LAGU 124
Tetep Setya
Vèrsi Tercétak
1. Tetep setya karo Huwah,
Terus dadi abdiné.
Manut karo tuntunané,
Seneng kabèh préntahé.
Kudu percaya Yéhuwah,
Terus niru sifaté.
Naséhaté ’nggo umaté
mesthi akèh gunané.
2. Tetep sayang karo kabèh
sedulur sing liyané.
Terus mbantu lan nggatèkké
sedulur sing mbutuhké,
Perduli kabèh sedulur,
Dadi kanca akrabé.
Ayo terus ’dha nguwatké
wong sing susah atiné.
3. Tetep manut pinituwa
lan kabèh petunjuké.
Tuntunané, naséhaté,
Kudu t’rus digatèkké.
Nèk manut lan tetep setya,
Yah mènèhi berkahé.
Dadi abdi saklawasé
lan ngrasakké tresnané.
(Deloken Mzm. 149:1; 1 Tim. 2:8; Ibr. 13:17.)