PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • g18 No. 2 hlm. 15
  • 12 Nduwé Cita-Cita

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • 12 Nduwé Cita-Cita
  • Gatèkna!—2018
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • MAKSUDÉ
  • NGAPA KOK PENTING
  • KUDU PIYÉ
  • Cah-Cah Enom, Ngupayaa Bèn Cita-Cita Rohanimu Kelakon
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2018
  • Terus Akrab karo Yéhuwah
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Piyé Carané Bèn Dadi Wong Kristen sing Luwih Apik?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2022
Gatèkna!—2018
g18 No. 2 hlm. 15
Cah enom nggawé rancangan bangunan

Nèk nggawé rancangan bangunan tapi ora dibangun, ya bangunané ora bakal dadi. Nèk nduwé cita-cita tapi ora diupayakké, ya ora bakal kelakon

KANGGO CAH ENOM

12 Nduwé Cita-cita

MAKSUDÉ

Nèk nduwé cita-cita, berarti aja mung péngin thok. Kowé ya kudu nggawé rencana, gelem nggawé penyesuaian, lan gelem kerja keras bèn cita-citamu kelakon.

Cita-cita kuwi ora isa langsung kelakon. Kuwi butuh wektu lan upaya.

NGAPA KOK PENTING

Nèk cita-citamu kelakon, kowé isa luwih percaya diri, isa nduwé kanca, lan isa luwih bahagia.

Percaya diri: Nèk cita-citamu wis kelakon, kowé mesthi dadi péngin nduwé cita-cita sing luwih dhuwur. Terus, kowé ya bakal dadi luwih percaya diri wektu ngadhepi tantangan.

Nduwé kanca: Nèk kowé nduwé cita-cita, terus ya gelem ngupayakké bèn cita-cita kuwi terwujud, wong mesthi seneng cedhak karo kowé. Malah nèk kowé karo sahabatmu nduwé cita-cita sing padha, mesthi akhiré bakal dadi tambah akrab.

Bahagia: Nèk cita-citamu wis kelakon, mesthi rasané bahagia.

”Aku seneng nduwé cita-cita. Aku dadi nduwé kesibukan lan nduwé tujuan. Terus nèk cita-citané wis kelakon, rasané puas banget.”​—Christopher.

AYAT: ”Wong sing ngamati angin ora bakal nyebar benih, lan wong sing ngamati awan ora bakal manèn.”​—Pengkhotbah 11:4.

KUDU PIYÉ

Bèn cita-citamu kelakon, upayakna iki:

Milih cita-cita. Nggawéa daftar apa waé cita-citamu, terus urutna endi sing péngin mbok upayakké sik.

Nggawé rencana.

  • Ngekèki bates wektu kapan cita-cita kuwi kudu kelakon.

  • Tulisen langkah-langkah apa waé sing kudu mbok upayakké.

  • Pikirna tantangan apa sing isa waé muncul lan piyé carané ngatasi.

Aja ditunda. Nèk rencanané wis digawé, ya ndang diupayakké. Nèk langkah pertama wis berhasil, ndang langsung upayakna langkah-langkah berikuté.

AYAT: ”Rencanané wong rajin mesthi bakal berhasil.”​—Wulang Bebasan 21:5.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim