LAGU 94
Maturnuwun kanggo Kitab Suci
Vèrsi Tercétak
1. Maturnuwun banget Yéhuwah Gusti
merga aku wis nampa Kitab Suci.
Wong sing nulis isiné dituntun roh suci.
Saiki sing bener wis tak ngertèni.
2. Oh nuwun Yéhuwah, aku dibantu
ngerti piyé pikiran lan atiku.
Berguna kanggo aku, hukum lan préntah-Mu.
Nuwun Huwah merga wis nuntun aku.
3. Isi Kitab Suci soal abdi-Mu,
Perasaané padha kaya aku.
Yah, kuwatna imanku bèn manut préntah-Mu.
Yéhuwah, rungokna maturnuwunku.
(Deloken Mzm. 19:9; 119:16, 162; 2 Tim. 3:16; Yak. 5:17; 2 Ptr. 1:21.)