PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • jy bab 8 hlm. 24-hlm. 25 par. 5
  • Slamet saka Panguwasa sing Jahat

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Slamet saka Panguwasa sing Jahat
  • Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Dhèwèké Nglindhungi, Ngopèni, lan Ora Gampang Nyerah
    Tirunen Imané
  • Pitakonané Sing Maca
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
  • Yéhuwah Nglindhungi Yésus
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Saya Mundhak Gedhé ing Nazarèt
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
Delok Kabèh
Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
jy bab 8 hlm. 24-hlm. 25 par. 5
Raja Hérodès mréntahké supaya bocah-bocah lanang ing Bètléhèm dipatèni

BAB 8

Slamet saka Panguwasa sing Jahat

MATIUS 2:13-23

  • KELUARGANÉ YÉSUS MLAYU MENYANG MESIR

  • YUSUF LAN KELUARGANÉ PINDHAH MENYANG NAZARÈT

Yusuf nggugah Maria kanggo ngandhani berita sing penting. Malaékaté Yéhuwah lagi waé nemoni Yusuf liwat mimpi lan kandha, ”Tangia, gawanen bocah kuwi lan ibuné, lan lungaa menyang Mesir. Manggona ing kana nganti aku ngongkon kowé bali, merga Hérodès bakal nggolèki bocah kuwi kanggo dipatèni.”​—Matius 2:13.

Ing wengi kuwi, Yusuf, Maria, lan anaké langsung lunga. Kuwi tumindak sing bener, merga Hérodès ngerti nèk para ahli ramal bintang wis ngapusi dhèwèké. Sakdurungé, Hérodès ngongkon para ahli ramal bintang nglaporké ing ngendi panggonané Yésus. Nanging, wong-wong kuwi malah ora bali nemoni Hérodès manèh. Mula, Hérodès nesu banget. Merga péngin matèni Yésus, dhèwèké ngongkon supaya kabèh bocah lanang ing Bètléhèm lan ing dhaérah sakiwa-tengené dipatèni, yaiku sing umuré rong taun mangisor. Hérodès isa ngira-ngira umur kuwi miturut katrangan saka para ahli ramal bintang mau.

Prajurit ngrebut bocah lanang saka ibuné

Kedadéan wektu kabèh bocah lanang dipatèni kuwi medèni banget. Kita ora ngerti sepira akèhé bocah sing dipatèni. Nanging, ibu-ibu sing padha nangis lan sambat merga anaké dipatèni netepi ramalané Nabi Yérémia ing Alkitab.​—Yérémia 31:15.

Yusuf lan keluargané wis mlayu menyang Mesir lan manggon ing kana. Sakwisé kuwi, malaékaté Yéhuwah nemoni Yusuf manèh liwat mimpi lan kandha, ”Tangia, gawanen bocah kuwi lan ibuné menyang negara Israèl, merga wong-wong sing péngin matèni bocah kuwi wis padha mati.” (Matius 2:20) Mula, Yusuf nyimpulké nèk keluargané saiki wis isa mulih menyang kutha asalé. Kuwi cocog karo ramalané Alkitab sing kandha nèk Gusti Allah bakal ngundang Putrané metu saka Mesir.​—Hoséa 11:1.

Kétoké, Yusuf nduwé niat kanggo bali menyang Bètléhèm, ing Yudéa, panggonan sakdurungé dhèwèké lan keluargané mlayu menyang Mesir. Nanging, Yusuf ngerti nèk anaké Hérodès sing jahat, yaiku Arkhélaus, saiki dadi raja ing Yudéa. Sakliyané kuwi, Yusuf uga wis diélikké Gusti Allah liwat mimpi. Mula, Yusuf lan keluargané lunga menyang arah lor lan manggon ing kutha Nazarèt ing dhaérah Galiléa. Panggonan kuwi adoh saka pusat kegiatan agama Yahudi ing Yérusalèm. Ya ing Nazarèt kuwi Yésus digedhèkké, cocog karo ramalan liya sing kandha, ”Dhèwèké bakal disebut wong Nazarèt.”​—Matius 2:23.

  • Wektu para ahli ramal bintang kuwi ora bali, apa sing ditindakké Raja Hérodès? Piyé Yésus dilindhungi?

  • Sakwisé saka Mesir, apa sebabé Yusuf lan keluargané ora bali menyang Bètléhèm?

  • Ramalan Alkitab endi waé sing kelakon wektu kuwi?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim