PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • g21 No. 3 hlm. 8-9
  • Sing Ora Dipahami Para Ilmuwan

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Sing Ora Dipahami Para Ilmuwan
  • Gatèkna!—2021
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Apa Makhluk Hidup Diciptakké?
    Topik Liyané
  • Apa Langit karo Bumi Diciptakké?
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Bantu Anak Panjenengan Nduwé Iman sing Kuwat marang Gusti Allah
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2017
  • Faktané Piyé?
    Gatèkna!—2021
Gatèkna!—2021
g21 No. 3 hlm. 8-9
Guru IPA lagi diskusi karo murid-muridé.

Sing Ora Dipahami Para Ilmuwan

Para ilmuwan wis akèh mempelajari soal alam semesta. Tapi ternyata isih ana akèh sing durung dipahami.

Apa para ilmuwan ngerti piyé asal mulané alam semesta karo makhluk hidup? Jawabané ora. Ana sing ngomong nèk para ilmuwan sing mempelajari kosmologi (cabang ilmu astronomi) isa njelaské soal asal mulané alam semesta. Tapi, Profésor Marcelo Gleiser ora setuju karo pendapat kuwi. Dhèwèké profésor astronomi saka Dartmouth College lan dhèwèké ya agnostik. Dhèwèké ngomong, ”Nganti saiki, kami isih durung ngerti piyé asal mulané alam semesta.”

Soal asal mulané makhluk hidup, ing artikel majalah Science News ana keterangan kaya ngéné, ”Kayané mémang ora ana sing isa ngerti piyé critané ana makhluk hidup ing bumi, soalé watu karo fosil sing isa dienggo nelusuri piyé asal mulané bumi saiki wis ora ana.” Saka pernyataan-pernyataan mau, awaké dhéwé isa nyimpulké nèk para ilmuwan isih durung ngerti piyé asal mulané alam semesta karo makhluk hidup.

Mungkin njenengan dadi mikir, ’Nèk makhluk hidup diciptakké, sing nyiptakké sapa? Terus, nèk mémang ana Pencipta sing sayang lan mikirké ciptaané, ngapa kok Dhèwèké meneng waé pas manungsa susah? Ngapa kok Dhèwèké meneng waé padahal ana akèh agama sing ajarané béda-béda lan wong-wong sing ngakuné nyembah Dhèwèké kelakuané ya ora bener?’

Para ilmuwan ora isa njawab pertanyaan-pertanyaan kuwi. Tapi, sakjané ana jawabané. Akèh sing wis éntuk keterangan soal kuwi ing Alkitab.

Ana ilmuwan sing bar sinau Alkitab dadi percaya nèk Pencipta kuwi ana. Deloken sèri vidéo Pendapat soal Urip lan Sing Nyiptakké ing jw.org bèn ngerti luwih akèh soal kuwi.

Percaya Pencipta merga sinau Alkitab lan ilmu pengetahuan

Georgiy N. Koidan, ahli kimia

”Gawéanku termasuk ’nyusun’ molekul. Langkah-langkahé kudu dipikirké tenanan kaya nèk main catur. Kuwi rumit banget soalé nèk nganti salah langkah, molekulé isa hancur. Tapi nèk dibandhingké karo prosès kimia sing ana ing sèlé makhluk hidup, gawéanku iki ora ana apa-apané. Soalé, ing njeroné sèl makhluk hidup ana akèh banget réaksi kimia sing menghasilkan molekul-molekul sing rumit. Mulané aku yakin nèk mesthi ana Pencipta sing luwih pinter timbang kabèh ahli kimia.

”Pas sinau Alkitab, aku dadi ngerti nèk Alkitab béda karo buku-buku liyané. Meskipun ditulisé wis kèt jaman mbiyèn, tapi naséhat ing Alkitab isih bermanfaat nganti saiki. Bar mraktèkké saran-saran ing Alkitab, hubunganku karo keluarga, kanca kerja, lan wong liya dadi luwih apik. Mulané aku yakin nèk sing ngekèki naséhat kuwi mesthi Gusti Allah, sing luwih pinter timbang manungsa.”

Yan-Der Hsuuw, ahli èmbriologi

”Pas èmbrio berkembang, kabèh sèl kerja sama membentuk sèl-sèl tertentu, misalé saraf, otot, balung, darah, lan jaringan-jaringan liyané. Prosès kuwi terus berlanjut nganti akhiré dadi bayi. Prosès sèl dadi èmbrio kuwi rumit banget bahkan nganti saiki kami durung paham. Aku yakin nèk sing nggawé makhluk hidup mesthi pinter banget.

”Ing Mazmur 139:15, 16 disebutké soal perkembangané bayi, malah kèt isih ing njero kandungan. Keterangan kuwi padha karo sing dipelajari para ilmuwan saiki, padahal keterangan kuwi wis ditulis kèt mbiyèn. Dadi, mesthi sing nulis kuwi dituntun karo Sing Nggawé Urip, ta?”

Deloken vidéo Rocío Picado Herrero: Guru Kimia sing Percaya nèk Ana Pencipta ing jw.org.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim