PELAJARAN 39
Pandhangané Gusti Allah soal Getih
Getih kuwi penting banget. Nèk wong kentèkan getih, ora bakal isa urip. Merga Yéhuwah sing nggawé urip, mung Yéhuwah sing isa nentokké getih kudu diapakké. Piyé pandhangané Yéhuwah soal getih? Apa éntuk mangan getih utawa transfusi? Piyé bèn isa nggawé keputusan sing bener soal getih?
1. Piyé pandhangané Yéhuwah soal getih?
Yéhuwah ngomong, ”Nyawané saben makhluk hidup kuwi getihé.” (Kaimaman 17:14) Menurut Yéhuwah, getih nglambangké nyawa utawa urip. Urip kuwi anugrah sing berharga saka Yéhuwah, mulané getih ya berharga.
2. Apa waé larangané Gusti Allah soal getih?
Sakdurungé ana jemaat Kristen, Yéhuwah wis tau ngomong nèk umaté ora éntuk mangan getih. (Wacanen Purwaning Dumadi 9:4 lan Kaimaman 17:10.) Sakwisé ana jemaat Kristen, Yéhuwah mbalèni manèh préntah kuwi liwat pengurus pusat nèk wong Kristen ”kudu terus nyingkir . . . saka getih”.—Wacanen Kisah 15:28, 29.
Apa maksudé nyingkir saka getih? Nèk dokter nglarang njenengan ngombé alkohol, njenengan mesthi kan ya ora bakal mangan panganan sing ana alkoholé, utawa nglebokké alkohol ing pembuluh darah, ta? Dadi, nèk Gusti Allah ngongkon awaké dhéwé nyingkir saka getih, berarti awaké dhéwé ora bakal ngombé getih, mangan daging kéwan sing ora dibelèh, utawa mangan panganan sing dicampur getih.
Tapi, piyé nèk getih kuwi dienggo perawatan mèdis? Ana prosedur mèdis sing mémang jelas-jelas ora éntuk karo Gusti Allah. Kuwi termasuk transfusi darah utuh utawa salah siji saka patang bagian utama darah, yaiku sèl darah mérah, sèl darah putih, keping darah, lan plasma darah. Tapi, ana prosedur mèdis liyané sing ora ana préntah sing jelas ing Alkitab kuwi éntuk apa ora. Misalé, prosedur mèdis sing nganggo pecahan saka patang bagian utama darah utawa prosedur mèdis nganggo getihé dhéwé. Saben wong kudu nggawé keputusan dhéwé soal kuwi.a—Galatia 6:5.
SINAU LUWIH AKÈH
Ayo ngrembug piyé bèn isa nggawé keputusan soal milih perawatan mèdis.
3. Milih perawatan mèdis sing sesuai karo pathokan ing Alkitab
Piyé bèn isa milih perawatan mèdis sing sesuai karo karepé Gusti Allah? Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen ngapa kok kudu . . .
ndonga.—Yakobus 1:5.
nggolèk pathokan ing Alkitab soal kuwi.—Wulang Bebasan 13:16.
nggolèk keterangan soal perawatan mèdis sing ana ing dhaérahé njenengan.
mutuské perawatan mèdis apa sing njenengan ora gelem.
mastèkké keputusan kuwi tetep nggawé hati nurani ngrasa pénak.—Kisah 24:16.b
nggawé keputusan dhéwé, ora digawèkké karo bojo, pinituwa, utawa sing ngajari sinau Alkitab.—Roma 14:12.
nulis keputusané njenengan bèn wong liya ya ngerti.
4. Seksi-Seksi Yéhuwah tetep berusaha bèn éntuk perawatan mèdis sing apik
Awaké dhéwé isa éntuk perawatan mèdis sing apik meskipun ora nganggo getih. Setèlen VIDÉONÉ.
Wacanen Titus 3:2, terus rembugen pertanyaan iki:
Wektu njelaské keputusané awaké dhéwé, ngapa kok kudu tetep ngajèni dokteré?
Kudu ditolak |
Diputuské dhéwé |
---|---|
A. Plasma darah |
Pecahan plasma darah |
B. Sèl darah putih |
Pecahan sèl darah putih |
C. Keping darah |
Pecahan keping darah |
D. Sèl darah mérah |
Pecahan sèl darah mérah |
5. Pas milih perawatan mèdis sing nganggo pecahan darah
Ana patang bagian utama darah, yaiku sèl darah mérah, sèl darah putih, keping darah, lan plasma darah. Patang bagian utama darah kuwi isa dibagi manèh dadi bagian sing luwih cilik sing disebut pecahan darah.c Ana pecahan darah sing dienggo nggawé obat-obatan kanggo nambani penyakit utawa bèn ora pendarahan.
Pas milih perawatan mèdis sing nganggo pecahan darah, saben wong kudu nggawé keputusan dhéwé nganggo hati nurani sing sesuai karo pathokan ing Alkitab. Ana sing hati nuraniné ora apa-apa, tapi ya ana sing ora gelem.
Pikirna pertanyaan-pertanyaan iki:
Ngapa kok aku gelem nampa, utawa ora gelem nampa pecahan darah? Piyé carané njelaské marang dokter?
NÈK ANA SING TAKON: ”Kok ora gelem transfusi kuwi ngapa?”
Njenengan njawab apa?
KESIMPULAN
Yéhuwah péngin awaké dhéwé nganggep getih kuwi berharga.
Jawaben
Ngapa kok Yéhuwah nganggep getih kuwi berharga?
Ngapa kok nyingkir saka getih kuwi termasuk ora transfusi darah?
Piyé bèn isa milih perawatan mèdis sing sesuai karo karepé Gusti Allah?
BAHAN TAMBAHAN
Apa waé sing kudu dipikirké wektu nggawé keputusan soal prosedur mèdis sing nganggo getihé dhéwé?
Apa waé sing kudu dipikirké pas milih arep nampa pecahan darah utawa ora?
Wacanen pengalamané dokter sing akhiré ngerti lan setuju karo pandhangané Yéhuwah soal getih.
”Aku Setuju karo Pandhangané Gusti Allah soal Getih” (Gatèkna! 8 Desember 2003)
Piyé para pinituwa sing dadi anggota Panitia Penghubung Rumah Sakit mbantu para sedulur? Deloken vidéoné.
a Deloken Pelajaran 35 ”Carané Nggawé Keputusan sing Bener”.
b Deloken nomer 5 sing judhulé ”Pas Milih Perawatan Mèdis sing Nganggo Pecahan Darah” lan Cathetan 3 ”Prosedur Mèdis sing Nganggo Getih”.
c Ana dokter sing nganggep nèk sing disebut pecahan darah kuwi patang bagian utama darah. Mulané, njenengan kudu ngandhani dokter nèk ora gelem transfusi darah utuh utawa salah siji saka patang bagian utama darah, termasuk transfusi sèl darah mérah, sèl darah putih, keping darah, utawa plasma darah.