PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • hf bagéan 9 hlm. 29-31
  • Ngibadaha marang Yéhuwah Bebarengan Keluarga

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Ngibadaha marang Yéhuwah Bebarengan Keluarga
  • Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • 1 TERUSA NYEDHAK KARO YÉHUWAH
  • Apa Ibadah Sakulawarga Iku?
    Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
  • Seneng Merga Ngibadah marang Yéhuwah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2022
  • Bantu Keluarga Panjenengan bèn Éling marang Yéhuwah
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2017
  • Seneng Dadi Umaté Yéhuwah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2021
Delok Kabèh
Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem
hf bagéan 9 hlm. 29-31
Wong bebojoan sinau Alkitab bareng

BAGÉAN 9

Ngibadaha marang Yéhuwah Bebarengan Keluarga

”Sujuda marang Panjenengané kang wus nitahaké langit lan bumi.”​—Wahyu 14:7

Buku iki wis mbantu panjenengan ngerti nèk pathokané Alkitab kuwi isa ndadèkké keluarga urip ayem tentrem. Yéhuwah péngin kabèh keluarga seneng. Nèk keluargamu ngutamakké ibadah marang Yéhuwah, kabèh kebutuhané bakal ”diparingaké marang kowé”. (Matéus 6:33) Yéhuwah péngin banget kabèh keluarga nyedhak karo Yéhuwah. Gunakna wektu kanggo terus nyedhak karo Gusti Allah, merga kuwi kaurmatan sing gedhé banget.​—Matéus 22:37, 38.

1 TERUSA NYEDHAK KARO YÉHUWAH

Wong bebojoan nginjil bareng

ALKITAB KANDHA: ”’Ingsun bakal dadi Ramanira, sarta sira bakal padha dadi putraningSun lanang lan wadon’, ngendikané Yéhuwah.” (2 Korinta 6:18) Gusti Allah péngin panjenengan dadi kanca akrabé. Carané yaiku, panjenengan kudu ndonga. Yéhuwah ngundang panjenengan nèk ’ndedonga aja kendhat’, utawa mandheg. (1 Tésalonika 5:17) Yéhuwah iku perduli karo apa sing kokpikirké lan koksumelangké. (Filipi 4:6) Pas ndonga bareng keluarga, bojomu lan anakmu isa ngerti sepira cedhaké hubunganmu karo Yéhuwah.

Sakliyané ndonga, panjenengan uga isa ngrungokké pangandikané Yéhuwah. Carané yaiku maca lan sinau Alkitab. (Jabur 1:1, 2) Bar kuwi, pikirna sing tenanan apa sing koksinau kuwi. (Jabur 77:12, 13) Panjenengan uga isa cedhak karo Gusti Allah nèk ajeg teka ing pakumpulan ibadah.​—Jabur 122:1-4.

Sing uga penting, panjenengan kudu crita karo wong liya bab Yéhuwah. Nèk kuwi ditindakké, panjenengan isa luwih cedhak karo Yéhuwah.​—Matéus 28:19, 20.

SING ISA DITINDAKKÉ:

  • Sedhiyakna wektu kanggo maca Alkitab lan ndonga saben dina

  • Dhisikna ngibadah bebarengan karo keluarga ketimbang seneng-seneng lan plesiran

2 KUDU NGIBADAH SAKKELUARGA

Bapak nyiapké bahan kanggo ibadah sakkeluarga, lan keluarga seneng banget wektu ngibadah bebarengan

ALKITAB KANDHA: ”Padha nyedhakana marang Gusti Allah; Gusti Allah bakal nyelaki kowe.” (Yakobus 4:8) Panjenengan kudu nggawé jadwal ibadah sakkeluarga sing ajeg lan jadwal kuwi kudu dilakoni. (Purwaning Dumadi 18:19) Ning, sing penting keluarga kudu cedhak karo Yéhuwah lan manut tuntunané. Nèk panjenengan ngrembug karo keluarga bab Yéhuwah ’samangsa lagi lungguhan ana ing omah, samangsa pinuju lelungan lan samangsa lagi turon utawa samangsa tangi’, hubungané panjenengané karo Yéhuwah saya cedhak. (Pangandharing Torèt 6:6, 7) Tirua Yosua sing ngomong, ”Aku lan sakulawangsaku iki, aku bakal padha ngabekti marang Pangéran Yéhuwah.”​—Yusak 24:15.

SING ISA DITINDAKKÉ:

  • Wektu ngibadah sakkeluarga, kudu ajeg ngrembug apa sing dibutuhké lan masalah apa sing lagi diadhepi saben wong ing keluarga

Ibu ngajari anaké lanang; ana keluarga sing lagi nglakonké crita Alkitab; bapak ngajari anaké wédok

UMATÉ YÉHUWAH SING TERUS BUNGAH

Ngibadah marang Yéhuwah kuwi sing paling apik ketimbang karo apa waé. Yéhuwah seneng mirsani keluarga-keluarga ngabdi sing tenanan marang Yéhuwah. Nèk kuwi ditindakké, panjenengan isa dadi saya tresna lan kepéngin niru Yéhuwah. (Markus 12:30; Éfesus 5:1) Nèk gelem manut karo tuntunané Yéhuwah, wong bebojoan isa saya cedhak siji lan sijiné. (Kohèlèt 4:12; Yésaya 48:17) Panjenengan lan keluarga isa urip ayem tentrem saklawas-lawasé merga ”padha diberkahi déning Pangéran Yéhuwah”.​—Pangandharing Torèt 12:7.

COBA DIPIKIR . . .

  • Kapan aku karo bojoku ndonga bareng?

  • Bahan apa waé sing isa tak gunakké wektu ngibadah sakkeluarga, sing isa nggawé imanku karo keluargaku luwih kuwat?

KANGGO SING MIMPIN KELUARGA

  • Aja nganti ora sida ngibadah sakkeluarga merga ana kagiyatan liya

  • Kandhanana sakdurungé apa sing arep dirembug bèn keluarga isa sinau dhisik

  • Pastèkna nèk kabèh wong sakkeluarga isa teka

  • Gawéa kahanané nyenengké bèn kabèh isa seneng

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim