PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Dhèwèké Mbéla Umaté Allah
    Tirunen Imané
    • Èster

      BAB LIMALAS

      Dhèwèké Mbéla Umaté Allah

      1-3. (a) Apa waé sing mungkin nyebabké Èster ngrasa wedi wektu arep nemoni bojoné? (b) Pitakonan apa waé sing arep dirembug bab Èster?

      ÈSTER ngupaya bèn tenang wektu nyedhaki lataré kraton ing Susan. Iki ora gampang. Kabèh sing ana ing kraton kuwi dirancang bèn wong dadi nggumun. Contoné, ana ukiran sing bentuké sapi sing nduwé swiwi, wong manah, lan singa, kuwi digawé ing témbok bata werna-werni lan dikèki lapisan sing nggilap, ana pilar-pilar sing bentuké apik, uga ana patung-patung raksasa. Malah, panggonané ana ing dataran sing amba cedhak Pegunungan Zagros sing pucuké ditutupi salju, lan ngisoré ana Kali Khoaspes sing banyuné bening. Kabèh kuwi tujuané kanggo ngélingké saben wong sing teka, nèk wong sing arep ditemoni Èster iki kuwasané gedhé banget, wong lanang iki nyebut dhèwèké ”raja agung”. Wong lanang kuwi uga bojoné.

      2 Wong wadon Yahudi sing setya iki ora tau mbayangké bakal nduwé bojo kaya Ahasywéros.a Ahasywéros béda karo para abdiné Allah jaman mbiyèn, contoné Abraham, yaiku wong lanang sing andhap asor manut karo tuntunané Gusti Allah kanggo ngrungokké Sara, bojoné. (Pd. 21:12) Raja kuwi ora kenal Yéhuwah, Gusti Allah sing disembah Èster, lan ora ngerti bab Hukumé Yéhuwah. Ahasywéros mung paham hukum Pèrsia. Kuwi klebu hukum sing arep dilanggar karo Èster. Apa kuwi? Miturut hukum kuwi, sapa waé sing ngadhep raja tanpa diundang isa diukum mati. Èster ora diundang, nanging dhèwèké arep tetep nemoni raja. Saka latar sisih njero kratoné, raja isa ndelok wong teka. Mula, pas Èster nyedhaki panggonan kuwi, Èster mungkin ngrasa mlaku ing kono kaya arep setor nyawa.​—Wacanen Èster 4:11; 5:1.

      3 Apa sebabé Èster gelem tumindak kaya ngono? Lan, apa sing isa awaké dhéwé sinaoni saka imané wong wadon sing nggumunké iki? Sing kapisan, ayo awaké dhéwé gatèkké piyé Èster isa éntuk pakurmatan sing gedhé yaiku dadi ratu Pèrsia.

      Riwayat Uripé Èster

      4. Piyé riwayat uripé Èster, lan piyé dhèwèké nganti diemong karo Mordekhai?

      4 Èster kuwi yatim piatu. Ora ana katrangan bab wong tuwané sing njenengi dhèwèké Hadasa. Hadasa kuwi tembung Ibrani kanggo ”mirtel”, yaiku tanduran semak sing kembangé putih lan éndah banget. Wektu wong tuwané Èster mati, salah siji keluargané sing jenengé Mordekhai ngrasa welas asih karo bocah kuwi. Mordekhai kuwi sepupuné Èster, nanging umuré luwih tuwa. Dhèwèké nggawa Èster mulih lan diemong kaya anak wadoné dhéwé.—Ès. 2:5-7, 15.

      Èster ngladèni maem Mordekhai ing omahé

      Mordekhai mesthi bangga karo anak angkaté

      5, 6. (a) Terangna piyé Mordekhai nggedhèkké Èster. (b) Piyé uripé Mordekhai lan Èster ing Susan?

      5 Mordekhai lan Èster kuwi wong Yahudi buwangan sing manggon ing ibukota Pèrsia. Ing kana, wong loro kuwi mungkin kerep diécé merga agama lan Hukumé wong Yahudi. Nanging, Èster mesthi njaga hubungané bèn terus akrab karo Mordekhai. Mordekhai mulang Èster bab Yéhuwah, Gusti Allah sing welas asih sing kerep nylametké umaté saka kahanan angèl jaman mbiyèn, lan bakal nindakké kuwi manèh. (Km. 26:44, 45) Wis mesthi, katresnan lan kasetyané Èster lan Mordekhai saya suwé saya gedhé.

      6 Mordekhai kétoké nyambut gawé dadi pejabat kraton ing Susan. Dhèwèké kerep lungguh ing gapurané kraton bareng karo abdi liyané. (Ès. 2:19, 21; 3:3) Ora ana sing isa mastèkké piyé Èster wektu isih enom, nanging kétoké dhèwèké ngopèni sepupuné sing luwih tuwa kuwi lan ngurus omahé. Kétoké, omahé ana ing dhaérah sing luwih sedherhana ing sebrangé kali lan kraton. Isa waé, Èster uga seneng lunga menyang pasar ing Susan kanggo ndelok-ndelok barang sing dipajang tukang emas, tukang pérak, lan pedagang liyané. Èster ora tau nyangka nèk sukmbèn barang-barang sing aji kaya ngono dadi barang sing biyasa kanggo dhèwèké. Èster babar blas ora ngerti nèk uripé bakal malih.

      Ayu Banget Rupané

      7. Apa sebabé Wasti dipecat saka jabatané dadi ratu, lan bar kuwi apa sing ditindakké raja?

      7 Ing sawijiné dina, kutha Susan gègèr merga padha ngomongké kisruh ing keluargané raja. Ing pèsta gedhèn, Ahasywéros ngundang mangan para panggedhéné lan ngombé ombènan anggur méwah. Ratu Wasti uga nganakké pèsta dhéwé karo para wong wadon ing kraton. Raja ngundang ratuné sing ayu banget kuwi, nanging Wasti ora gelem mara. Merga ngrasa diisin-isinké lan nesu banget, raja takon karo para penaséhaté, hukuman apa sing pantes ditampa Wasti. Hasilé, Wasti dipecat saka jabatané dadi ratu. Para abdiné raja mulai njlajah negara kuwi kanggo nggolèk wong wadon prawan sing isih enom lan ayu, lan raja bakal milih salah sijiné kanggo didadèkké ratu sing anyar.—Ès. 1:1–2:4.

      8. (a) Apa sebabé Mordekhai mungkin kuwatir bab Èster sing saya gedhé? (b) Miturut panjenengan, piyé ngetrapké pandhangan sing seimbang bab pawakan lan rupa sing bagus lan ayu? (Deloken uga Wulang Bebasan 31:30.)

      8 Bayangna Mordekhai sing sok-sok nyawang Èster, kaya bapak marang anaké. Mordekhai seneng banget, nanging uga kuwatir. Merga sepupuné kuwi saiki wis dadi wong wadon sing ayu banget. Alkitab kandha, ”Bocah iku pawakané éndah lan sulistya [utawa, ayu banget].” (Ès. 2:7) Alkitab nduwé pandhangan seimbang bab pawakan lan rupa sing bagus lan ayu. Senajan kuwi pancèn apik, nanging uga kudu nduwé kawicaksanan lan sipat andhap asor. Nèk ora, isa nggawé wong dadi sombong, angkuh, lan nduwé sipat èlèk liyané. (Wacanen Wulang Bebasan 11:22.) Apa panjenengan setuju bab kuwi? Nèk Èster piyé, apa rupané sing ayu nggawé Èster dadi wong sing luwih apik utawa malah luwih èlèk? Ayo digatèkké critané.

      9. (a) Apa sing ditindakké para abdiné raja wektu ndelok Èster, lan apa sebabé pisah karo Mordekhai kuwi angèl? (b) Apa sebabé Mordekhai akiré ngejarké Èster nikah karo wong sing ora nyembah Yéhuwah? (Deloken uga kothak.)

      9 Para abdiné raja ndelok nèk Èster ayu. Mula, wong-wong kuwi nggawa Èster lan dipisahké karo Mordekhai, terus Èster digawa menyang kraton sing méwah ing sebrangé kali. (Ès. 2:8) Èster lan Mordekhai mesthi angèl pisah, merga hubungané wis kaya bapak karo anak. Mordekhai mesthi ora péngin Èster nikah karo wong sing ora nyembah Yéhuwah, senajan kuwi raja. Nanging, Mordekhai ora isa ngapa-ngapa.b Èster mesthi nggatèkké naséhaté Mordekhai sakdurungé digawa lunga. Pas lagi ing ndalan arep menyang kraton ing Susan, Èster mesthi bingung lan akèh pikiran. Piyé uripé mengko?

      Dhèwèké ”Ndadèkaké Reseping Atiné Angger Wong kang Nyawang”

      10, 11. (a) Kahanan uripé Èster sing anyar isa gampang mènèhi pengaruh apa marang dhèwèké? (b) Piyé Mordekhai nduduhké nèk dhèwèké kuwatir marang Èster?

      10 Uripé Èster bener-bener malih. Dhèwèké ana ing antarané ”akèh bocah wadon” sing wis diklumpukké saka kabèh wilayah ing Pèrsia. Dadi, mesthi kebiyasaan, basa, lan tumindaké béda-béda. Kabèh wong wadon kuwi diawasi karo pejabat jenengé Hégai, lan bakal éntuk perawatan kecantikan sing lengkap suwéné setaun, klebu dipijet nganggo lenga sing wangi. (Ès. 2:8, 12) Kahanan lan cara urip kaya ngono gampang banget nggawé wong-wong wadon mau mung mikirké penampilan lan dadi sombong uga seneng saingan. Nèk Èster piyé?

      11 Ora ana sing luwih kuwatir karo Èster sakliyané Mordekhai. Awaké dhéwé maca ing Alkitab, nèk saben dina Mordekhai mlaku-mlaku ing cedhaké omah kanggo para wong wadon kuwi lan ngupaya nggolèk katrangan piyé kabaré Èster. (Ès. 2:11) Mordekhai mesthi bangga wektu éntuk katrangan bab Èster, mbokmenawa saka para pembantu ing kraton sing ngandhani tumindaké Èster sing apik. Apa sebabé?

      12, 13. (a) Piyé anggepané wong-wong ing sakcedhaké Èster bab dhèwèké? (b) Èster ora ngomong nèk dhèwèké wong Yahudi, apa sebabé kuwi nggawé Mordekhai seneng?

      12 Hégai seneng lan apikan banget karo Èster, terus ngongkon bocah wadon pitu dadi pembantuné Èster. Èster malah éntuk panggonan sing paling apik ing omah kanggo para wong wadon kuwi. Alkitab kandha, ”Déné Èster ndadèkaké reseping atiné angger wong kang nyawang.” (Ès. 2:9, 15) Apa penampilan lan rupa sing ayu isa nggawé saben wong dadi kesengsem? Ora, Èster ora mung ayu.

      Èster ndelok pemandhangan wektu wong wédok liyané lagi dandan

      Èster ngerti nèk sipat andhap asor lan kawicaksanan luwih penting ketimbang penampilan

      13 Contoné, awaké dhéwé maca, ”Èster ora nglairaké [utawa, kandha] mungguh bangsa lan asalé, amarga dipenging Mordekhai.” (Ès. 2:10) Mordekhai ngongkon Èster aja ngomong nèk Èster kuwi wong Yahudi, merga Mordekhai ngerti nèk para pejabat Pèrsia nduwé pandhangan sing èlèk karo wong Yahudi. Mordekhai seneng banget, merga senajan Èster wis ora karo dhèwèké, nanging Èster tetep wicaksana lan manut.

      14. Piyé cah enom saiki isa niru tuladhané Èster?

      14 Cah enom saiki ya isa nggawé seneng atiné wong tuwa utawa wong liya sing nggedhèkké dhèwèké. Pas adoh saka wong tuwa, lan ana ing antarané wong-wong sing tumindaké saru, jahat, lan ora mikir dawa sakdurungé tumindak, cah-cah enom kuwi tetep isa nindakké pathokan sing bener. Nèk nindakké kuwi, kaya Èster, cah-cah enom isa nggawé seneng atiné Bapak ing swarga.​—Wacanen Wulang Bebasan 27:11.

      15, 16. (a) Apa sing nggawé raja kesengsem karo Èster? (b) Apa sebabé owah-owahan ing uripé Èster kuwi ora gampang?

      15 Pas wis gilirané Èster kanggo ngadhep raja, dhèwèké diijinké milih apa waé sing dibutuhké, mbokmenawa bèn tambah ayu. Nanging, kanthi andhap asor Èster ora njaluk ngluwihi saka apa sing disebutké Hégai. (Ès. 2:15) Merga ing kraton kuwi akèh-akèhé wong ora andhap asor, Èster mungkin ngerti nèk rupa sing ayu waé ora bakal nggawé raja kesengsem. Mula isa waé Èster mikir, bèn raja kesengsem, kudu nduwé sipat andhap asor. Apa kuwi bener?

      16 Alkitab ngandhani jawabané, ”Anadéné Èster iku dikasihi déning Sang Prabu, kinacèk karo sakèhing para wanita liyané, sarta olèh sihwilasa tuwin kadarman ana ing ngarsané ngluwihi sarupaning kenya liyané, satemah banjur kaanggonan makuthaning kaprabon, kajunjung dadi pramèswari nggentèni Sang Pramèswari Wasti.” (Ès. 2:17) Merga Èster kuwi prawan Yahudi sing andhap asor, nggawé owah-owahan dadi ratu lan dadi bojoné raja sing paling kuwasa ing bumi wektu kuwi mesthi ora gampang. Apa jabatan kuwi nggawé Èster dadi sombong? Ora babar blas.

      17. (a) Apa buktiné nèk Èster tetep manut karo bapak angkaté? (b) Apa sebabé tuladhané Èster penting banget saiki?

      17 Èster tetep manut karo bapak angkaté yaiku Mordekhai. Èster tetep njaga rahasia nèk dhèwèké wong Yahudi. Wektu Mordekhai ngerti nèk ana rencana kanggo matèni Ahasywéros, Èster manut wektu dikongkon Mordekhai ngandhani raja, lan rencana jahat kuwi akiré gagal. (Ès. 2:20-23) Èster tetep nduduhké iman marang Yéhuwah carané yaiku tetep andhap asor lan manut. Saiki, penting banget kanggo niru tuladhané Èster, merga akèh wong ora gelem manut lan seneng mbrontak, malah nganggep nèk manut kuwi kelemahan. Nanging, wong sing bener-bener nduwé iman mesthi seneng manut, kaya Èster.

      Imané Èster Diuji

      18. (a) Apa sebabé Mordekhai nolak sujud marang Haman? (Deloken uga cathetan ing ngisor.) (b) Piyé carané wong lanang lan wadon sing nduwé iman saiki niru tuladhané Mordekhai?

      18 Wong sing jenengé Haman nduwé jabatan penting ing kratoné Ahasywéros. Raja ndadèkké Haman perdana menteri, Haman uga dadi penaséhat utama lan wong sing paling penting sakwisé raja ing wilayah kuwi. Raja uga netepké nèk kabèh wong sing ketemu Haman kudu sujud. (Ès. 3:1-4) Aturan iki mesthi dadi masalah kanggo Mordekhai. Dhèwèké ngerti kudu manut karo raja, nanging dhèwèké luwih manut karo Gusti Allah. Haman kuwi wong Agag. Artiné dhèwèké keturunané Agag, raja Amalèk sing dipatèni Samuèl, nabiné Yéhuwah. (1 Sa. 15:33) Wong Amalèk kuwi jahat banget, mula dadi mungsuhé Yéhuwah lan Israèl. Gusti Allah ngutuk bangsa Amalèk.c (PT. 25:19) Mosok wong Yahudi sing setya sujud karo wong Amalèk? Mordekhai ora gelem nindakké kuwi. Dhèwèké nolak sujud marang Haman. Wong lanang lan wadon sing nduwé iman saiki, uga lila ngurbanké nyawané kanggo manut pathokan iki, ”Kita kedah langkung mbangun turut dhumateng Gusti Allah katimbang dhateng manungsa.”​—PR. 5:29.

      19. Apa sing arep ditindakké Haman, lan apa waé sing diomongké Haman bèn raja saya yakin?

      19 Haman bener-bener ngamuk. Dhèwèké ora mung péngin matèni Mordekhai, nanging uga kabèh wong Yahudi. Haman uga ngupaya ngèlèk-èlèk wong Yahudi ing ngarepé raja. Haman ora nyebutké jenengé bangsa kuwi, dhèwèké mung nyebut bangsa sing ”pating slebar saha kapencil ing satengahipun para bangsa”. Omongan kuwi nduduhké nèk bangsa kuwi ora penting kanggo raja. Luwih kejem manèh, Haman ngomong nèk wong Yahudi ora manut karo hukum raja, dadi wong-wong kuwi pengkiyanat sing mbebayani. Haman uga gelem nyumbang dhuwit sing akèh marang raja kanggo nutup biaya numpes wong Yahudi ing wilayah Pèrsia.d Ahasywéros mènèhi Haman cincin cap duwèké raja kanggo ngesahké préntah apa waé sing dibutuhké.—Ès. 3:5-10.

      20, 21. (a) Apa pengaruhé pengumuman saka Haman marang wong Yahudi ing wilayah Pèrsia, klebu Mordekhai? (b) Mordekhai ngongkon Èster nindakké apa?

      20 Para utusan sing nunggang jaran cepet-cepet martakké hukuman mati marang wong-wong Yahudi sing ana ing kabèh wilayah kuwi. Bayangna pengaruhé kanggo wong Yahudi ing Yérusalèm. Ing kana, sisa wong Yahudi sing mulih saka pembuwangan ing Babil, lagi mbangun manèh kutha sing isih durung ana témbok pelindhungé. Wektu krungu kabar èlèk kuwi, Mordekhai mungkin langsung éling karo wong-wong kuwi, lan kanca uga seduluré ing Susan. Mordekhai ngrasa susah, nyuwèk klambiné, nganggo bagor, ngekèki awu ing sirahé, lan mbengok sakbanter-banteré ing tengah kutha. Wektu kuwi, Haman lagi ngombé-ngombé bareng karo raja. Haman ora perduli babar blas karo perasaan sedhihé wong Yahudi lan kanca-kancané wong kuwi ing Susan.​—Wacanen Èster 3:12–4:1.

      21 Mordekhai ngerti nèk dhèwèké kudu tumindak nylametké wong Yahudi. Nanging, piyé carané? Èster krungu nèk Mordekhai lagi sedhih, terus Èster ngirimi klambi, nanging Mordekhai ora gelem dilipur. Mungkin Mordekhai wis suwé mikirké, apa sebabé Yéhuwah ngejarké Èster dipisahké saka dhèwèké lan dadi ratuné panguwasa sing ora nyembah Yéhuwah. Nanging saiki jawabané kétok cetha. Mordekhai ngirim pesen marang Èster, ngongkon dhèwèké nyuwun welas asihé raja kanggo ”mbélani bangsané”.—Ès. 4:4-8.

      22. Apa sebabé Èster wedi ngadhep bojoné? (Deloken uga cathetan ing ngisor.)

      22 Èster mesthi kuwatir banget wektu krungu warta kuwi. Kanggoné Èster, iki ujian iman sing paling gedhé. Dhèwèké wedi, lan ngomongké sing sakbeneré marang Mordekhai. Èster ngélingké Mordekhai bab hukum raja, yaiku sapa waé sing ngadhep raja tanpa diundang isa diukum mati. Kejaba nèk raja ngethungké tongkat emasé, wong sing nglanggar hukum kuwi isa diapura. Lan, nèk ngélingi apa sing wis dialami Wasti wektu nolak préntah raja kanggo teka, apa Èster isa ngarep-arep nèk dhèwèké ora bakal diukum raja? Èster kandha marang Mordekhai nèk wis 30 dina, raja ora ngundang dhèwèké. Èster dadi bingung apa raja sing sipaté gampang molah-malih kuwi wis ora seneng karo dhèwèké.e—Ès. 4:9-11.

      23. (a) Apa sing dikandhakké Mordekhai kanggo nguwatké imané Èster? (b) Apa sebabé Mordekhai pantes ditiru?

      23 Mordekhai mènèhi jawaban tegas kanggo nguwatké imané Èster. Mordekhai kandha, nèk Èster ora tumindak, sakjané wong Yahudi ya bakal tetep slamet embuh piyé carané. Nanging, apa iya Èster dhéwé isa yakin nèk dhèwèké bakal tetep urip wektu panganiaya kuwi teka? Ing crita iki, Mordekhai nduduhké iman sing gedhé marang Yéhuwah. Mordekhai yakin nèk janjiné Yéhuwah mesthi kelakon lan Yéhuwah uga ora bakal ngejarké umaté disirnakké. (Ys. 23:14) Mordekhai kandha karo Èster, ”Sapa ngerti, yèn enggonmu dadi ratu kuwi supaya tumindak ing kaanan sing kaya mengkéné iki!” (Ès. 4:12-14, BJP) Mordekhai pantes ditiru. Dhèwèké percaya banget marang Yéhuwah, Gusti Allahé. Apa awaké dhéwé ya ngono?​—WB. 3:5, 6.

      Iman sing Luwih Kuwat Ketimbang Rasa Wedi Mati

      24. Piyé Èster nduduhké iman lan sipat kendel?

      24 Èster kudu cepet nggawé keputusan. Dhèwèké njaluk Mordekhai lan wong-wong Yahudi liyané pasa telung dina. Èster uga bakal nindakké sing padha. Akiré Èster ngandhakké omongan sing nduduhké iman lan sipat kendelé. Èster kandha, ”Manawi kula kapeksa pejah, kajengipun kula pejah.” (Ès. 4:15-17) Saksuwéné telung dina kuwi, Èster mesthi ndonga tenanan, luwih saka biyasané. Akiré, saiki wektuné. Èster nganggo klambi lan perhiasané sing éndah, dandan sing paling ayu bèn raja kesengsem. Terus, Èster lunga ngadhep raja.

      Èster mlebu ing latar sisih njero kratoné Raja Ahasywéros nganggo klambi pramèswari

      Èster gelem ngurbanké nyawané kanggo nglindhungi umaté Allah

      25. Critakna piyé kedadéané wektu Èster nemoni bojoné.

      25 Kaya sing dicritakké ing wiwitan bab iki, Èster mangkat nemoni raja. Awaké dhéwé mung isa mbayangké rasa kuwatiré lan dongané sing tenanan. Wektu Èster mlebu ing latar sisih njero kraton, Èster isa ndelok Ahasywéros lungguh ing tahtané. Mungkin Èster ya ndeloki piyé kahanan atiné raja saka rupané. Nèk misalé dikongkon nunggu, mesthi rasané kaya ngentèni pirang-pirang abad. Nanging akiré, bojoné ndeloki dhèwèké. Mesthi raja kagèt, nanging saka carané nyawang, kétok nèk raja luluh atiné. Terus dhèwèké ngethungké tongkat emasé.—Ès. 5:1, 2.

      26. Apa sebabé wong Kristen sejati ing jaman saiki kudu kendel kaya Èster, lan apa sebabé tumindaké Èster iki lagi wiwitané?

      26 Raja gelem ngrungokké omongané Èster. Èster nduwé iman sing gedhé marang Allah, lan gelem ngurbanké nyawané kanggo nylametké umaté Allah. Wong Kristen sejati ing jaman saiki mesthi éling karo tuladha imané Èster sing apik banget kuwi. Yésus kandha nèk wong Kristen sejati kudu nduwé katresnan sing lila ngurbanké nyawané. (Wacanen Yokanan 13:34, 35.) Kanggo nduduhké katresnan kaya ngono, dibutuhké sipat kendel kaya Èster. Nanging, senajan Èster wis mbéla umaté Allah wektu kuwi, iki lagi wiwitané. Èster isih kudu ngyakinké raja nèk penaséhaté sing utama yaiku Haman, wis nggawé rencana jahat. Èster uga kudu nylametké bangsané. Iki bakal dirembug ing bab sakbanjuré.

      a Ahasywéros umumé dianggep Xerxes I, sing nguwasani wilayah Pèrsia ing wiwitan abad lima SM.

      b Deloken kothak ”Pitakonan bab Èster”, ing Bab 16.

      c Haman mungkin klebu ing antarané sakelompok cilik wong Amalèk sing isih urip, merga ”kekarèné” [utawa, sing kèri] saka wong Amalèk, wis dipatèni pas jamané Raja Hizkia.​—1 Bb. 4:43.

      d Haman nawakké 10.000 talénta pérak, sing saiki kira-kira atusan yuta dolar AS. Nèk Ahasywéros kuwi Xerxes I, isa waé Ahasywéros kepéncut karo dhuwit sing ditawakké Haman kuwi. Merga Xerxes I wis ngentèkké dhuwit akèh wektu perang nglawan Yunani sing wis suwé direncanakké, nanging akiré kalah.

      e Xerxes I dikenal wong sing gampang molah-malih lan wataké kasar. Sejarawan Yunani Hérodotus nyathet conto-conto perangé Xerxes nglawan Yunani. Raja mréntahké bèn kapal-kapal dijèjèrké ing Selat Helespontus bèn dadi jembatan apung. Wektu jembatan kuwi rusak merga badai, Xerxes ngongkon wong-wong sing nggawé jembatan kuwi ditugel guluné. Xerxes malah mréntahké anak buahé ”ngukum” Selat Helespontus, nganggo cara mecuti banyuné karo ngunèk-unèkké. Ing wektu kuwi uga, pas ana wong lanang sugih njaluk bèn anaké dibébaské saka dinas militèr, Xerxes malah mréntahké bèn awaké bocah kuwi disigar dadi loro, terus didadèkké tontonan kanggo pangéling-éling.

      KANGGO DIPIKIRKÉ . . .

      • Piyé Èster nduduhké nèk dhèwèké andhap asor lan manut?

      • Piyé Mordekhai mbantu Èster tumindak nganggo iman?

      • Tumindak apa waé sing mbuktèkké nèk Èster kendel?

      • Nganggo cara apa waé panjenengan isa niru imané Èster?

  • Dhèwèké Wicaksana lan Lila Toh Nyawa
    Tirunen Imané
    • Ratu Èster

      BAB NEMBELAS

      Dhèwèké Wicaksana lan Lila Toh Nyawa

      1-3. (a) Kaya apa perasaané Èster wektu nyedhaki tahtané bojoné? (b) Piyé tanggepané raja wektu Èster teka tanpa diundang?

      ÈSTER mlaku alon-alon nyedhaki tahtané raja, dhèwèké dheg-dhegan banget. Bayangna kahanan iki, ruangan gedhé kraton Pèrsia ing Susan ujug-ujug dadi sepi. Saking sepiné nganti Èster isa krungu swara langkahé dhéwé, lan swara klambi pramèswariné sing kemrincing. Dhèwèké ora olèh keslimur karo kemegahané pendhapa kraton raja kuwi, pilar-pilaré sing apik, lan plafon kraton saka kayu aras Libanon sing diukir éndah banget. Pikirané Èster mung marang wong lanang sing lungguh ing tahtané, sing nemtokké urip lan matiné.

      2 Raja nggatèkké tenanan wektu Èster saya nyedhak, terus ngethungké tongkat emasé. Senajan kétoké mung ngethungké, nanging kuwi tegesé kaslametan kanggo Èster. Merga kuwi tandha nèk raja ngapurani tumindaké Èster sing salah, yaiku ngadhep raja tanpa diundang. Wektu wis ing ngarepé tahta raja, Èster ngulungké tangané lan ndemèk pucuké tongkat emas kuwi kanggo nduduhké rasa matur nuwun.—Ès. 5:1, 2.

      Ratu Èster nyedhaki tahtané Raja Ahasywéros lan raja ngethungké tongkat emasé

      Èster andhap asor nduduhké matur nuwun merga welas asihé raja

      3 Raja Ahasywéros kuwi sugih lan nduwé kuwasa sing gedhé banget. Regané jubah raja-raja Pèrsia wektu kuwi kétoké padha karo atusan yuta dolar AS jaman saiki. Nanging, saka carané bojoné ndeloki, Èster isa ngerti nèk raja nresnani dhèwèké. Raja kandha, ”Pramèswari Èster, apa karepmu, sarta apa panyuwunira? Mesthi bakal kaparingaké, sanadyan ngantia saparoning karajan.”—Ès. 5:3.

      4. Èster ngadhepi tantangan apa manèh?

      4 Èster wis nduduhké iman lan sipat kendel sing nggumunké. Dhèwèké ngadhep raja kanggo nglindhungi bangsané sing rencanané arep ditumpes. Senajan raja wis gelem nampa dhèwèké wektu mara, nanging isih ana tantangan angèl sing kudu diadhepi. Èster kudu ngyakinké raja sing sombong iki nèk penaséhaté sing dipercaya kuwi jahat lan wis ngapusi raja bèn numpes bangsa asalé Èster. Piyé carané Èster nggawé raja yakin, lan apa sing isa disinaoni saka imané Èster?

      Wicaksana Milih Wektu kanggo Ngomong

      5, 6. (a) Piyé Èster ngetrapké pathokan ing Kohèlèt 3:1, 7? (b) Piyé kawicaksanané Èster diduduhké wektu dhèwèké ngomong karo bojoné?

      5 Apa luwih apik nèk Èster ngomongké kabèh masalahé langsung wektu kuwi, ing ngarepé para pejabat kraton? Kuwi isa nggawé raja isin, malah uga mènèhi kesempatan Haman, penaséhaté raja, kanggo mbantah tudhuhané Èster. Dadi, apa sing Èster tindakké? Atusan taun sakdurungé, Raja Suléman sing wicaksana nulis, ”Samubarang kabèh iku ana wayahé, . . . ana wayahé meneng, ana wayahé caturan [utawa, omongan].” (Ko. 3:1, 7) Isa dibayangké, wektu Èster saya gedhé, Mordekhai, bapak angkaté Èster sing setya, mulang pathokan kuwi marang dhèwèké. Èster mesthi ngerti pentingé milih wektu sing cocog kanggo ngomong.

      6 Èster ngomong, ”Manawi wonten keparenging karsa dalem, Sang Prabu mugi nedhaki ing bujana ingkang badhé kawula saosaken kagem ing panjenengan dalem ing dinten punika, kaliyan malih Haman mugi kalilana ndhèrèk.” (Ès. 5:4) Raja setuju lan Haman diundang. Apa panjenengan ndelok kawicaksanané Èster? Dhèwèké njaga martabaté bojoné uga ngatur bèn kahanané luwih cocog kanggo ngomongké masalahé.​—Wacanen Wulang Bebasan 10:19.

      7, 8. Kaya apa acara pèsta sing dianakké Èster, nanging apa sebabé Èster ora sida ngomong karo raja wektu kuwi?

      7 Èster mesthi ngati-ati wektu nyiapké acara pèsta kuwi, lan mastèkké bèn kabèh cocog karo senengané bojoné. Ing acara pèsta sing dianakké Èster kuwi ana anggur apik sing disuguhké bèn nggawé kahanané nyenengké. (Ms. 104:15) Merga seneng karo pèsta kuwi, Ahasywéros takon manèh karo Èster apa penjaluké. Apa saiki wektu sing cocog kanggo ngomong?

      8 Kanggoné Èster, durung cocog wektuné. Èster malah ngundang raja lan Haman teka manèh ing pèsta sing kapindho ing dina sakbanjuré. (Ès. 5:7, 8) Apa sebabé Èster ora sida ngomong? Élinga, wong Yahudi sakbangsa arep dipatèni merga keputusan sing wis diwetokké raja. Merga iki nyangkut nyawané wong akèh, Èster kudu milih wektu sing cocog. Dadi, Èster nunggu bèn isa nduduhké manèh marang bojoné nèk dhèwèké ngajèni banget bojoné.

      9. Sepira ajiné sipat sabar kuwi, lan piyé awaké dhéwé isa niru tuladhané Èster?

      9 Sipat sabar kuwi langka lan aji banget. Senajan kuwatir lan péngin cepet nyritakké isi atiné, Èster sabar nunggu wektu sing cocog. Awaké dhéwé isa sinau saka tuladhané Èster, merga awaké dhéwé mesthi kerep ngerti nèk ana masalah sing kudu dibenerké. Nèk kudu ngupaya ngyakinké wong sing nduwé wewenang kanggo ngrampungké masalah, awaké dhéwé isa niru Èster lan tetep sabar. Wulang Bebasan 25:15 kandha, ”Para pangwasa bisa diyakinaké srana kasabaran, ilat kang alus ngremukaké balung.” Nèk sabar nunggu wektu sing cocog lan omongan nganggo cara sing alus, kaya Èster, awaké dhéwé bakal isa ngluluhké atiné wong sing nentang. Apa Yéhuwah, Gusti Allahé Èster, mberkahi sipat sabar lan kawicaksanané Èster?

      Kaadilan Hasil saka Sipat Sabar

      10, 11. Apa sebabé Haman dadi nesu sakwisé mulih saka pèsta sing kapisan, lan bojo uga kanca-kancané Haman ngongkon dhèwèké nindakké apa?

      10 Merga Èster sabar, akèh kedadéan-kedadéan sing nggumunké kelakon sakbanjuré. Haman mulih saka pèsta sing kapisan ”kalawan rena lan gambira panggalihé” merga dhèwèké rumangsa nèk raja lan ratu seneng karo dhèwèké. Nanging wektu liwat gapurané kraton, Haman ujug-ujug ndelok Mordekhai, wong Yahudi sing tetep ora gelem sujud marang dhèwèké. Kaya sing wis awaké dhéwé waca ing bab sakdurungé, alesané Mordekhai dudu merga ora ngajèni, nanging merga luwih mentingké hati nuraniné lan hubungané karo Allah Yéhuwah. Mula, kuwi nyebabké atiné Haman dadi ”bentèr [utawa, panas] banget”.—Ès. 5:9.

      11 Wektu Haman ngandhani bojo lan kanca-kancané bab tumindaké Mordekhai sing marahi dhèwèké nesu, wong-wong kuwi ngongkon Haman nggawé cagak sing dhuwuré luwih saka 22 mèter, lan njaluk ijin marang raja kanggo nggantung Mordekhai ing kana. Haman seneng karo idé kuwi lan terus ditindakké.—Ès. 5:12-14.

      12. Apa sebabé raja ngongkon bèn cathetan sejarahé kraton diwacakké, lan kuwi nggawé raja dadi ngerti apa?

      12 Alkitab kandha, ”Sang Prabu ora bisa saré” ing wengi kuwi. Mula dhèwèké ngongkon bèn cathetan sejarahé kraton diwacakké. Ing cathetan kuwi, ana laporan bab rencana wong-wong sing arep matèni Ahasywéros. Raja éling karo kedadéan kuwi. Wong-wong sing arep matèni raja akiré dicekel lan diukum. Nanging kanggo wong sing wis mbongkar rencana kuwi, yaiku Mordekhai, raja takon pakurmatan apa sing wis dikèkké kanggo Mordekhai? Raja kagèt merga Mordekhai jebulé ora dihadiahi apa-apa.​—Wacanen Èster 6:1-3.

      13, 14. (a) Critakna kedadéan sing nyebabké atiné Haman dadi susah. (b) Apa sing dikandhakké bojo lan kanca-kancané Haman?

      13 Raja nesu lan takon sapa sing isa mbantu raja ngrampungké masalah iki. Sapa manèh nèk dudu Haman, sing ésuk-ésuk banget wis ana ing kraton. Kayané Haman wis ora sabar éntuk ijin matèni Mordekhai. Nanging, sakdurungé Haman ngomongké karepé, raja takon apa cara sing paling apik kanggo ngajèni wong sing disenengi raja. Haman ngira nèk wong kuwi dhèwèké. Mula, Haman ngrancang acara istiméwa. Yaiku: Wènèhana wong kuwi jubah kerajaan, terus ana pejabat sing ngarak wong kuwi ngubengi Susan nunggang jaran duwèké raja, karo ngumandhangké omongan pakurmatan ing ngarepé wong akèh. Bayangna rupané Haman wektu ngerti nèk wong kuwi jebulé Mordekhai. Lan sing ditugasi raja ngumandhangké omongan pakurmatan kanggo Mordekhai yaiku Haman.—Ès. 6:4-10.

      14 Haman nindakké tugas sing ora nyenengké kuwi karo nggrundel, banjur kesusu mulih menyang omahé. Atiné Haman dadi susah banget. Bojo lan kanca-kancané kandha nèk kedadéan kuwi pratandha ala, Haman ora bakal menang nglawan Mordekhai wong Yahudi kuwi.—Ès. 6:12, 13.

      15. (a) Apa hasil apik merga Èster sabar? (b) Apa sebabé sabar ngentèni kuwi tumindak sing wicaksana?

      15 Merga Èster sabar lan gelem nunggu sedina manèh kanggo ngomongké penjaluké, Haman nggawé rencana sing malah ngisin-isinké Haman dhéwé. Lan, isa waé sing nggawé raja ora isa turu kuwi Yéhuwah. (WB. 21:1) Mula, Alkitab kandha awaké dhéwé kudu ”nganti-anti [utawa, sabar ngentèni]”. (Wacanen Mikha 7:7.) Nèk sabar ngentèni Yéhuwah, awaké dhéwé bakal ngerti nèk masalah sing lagi diadhepi bakal dirampungké nganggo carané Yéhuwah, sing mesthi luwih apik ketimbang rencanané awaké dhéwé.

      Èster Kendel Ngomongké Apa sing Bener

      16, 17. (a) Kapan wektu sing cocog kanggo Èster ngomong? (b) Apa buktiné nèk Èster béda karo Wasti?

      16 Èster ora péngin nggawé raja saya ora sabar. Ing pèsta sing kapindho, dhèwèké kudu nyritakké kabèh. Nanging, piyé carané? Jebulé, ing pèsta kuwi, raja mènèhi kesempatan Èster ngomongké penjaluké. (Ès. 7:2) Iki wektu sing cocog kanggo Èster ngomong.

      17 Coba bayangna, sakwisé ndonga dibatin Èster terus kandha, ”Menawi kawula ndamel bungah manah [utawa, ati] panjenengan, dhuh raja, lan menawi panyuwun kawula punika saé kagem raja, kawula nyuwun tulung kaslametan kagem nyawa kawula lan bangsa kawula amargi punika ingkang dados panyuwun kawula.” (Ès. 7:3, NW) Sing kapisan ditindakké Èster yaiku ngyakinké raja nèk Èster ngajèni pendhapaté raja. Èster béda banget karo Wasti sing malah sengaja ngisin-isinké bojoné. (Ès. 1:10-12) Sakliyané kuwi, Èster uga ora nyalahké raja merga wis percaya karo Haman. Èster mung njaluk bèn raja nglindhungi dhèwèké saka bebaya arep dipatèni.

      18. Piyé Èster nyritakké masalahé marang raja?

      18 Raja mesthi kagèt banget wektu krungu penjaluké Èster. Sapa sing wani nggawé cilaka ratuné? Èster terus kandha, ”Amargi kawula sampun sami kasadé, inggih kawula, dalah bangsa kawula, badhé katumpes, kapejahan tuwin kasirnakaken. Saupami kawula namung sami kasadé saha kadadosaken réncang jaler kaliyan èstri, kawula mesthi kèndel kémawon, nanging panganiaya punika boten wonten tandhingipun ing antawisipun bebaya ingkang nempuh Sang Prabu.” (Ès. 7:4) Gatèkna nèk Èster blaka wektu nyritakké masalahé. Dhèwèké uga kandha, nèk mung masalah didadèkké batur waé dhèwèké ora bakal tumindak. Nanging, masalah iki isa nggawé raja rugi nèk Èster ora crita, merga wong sakbangsa arep dipatèni.

      19. Apa sing isa disinaoni saka Èster wektu arep ngyakinké wong liya?

      19 Tuladhané Èster mulang awaké dhéwé wektu arep ngyakinké wong liya. Nèk panjenengan kudu njelaské masalah sérius karo wong sing panjenengan tresnani, utawa karo pamréntah, panjenengan kudu sabar, ngajèni, lan blaka.​—WB. 16:21, 23.

      20, 21. (a) Piyé Èster mbukak rencana jahaté Haman, lan piyé tanggepané raja? (b) Apa sing ditindakké Haman sakwisé konangan dadi wong sing munafik?

      20 Ahasywéros takon, ”Iku sapa? Ana ing ngendi wongé, kang duwé pangarah mangkono ing sajroning atiné?” Bayangna Èster langsung nduding Haman, lan kandha, ”Tiyang ingkang nganiaya saha ingkang dados mengsah wau inggih punika Haman, tiyang dursila punika.” Kahanané dadi tegang. Haman wedi banget. Bayangna rupané raja sing nesunan iki dadi abang mbranang, merga ngerti nèk penaséhaté sing dipercaya malah ngakali raja bèn nandhatangani préntah sing marahi ratuné sing ditresnani kuwi mati. Raja langsung menyang taman ing kraton bèn atiné tenang.—Ès. 7:5-7.

      Ing pèsta sing kapindho, Èster nyritakké kabèh marang Raja Ahasywéros lan kanthi kendel nduding Haman

      Èster kendel wektu mbukak rencana jahaté Haman

      21 Sakwisé konangan nèk Haman kuwi wong sing munafik, dhèwèké banjur ngrubuhké awaké ing sikilé ratu. Wektu mlebu manèh ing ruang jamuan, raja ndelok Haman ing dipané ratu lagi nyembah-nyembah njaluk ngapura. Raja saya nesu lan nudhuh Haman arep merkosa ratu ing omahé raja dhéwé, kuwi tandha nèk Haman bener-bener bakal mati. Haman digawa metu lan rainé dikrukubi. Bar kuwi, ana pejabat kraton sing ngandhani raja nèk Haman wis nggawé cagak kanggo nggantung Mordekhai. Ahasywéros terus mréntahké Haman dhéwé sing digantung ing cagak kuwi.—Ès. 7:8-10.

      22. Piyé carané tuladhané Èster mbantu awaké dhéwé bèn ora kélangan pengarep-arep lan nduwé iman sing tetep kuwat?

      22 Ing ndonya saiki sing akèh tumindak ora adil, awaké dhéwé isa gampang mikir nèk ora bakal ana kaadilan. Apa panjenengan tau ngrasa kaya ngono? Élinga nèk Èster ora tau kélangan pangarep-arep lan imané tetep kuwat. Pas wektuné cocog, Èster kendel ngomongké apa sing bener, lan percaya nèk Yéhuwah bakal nindakké sing adil. Awaké dhéwé saiki uga isa kaya Èster. Merga Yéhuwah ora malih, Yéhuwah mesthi isa nggawé wong jahat lan licik kena akibat merga rancangané dhéwé, kaya sing dialami Haman.​—Wacanen Jabur 7:12-17.

      Dhèwèké Luwih Mentingké Yéhuwah lan Umaté

      23. (a) Raja mènèhi hadiah apa marang Mordekhai lan Èster? (b) Piyé ramalané Yakub kanggo Bènyamin kelakon? (Deloken kothak ”Ramalan sing Kelakon”.)

      23 Akiré, raja ngerti sapa sejatiné Mordekhai. Mordekhai kuwi ora mung wong sing setya nglindhungi raja saka rencana jahat, nanging uga bapak angkaté Èster. Akiré Ahasywéros mènèhi Mordekhai jabatan dadi perdana menteri, nggantèni Haman. Banjur raja mènèhi Èster omahé Haman, klebu bandhané sing akèh. Èster ngongkon Mordekhai ngawasi kuwi.—Ès. 8:1, 2.

      24, 25. (a) Apa sebabé Èster isih kuwatir senajan rencana jahaté Haman wis konangan? (b) Piyé Èster toh nyawa manèh?

      24 Saiki, sakwisé Èster lan Mordekhai bébas saka bebaya, apa Èster wis ora kuwatir? Nèk Èster mung mikirké kepentingané dhéwé, dhèwèké bakal kaya ngono. Nanging wektu kuwi, keputusan raja kanggo matèni kabèh wong Yahudi wis kebacut dikirim ing saben wilayah ing kraton Pèrsia. Haman wis mbuwang undhi, utawa Pur, salah siji bentuk spiritisme, kanggo nemtokké dina sing pas nindakké rencana jahaté. (Ès. 9:24-26) Senajan isih pirang-pirang sasi, nanging dina kuwi bakal cepet tekané. Apa bencana kuwi isa dicegah?

      25 Merga ora mikirké kepentingané dhéwé, Èster gelem toh nyawa manèh kanggo ngadhep raja tanpa diundang. Saiki, Èster nangis kanggo bangsané, njaluk tulung bèn bojoné mbatalké keputusan kuwi. Nanging, hukum sing wis diwetokké nganggo jeneng raja Pèrsia ora isa dibatalké. (Dn. 6:12, 15) Mula, raja mènèhi wewenang Èster lan Mordekhai kanggo nggawé hukum anyar. Wara-wara sing kapindho dikirim, sing isiné wong Yahudi éntuk nglawan wektu diserang. Kabar iki dikirimké cepet banget ing saben wilayah kraton Pèrsia. Iki kabar apik kanggo wong Yahudi. Saiki ana pangarep-arep. (Ès. 8:3-16) Bayangna wong Yahudi ing wilayah kuwi mulai nyiapké senjata lan siyap-siyap perang. Iki ora mungkin ditindakké nèk ora ana hukum sing anyar kuwi. Nanging sing luwih penting, apa ”Yéhuwah Sing Nduwé Pasukan Malaékat” bakal ngayomi umaté?​—1 Sa. 17:45, NW.

      Èster lan Mordekhai nggawé wara-wara sing kapindho, lan ana wong lanang enom sing nulis

      Èster lan Mordekhai ngirim wara-wara marang wong Yahudi ing wilayah kraton Pèrsia

      26, 27. (a) Sepira tuntasé kemenangan sing Yéhuwah paringké marang umaté? (b) Ramalan apa sing kelakon wektu anak-anaké Haman dipatèni?

      26 Wektu dina sing wis ditemtokké teka, umaté Allah wis siyap. Malah akèh pejabat Pèrsia saiki mbéla wong Yahudi, merga kabar bab menteri sing anyar, yaiku Mordekhai kuwi wong Yahudi, wis kesebar ana ing ngendi-endi. Yéhuwah nggawé umaté menang. Yéhuwah mesthi nglindhungi umaté saka panganiaya sing kejem, carané yaiku nggawé mungsuh-mungsuhé umaté kalah mutlak.a—Ès. 9:1-6.

      27 Sakliyané kuwi, Mordekhai ora isa tenang ngawasi omahé Haman nèk sepuluh anak-anaké Haman sing jahat isih urip. Mula, wong-wong kuwi akiré ya dipatèni. (Ès. 9:7-10) Dadi, wis kelakon ramalané Alkitab bab nyirnakké nganti tuntas bangsa Amalèk sing mungsuhi umaté Allah. (PT. 25:17-19) Anak-anaké Haman isa waé klebu ing antarané wong-wong sing kèri dhéwé saka bangsa Amalèk sing dikutuk kuwi.

      28, 29. (a) Èster lan bangsané kudu perang, apa sebabé kuwi bagéan saka kersané Yéhuwah? (b) Apa sebabé tuladhané Èster dadi berkah kanggo awaké dhéwé saiki?

      28 Senajan isih enom, Èster nduwé tanggung jawab sing gedhé. Contoné Èster kudu nggawé keputusan sing ana hubungané karo perang lan mènèhi hukuman mati. Tanggung jawab kuwi mesthi ora gampang. Nanging, iki bagéan saka kersané Yéhuwah. Merga Sang Mèsih sing wis dijanjèkké bakal teka saka bangsa Israèl, mula Yéhuwah péngin umaté dilindhungi lan ora sirna. Sang Mèsih kuwi siji-sijiné pangarep-arep kanggo manungsa. (Pd. 22:18) Umaté Allah jaman saiki ngerti nèk wiwit Sang Mèsih, yaiku Yésus teka ing bumi, para muridé ora éntuk mèlu perang.​—Mt. 26:52.

      29 Senajan ngono, wong Kristen ngadhepi perang liyané. Sétan nduwé tékad kanggo ngrusak imané awaké dhéwé marang Yéhuwah. (Wacanen 2 Korinta 10:3, 4.) Tuladhané Èster bener-bener dadi berkah kanggo awaké dhéwé saiki. Kaya Èster, awaké dhéwé isa nduduhké iman. Carané, tumindak wicaksana lan sabar wektu ngyakinké wong liya, kendel, lan terus mbéla umaté Allah tanpa mikirké kepentingané dhéwé.

      Pitakonan bab Èster

      Apa sebabé Mordekhai akiré ngejarké Èster nikah karo wong sing ora nyembah Yéhuwah?

      Ana ahli kandha nèk Mordekhai wong sing pinter nggunakké kesempatan, mula péngin Èster nikah karo raja bèn diajèni. Nanging, kuwi ora ana dhasaré. Mordekhai wong Yahudi sing setya, dadi ora bakal setuju karo pernikahan kaya ngono. (PT. 7:3) Miturut crita turun-temurun Yahudi, Mordekhai ngupaya nyegah. Nanging, Mordekhai mung pendhudhuk asing ing kono. Negara kuwi uga dipréntah karo raja sing dianggep kaya déwa. Kuwi sing nyebabké Mordekhai lan Èster ora nduwé akèh pilihan. Sing jelas, Yéhuwah nggunakké pernikahané Èster kanggo nylametké umaté.—Ès. 4:14.

      Apa sebabé asma Yéhuwah ora ana ing buku Èster?

      Mordekhai sing nulis buku iki. Mauné, buku iki mungkin disimpen ing arsip kraton Pèrsia sakdurungé digawa menyang Yérusalèm. Nèk asma Yéhuwah ditulis ing buku Èster, wong sing nyembah déwa-dèwi Pèrsia mesthi bakal nyingkirké buku kuwi. Sing jelas, bantuané Yéhuwah ing crita iki kétok cetha. Sing nggumunké, asma Yéhuwah disamarké ing tulisan Ibrani asli buku Èster nganggo gaya akrostik, yaiku tembung-tembungé disusun nganti huruf kapisan utawa huruf pungkasan saka tembung-tembung kuwi mbentuk asmané Gusti Allah (Tetragramaton).

      Apa buku Èster ora cocog karo sejarah?

      Para kritikus kandha nèk buku Èster ora cocog karo sejarah. Nanging, ana ahli sing kandha nèk wong sing nulis buku iki nduwé pangertèn sing tliti bab keluarga raja, seni ngrancang bangunan, lan adat-istiadaté Pèrsia. Pancèn, jeneng Ratu Èster ora tau ditemokké ing dhokumèn-dhokumèn sekulèr sing isih ana, nanging ora mung Èster tokoh kerajaan sing jenengé dihapus saka dhokumèn sekulèr. Ana dhokumèn liya sing nduduhké, nèk ing wektu sing disebutké ing buku Èster, ana wong lanang jenengé Mardukâ ngabdi dadi pejabat ing kraton Susan. Mardukâ kuwi padha karo Mordekhai ing basa Pèrsia.

      Ramalan sing Kelakon

      Merga ngupaya nylametké umaté Allah, Èster lan Mordekhai nggenepi ramalan liya ing Alkitab. Luwih saka 12 abad sakdurungé, Yéhuwah maringi wahyu marang Yakub kanggo nulis ramalan bab salah siji anaké. Ramalané yaiku, ”Bènyamin iku kaya asu ajag nyenyempal, ing wayah ésuk ngganyang memangsan lan ing wayah soré andum [utawa, mbagi] rayahané.” (Pd. 49:27) Ing ”wayah ésuk” saka sejarahé kerajaan Israèl, keturunané Bènyamin, contoné Raja Saul lan wong-wong liya, perang kanggo umaté Yéhuwah. Ing ”wayah soré”, yaiku sakwisé jaman raja-raja Israèl rampung, Èster lan Mordekhai, loro-loroné saka keturunané Bènyamin, isa ngalahké mungsuh-mungsuhé Yéhuwah. Dadi, Èster lan Mordekhai isa disebut ’andum rayahan’, merga bandhané Haman sing akèh akiré dipèk Èster lan Mordekhai.

      a Raja mènèhi sedina manèh kanggo wong Yahudi bèn isa ngalahké mungsuhé nganti tuntas. (Ès. 9:12-14) Nganti ing jaman saiki, wong Yahudi isih mèngeti dina menangé kuwi saben taun ing sasi Adar. Yaiku kira-kira antarané akir Februari lan wiwitan Maret. Jenengé yaiku Riyaya Purim, bentuk jamak saka tembung Pur, yaiku undhi sing digunakké Haman kanggo matèni wong Israèl.

      KANGGO DIPIKIRKÉ . . .

      • Piyé Èster wicaksana milih wektu sing cocog kanggo ngomong?

      • Apa berkah merga Èster sabar?

      • Apa buktiné Èster kendel lan ora mung mikirké kepentingané dhéwé?

      • Nganggo cara apa waé panjenengan isa niru tuladhané Èster?

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim