PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Wong-Wong Kaya Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Iku?
    Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
    • BAB 1

      Wong-Wong Kaya Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Iku?

      Seksi Yéhuwah ing Denmark

      Denmark

      Seksi-Seksi Yéhuwah ing Taiwan

      Taiwan

      Seksi-Seksi Yéhuwah ing Venezuela

      Venezuela

      Seksi-Seksi Yéhuwah ing India

      India

      Apa ana Seksi Yéhuwah sing panjenengan kenal? Bisa waé kuwi tangga, kanca kerja, utawa kanca sekolah panjenengan. Malah, mbokmenawa panjenengan wis tau ngrembug Alkitab karo Seksi Yéhuwah. Sajané, Seksi-Seksi Yéhuwah iku sapa lan apa sebabé nyritakaké kapracayané marang wong liya?

      Padha karo wong liyané. Seksi-Seksi Yéhuwah asalé saka akèh bangsa, budaya, lan basa. Kahanan uripé uga ora padha. Sadurungé dadi Seksi Yéhuwah, ana sing agamané liya lan ana sing ora percaya karo Gusti Allah. Nanging, kabèh padha sinau Alkitab kanthi tliti. (Para Rasul 17:11) Sawisé percaya yèn sing disinaoni kuwi bener, wong-wong mau mutusaké dhéwé kanggo ngibadah marang Gusti Allah Yéhuwah.

      Wis ngrasakaké paédahé sinau Alkitab. Seksi-Seksi Yéhuwah ngalami kasusahan kaya liyané lan dudu wong sing sampurna. Nanging, merga ngetrapaké pathokané Alkitab, uripé dadi luwih ayem. (Jabur 128:1, 2) Kuwi sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah seneng nyritakaké bab sing wis disinaoni marang wong liya.

      Urip manut karo pathokané Alkitab. Merga manut karo pathokané Alkitab, Seksi-Seksi Yéhuwah bisa urip ayem tentrem, luwih ngajèni wong liya, lan nduwé sipat jujur lan seneng nulungi wong liya. Pathokané Alkitab uga bisa ndadèkaké masyarakat sing bener, lan kulawarga sing rukun sarta becik tumindaké. Merga percaya yèn Gusti Allah kuwi ora mbédak-mbédakaké wong, Seksi-Seksi Yéhuwah sadonya dadi sedulur sing rukun, senajan béda suku lan bangsa. Kuwi sing mbédakaké Seksi-Seksi Yéhuwah saka umat liyané, senajan para anggotané mung wong biasa waé.​—Para Rasul 4:13; 10:34, 35.

      • Ing bab apa waé Seksi-Seksi Yéhuwah padha karo wong liya?

      • Pathokan Alkitab apa waé sing disinaoni Seksi-Seksi Yéhuwah?

  • Apa Sebabé Dijenengi Seksi-Seksi Yéhuwah?
    Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
    • BAB 2

      Apa Sebabé Dijenengi Seksi-Seksi Yéhuwah?

      Nuh

      Nuh

      Abraham lan Sara

      Abraham lan Sara

      Musa

      Musa

      Yésus Kristus

      Yésus Kristus

      Akèh wong ngira yèn Seksi-Seksi Yéhuwah iku agama anyar. Nanging, sajané luwih saka 2.700 taun kepungkur, umaté Gusti Allah wis disebut ’seksiné’. (Yésaya 43:10-12) Nganti taun 1931 jenengé isih Siswa-Siswa Alkitab. Nanging, saiki jenengé Seksi-Seksi Yéhuwah. Apa sebabé?

      Jeneng kuwi nduduhaké sapa Gusti Allahé. Manut Alkitab kuna, asmané utawa jenengé Gusti Allah, yaiku Yéhuwah, ditulis nganti kurang luwih ping 7.000. Ana kitab suci sing ngganti jeneng kuwi nganggo sebutan Pangéran utawa Gusti Allah. Nanging, nalika Gusti Allah ngendika marang Musa bab asmané, yaiku Yéhuwah, Gusti Allah banjur ngandhani, ”Iku asmaningSun ing salawas-lawasé.” (Pangentasan 3:15) Jeneng kuwi nduduhaké yèn mung Yéhuwah Allah sing sejati. Mula, Seksi-Seksi Yéhuwah seneng nggunakaké jeneng kuwi.

      Jeneng kuwi nerangaké gawéané. Wiwit jamané Abèl, akèh wong sing mbuktèkaké yèn wong-wong kuwi nduwèni iman marang Yéhuwah. Banjur pirang-pirang atus taun saterusé, Nuh, Abraham, Sara, Musa, Dawud, lan liya-liyané uga mèlu disebut ”seksi akèh banget, kayadéné méga”. (Ibrani 11:4–12:1) Kaya seksi ing pengadilan sing mbéla wong sing ora salah, Seksi-Seksi Yéhuwah uga nduwèni tékad ngandhani sing bener bab Gusti Allah.

      Seksi-Seksi Yéhuwah niru tuladhané Yésus. Ing Alkitab, Yésus disebut ”Seksi kang setya tuhu lan sajati”. (Wahyu 3:14) Yésus ngendika yèn wis ngandhani wong-wong bab asmané Gusti Allah lan mulang sing bener bab Gusti Allah. (Yokanan 17:26; 18:37) Mulané, muridé Yésus seneng nggunakaké lan ngandhani wong liya bab asma Yéhuwah. Seksi-Seksi Yéhuwah niru tuladhané Yésus.

      • Apa sebabé Siswa-Siswa Alkitab nggunakaké jeneng Seksi-Seksi Yéhuwah?

      • Kapan wiwitané Yéhuwah nduwé seksi-seksi ing bumi?

      • Sapa sing pinunjul mènèhi katrangan sing bener bab Yéhuwah?

      GOLÈKA KATRANGAN MANÈH

      Nalika ketemu karo anggotané Seksi-Seksi Yéhuwah ing Balé Ibadahé, golèka katrangan sing luwih akèh. Takonana, ”Apa sebabé panjenengan dadi Seksi Yéhuwah?”

  • Kepriyé Wong-Wong Bisa Ngerti Manèh Wulangan sing Bener saka Alkitab?
    Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
    • BAB 3

      Kepriyé Wong-Wong Bisa Ngerti Manèh Wulangan sing Bener saka Alkitab?

      Wong-wong sinau Alkitab ing taun 1870-an

      Siswa-Siswa Alkitab, 1870-an

      Wong lagi maca majalah Menara Pengawal édhisi kapisan

      Warta Penting édhisi kapisan, 1879

      Wong wédok lagi nyekel majalah Menara Pengawal lan Sadarlah!

      Warta Penting saiki

      Alkitab ngramalaké yèn sawisé Yésus séda, ing antarané wong Kristen ing jamané para rasul bakal ana guru-guru palsu sing ngrusak wulangan sing bener saka Alkitab. (Para Rasul 20:29, 30) Kuwi bener-bener kedadéan. Guru-guru palsu nyampur wulangané Yesus karo wulangané agama kapir. Mula, wulangan sing palsu ing agama Kristen saya akèh. (2 Timotéus 4:3, 4) Kepriyé awaké dhéwé bisa yakin yèn saiki pancen wis nampa wulangan sing satenané saka Alkitab?

      Yéhuwah nduduhaké wulangan sing bener. Yéhuwah ngramalaké yèn ing ”wekasaning jaman; . . . kawruh bakal saya wuwuh”, utawa saya akèh. (Dhanièl 12:4) Ing taun 1870 ana wong-wong sing kepéngin ngerti wulangan sing bener saka Alkitab. Wong-wong kuwi ngerti yèn akèh wulangané gréja ora cocog karo Alkitab. Mula, wong-wong mau nliti wulangan sing satenané saka Alkitab lan diberkahi pangertèn sing bener saka Yéhuwah.

      Wong-wong sing tulus nliti Alkitab. Siswa-Siswa Alkitab, yaiku sebutané Seksi-Seksi Yéhuwah jaman biyèn, sregep sinau Alkitab. Sinauné miturut bab sing dirembug. Yèn salah sijiné bab sing dirembug wis rampung, banjur ganti ngrembug bab liyané. Cara iku isih dienggo nganti saiki. Yèn ana ayat sing angèl dingertèni, wong-wong kuwi nggolèk ayat-ayat liyané sing bisa nerangaké ayat kuwi. Sawisé éntuk katrangan sing cocog karo kabèh isiné Alkitab, banjur katrangan iku dicathet. Dadi, Alkitab dhéwé sing nerangaké ayat-ayaté. Nganggo cara kuwi, wong-wong mau bisa ngerti wulangan sing bener bab asmané lan Kratoné Gusti Allah, kersané Gusti Allah kanggo bumi lan manungsa, kahanané wong mati, lan pangarep-arep bab wong mati sing bakal diuripaké manèh. Dadi, wong-wong kuwi bisa bébas saka kapracayan lan tradhisi sing salah.​—Yokanan 8:31, 32.

      Ing taun 1879 Siswa-Siswa Alkitab ngerti yèn wong-wong perlu dikandhani bab wulangan sing bener. Mula, wiwit taun iku, majalah Warta Penting Bab Kratoné Yéhuwah dicétak nganti sapréné. Saiki wulangan sing bener saka Alkitab wis diwartakaké ing 240 negara lan nganggo luwih saka 750 basa. Pangertèn sing bener pancèn wis akèh banget.

      • Sawisé Yésus séda, wulangan sing bener saka Alkitab dadi kepriyé?

      • Kepriyé Seksi-Seksi Yéhuwah bisa ngerti manèh wulangan sing bener saka Alkitab?

  • Apa Sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah Nggawé Terjemahan Dunia Baru?
    Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
    • BAB 4

      Apa Sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah Nggawé Terjemahan Dunia Baru?

      Mesin cétak jaman biyèn
      Alkitab Terjemahan Dunia Baru sing sepisanan dikenalké
      Wong-wong mbukak-mbukak Kitab Suci Terjemahan Dunia Baru ing Kongo (Kinshasa)

      Kongo (Kinshasa)

      Kitab Suci Terjemahan Dunia Baru dikenalké ing Rwanda

      Rwanda

      Terjemahané Simakhus sing nyathet asmané Gusti Allah

      Terjemahané Simakhus sing nyathet asmané Gusti Allah ing Jabur 69:31, abad katelu utawa kapapat M

      Wis puluhan taun lawasé akèh terjemahan sing wis digunakaké, dicétak, lan disebaraké karo Seksi-Seksi Yéhuwah. Nanging, ana kabutuhan kanggo mbantu wong-wong nduwé pangertèn bab Gusti Allah sing tambah jero, kaya sing dikersakaké Gusti Allah kanggo kabèh manungsa. Mula, perlu ana terjemahan Alkitab sing luwih anyar. (1 Timotéus 2:3, 4) Ing taun 1950 Seksi-Seksi Yéhuwah mulai nggawé Alkitab Terjemahan Dunia Baru nganggo basa sing dingertèni. Alkitab iki wis diterjemahaké mèh kaya asliné ing luwih saka 130 basa.

      Butuh Alkitab sing luwih gampang dingertèni. Basa iku terus ngetutaké majuné jaman, nanging isih akèh terjemahan Alkitab sing isih nggunakaké tembung-tembung kuna sing angèl dingertèni. Lan manèh, wis ditemokaké bagéan-bagéan Alkitab kuna sing mèh kaya asliné sing bisa mbantu wong-wong luwih ngerti basa asliné Alkitab, yaiku Ibrani, Aram, lan Yunani.

      Butuh terjemahan sing ora ngowahi isiné Alkitab. Wong sing nerjemahaké Alkitab ora éntuk ngowahi isiné Alkitab, lan kudu cocog karo tulisan asliné. Nanging, akèh terjemahan Alkitab sing ngilangi asmané Gusti Allah, yaiku Yéhuwah.

      Butuh Alkitab sing ngluhuraké sumberé, yaiku Gusti Allah. (2 Samuèl 23:2) Ing Terjemahan Dunia Baru, deloken asmané Yéhuwah dibalèkaké manèh kira-kira ping 7.000, kaya sing ana ing Alkitab asliné. Contoné kaya gambar ing ngisor iki. (Jabur 83:19) Sawisé pirang-pirang taun sinau sing tliti, Seksi-Seksi Yéhuwah bisa ngetokaké terjemahan Alkitab sing kepénak diwaca lan cetha nerangaké pikirané Gusti Allah. Nduwé apa ora Terjemahan Dunia Baru, sing penting panjenengan ajeg maca Alkitab saben dina.​—Yusak 1:8; Jabur 1:2, 3.

      • Apa sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah nggawé terjemahan Alkitab sing luwih anyar?

      • Apa sing perlu ditindakaké wong-wong sing kepéngin sinau kersané Gusti Allah saben dina?

      GOLÈKA KATRANGAN MANÈH

      Wacanen bebukané Kitab Suci Terjemahan Dunia Baru, lan jawaben pitakonan iki: ”Panitya sing nerjemahaké Alkitab iki rumangsa nduwé tanggung jawab apa?” Banjur, panjenengan bisa madhakaké Terjemahan Dunia Baru karo terjemahan Alkitab panjenengan ing ayat-ayat iki: Purwaning Dumadi 25:29; Lukas 23:43; Rum 10:13; 2 Samuèl 24:1; 2 Babad 22:2. Ana bédané apa ora?

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim