PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • gf pelajaran 13 hlm. 21
  • Kagiyatan sing Dipengaruhi Kekuwatané Iblis Kuwi Ora Apik

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Kagiyatan sing Dipengaruhi Kekuwatané Iblis Kuwi Ora Apik
  • Panjenengan Isa Dadi Kancané Gusti Allah
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Nglawan Roh-Roh Jahat Nganggo Bantuané Yéhuwah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2019
  • ”Lawanen Iblis”
    Carané Bèn Tetep Ditresnani Gusti Allah
  • Wulangané Alkitab bab Malaékat
    Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?
Panjenengan Isa Dadi Kancané Gusti Allah
gf pelajaran 13 hlm. 21

BAB 13

Kagiyatan sing Dipengaruhi Kekuwatané Iblis Kuwi Ora Apik

Tengkorak manusia, obat  yang dianggap berkekuatan gaib, dan orang melakukan ilmu sihir

Iblis péngin panjenengan nindakké kagiyatan sing dipengaruhi kekuwatané. Akèh wong seneng nggawé sajèn. Uga seneng nduwé cekelan, nganggo aji-aji, utawa nyimpen jimat sing wujudé cincin, keris, lan liyané, bèn slamet utawa dadi ampuh. Kuwi kanggo jaga-jaga, merga wedi karo jagating lelembut. Ana sing seneng maca kitab primbon, bèn ora kena alangan lan ngerti ramalan bab uripé. Ana sing nggolèk ngèlmu kanggo nambani wong lara. Ana uga sing seneng merdhukun bèn isa munggah jabatan. Liyané nggolèk pesugihan utawa penglarisan bèn dodolané payu, pasang susuk bèn disenengi wong akèh, utawa nyingkirké wong sing dianggep mungsuh nganggo santhèt.

Cara paling ampuh bèn ora dipengaruhi kekuwatané Iblis ya dadi kancané Yéhuwah. Gusti Allah Yéhuwah lan para malaékaté luwih kuwat timbang Iblis lan para dhemité. (Yakobus 2:19; Wahyu 12:9) Yéhuwah péngin nggunakké kekuwatané kanggo mbantu kanca-kancané sing setya.—2 Babad 16:9.

Alkitab kandha, ”Ing antaramu aja ana . . . juru sikhir [tukang sihir].” Yéhuwah sengit banget karo kabèh sing ana gandhèngané karo pengaruhé Iblis, merga wong-wong sing nindakké kuwi bakal dikwasani langsung karo Iblis lan para dhemité.—Pangandharing Torèt 18:10.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim