1870 nganti 1918. Wekasaning jaman dimulai kèt taun 1914. Ramalan 1: Kéwan buas sing endhasé pitu kuwi mulai ana ing bagéan awal tabèl. Pas Perang Donya I, endhasé sing kepitu luka parah. Kèt taun 1917, endhasé sing kepitu mari lan kéwan buas kuwi dadi kuwat manèh. Ramalan 2: Inggris dadi raja selatan ing taun 1870 lan Jerman dadi raja utara ing taun 1871. Ning, ing taun 1917, sing dadi raja selatan kuwi Inggris lan Amerika. Ramalan 3: Sakwisé taun 1870, Russell lan kanca-kancané dadi ’utusan’. Kèt taun 1881, liwat majalah Zion’s Watch Tower, wong-wong disemangati kanggo martakké kabar apik. Ramalan 4: Kèt taun 1914 mangsa panèn dimulai lan alang-alang dipisahké saka gandum. Ramalan 5: Kèt 1917, ramalan soal sikilé patung sing digawé saka wesi lan lempung kelakon. Gambar liyané: Ing taun 1914 nganti taun 1918, Perang Donya I kelakon. Peristiwa-peristiwa sing ana pengaruhé kanggo umaté Yéhuwah: Ing taun 1914 nganti 1918, Siswa-Siswa Alkitab ing Inggris lan Jerman dipenjara. Ing taun 1918, para sedulur ing Amerika Serikat sing mimpin gawéan nginjil dipenjara.
        Ramalan 1.

        Ayat Why. 11:7; 12:13, 17; 13:1-8, 12

        Ramalan ”Kéwan buas” wis mréntah ing bumi nganti luwih saka 3.000 taun. Ing wekasaning jaman, endhasé sing kepitu luka parah. Sakwisé lukané mari, ”kabèh wong ing bumi” dadi pengikuté. Sétan nggunakké kéwan buas kuwi kanggo ”nyerang anak-anaké wong wadon kuwi”.

        Peristiwa sing kelakon Sakwisé Banjir Gedhé, wong-wong mulai dipréntah karo pamréntahané manungsa sing dadi mungsuhé Yéhuwah. Luwih saka 3.000 taun sakwisé Banjir Gedhé, salah siji pamréntahan kuwi, yaiku Inggris, dikalahké ing Perang Donya I. Inggris dadi kuwat manèh sakwisé kerja sama karo Amerika Serikat. Ing wekasaning jaman, Sétan nggunakké pamréntahané manungsa kanggo nganiaya umaté Yéhuwah.

      • Ramalan 2.

        Ayat Dn. 11:25-45

        Ramalan Raja utara lan raja selatan padha saingan merga péngin dadi negara sing paling kuwat.

        Peristiwa sing kelakon Jerman mungsuhan karo Inggris lan Amerika. Ing taun 1945, Uni Soviet lan negara-negara sing dadi balané dadi raja utara sing anyar. Ning, sakwisé Uni Soviet bubar ing taun 1991, sing dadi raja utara yaiku Rusia lan negara-negara sing dadi balané.

      • Ramalan 3.

        Ayat Yé. 61:1; Ml. 3:1; Luk. 4:18

        Ramalan Yéhuwah ngirim ’utusan’ sing ”ngrata dalan” sakdurungé Kratoné Gusti Allah mulai mréntah. Wong-wong kuwi diutus kanggo ”martakaké kabar kabungahan marang para wong kang nandhang sangsara”.

        Peristiwa sing kelakon Kèt taun 1870, Sedulur Russell lan kanca-kancané sinau Alkitab bareng-bareng merga péngin ngerti wulangan sing bener saka Alkitab. Ing taun 1881, wong-wong kuwi sadhar nèk umaté Yéhuwah kudu nginjil. Wong-wong kuwi nerbitké artikel sing judhulé ”Butuh 1.000 Penginjil” lan ”Dilantik kanggo Nginjil”.

      • Ramalan 4.

        Ayat Mat. 13:24-30, 36-43

        Ramalan Ana mungsuh sing nyebarké winih alang-alang ing antarané gandum. Akibaté, gandum lan alang-alang dadi angèl kanggo dibédakké. Ing mangsa panèn, alang-alang dipisahké saka gandum.

        Peristiwa sing kelakon Kèt taun 1870, awaké dhéwé isa ngerti sapa sing dadi umaté Yéhuwah lan sapa sing dadi wong Kristen sing palsu. Ing wekasaning jaman, umaté Yéhuwah diklumpukké ing jemaat Kristen lan ora dadi bagéan saka wong Kristen palsu.

      • Ramalan 5.

        Ayat Dn. 2:31-33, 41-43

        Ramalan Patung sing digawé saka logam sing béda-béda, nduwé sikil sing digawé saka campuran wesi lan lempung.

        Peristiwa sing kelakon Lempung nggambarké wong-wong sing manggon ing dhaérah kekuasaané Inggris lan Amerika, ning wong-wong kuwi ora setuju karo keputusané pamréntah-pamréntah kuwi. Akibaté, pamréntah Inggris lan Amerika dadi ora isa bébas wektu nggunakké kekuasaané.

      • Bagéan 2, nduduhké ramalan-ramalan sing kelakon ing taun 1919 nganti 1945. Inggris lan Amerika dadi raja selatan lan Jerman dadi raja utara nganti taun 1945. Ramalan 6: Ing taun 1919, wong-wong Kristen sing diurapi roh suci diklumpukké ing jemaat lan umaté Yéhuwah saya semangat lan terus martakké injil. Ramalan 7: Ing taun 1920, Liga Bangsa-Bangsa dibentuk lan terus ana nganti Perang Donya II dimulai. Gambar liyané: Ramalan 1, kéwan buas sing endhasé pitu kuwi isih ana. Ramalan 5, sikilé patung sing digawé saka wesi lan lempung kuwi isih ana. Ing taun 1939 nganti taun 1945, Perang Donya II kelakon. Peristiwa-peristiwa sing ana pengaruhé kanggo umaté Yéhuwah: Ing taun 1939 nganti taun 1945, ana luwih saka 11.000 Seksi Yéhuwah ing Jerman sing dipenjara. Ing taun 1939 nganti taun 1945, kira-kira 1.600 Seksi Yéhuwah ing Inggris dipenjara. Ing taun 1940 nganti taun 1944, Seksi-Seksi Yéhuwah ing Amerika Serikat dianiaya nganti luwih saka ping 2.500.
        Ramalan 6.

        Ayat Mat. 13:30; 24:14, 45; 28:19, 20

        Ramalan ”Gandum” diklumpukké ”ing gudhang” lan ”budhak sing setya lan wicaksana” dilantik karo ”majikané”. ’Kabar apik bab Kratoné Gusti Allah’ mulai diwartakké ”ing saklumahing bumi”.

        Peristiwa sing kelakon Ing taun 1919, budhak sing setya dilantik kanggo ngurusi kebutuhané umaté Yéhuwah. Hasilé, umaté Yéhuwah dadi saya semangat kanggo martakké injil. Saiki, Seksi-Seksi Yéhuwah nginjil ing luwih saka 200 negara lan nyedhiakké publikasi sing dhasaré Alkitab ing luwih saka 1.000 basa.

      • Ramalan 7.

        Ayat Dn. 12:11; Why. 13:11, 14, 15

        Ramalan Kéwan buas sing sunguné loro ngongkon wong-wong ing bumi kanggo nggawé ”patungé kéwan buas” lan mènèhi ”napas marang patung” kuwi.

        Peristiwa sing kelakon Inggris lan Amerika kerja sama kanggo mbentuk Liga Bangsa-Bangsa sing didhukung karo negara-negara liya. Saka taun 1926 nganti 1933, raja utara ya dadi anggotané Liga Bangsa-Bangsa. Wektu kuwi, wong-wong percaya nèk Liga Bangsa-Bangsa isa nggawé donya iki dadi ayem lan tentrem. Saiki, akèh wong ya mikir sing padha soal PBB. Padahal, mung Kratoné Gusti Allah sing isa nindakké kuwi.

      • Bagéan 3, nduduhké ramalan-ramalan sing kelakon ing taun 1945 nganti 1991. Inggris lan Amerika dadi raja selatan. Uni Soviet lan negara-negara sing dadi balané dadi raja utara nganti taun 1991. Sakwisé kuwi, sing dadi raja utara yaiku Rusia lan negara-negara sing dadi balané. Ramalan 8: Ledakan bom atom sing nggambarké kerusakan sing disebabké karo Inggris lan Amerika. Ramalan 9: Ing taun 1945, PBB dibentuk kanggo ngganti Liga Bangsa-Bangsa. Gambar liyané: Ramalan 1, kéwan buas sing endhasé pitu kuwi isih ana. Ramalan 5, sikilé patung sing digawé saka wesi lan lempung kuwi isih ana. Ramalan 6: Ing taun 1945, jumlahé penginjil ana luwih saka 156.000 wong. Ing taun 1991, jumlahé penginjil luwih saka 4.278.000 wong. Peristiwa-peristiwa sing ana pengaruhé kanggo umaté Yéhuwah: Ing taun 1945 nganti 1951, éwonan Seksi Yéhuwah sing ana ing Uni Soviet dibuwang menyang Siberia.
        Ramalan 8.

        Ayat Dn. 8:23, 24

        Ramalan Raja sing wajahé medèni nyebabké ”karusakan kang nggegirisi”.

        Peristiwa sing kelakon Inggris lan Amerika matèni akèh wong lan nyebabké akèh kerusakan. Misalé, pas Perang Donya II, Amerika Serikat nggunakké bom atom kanggo ngalahké mungsuhé Inggris lan Amerika. Kerusakan sing disebabké karo bom atom kuwi bener-bener parah lan durung tau kelakon sakdurungé.

      • Ramalan 9.

        Ayat Dn. 11:31; Why. 17:3, 7-11

        Ramalan Kéwan buas sing sunguné sepuluh lan ”wernané abang mbranang” metu saka jurang sing jero banget. Dhèwèké kuwi raja sing kewolu. Ing ramalané Danièl, raja iki disebut ”kang ora pantes kang ngrerusak”.

        Peristiwa sing kelakon Pas Perang Donya II, Liga Bangsa-Bangsa ora nindakké apa-apa. Sakwisé perang, bangsa-bangsa ”nganakaké”, utawa mbentuk PBB. Kaya Liga Bangsa-Bangsa, akèh wong ya nganggep nèk PBB isa nindakké apa sing bakal ditindakké karo Kratoné Gusti Allah. PBB bakal nyerang agama palsu.

      • Bagéan 4, nduduhké ramalan-ramalan sing kelakon ing jaman saiki nganti Armagédon. Inggris lan Amerika dadi raja selatan. Rusia lan negara-negara sing dadi balané dadi raja utara. Ramalan 10: Bangsa-bangsa ngumumké ’tentrem lan aman’. Sakwisé kuwi, sengsara gedhé dimulai. Ramalan 11: Bangsa-bangsa nyingkirké kabèh organisasi sing ana hubungané karo agama palsu. Ramalan 12: Bangsa-bangsa bakal nyerang umaté Yéhuwah. Wong-wong sing bakal dadi raja karo Yésus dikumpulké ing swarga. Ramalan 13: Armagédon. Sing nunggang jaran putih bakal ngrampungké perangé. Kéwan buas sing endhasé pitu kuwi dihancurké; patung sing sikilé digawé saka wesi lan lempung dihancurké. Gambar liyané: Ramalan 1, kéwan buas sing endhasé pitu kuwi isih ana nganti Armagédon. Ramalan 5, sikilé patung sing digawé saka wesi lan lempung kuwi isih ana nganti Armagédon. Ramalan 6, saiki jumlahé penginjil luwih saka 8.580.000 wong. Peristiwa-peristiwa sing ana pengaruhé kanggo umaté Yéhuwah: Ing taun 2017, Seksi-Seksi Yéhuwah ing Rusia dipenjara lan bangunan-bangunan duwèké kantor cabang disita.
        Ramalan 10 lan 11.

        Ayat 1 Tés. 5:3; Why. 17:16

        Ramalan Bangsa-bangsa ngumumké ”tentrem lan aman”. Terus, ”sepuluh sungu” lan ”kéwan buas” nyerang lan nyirnakké ”pelacur kuwi”. Sakwisé kuwi, bangsa-bangsa bakal dihancurké.

        Peristiwa sing kelakon Bangsa-bangsa bakal nganggep nèk dhèwèké wis berhasil nggawé ndonya iki dadi ayem lan tentrem. Terus, bangsa-bangsa sing dadi bagéan saka PBB bakal nyingkirké kabèh organisasi sing ana hubungané karo agama palsu. Kuwi dadi tandha nèk sengsara gedhé wis dimulai. Sengsara gedhé bakal rampung sakwisé Yésus nyirnakké bagéan-bagéan liyané saka donyané Sétan pas Armagédon.

      • Ramalan 12.

        Ayat Yk. 38:11, 14-17; Mat. 24:31

        Ramalan Gog bakal nyerang umaté Yéhuwah. Terus, para malaékat bakal nglumpukké ”wong-wong pilihané” Gusti Allah.

        Peristiwa sing kelakon Raja utara lan bangsa-bangsa liyané bakal nyerang umaté Yéhuwah. Sakwisé serangan kuwi kelakon, wong-wong sing bakal dadi raja karo Yésus diklumpukké ing swarga.

      • Ramalan 13.

        Ayat Yk. 38:18-23; Dn. 2:34, 35, 44, 45; Why. 6:2; 16:14, 16; 17:14; 19:20

        Ramalan ’Sing nunggang jaran putih’ bakal ”ngrampungké perangé” sakwisé dhèwèké ngalahké Gog lan pasukané. Terus, ”kéwan buas . . . kuwi dicemplungké urip-urip menyang danau geni sing mulad-mulad” lan patung sing digawé saka logam sing béda-béda kuwi akhiré ya mèlu hancur.

        Peristiwa sing kelakon Umaté Yéhuwah bakal dislametké karo Yésus sing wis dadi raja Kratoné Gusti Allah. Yésus, wong-wong sing dadi raja bareng karo dhèwèké, lan para malaékat bakal nyirnakké bangsa-bangsa sing nyerang umaté Yéhuwah. Akhiré, donya iki wis ora dikuwasani karo Sétan manèh.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim