PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w18 Juni hlm. 27-29
  • Katentreman—Piyé Carané?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Katentreman—Piyé Carané?
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2018
  • Subjudhul
  • APA SING KUDU KITA TINDAKKÉ?
  • ROH SUCI MBANTU BÈN ISA NGRASAKKÉ KATENTREMAN
  • CARANÉ ÉNTUK KATENTREMAN SEJATI
  • NGUPAYA RUKUN KARO WONG LIYANÉ
  • KATENTREMAN SING LANGGENG
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2018
w18 Juni hlm. 27-29
Wong lanang sing lagi kuwatir merga kudu mbayar tagihan lan keluargané ana sing opname

Katentreman​—Carané Piyé?

  • KATRESNAN

  • KABUNGAHAN

  • KATENTREMAN

  • KESABARAN

  • APIK ATI

  • APIKAN

  • IMAN

  • WATAK SING ALUS

  • NGENDHALÈNI DHIRI

URIP ing donya iki pancèn marahi strès lan ora tentrem. Mbokmenawa kita isa waé ngrasakké katentreman, ning tetep waé isa ana masalah. Piyé carané Alkitab mbantu kita bèn isa ngrasakké katentremana sing langgeng lan sejati? Lan piyé kita isa mbantu liyané éntuk katentreman sejati?

APA SING KUDU KITA TINDAKKÉ?

Kita mbutuhké kanca-kanca sing apik, lan sing paling penting kita perlu nyedhak marang Gusti Allah. Kuwi isa nggawé kita rumangsa aman lan asilé kita isa ngrasakké katentreman sing sejati. Piyé carané?

Pathokan lan préntahé Gusti Allah kuwi mesthi ana paédahé kanggo kita. Nèk kita manut Gusti Allah, kuwi bukti kita percaya marang Yéhuwah lan kepéngin nduwé hubungan sing rukun karo Yéhuwah. (Ym. 17:7, 8; Yak. 2:22, 23) Banjur, Yéhuwah bakal nyedhak lan nggawé kita isa ngrasakké ayem tentrem. Yésaya 32:17, Terjemahan Dunia Baru kandha, ”Asil saka bab sing bener kuwi katentreman, lan woh saka bab sing bener kuwi rasa aman lan ayem kanggo saklawasé.” Kita isa ngrasakké katentreman sing sejati nèk gelem manut marang Yéhuwah.​—Yé. 48:18, 19.

Wong lanang sing lagi kuwatir merga kudu mbayar tagihan lan keluargané ana sing opname

Rasa kuwatir isa marahi ora tentrem

Yéhuwah uga maringké roh suciné kanggo kita. Kuwi isa mbantu kita bèn isa ngrasakké katentreman sing langgeng.​—Kis. 9:31.

ROH SUCI MBANTU BÈN ISA NGRASAKKÉ KATENTREMAN

Rasul Paulus kandha nèk katentreman kuwi salah siji bagéan saka ”woh sing dihasilké roh suci”. (Gal. 5:22, 23) Dadi, nèk péngin ngrasakké katentreman, kita perlu manut tuntunané roh suci. Piyé carané?

Pertama, kita kudu ajeg maca Alkitab. (Ms. 1:2, 3) Wektu mikirké tenanan apa sing kita waca ing Alkitab, roh suci bakal mbantu kita ngerti pandhangané Yéhuwah. Contoné, kita sinau bab apa sing nggawé Yéhuwah terus njaga katentreman lan apa sebabé kuwi penting kanggo Yéhuwah. Kita isa luwih urip ayem tentrem nèk ngetrapké piwulangé Alkitab.​—WB. 3:1, 2.

Keloro, kita kudu ndonga nyuwun roh suciné Yéhuwah. (Luk. 11:13) Yéhuwah janji marang wong-wong sing nyuwun bantuané, ”Gusti Allah bakal maringi katentreman sing ora isa dipahami manungsa, lan nganggo cara iki, Panjenengané bakal njaga ati lan pikiranmu liwat Kristus Yésus.” (Flp. 4:6, 7) Nèk kita terus nyedhak marang Yéhuwah lan ngendelké roh suciné, Yéhuwah isa mbantu kita ngrasakké katentreman sing sejati.​—Rm. 15:13.

Alkitab wis mbantu akèh wong ngowahi uripé, lan saiki wong-wong kuwi isa ngrasakké hubungan sing rukun karo Yéhuwah lan wong liya, uga isa ngrasakké pikiran sing ayem tentrem.

CARANÉ ÉNTUK KATENTREMAN SEJATI

Sakdurungé sinau Alkitab, ana sedulur-sedulur sing mbiyèné gampang nesu lan tumindak kasar. Ning, para sedulur kuwi ngupaya ngowahi sipaté lan saiki isa dadi wong sing luwih apik ati, sabar, lan rukun karo liyané.b (Deloken katrangan ing ngisor.) (WB. 29:22) Coba gatèkna pengalamané Sedulur David lan Rachel.

Ndonga lan ngetrapké pathokané Alkitab isa nggawé keluarga dadi ayem tentrem

Kita isa ayem tentrem nèk ngetrapké pathokané Alkitab lan ndonga njaluk roh suci

Sakdurungé sinau Alkitab, David kuwi kritis lan kasar wektu omongan karo keluargané. Ning, dhèwèké sadhar nèk kudu ngowahi sipaté. Piyé carané? David kandha, ”Aku mulai ngetrapké pathokan-pathokané Alkitab, lan asilé, aku lan keluargaku dadi luwih ngajèni siji lan sijiné.”

Sipaté Rachel dipengaruhi lingkungané. Dhèwèké nyritakké, ”Saiki waé aku isih ngupaya ngatasi sipatku sing gampang nesu merga keluargaku ya gampang nesu.” Apa sing mbantu Rachel isa ngrasakké katentreman? Dhèwèké kandha, ”Donga lan ngendelké Yéhuwah.”

Pengalamané David lan Rachel kuwi dadi conto nèk kita isa ngrasakké katentreman merga ngetrapké pathokané Alkitab lan ngendelké roh suci. Senajan wong-wong saiki gampang nesu, kita isih isa ngrasakké urip ayem tentrem. Kuwi nggawé kita dadi luwih gampang rukun karo keluarga lan para sedulur ing jemaat. Tapi Yéhuwah uga ngandhani supaya kita ”urip rukun karo kabèh wong”. (Rm. 12:18) Apa kuwi mungkin? Carané piyé?

NGUPAYA RUKUN KARO WONG LIYANÉ

Kabar apik bab Kratoné Allah sing kita wartakké kuwi isa mbantu wong-wong ngrasakké katentreman. (Yé. 9:5, 6; Mat. 24:14) Akèh wong sing gelem nampa lan sinau kabar apik kuwi. Asilé, wong-wong kuwi isa ngrasakké urip sing bungah lan ora gampang nesu senajan kahanané ora gampang. Wong-wong kuwi saiki nduwé pangarep-arep sing sejati, lan akhiré dadi seneng ngupaya rukun.​—Ms. 34:15.

Ning, ora kabèh wong langsung gelem nampa kabar apik wektu sepisanan ketemu. (Yoh. 3:19) Ora masalah piyé tanggepané wong-wong, Yéhuwah tetep maringké roh suciné. Iki isa mbantu kita tetep ngupaya rukun lan ngajèni wong liya. Yésus ngandhani, ”Ing saben kutha utawa désa sing kok parani, golèka wong sing gelem nampa kowé, lan manggona ing kono nganti kowé lunga. Wektu mlebu ing omahé wong, ucapna salam. Nèk sing nduwé omah gelem nampa, wong-wong kuwi bakal éntuk damai. Nanging nèk ora gelem nampa, damaimu bakal bali menyang kowé.” (Mat. 10:11-13, ctn) Nèk kita terus manut naséhaté Yésus, kita isa terus ngrasakké katentreman ora masalah apa tanggepané wong liya. Lan mbokmenawa sukmbèn kita isih nduwé kesempatan kanggo mbantu wong liya.

Kita uga isa ngupaya rukun nganggo cara ngajèni para pejabat pamréntah, senajan wong-wong kuwi nentang gawéané Seksi-Seksi Yéhuwah. Contoné, ing salah siji dhaérah ing Afrika, pamréntah ora ngijinké Seksi Yéhuwah mbangun Balé Ibadah. Para sedulur ngerti nèk masalah iki kudu dirampungi nganggo cara sing apik-apik. Para sedulur ngutus salah siji sedulur sing wis tau dadi utusan injil ing kono, kanggo nemoni Duta Besar ing London, Inggris, lan njelaské nèk Seksi-Seksi Yéhuwah kuwi ora tau nggawé masalah.

Sedulur kuwi kandha, ”Wektu mara ing resepsionis, aku ngamati carané resepsionis kuwi nganggo klambi. Kétoké dhèwèké asalé saka suku sing aku ngerti basané. Dadi, aku ngejak omongan nganggo basané wong kuwi. Dhèwèké kagèt terus takon, ’Ana perlu apa?’ Kanthi sopan aku njawab nèk arep ketemu karo Duta Besar. Dhèwèké banjur nélponké Duta Besar kuwi, sing akhiré metu nemoni aku lan nyapa nganggo basané dhéwé. Duta Besar ngrungokké tenanan wektu aku njelaské bab kegiatané Seksi Yéhuwah.”

Bar dijelaské, Duta Besar kuwi dadi paham lan ora nduwé prasangka manèh bab Seksi Yéhuwah. Ora suwé sakwisé kuwi, pamréntah ing dhaérah kuwi mau ngowahi keputusané lan ngijinké Seksi Yéhuwah mbangun Balé Ibadah. Para sedulur seneng banget. Dadi, nèk kita ngajèni wong liya, kuwi isa nggawé kahanané dadi rukun lan ayem tentrem.

KATENTREMAN SING LANGGENG

Saiki, umaté Yéhuwah ngrasakké firdaus rohani, yaiku kahanan sing ayem tentrem ing antarané wong-wong sing ngabdi marang Yéhuwah. Kita kabèh isa mèlu nggawé kahanan dadi tentrem, nèk kita dhéwé ngupaya rukun. Banjur, kita isa yakin nèk Yéhuwah bakal seneng lan mberkahi kita. Lan sukmbèn, Yéhuwah bakal maringi kita katentreman sing langgeng ing donya anyar.​—2 Ptr. 3:13, 14.

a Ing Alkitab basa Jawa, tembung asli sing diterjemahké dadi ”katentreman” uga isa diterjemahké dadi ”rukun”.

b Sipat apik ati bakal dirembug ing artikel sakbanjuré saka sèri artikel ”woh sing dihasilké roh suci”.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim