Kenapa Awaké Dhéwé Susah, Dadi Tuwa, lan Mati?
Sang Pencipta nganggep awaké dhéwé kaya anak-anaké. Dadi, Dhèwèké ora gelem awaké dhéwé susah. Tapi, ngapa kok saiki akèh sing susah uripé?
Manungsa sing Pertama Nggawé Dosa
”Dosa mlebu ing donya liwat wong siji, lan kematian nyebar liwat dosa kuwi. Kuwi sebabé kabèh wong bakal mati.”—ROMA 5:12.
Gusti Allah nyiptakké manungsa sing pertama, Adam karo Hawa, sampurna badané lan pikirané. Wong loro kuwi digawèkké panggonan sing apik ing bumi, sing disebut taman Èden. Gusti Allah ngandhani nèk kabèh wit ing taman kuwi éntuk dipangan buahé, kecuali siji. Tapi, Adam lan Hawa malah sengaja mangan buah sing dilarang kuwi. Kuwi artiné Adam lan Hawa nggawé dosa. (Purwaning Dumadi 2:15-17; 3:1-19) Merga ora manut, Adam lan Hawa diusir karo Gusti Allah saka taman lan uripé dadi susah. Bar kuwi Adam lan Hawa nduwé anak-anak, terus anak-anaké ya mèlu susah. Adam, Hawa, lan keturunané akhiré dadi tuwa lan mati. (Purwaning Dumadi 3:23; 5:5) Awaké dhéwé ya isa lara, tuwa, lan mati, merga awaké dhéwé keturunané Adam lan Hawa.
Malaékat-Malaékat sing Jahat Nggawé Susah
”Donya iki dikuwasani Sétan.”—1 YOHANES 5:19.
Sétan kuwi malaékat sing mbrontak nglawan Gusti Allah. (Yohanes 8:44; Wahyu 12:9) Bar kuwi, malaékat-malaékat liyané mèlu mbrontak. Malaékat-malaékat sing jahat kuwi mempengaruhi wong-wong bèn ora manut karo Gusti Allah. Akhiré, akèh wong sing dadi jahat. (Mazmur 106:35-38; 1 Timotius 4:1) Sétan lan balané kuwi mémang seneng nggawé wong susah.
Kadhang Isa Susah Merga Kesalahané Dhéwé
”Apa sing disebar wong, ya kuwi sing bakal dipanèn.”—GALATIA 6:7.
Mémang awaké dhéwé isa susah merga ora sampurna lan merga wong-wong jahat sing dipengaruhi Sétan. Tapi kadhang wong-wong ya susah merga kesalahané dhéwé. Kok isa? Nèk dadi wong sing jahat utawa nggawé keputusan sing salah, ya awaké dhéwé isa ngrasakké akibaté. Tapi nèk dadi wong sing apik, awaké dhéwé isa ngrasakké manfaaté. Contoné, nèk kepala keluarga jujur, sregep nyambut gawé, lan sayang karo keluargané, keluargané bakal bahagia. Tapi nèk kepala keluarga seneng judi, mabuk-mabukan, lan kesèd, dhèwèké lan keluargané isa dadi susah. Dadi sing paling apik kuwi nèk manut karo naséhaté Sang Pencipta. Dhèwèké péngin awaké dhéwé ”ngrasa ayem banget” lan bahagia.—Mazmur 119:165.
Saiki Wis ”Akhir Jaman”
”Ing akhir jaman, . . . wong-wong bakal mung mikirké kepentingané dhéwé, ngutamakké harta, . . . ora manut karo wong tuwa, . . . ora isa ngendhalèni dhiri, kejem, sengit karo apa sing apik.”—2 TIMOTIUS 3:1-5.
Saiki, akèh sing kelakuané kaya sing ditulis ing ayat mau. Kelakuané wong-wong kuwi dadi bukti nèk saiki wis ”akhir jaman”. Kitab Suci ya ngandhani nèk ing akhir jaman bakal ana akèh perang, kurang pangan, gempa bumi sing gedhé, lan wabah penyakit. (Matius 24:3, 7, 8; Lukas 21:10, 11) Kuwi sebabé akèh wong sing susah lan mati.