LAGU 140
Urip Saklawasé
Vèrsi Tercétak
1. Bayangna nèk Allahmu
nggawé seneng uripmu,
Bakal ilang susahmu,
Lara lan tangismu.
(REFREIN)
Ayo padha nyanyi
muji Huwah Gusti,
Sing mènèhi umaté
urip saklawasé.
2. Sing tuwa dadi enom.
Kabèh disayang Huwah.
Urip ora sengsara,
’Ra ana masalah.
(REFREIN)
Ayo padha nyanyi
muji Huwah Gusti,
Sing mènèhi umaté
urip saklawasé.
3. Kabèh wong urip seneng
bareng wong-wong sing bener.
Yah dipuji s’lawasé
lan t’rus diluhurké.
(REFREIN)
Ayo padha nyanyi
muji Huwah Gusti,
Sing mènèhi umaté
urip saklawasé.
(Deloken Ayb. 33:25; Mzm. 72:7; Why. 21:4.)