PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mrt artikel 38
  • Apa Muridé Yésus Éntuk Mèlu-Mèlu Politik?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Muridé Yésus Éntuk Mèlu-Mèlu Politik?
  • Topik Liyané
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Apa Yésus mèlu-mèlu politik?
  • Apa wong Kristen jaman mbiyèn mèlu-mèlu politik?
  • Muridé Yésus saiki piyé?
  • ”Kratonku Dudu Bagéan saka Donya Iki”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2018
  • Apa Sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah Ora Mèlu-Mèlu Urusan Politik?
    Pertanyaané Wong-Wong soal Seksi-Seksi Yéhuwah
Topik Liyané
mrt artikel 38
Pemimpin politik lan pemimpin agama rangkulan karo dadah-dadah.

Apa Muridé Yésus Éntuk Mèlu-Mèlu Politik?

Saiki akèh wong ngakuné muridé Yésus, tapi mèlu-mèlu politik. Misalé ana sing ndhukung partai politik lan wong sing dicalonké dadi pemimpin. Para pemimpin politik janji nèk bakal ngatasi akèh masalah sing ana saiki bèn isa éntuk dhukungan. Malah akèh pemimpin agama sing nduwé jabatan ing pamréntahan. Terus ing beberapa negara, ana agama sing dianggep dadi agama negara.

Dadi, apa muridé Yésus éntuk mèlu politik? Yésus ngomong, ”Kowé wis tak wènèhi conto, mula kuwi ya kudu mbok tindakké.” (Yohanes 13:15) Piyé contoné Yésus?

Apa Yésus mèlu-mèlu politik?

Ora.

Yésus ora gelem nduwé jabatan politik. Pas ditawani Sétan ”kabèh pamréntahané manungsa ing donya”, Yésus nolak. (Matius 4:8-10)a Terus pas arep didadèkké raja, dhèwèké ya ora gelem. Menurut Alkitab, ”Yésus ngerti nèk wong-wong kuwi bakal meksa dhèwèké dadi raja. Mula, Yésus lunga manèh ing gunung dhèwèkan.” (Yohanes 6:15) Yésus ora gelem mèlu-mèlu politik.

Yésus ora mihak. Misalé pas kaé, wong Yahudi ora gelem mbayar pajeg ing pamréntahan Roma. Pas ditakoni soal kuwi, Yésus njawab, ”Wènèhna marang Kaisar apa sing dadi duwèké Kaisar. Ning, wènèhna marang Gusti Allah apa sing dadi duwèké Gusti Allah.” (Markus 12:13-17) Dadi, Yésus ora mihak sapa-sapa. Mémang, Yésus ngomong nèk kudu mbayar pajeg ing pamréntahan Roma. Tapi nèk hukumé pamréntah ora sesuai karo hukumé Gusti Allah, ya kudu luwih manut karo Gusti Allah.​—Matius 4:10; 22:37, 38.

Yésus ndhukung Kerajaané Gusti Allah. (Lukas 4:43) Yésus ngerti nèk karepé Gusti Allah mung isa kelakon liwat Kerajaané Gusti Allah. Mula, dhèwèké ora mèlu-mèlu politik. (Matius 6:10) Mengko pamréntahané manungsa bakal diganti karo Kerajaané Gusti Allah.​—Danièl 2:44.

Apa wong Kristen jaman mbiyèn mèlu-mèlu politik?

Ora. Yésus ngongkon murid-muridé bèn ”ora padha kaya wong-wong ing donya iki”. (Yohanes 15:19) Makané murid-muridé ora mèlu-mèlu politik. (Yohanes 17:16; 18:36) Murid-muridé Yésus ya ngandhani wong liya soal Kerajaané Gusti Allah.​—Matius 28:18-20; Kisah 10:42.

Tapi, meréka ya manut karo pamréntah. (Kisah 5:29; 1 Pétrus 2:13, 17) Meréka manut hukumé, terus ya mbayar pajeg. (Roma 13:1, 7) Meskipun ora mèlu-mèlu politik, wong Kristen jaman mbiyèn ora anti pamréntah. Misalé, meréka gelem nggunakké apa sing disedhiakké pamréntah.​—Kisah 25:10, 11; Filipi 1:7.

Keterangan soal wong Kristen jaman mbiyèn

  • ”Wong Kristen ora kaya wong Roma liyané. . . . Meréka ora gelem nduwé jabatan politik.”​—On the Road to Civilization—A World History, halaman 238.

  • ”Ora ana bukti nèk Yésus tau mèlu-mèlu politik utawa militèr. . . . Murid-muridé ya kaya ngono.”​—Jesus and Judaism, halaman 231.

  • ”Wong Kristen nganggep nèk agama ora ana hubungané karo politik, lan luwih penting agama timbang politik. Meréka luwih manut karo Kristus ketimbang karo Kaisar.”​—Caesar and Christ, halaman 647.

  • ”Bèn para pejabat pengadilan isa adil karo dhèwèké, [Rasul] Paulus nggunakké haké dadi warga negara Romawi. Tapi, dhèwèké ora gelem mèlu-mèlu politik. . . . Wong Kristen jaman mbiyèn ya manut karo pamréntah, tapi tetep ora mèlu-mèlu politik.”​—Beyond Good Intentions—A Biblical View of Politics, halaman 122-123.

  • ”Wong Kristen ngerti nèk muridé Yésus kuduné ora nduwé jabatan politik. . . . Ahli sejarah sing jenengé Hippolytus ngomong nèk ana pejabat sing péngin dadi Kristen, dhèwèké kudu metu saka gawéané.”​—A History of Christianity, Volume I, halaman 253.

Muridé Yésus saiki piyé?

Menurut Alkitab, Yésus karo murid-muridé ora mèlu-mèlu politik. Mula Seksi-Seksi Yéhuwah ya ora mèlu-mèlu politik. Seksi-Seksi Yéhuwah ngandhani wong liya ”kabar apik soal Kerajaan”.​—Matius 24:14.

a Yésus ngakoni nèk Sétan kuwi ”penguasa donya iki”, mula dhèwèké isa nawani Yésus.​—Yohanes 14:30

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim