PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • g18 No. 2 hlm. 14
  • 11 Rajin

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • 11 Rajin
  • Gatèkna!—2018
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • MAKSUDÉ
  • NGAPA KOK PENTING
  • KUDU PIYÉ
  • Carané Bèn Semangat Nyambut Gawé
    Carané Bèn Tetep Ditresnani Gusti Allah
  • Seneng Wektu Mempeng Nyambut Gawé
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2016
Gatèkna!—2018
g18 No. 2 hlm. 14
Cah wédok lagi mlayu

Rajin kuwi kaya olahraga, mesthi ana manfaaté

KANGGO CAH ENOM

11 Rajin

MAKSUDÉ

Wong sing rajin kuwi seneng kerja keras kanggo nyukupi kebutuhané lan kanggo mbantu wong liya. Terus, dhèwèké ya ora pilih-pilih gawéan.

NGAPA KOK PENTING

Saiki akèh wong padha kesèd. Dadi nèk kowé rajin, mesthi akèh manfaaté.​—Pengkhotbah 3:13.

”Nèk aku wis kerja keras, rasané mesthi puas. Akhiré aku dadi menikmati gawéanku. Terus, wong liya ya dadi ngerti nèk aku wongé rajin.”​—Reyon.

AYAT: ”Kabèh kerja keras kuwi ana manfaaté.”​—Wulang Bebasan 14:23.

KUDU PIYÉ

Bèn isa luwih menikmati gawéanmu, kowé kudu:

Nggarap apa-apa sing tenanan. Embuh kuwi gawéan ing omah, nggarap PR, utawa nyambut gawé, kudu sing tenanan. Aja mikir, ’Ah sing penting rampung.’ Terus aja mikir, ’Sing penting wis isa.’ Tapi, kowé ya kudu berusaha bèn luwih trampil. Hasilé, kowé mesthi bakal luwih puas.

AYAT: ”Apa kowé tau ndelok wong sing trampil nyambut gawé? Dhèwèké bakal dadi abdiné raja. Dhèwèké ora bakal dadi abdiné wong biasa.”​—Wulang Bebasan 22:29.

Mikirké manfaaté kanggo wong liya. Nèk kowé ngrampungké tugasmu, wong liya ya mesthi seneng. Misalé, nèk gawéanmu ing omah mbok rampungi, kowé isa meringankan bebané wong tuwa.

AYAT: ”Mènèhi kuwi luwih bahagia timbang diwènèhi.”​—Kisah 20:35.

Inisiatif. Nèk ora tau inisiatif, kowé bakal ngrasa nèk kowé dikongkon-kongkon terus. Tapi nèk kowé inisiatif, kowé bakal ngrasa luwih puas.​—Matius 5:41.

AYAT: ”Kowé nindakké apa sing apik merga réla, dudu merga kepeksa.”​—Filémon 14.

Kudu seimbang. Wong sing rajin kuwi ora berarti kerja terus, tapi ya ana wektu kanggo istirahat lan santai.

AYAT: ”Luwih apik istirahat sedhéla timbang kerja keras akèh, merga kuwi kaya ngupaya ngoyak angin.”​—Pengkhotbah 4:6.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim