Lagu 5
Niru Tuladhané Yésus
(Rum 5:8)
1. Yah gedhé tresnané,
Ngurban’ké putrané,
Bèn manungsa ditebus dosané.
Sing dadi muridé,
Niru tuladhané,
Bèn kabèh isa urip s’lawasé.
2. Marang Yah dongané,
Iku piwulangé,
Asmané muga kasucèkaké.
Rawuha Kratoné,
Gedhé pangwasané.
Nyuwun rejeki saben dinané.
3. Yésus Kristus mulang
Lan mbantu muridé,
Paring panglipur kanggo umaté.
’Mben dina martak’ké
Kabar bab Kratoné,
Bakal bungah lan seneng atiné.
(Delengen uga Mt. 6:9-11; Yo. 3:16; 6:31-51; Éf. 5:2.)