PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w23 November hlm. 14-19
  • Tetep Percaya Yéhuwah Meskipun Ana Masalah

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Tetep Percaya Yéhuwah Meskipun Ana Masalah
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • MASALAH SING DIADHEPI WONG YAHUDI SING BALIK ING YÉRUSALÈM
  • TERUS NGUTAMAKKÉ KAREPÉ YÉHUWAH
  • CARANÉ BÈN TAMBAH PERCAYA KARO YÉHUWAH
  • PERCAYA KARO YÉHUWAH SAKLAWASÉ
  • Ézra Mulang soal Hukumé Yéhuwah
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Wahyu sing Ditampa Zakharia Isa Nguwatké Njenengan
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2022
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
w23 November hlm. 14-19

ARTIKEL PELAJARAN 48

Tetep Percaya Yéhuwah Meskipun Ana Masalah

”’Kowé kudu kuwat, . . . merga Aku ndhukung kowé’, kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan.”—HAG. 2:4.

LAGU 118 Tulung Kuwatna Imanku

ISINÉ ARTIKEL IKIa

1-2. (a) Situasi apa waé sing dialami wong Yahudi, sing ya isa waé awaké dhéwé alami? (b) Critakna apa waé masalah sing diadhepi wong Yahudi. (Deloken kothak ”Jamané Hagai, Zakharia, lan Ézra”.)

APA njenengan saiki lagi kuwatir? Mungkin merga bar di-PHK, njenengan bingung piyé carané nyukupi kebutuhan keluarga. Utawa merga kondhisi politik ora stabil, ana penganiayaan, lan kegiatan nginjil lagi dilarang, njenengan dadi kuwatir mikirké keluarga. Wong Israèl mbiyèn ya tau ngalami kaya ngono. Ayo sinau saka carané Yéhuwah nulungi meréka.

2 Wong Yahudi sing ing Babilon butuh iman sing gedhé kanggo balik ing Yérusalèm. Soalé akèh-akèhé durung tau ing Yérusalèm. Terus, kuwi ya berarti meréka kudu ninggalké urip sing wis nyaman lan makmur. Ora suwé bar tekan Yérusalèm, meréka ngadhepi akèh masalah. Misalé, meréka kangèlan nyukupi kebutuhan keluargané. Terus, pamréntah Pèrsia lan bangsa-bangsa ing sekitaré ya padha nentang meréka mbangun bait. Akibaté, ana sing nganggep nèk mbangun bait kuwi dadi ora penting manèh. Makané, kira-kira taun 520 SM, Yéhuwah ngongkon Nabi Hagai lan Nabi Zakharia kanggo nyemangati wong Yahudi. (Hag. 1:1; Za. 1:1) Hasilé, wong Yahudi dadi semangat manèh. Tapi, mèh 50 taun bar kuwi, wong-wong kuwi butuh disemangati manèh. Ézra, penyalin sing ahli banget soal Hukum Musa, teka saka Babilon ing Yérusalèm kanggo nyemangati wong Yahudi bèn ngutamakké ibadahé manèh.—Ézr. 7:​1, 6.

Jamané Hagai, Zakharia, lan Ézra

Garis waktu peristiwa-peristiwa penting pas jamané Hagai, Zakharia, lan Ézra (SM). 537: Wong Yahudi lunga saka Babilon. 520: Nabi Hagai lan Zakharia ngekèki ramalan ing Yérusalèm. 515: Bait ing Yérusalèm. 484: Ratu Èster nemoni Raja Ahaswéros. 468: Ézra lunga numpak unta karo nggawa grobag. 455: Témbok Yérusalèm.

SM

  1. 537: Kelompoké wong Yahudi sing pertama balik ing Yérusalèm

  2. 520: Hagai lan Zakharia ngekèki ramalan ing Yérusalèm

  3. 515: Bait rampung dibangun

  4. 484: Bar krungu nèk kabèh wong Yahudi arep dipatèni, Èster nemoni Raja Xerxes I (utawa Ahaswéros)

  5. 468: Ézra lan kelompoké wong Yahudi sing keloro balik ing Yérusalèm

  6. 455: Témbok Yérusalèm rampung dibangun

3. Pertanyaan-pertanyaan apa waé sing bakal dibahas? (Wulang Bebasan 22:19)

3 Merga ngerti ramalan saka Hagai lan Zakharia, umaté Yéhuwah jaman mbiyèn isa terus percaya Yéhuwah meskipun ana akèh tantangan. Mula, nèk mempelajari ramalan-ramalan kuwi, awaké dhéwé ya bakal tambah percaya karo Yéhuwah meskipun ana akèh masalah. (Wacanen Wulang Bebasan 22:19.) Ing artikel iki bakal dibahas: Apa waé masalah sing diadhepi wong Yahudi? Pas ana masalah, ngapa kok kudu tetep ngutamakké karepé Yéhuwah? Terus, piyé carané bèn isa tambah percaya karo Yéhuwah? Awaké dhéwé isa ngerti jawabané nèk nggatèkké omongané Gusti Allah liwat Hagai lan Zakharia lan nggatèkké contoné Ézra.

MASALAH SING DIADHEPI WONG YAHUDI SING BALIK ING YÉRUSALÈM

4-5. Apa sing marakké wong Yahudi suwé-suwé dadi ora semangat mbangun bait?

4 Pas tekan ing Yérusalèm, ana gawéan sing akèh banget. Meréka kudu mbangun mézbahé Yéhuwah lan mulai mbangun pondhasiné bait. (Ézr. 3:​1-3, 10) Tapi, suwé-suwé meréka dadi ora semangat manèh. Lha ngapa? Selain kudu mbangun bait, meréka ya kudu mbangun omah, mulai bertani, lan kudu nyukupi kebutuhan keluargané. (Ézr. 2:​68, 70) Terus, meréka ya diwedèn-wedèni mungsuhé sing péngin bèn meréka mandheg mbangun bait.—Ézr. 4:​1-5.

5 Merga kondhisi ékonomi lan politik sing ora stabil, wong-wong Yahudi sing balik kuwi ya kena dampaké. Negarané saiki dikuwasani Pèrsia. Sakwisé Raja Korès mati taun 530 SM, sing neruské kuwi Kambisès. Kambisès arep ngalahké Mesir. Pas perjalanan ing Mesir, prajurité njaluk bèn bangsa Israèl nyedhiakké panganan, banyu, lan tempat tinggal. Kuwi marakké bangsa Israèl dadi susah. Terus, sing neruské Kambisès kuwi Darius I. Pas awal pamréntahané Darius, kondhisi politiké isih durung stabil lan ana akèh pembrontakan. Kuwi marakké akèh wong Yahudi dadi kuwatir piyé carané nyukupi kebutuhan keluargané. Merga situasi sing ora stabil kuwi, ana wong Yahudi sing mikir nèk wektuné durung cocog kanggo mbangun baité Yéhuwah.—Hag. 1:2.

6. Menurut Zakharia 4:​6, 7, masalah apa manèh sing diadhepi wong Yahudi, terus Zakharia ngomong apa kanggo nyemangati meréka?

6 Wacanen Zakharia 4:​6, 7. Sakliyané susah merga kena dampak saka kondhisi politik lan ékonomi sing ora stabil, wong Yahudi ya ditentang. Taun 522 SM pembangunan bait mandheg, soalé mungsuh-mungsuh ngojok-ojoki pamréntah Pèrsia bèn nglarang pembangunan kuwi. Tapi, Zakharia ngomong nèk wong Yahudi kudu percaya Yéhuwah, soalé Yéhuwah isa nyingkirké kabèh halangan. Taun 520 SM pembangunan bait akhiré éntuk dilanjutké manèh. Malah, Raja Darius ya ngekèki sumbangan lan ngongkon para gubernur bèn mèlu ndhukung proyèk kuwi.—Ézr. 6:​1, 6-10.

7. Apa berkahé merga wong Yahudi ngutamakké karepé Yéhuwah?

7 Liwat Hagai lan Zakharia, Yéhuwah janji nèk Dhèwèké bakal ndhukung umaté nèk meréka ngutamakké gawéan mbangun bait. (Hag. 1:​8, 13, 14; Za. 1:​3, 16) Merga disemangati, taun 520 SM wong Yahudi akhiré nglanjutké manèh pembangunan bait. Malah, ora nganti limang taun, bait kuwi wis rampung dibangun. Meskipun ngadhepi akèh masalah, wong Yahudi tetep ngutamakké karepé Yéhuwah. Makané, Yéhuwah ora mung ngekèki sing meréka butuhké, tapi ya mbantu bèn meréka tetep cedhak karo Dhèwèké. Hasilé, meréka isa bahagia nyembah Yéhuwah.—Ézr. 6:​14-16, 22.

TERUS NGUTAMAKKÉ KAREPÉ YÉHUWAH

8. Ngapa kok kata-kata ing Hagai 2:4 isa marakké awaké dhéwé dadi péngin ngutamakké karepé Yéhuwah? (Deloken cathetan ngisor.)

8 Merga ora suwé manèh sengsara gedhé, awaké dhéwé kudu luwih ngutamakké kegiatan nginjil. (Mrk. 13:10) Tapi, kuwi isa waé ora gampang nèk lagi ngadhepi masalah ékonomi utawa ditentang. Nah, piyé bèn isa ngutamakké karepé Yéhuwah? Kudu percaya nèk ”Yéhuwah pemimpiné pasukan”b bakal ndhukung awaké dhéwé. Nèk terus ngutamakké karepé Yéhuwah, awaké dhéwé ora perlu wedi.—Wacanen Hagai 2:4.

9-10. Critakna pengalamané Oleg lan Irina sing ngrasakké nèk kata-katané Yésus ing Matius 6:33 kuwi bener.

9 Contoné, pasangan perintis jenengé Oleg lan Irina.c Meréka pindhah kanggo mbantu jemaat liya. Tapi merga ana krisis ékonomi ing negara kuwi, meréka dadi kélangan gawéan. Selama kira-kira setaun, meréka ora nduwé gawéan tetap. Tapi, meréka selalu ngrasakké dhukungané Yéhuwah. Kadhang-kadhang, meréka ya nampa bantuané sedulur-sedulur. Apa sing marakké meréka isa terus semangat meskipun ngadhepi masalah? Awalé, Oleg mémang ngrasa strès. Tapi dhèwèké crita, ”Aku isa fokus ngutamakké sing luwih penting merga tetep sibuk nginjil.” Meskipun isih terus nggolèk gawéan, meréka tetep sibuk nginjil.

10 Suatu hari bar balik nginjil, ngerti-ngerti ana sedulur seiman sing teka lan ngekèki blanjaan rong krèsèk. Padahal omahé sedulur kuwi adohé 160 kilomèter saka omahé Oleg. Oleg crita, ”Dina kuwi, kami ngrasakké manèh nèk Yéhuwah lan sedulur-sedulur seiman terus perduli lan nggatèkké. Kami ya tambah yakin nèk Yéhuwah ora bakal ninggalké umaté meskipun umaté wis ngrasa putus asa.”—Mat. 6:33.

11. Apa hasilé nèk awaké dhéwé ngutamakké karepé Yéhuwah?

11 Yéhuwah péngin awaké dhéwé terus ngutamakké gawéan ndadèkké murid. Kaya sing dibahas ing paragraf 7, Hagai nyemangati umaté Yéhuwah bèn mulai mbangun bait manèh. Nèk meréka manut, Yéhuwah bakal ”mènèhi berkah”. (Hag. 2:​18, 19) Nèk ngutamakké tugas saka Yéhuwah, awaké dhéwé ya isa yakin nèk Yéhuwah mesthi bakal mberkahi.

CARANÉ BÈN TAMBAH PERCAYA KARO YÉHUWAH

12. Ngapa kok Ézra lan wong-wong Yahudi liyané butuh iman sing gedhé?

12 Taun 468 SM, Ézra karo rombongan wong Yahudi sing keloro lunga ing Yérusalèm. Meréka kudu nduwé iman sing gedhé kanggo melakukan perjalanan saka Babilon iki. Meréka nggawa emas lan pérak sing akèh banget, makané isa waé dadi sasaran perampok. (Ézr. 7:​12-16; 8:31) Terus, ing Yérusalèm dhéwé ya ora aman. Penduduk ing kono mung sithik. Gerbang lan témboké ya isih kudu didandani. Apa buktiné nèk Ézra terus percaya Yéhuwah? Terus, apa sing isa awaké dhéwé tiru?

13. Apa waé sing marakké Ézra dadi tambah percaya karo Yéhuwah? (Deloken cathetan ngisor.)

13 Ézra wis ndelok dhéwé piyé Yéhuwah nglindhungi umaté. Taun 484 SM, Raja Ahaswéros mréntahké bèn kabèh wong Yahudi ing wilayah Kerajaan Pèrsia dipatèni. Wektu kuwi kétoké Ézra lagi manggon ing Babilon. Dadi, nyawané Ézra ya terancam. (Èst. 3:​7, 13-15) Merga saking wediné, wong Yahudi ”ing saben provinsi” padha pasa lan nangis karo sambat njaluk tulung Yéhuwah. (Èst. 4:3) Bayangna piyé perasaané Ézra lan wong Yahudi liyané pas keadaané berubah. Meréka malah isa ngalahké mungsuh-mungsuh sing arep matèni wong Yahudi. (Èst. 9:​1, 2) Sing dialami Ézra pas kuwi nggawé Ézra luwih siap ngadhepi masalah sukmbèné. Terus, Ézra ya dadi tambah percaya nèk Yéhuwah isa nglindhungi umaté.d

14. Bar ngrasakké dhéwé bantuané Yéhuwah, Sedulur Anastasia dadi piyé?

14 Nèk wis ngrasakké dhéwé bantuané Yéhuwah, awaké dhéwé bakal tambah percaya karo Dhèwèké. Contoné, Sedulur Anastasia sing manggon ing Eropa Timur. Merga dipeksa kanca-kanca kerjané bèn mèlu pandhangané meréka soal politik, akhiré dhèwèké metu saka gawéané. Anastasia crita, ”Lagi iki aku ngrasakké blas ora nduwé dhuwit. Tapi, kabèh tak critakké karo Yéhuwah. Akhiré, aku ngrasakké dhéwé nèk Yéhuwah tetep nggatèkké aku. Sukmbèn nèk aku kélangan gawéan manèh, aku ora wedi. Saiki Yéhuwah ngopèni aku, sukmbèn Dhèwèké ya mesthi ngopèni.”

15. Apa manèh sing marakké Ézra dadi tambah percaya karo Yéhuwah? (Ézra 7:​27, 28)

15 Ézra ngrasakké dhéwé nèk Yéhuwah mbantu dhèwèké. Pas kèlingan piyé Yéhuwah wis bola-bali nulungi, Ézra dadi tambah percaya karo Yéhuwah. Ing bukuné, ping enem Ézra nyebutké nèk Yéhuwah wis nglindhungi lan mbantu dhèwèké. (Ézr. 7:​6, 9; 8:​18, 22, 31) Misalé, ing Ézra 7:​27, 28 (Wacanen.) Ézra ngomong, ”Yéhuwah Gusti Allahku ndhukung aku.”

Awaké dhéwé isa ngrasakké Yéhuwah mbantu nèk ngadhepi situasi apa waé? (Deloken paragraf 16)e

16. Awaké dhéwé isa ngrasakké bantuané Yéhuwah nèk ngadhepi situasi apa waé? (Deloken gambar kanggo paragraf 16.)

16 Yéhuwah ya isa mbantu pas awaké dhéwé ngadhepi situasi sing angèl. Misalé, pas arep njaluk ijin karo bos kanggo cuti bèn isa mèlu pertemuan gabungan wilayah. Utawa, njaluk bèn isa mulih luwih gasik utawa ijolan shift kanggo teka ing pertemuan ibadah. Pas ngadhepi situasi-situasi kaya ngono, kuwi sakjané kesempatan awaké dhéwé isa ngrasakké nèk Yéhuwah mbantu awaké dhéwé. Isa waé hasilé luwih apik timbang sing awaké dhéwé bayangké. Nèk wis ngrasakké kuwi, awaké dhéwé bakal tambah percaya karo Yéhuwah.

Ézra lan wong Israèl ndonga karo nangis ing bait. Syékania mbantu Ézra ngadeg.

Ézra ndonga karo nangis ing bait merga mikirké dosané wong Israèl. Wong Israèl ya padha nangis. Terus, Syékania menghibur Ézra. Dhèwèké ngomong, ”Israèl isih nduwé harapan. . . . Aku kabèh ndhukung kowé.”​—Ézr. 10:​2, 4 (Deloken paragraf 17)

17. Apa buktiné Ézra rendah hati pas situasiné angèl? (Deloken gambar halaman 1.)

17 Ézra rendah hati, makané gelem ndonga njaluk tulung Yéhuwah. Pas ngrasa kewalahan merga tanggung jawabé, Ézra rendah hati lan ndonga karo Yéhuwah. (Ézr. 8:​21-23; 9:​3-5) Merga Ézra percaya karo Yéhuwah, wong-wong ing sekitaré dadi gelem ndhukung dhèwèké lan niru imané. (Ézr. 10:​1-4) Pas kuwatir piyé carané nglindhungi lan nyukupi kebutuhan keluarga, awaké dhéwé ya kudu ndonga njaluk tulung Yéhuwah.

18. Bèn tambah percaya karo Yéhuwah, awaké dhéwé kudu piyé?

18 Nèk gelem njaluk tulung Yéhuwah lan gelem dibantu para sedulur, awaké dhéwé bakal tambah percaya karo Yéhuwah. Contoné, Sedulur Erika sing nduwé anak telu. Dhèwèké percaya nèk Yéhuwah bakal terus nggatèkké meskipun dhèwèké ngadhepi masalah sing abot banget. Ora suwé bar anaké sing durung lair mati, bojoné ya mati. Bar ngalami kuwi kabèh, dhèwèké crita, ”Pas ngadhepi masalah, awaké dhéwé ora isa ngerti piyé carané Yéhuwah nulungi. Kadhang carané Yéhuwah kuwi ora disangka-sangka. Liwat omongan lan perbuatané para sedulur, aku ngrasakké nèk Yéhuwah njawab dongaku. Nèk aku gelem crita karo meréka, meréka ya luwih gampang nulungi aku.”

PERCAYA KARO YÉHUWAH SAKLAWASÉ

19-20. Apa sing isa dipelajari saka wong Yahudi sing ora isa balik ing Yérusalèm?

19 Ana sing isa dipelajari saka wong Yahudi sing ora isa balik ing Yérusalèm. Meréka ora isa balik mungkin merga wis tuwa, lara parah, utawa merga tanggung jawab keluarga. Tapi, meréka ngekèki sumbangan kanggo mbangun bait. (Ézr. 1:​5, 6) Bahkan 19 taun bar kelompok sing pertama tekan Yérusalèm, meréka sing isih ing Babilon ya isih kerep ngirimi sumbangan kanggo baité Yéhuwah ing Yérusalèm.—Za. 6:10.

20 Meskipun ora isa ngekèki akèh kanggo Yéhuwah, Yéhuwah menghargai upayané awaké dhéwé kanggo nggawé Dhèwèké seneng. Apa buktiné? Yéhuwah ngongkon Zakharia nggawé mahkota saka emas lan pérak sumbangané wong Yahudi ing Babilon. (Za. 6:11) Mahkota kuwi dienggo ngéling-éling nèk meréka wis murah hati ngekèki sumbangan. (Za. 6:14) Awaké dhéwé ya isa yakin nèk Yéhuwah ora bakal lali karo upayané awaké dhéwé nglayani Dhèwèké meskipun ana akèh masalah.—Ibr. 6:10.

21. Bèn sukmbèn isa ngadhepi masalah apa waé, awaké dhéwé kudu piyé?

21 Ing akhir jaman iki awaké dhéwé bakal ngadhepi akèh masalah. Malah, sukmbèn bakal luwih parah manèh. (2 Tim. 3:​1, 13) Tapi, ora perlu terlalu kuwatir. Pas jamané Hagai, Yéhuwah tau ngomong, ”Aku ndhukung kowé . . . Aja wedi.” (Hag. 2:​4, 5) Selama awaké dhéwé ngutamakké karepé Yéhuwah, Yéhuwah bakal ndhukung awaké dhéwé. Bar mempelajari ramalané Hagai lan Zakharia lan contoné Ézra, awaké dhéwé éntuk akèh banget pelajaran sing apik. Nèk kuwi ditrapké, awaké dhéwé bakal tambah percaya karo Yéhuwah ora soal ngadhepi masalah apa waé sukmbèn.

APA JAWABANÉ?

  • Masalah apa waé sing isa marakké awaké dhéwé dadi ora semangat nglayani Yéhuwah? Jelasna.

  • Ngapa kok kudu tetep ngutamakké karepé Yéhuwah meskipun ana masalah?

  • Piyé bèn isa tambah percaya Yéhuwah meskipun ngadhepi masalah sing abot?

LAGU 122 Kuwat lan Setya Ngabdi

a Ing artikel iki bakal dibahas piyé carané bèn isa terus percaya karo Yéhuwah pas kondhisi ékonomi lan politik ora stabil. Terus, ya dibahas piyé bèn tetep semangat nginjil meskipun ana tantangan.

b Ing buku Hagai, istilah ”Yéhuwah pemimpiné pasukan” kuwi disebutké ping 14. Nèk maca istilah kuwi, umaté Yéhuwah isa diélingké nèk Yéhuwah nduwé kuwasa sing gedhé banget lan nduwé pasukan malaékat sing akèh banget.—Mzm. 103:​20, 21.

c Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.

d Ézra kuwi penyalin sing ahli banget soal Hukumé Yéhuwah. Dadi, sakdurungé lunga ing Yérusalèm, dhèwèké wis percaya banget karo omongané Yéhuwah.—2 Bb. 36:​22, 23; Ézr. 7:​6, 9, 10; Yér. 29:14.

e GAMBAR: Sedulur lanang njaluk cuti karo bosé bèn isa teka ing pertemuan gabungan wilayah, tapi ditolak. Dhèwèké ndonga karo Yéhuwah lan mikirké carané bèn isa njaluk ijin manèh karo bosé. Dhèwèké ngekèki bosé undangan pertemuan gabungan wilayah lan njelaské manfaaté nèk teka. Bosé terkesan, lan akhiré ngekèki ijin.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim