PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Piyé Kahanané Wong Mati?
    Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?
    • BAB ENEM

      Piyé Kahanané Wong Mati?

      1-3. Wong-wong takon apa bab wong mati, lan piyé wulangané agama-agama?

      ALKITAB janji nèk mbésuk ”bakal ora ana pati manèh”. (Wahyu 21:4) Ing bab 5, awaké dhéwé wis sinau nèk tebusan isa nggawé manungsa urip saklawasé. Ning, wong-wong saiki isih padha mati. (Kohèlèt 9:5) Mula padha takon, Wong mati kuwi sakjané piyé, ta?

      2 Jawaban saka pitakonan mau penting, apa manèh nèk awaké dhéwé wis tau ditinggal mati wong sing ditresnani. Mbokmenawa awaké dhéwé takon, ’Piyé kahanané wong mati? Apa dhèwèké isa nggatèkké aku? Apa dhèwèké isa mbantu aku? Apa aku isa ketemu manèh karo dhèwèké?’

      3 Wulangané agama-agama bab wong mati kuwi béda-béda. Ana sing mulang nèk manungsa mati, sing apik munggah swarga, ning sing jahat disiksa ing neraka. Ana sing kandha, nèk wong mati bakal dadi roh lan ngumpul manèh karo keluargané sing wis mati. Ana uga sing kandha, sakwisé wong kuwi mati lan diadili, isa lair manèh dadi wong liya utawa kéwan.

      4. Sakjané agama-agama mau mulang bab sing padha apa?

      4 Senajan wulangan mau béda-béda, ning sakjané agama-agama mau mulang bab sing padha, yaiku nèk ana bagéan sing isih tetep urip sakwisé wong kuwi mati. Apa kuwi bener?

      PIYÉ KAHANANÉ WONG MATI?

      5, 6. Piyé kahanané awaké dhéwé wektu mati?

      5 Yéhuwah ngerti piyé sakjané kahanané wong mati. Yéhuwah ngandhani awaké dhéwé, wektu wong kuwi mati, ora ana bagéan sing isih tetep urip. Mati kuwi kosok baliné urip. Dadi, wektu wong kuwi mati, pikiran, perasaan, lan kekarepané wis ora ana.a Nèk awaké dhéwé mati, wis ora isa ndelok, krungu, lan mikir manèh.

      6 Raja Suléman nulis nèk ”wong mati ora mangreti apa-apa”. Wong mati ora isa nresnani utawa nyengiti, lan ”ora ana pagawéan, panimbang-nimbang, kawruh lan kawicaksanan”. (Wacanen Kohèlèt 9:5, 6, 10.) Jabur 146:4 uga kandha nèk wong mati kuwi ”kekarepané sirna”.

      NGENDIKANÉ YÉSUS BAB WONG MATI

      Wong bebojoan lagi lungguh ing taman lan nyekel kembang

      Yéhuwah nggawé manungsa bèn isa urip saklawasé ing bumi

      7. Apa wulangané Yésus bab wong mati?

      7 Wektu kancané Yésus sing jenengé Lazarus mati, Yésus ngandhani para muridé, ”Lazarus, sadulur kita lagi turu.” Ning, maksudé Yésus dudu turu biyasa. Yésus banjur ngendika, ”Lazarus wus mati.” (Yokanan 11:11-14) Dadi, Yésus madhakké wong mati kaya wong turu. Yésus ora ngendika nèk Lazarus munggah swarga utawa ketemu karo keluargané sing wis mati. Yésus uga ora ngendika, nèk Lazarus ing neraka utawa lair manèh dadi manungsa liya utawa kéwan. Ning, sakjané Lazarus mung turu angler. Ana ayat Alkitab liyané sing madhakké wong mati kaya wong turu. Pas nguripké anak wadoné Yairus, Yésus uga ngendika, ”Bocahé ora mati, mung turu.”​—Lukas 8:52, 53.

      8. Apa buktiné nèk Yéhuwah ora nggawé manungsa bèn mati?

      8 Apa Gusti Allah nggawé Adam lan Kawa bèn mati? Ora. Yéhuwah nggawé manungsa bèn séhat lan urip saklawasé. Wektu nggawé manungsa, Yéhuwah uga maringi rasa péngin urip sakterusé. (Kohèlèt 3:11) Apa ana wong tuwa sing péngin anaké tuwa banjur mati? Nèk wong tuwa waé ora péngin, apa manèh Gusti Allah. Ning, nèk pancèn Gusti Allah kuwi nggawé manungsa bèn urip saklawasé, apa sebabé manungsa mati?

      APA SEBABÉ MANUNGSA MATI?

      9. Apa sebabé préntahé Yéhuwah sakjané gampang dilakoni?

      9 Ing Taman Èden, Yéhuwah ngendika marang Adam, ”Sawarnané wohing wit-witan ing patamanan iki kena sira pangan ing sasenengira, nanging wit pangawruhing becik lan ala iku wohé aja sira pangan. Déné samangsa sira mangan wohé, mesthi sira bakal mati.” (Purwaning Dumadi 2:9, 16, 17) Iki dhawuh sing gampang dilakoni, lan Yéhuwah nduwé wewenang kanggo nemtokké apa sing bener lan sing salah. Nèk manut karo dhawuhé Yéhuwah, Adam lan Kawa mbuktèkké nèk ngajèni wewenangé Yéhuwah. Kuwi uga bukti nèk dhèwèké nduduhké rasa sokur sing gedhé karo berkahé Yéhuwah.

      10, 11. (a) Piyé carané Iblis ngapusi Adam lan Kawa? (b) Apa sebabé dosané Adam lan Kawa ora isa diapura?

      10 Sayangé, Adam lan Kawa milih ora manut karo Yéhuwah. Iblis ngomong karo Kawa, ”Temtunipun Gusti Allah paring dhawuh dhateng sampéyan: Sira aja mangan wohing sarupané wit-witan ing patamanan iki! Rak inggih, ta?” Kawa njawab, ”Wohé wit-witan ing patamanan iki kabèh kena baé dakpangan, nanging tumrap wohing wit kang ana satengahé patamanan iki, ana dhawuhé Gusti Allah mangkéné: Aja sira pangan, malah ndemok baé aja, supaya sira aja padha mati.”​—Purwaning Dumadi 3:1-3.

      11 Iblis banjur ngomong, ”Boten-botenipun sampéyan sami pejah, nanging Gusti Allah mirsa, samangsa sampéyan nedha wohipun wit punika, sampéyan badhé kaparingan awasing paningal, temah dados sami kaliyan Gusti Allah, saged nyumerepi ingkang saé lan ingkang awon.” (Purwaning Dumadi 3:4-6) Dadi, Iblis péngin Kawa mikir, nèk dhèwèké isa nemtokké dhéwé apa sing bener lan sing salah. Iblis uga ngapusi bab apa sing bakal kedadéan nèk Kawa ora manut. Iblis ngomong karo Kawa nèk ora bakal mati, mula Kawa mangan woh kuwi banjur dikèkké bojoné. Sakjané wong loro kuwi ngerti, nèk woh kuwi ora éntuk dipangan. Dadi, pas mangan woh kuwi, Adam lan Kawa sengaja ora manut lan ora ngajèni Gusti Allah. Kuwi dosa gedhé sing ora isa diapura.

      12. Apa sebabé tumindaké Adam lan Kawa bener-bener nggawé kuciwa?

      12 Tumindaké Adam lan Kawa sing ora ngajèni Gusti Allah kuwi bener-bener nggawé kuciwa. Piyé perasaané panjenengan nèk nduwé anak sing wis diopèni tenanan, ning malah mbrontak nglawan panjenengan. Panjenengan mesthi lara ati, ta?

      Adam pas sepisanan digawé

      Adam digawé saka lemah, lan bali dadi lemah manèh

      13. Apa maksudé wektu Yéhuwah ngendika ”sira bakal bali dadi lebu manèh”?

      13 Wektu Adam lan Kawa ora manut, wong loro kuwi kélangan kesempatan kanggo urip saklawasé. Yéhuwah ngandhani Adam, ”Amarga sira iku lebu, lan sira bakal bali dadi lebu manèh.” (Wacanen Purwaning Dumadi 3:19.) Kuwi maksudé Adam dadi lemah manèh kaya sakdurungé digawé. (Purwaning Dumadi 2:7) Bar Adam dosa, dhèwèké mati lan ora ana manèh.

      14. Apa sebabé awaké dhéwé mati?

      14 Nèk manut karo Gusti Allah, mesthiné Adam lan Kawa isih urip nganti saiki. Ning, wektu wong loro kuwi ora manut, dhèwèké tumindak dosa, lan akhiré mati. Dosa kuwi kaya penyakit turunan sing awaké dhéwé warisi saka Adam lan Kawa. Awaké dhéwé dilairké wis nduwé dosa, mulané awaké dhéwé mati. (Rum 5:12) Ning, iki dudu kersané Gusti Allah kanggo manungsa. Yéhuwah ora péngin manungsa mati lan Alkitab nyebut pati kuwi ”mungsuh”.​—1 Korinta 15:26.

      WULANGAN ALKITAB MBÉBASKÉ AWAKÉ DHÉWÉ

      15. Piyé carané wulangan sing bener saka Alkitab mbébaské awaké dhéwé?

      15 Wulangan sing bener saka Alkitab bab wong mati isa mbébaské awaké dhéwé saka akèh wulangan sing salah. Alkitab mulang nèk wong mati ora ngrasakké lara lan sedhih. Wong mati ora isa dijak omong-omongan. Awaké dhéwé ora isa mbantu wong mati, lan wong mati ora isa mbantu awaké dhéwé. Wong mati uga ora bakal nglarani awaké dhéwé, dadi ora perlu wedi. Ning, akèh agama mulang nèk wong mati isih urip ing panggonan liya, lan awaké dhéwé isa mbantu nèk mbayar pemimpin agama utawa wong pinter kanggo ndongakké wong sing wis mati. Merga ngerti sing bener, saiki awaké dhéwé ora kapusan.

      16. Wulangan sing ora bener apa sing diwulangké akèh agama?

      16 Iblis nggunakké agama palsu kanggo ngapusi wong-wong lan nggawé awaké dhéwé mikir nèk wong mati isih urip. Contoné, ana agama sing mulang, wektu wong kuwi mati ana bagéan sing isih tetep urip ing panggonan liya. Apa agama panjenengan mulang sing kaya ngono, utawa wulangané bab wong mati padha karo Alkitab? Iblis ngapusi wong-wong bèn adoh saka Yéhuwah.

      17. Apa sebabé ajaran neraka kuwi nglarani atiné Gusti Allah?

      17 Akèh wulangané agama sing medèn-medèni. Contoné, ana sing mulang nèk wong jahat bakal disiksa saklawasé ing neraka. Kuwi wulangan sing nglarani atiné Gusti Allah, merga Gusti Allah ora mungkin tumindak kaya ngono. (Wacanen 1 Yokanan 4:8.) Piyé perasaané panjenengan nèk ngerti ana wong sing ngobong tangané anaké merga anaké salah? Mbokmenawa panjenengan mikir nèk wong kuwi kejem banget. Nah, Iblis péngin awaké dhéwé nduwé perasaan kaya ngono marang Gusti Allah.

      18. Apa sebabé awaké dhéwé ora perlu wedi karo wong mati?

      18 Ana agama sing mulang nèk wong sing mati bakal dadi roh. Agama kaya ngono mulang nèk awaké dhéwé kudu ngurmati lan wedi karo roh-roh kuwi, merga isa dadi kanca sing nduwé kekuwatan gedhé utawa dadi mungsuh sing kejem. Akèh wong sing percaya kuwi. Saking wediné, wong-wong kuwi malah nyembah wong mati, ora nyembah Gusti Allah. Ning, saka sing disinaoni, awaké dhéwé ngerti nèk wong mati ora isa apa-apa, dadi ora perlu wedi. Yéhuwah kuwi sing nggawé manungsa, mula mung Yéhuwah sing kudu disembah.​—Wahyu 4:11.

      19. Apa gunané ngerti wulangan sing bener bab wong mati?

      19 Wektu ngerti wulangan sing bener bab wong mati, awaké dhéwé isa bébas saka wulangan sing salah. Kuwi uga mbantu awaké dhéwé ngerti janjiné Gusti Allah sing nggumunké bab uripé awaké dhéwé mbésuk.

      20. Apa sing arep dirembug ing bab 7?

      20 Nabi Ayub tau takon, ”Manungsa manawi sampun pejah, punapa saged gesang malih?” (Ayub 14:14) Apa wong mati pancèn isa urip manèh? Jawabané Gusti Allah sing ana ing Alkitab nyenengké banget. Lan iki arep dirembug ing bab 7.

      a Ana sing percaya nèk jiwané manungsa isih urip sakwisé manungsa kuwi mati. Kanggo katrangan sing luwih akèh, deloken Cathetan 17 lan 18.

      RINGKESAN

      WULANGAN 1: WEKTU WONG KUWI MATI, ORA ANA BAGÉAN SING ISIH TETEP URIP

      ”Wong mati ora mangreti apa-apa.”​—Kohèlèt 9:5

      Piyé kahanané awaké dhéwé wektu mati?

      • Jabur 146:3, 4; Kohèlèt 9:6, 10

        Nèk awaké dhéwé mati, wis ora isa ndelok, krungu, lan mikir manèh.

      • Yokanan 11:11-14

        Yésus madhakké wong mati kaya wong turu.

      WULANGAN 2: YÉHUWAH ORA PÉNGIN MANUNGSA MATI

      ”Nanging wit pangawruhing becik lan ala iku wohé aja sira pangan. Déné samangsa sira mangan wohé, mesthi sira bakal mati.”​—Purwaning Dumadi 2:17

      Apa sebabé manungsa mati?

      • Purwaning Dumadi 3:1-6

        Iblis ngapusi bab apa sing bakal kedadéan nèk Kawa ora manut karo Gusti Allah. Wektu Adam lan Kawa ora manut karo Yéhuwah, dhèwèké tumindak dosa lan akhiré mati.

      • Purwaning Dumadi 3:19

        Sakwisé Adam mati, dhèwèké ora ana manèh.

      • Rum 5:12

        Dosa kuwi kaya penyakit turunan sing awaké dhéwé warisi saka Adam lan Kawa. Awaké dhéwé dilairké wis nduwé dosa, mulané awaké dhéwé mati.

      • 1 Korinta 15:26

        Alkitab nyebut pati kuwi mungsuh.

      WULANGAN 3: WULANGAN ALKITAB MBÉBASKÉ AWAKÉ DHÉWÉ

      ”Manungsa manawi sampun pejah, punapa saged gesang malih? Manawi makaten kawula gadhah pangajeng-ajeng . . . ngantos dumugi ing giliran kawula.”​—Ayub 14:14

      Piyé carané wulangan sing bener saka Alkitab bab wong mati isa mbébaské awaké dhéwé saka wulangan sing salah?

      • 1 Yokanan 4:8

        Wulangan bab neraka kuwi nglarani atiné Yéhuwah. Gusti Allah ora mungkin tumindak kaya ngono.

      • Wahyu 4:11

        Akèh wong wedi karo wong sing wis mati. Saking wediné, wong-wong kuwi malah nyembah wong mati ketimbang nyembah Gusti Allah. Yéhuwah sing nggawé manungsa, mula mung Yéhuwah sing kudu disembah.

  • Wong Mati Bakal Diuripké Manèh
    Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?
    • BAB PITU

      Wong Mati Bakal Diuripké Manèh

      1-3. Awaké dhéwé saiki dipenjara karo apa, lan piyé carané Yéhuwah bakal mbébaské awaké dhéwé?

      COBA bayangna nèk panjenengan dilebokké penjara nganti saklawasé, padahal ora tumindak salah lan ora bakal bébas saka kono. Rasané mesthi putus asa lan ora isa ngapa-ngapa. Ning ana wong sing nduwé kuwasa kanggo mbébaské panjenengan, dhèwèké janji bakal nulungi panjenengan. Piyé perasaané panjenengan?

      2 Awaké dhéwé saiki dipenjara karo pati. Senajan wis ngupaya, ning awaké dhéwé tetep ora isa bébas. Yéhuwah nduwé kuwasa kanggo mbébaské manungsa saka pati. Yéhuwah janji nèk ”mungsuh kang pungkasan, kang disirnakaké iku pati”.​—1 Korinta 15:26.

      3 Bayangna nèk panjenengan ora perlu kuwatir mengko bakal mati. Yéhuwah ora mung arep nyingkirké pati, malah arep nguripké manèh wong-wong sing wis mati. Pikirna apa pengaruhé kanggo panjenengan. Yéhuwah janji bakal ”nangèkaken malih tiyang-tiyang ingkang sampun dangu pejahipun”. (Yésaya 26:19, BJP) Kuwi kandhané Alkitab bab wong-wong mati sing bakal diuripké manèh.

      WEKTU WONG SING DITRESNANI MATI

      4. (a) Apa sing isa nggawé lega atiné awaké dhéwé pas ditinggal mati keluarga utawa kanca? (b) Sapa waé kanca akrabé Yésus?

      4 Pas ana keluarga utawa kanca sing mati, mesthiné sedhih banget, ta? Merga, awaké dhéwé ora isa ngapa-ngapa, apa manèh nguripké wong kuwi. Ning, katrangan saka Alkitab isa nggawé lega atiné awaké dhéwé. (Wacanen 2 Korinta 1:3, 4.) Ana conto ing Alkitab, nèk Yéhuwah lan Yésus péngin banget nguripké manèh wong-wong sing ditresnani, sing wis mati. Wektu ing bumi, Yésus kerep dolan ing omahé Lazarus lan seduluré wadon, yaiku Marta lan Maryam. Wong telu kuwi kanca akrabé Yésus. Alkitab kandha, ”Marta lan mbakyuné tuwin Lazarus iku, pancèn padha ditresnani déning Gusti Yésus.” Ning ndilalahé, Lazarus mati.​—Yokanan 11:3-5.

      5, 6. (a) Wektu ndelok keluarga lan kancané Lazarus sedhih, piyé perasaané Yésus? (b) Apa sebabé perasaané Yésus bab wong mati isa nentremké atiné awaké dhéwé?

      5 Yésus mara kanggo nentremké atiné Marta lan Maryam. Wektu ngerti nèk Yésus arep teka, Marta lunga methuk Yésus. Dhèwèké seneng ketemu Yésus, ning banjur ngomong, ”Gusti, manawi Paduka wonten ing ngriki, sadhèrèk kawula mesthi boten pejah.” Marta rumangsa nèk Yésus tekané kesuwèn. Bar kuwi, Yésus ndelok Maryam nangis, kuwi nggawé Yésus trenyuh lan mèlu nangis. (Yokanan 11:21, 33, 35) Yésus ngerti rasané ditinggal mati wong sing ditresnani.

      6 Awaké dhéwé isa tentrem atiné, merga ngerti nèk Yésus sedhih banget nèk ana wong sing mati. Apa sing dirasakké Yésus kaya sing dirasakké Bapaké. (Yokanan 14:9) Yéhuwah nduwé kuwasa kanggo nguripké wong-wong mati, lan ora suwé manèh kuwi sing bakal ditindakké.

      ”LAZARUS, METUA!”

      7, 8. Apa sebabé Marta ngomong nèk watu gedhé sing nutupi kuburané Lazarus ora éntuk disingkirké, ning apa sing ditindakké Yésus?

      7 Wektu Yésus teka ing kuburané Lazarus, kuburan kuwi ditutupi watu gedhé. Yésus ngendika, ”Watuné singkirna!” Ning ora éntuk karo Marta, merga Lazarus wis mati patang dina. (Yokanan 11:39) Marta ora ngerti sing bakal ditindakké Yésus.

      Yésus nguripké manèh Lazarus, kuwi nggawé keluarga lan kanca-kancané seneng banget

      Bayangna senengé keluarga lan kancané Lazarus wektu dhèwèké diuripké manèh —Yokanan 11:38-44

      8 Yésus ngundang Lazarus, ”Metua! Kang mati banjur metu, tangan lan sikilé isih kablebed ing ules.” (Yokanan 11:43, 44) Lazarus urip manèh. Dhèwèké isa ketemu karo keluarga lan kanca-kancané. Wong-wong isa ketemu, ngrangkul, lan omong-omongan karo Lazarus. Yésus nguripké manèh Lazarus. Kuwi mukjijat sing nggumunké.

      ”HÉ, NGGÈR, KOWÉ DAKKANDHANI, TANGIA!”

      9, 10. (a) Sapa sing maringi kuwasa marang Yésus kanggo nguripké manèh wong sing wis mati? (b) Apa gunané maca critané wong-wong sing diuripké manèh?

      9 Apa Yésus nguripké wong mati nganggo kekuwatané dhéwé? Mesthine ora, ta? Sakdurungé nguripké Lazarus, Yésus ndonga dhisik marang Yéhuwah, banjur Yéhuwah maringi kuwasa kanggo nguripké Lazarus. (Wacanen Yokanan 11:41, 42.) Ora mung Lazarus thok sing diuripké. Alkitab nyritakké bab bocah wadon sing umuré 12 taun sing lara parah. Bapaké sing jenengé Yairus, sedhih banget lan nyuwun bèn Yésus gelem nambani anaké. Anaké mung siji kuwi. Pas Yairus omong-omongan karo Yésus, ana wong sing teka banjur ngomong, ”Ingkang putra sampun tilar, punapa prelunipun taksih ngribedi Sang Guru?” Ning, Yésus ngendika marang Yairus, ”Aja wedi, kumandela baé, anakmu bakal slamet.” Yésus banjur dijak Yairus ing omahé. Pas wis cedhak omahé, Yésus ndelok lan krungu wong-wong nangis. Yésus ngendika, ”Aja padha nangis, bocahé ora mati, mung turu.” Wong tuwané ora ngerti apa maksudé ngendikané Yésus. Yésus ngongkon wong-wong metu saka kamaré bocah kuwi. Ning, bapak ibuné dijak mlebu kamar. Yésus nyekel tangané bocah wadon kuwi banjur ngendika, ”Hé, nggèr, kowé Dakkandhani, tangia!” Bayangna senengé wong tuwané pas anaké urip manèh. Yésus nguripké manèh bocah wadon kuwi. (Markus 5:22-24, 35-42; Lukas 8:49-56) Sakwisé kuwi, saben wong sing ndelok bocah wadon kuwi mesthi kèlingan sing ditindakké Yéhuwah lantaran Yésus.a

      10 Wong-wong sing diuripké Yésus pancèn mati manèh. Ning, nèk maca critané wong-wong mau, kuwi isa nentremké atiné awaké dhéwé. Yéhuwah péngin, lan bakal nguripké manèh wong-wong sing wis mati.

      SINAU SAKA KATRANGAN ALKITAB BAB WONG MATI SING DIURIPKÉ MANÈH

      Rasul Pétrus nguripké manèh Dorkas, lan didelok wong-wong liya

      Rasul Pétrus nguripké manèh wong wadon sing jenengé Dorkas.​—Lelakoné Para Rasul 9:36-42

      Randha ngrangkul anaké sing bar diuripké manèh karo Élia

      Élia nguripké manèh anaké randha.​—1 Para Raja 17:17-24

      11. Apa sing isa awaké dhéwé sinaoni saka Kohèlèt 9:5 bab Lazarus?

      11 Alkitab kandha, ”Wong mati ora mangreti apa-apa.” Lazarus ya kaya ngono. (Kohèlèt 9:5) Kaya sing dingendikakké Yésus, Lazarus kaya wong lagi turu. (Yokanan 11:11) Pas mati, Lazarus pancèn ”ora mangreti apa-apa”.

      12. Apa buktiné nèk Lazarus pancèn urip manèh?

      12 Wektu Yésus nguripké Lazarus, akèh wong sing weruh. Malah para mungsuhé Yésus uga ngakoni mukjijaté. Lazarus urip manèh lan kuwi bukti nèk wong mati bener-bener isa urip manèh. (Yokanan 11:47) Akèh wong sing marani Lazarus, lan dadi percaya nèk Yésus kuwi utusané Gusti Allah. Para mungsuhé Yésus ora seneng, mula péngin matèni Yésus lan Lazarus.​—Yokanan 11:53; 12:9-11.

      13. Apa sebabé awaké dhéwé isa percaya nèk Yéhuwah bakal nguripké wong mati?

      13 Yésus ngendika nèk ”sakèhé wong kang ana ing kubur” bakal diuripké. (Yokanan 5:28) Kuwi maksudé, wong-wong sing ditresnani Yéhuwah bakal diuripké manèh. Ning, kanggo nguripké wong-wong kuwi, Yéhuwah kudu kèlingan kabèh bab wong mau. Apa Yéhuwah isa kèlingan kabèh? Ana akèh banget lintang ing langit. Alkitab kandha nèk Yéhuwah apal jenengé saben lintang. (Wacanen Yésaya 40:26.) Nèk jenengé saben lintang waé apal, apa manèh mung manungsa. Yéhuwah mesthi isa éling kabèh bab wong sing arep diuripké. Yéhuwah sing nggawé manungsa, mula Yéhuwah nduwé kuwasa kanggo nguripké manèh.

      14, 15. Apa sing isa awaké dhéwé sinaoni saka kandhané Ayub bab wong mati sing bakal diuripké manèh?

      14 Ayub percaya nèk wong mati bakal diuripké manèh. Ayub takon, ”Manungsa manawi sampun pejah, punapa saged gesang malih?  . . . Paduka lajeng badhé nimbali kawula, saha kawula badhé ngunjuki wangsulan; Paduka badhé kangen dhateng pakaryaning asta Paduka.” Ayub ngerti nèk Yéhuwah péngin banget nguripké manèh wong mati.​—Ayub 14:13-15.

      15 Piyé perasaané panjenengan sakwisé ngerti nèk wong mati bakal diuripké manèh? Mbokmenawa panjenengan péngin ngerti, ’Apa keluarga lan kancaku sing wis mati ya bakal diuripké manèh?’ Awaké dhéwé isa lega merga ngerti nèk Yéhuwah péngin banget nguripké wong mati. Saiki, awaké dhéwé bakal sinau wulangané Alkitab bab sapa waé sing bakal diuripké lan urip ing endi.

      SAKÈHÉ WONG ”PADHA KRUNGU SWARANÉ, BANJUR METU”

      16. Piyé uripé wong-wong sing bakal diuripké manèh ing bumi?

      16 Mbiyèn, wong-wong sing diuripké isa ketemu manèh karo keluarga lan kancané ing bumi. Iki uga bakal kelakon mbésuk, ning kahanané luwih apik. Apa sebabé? Merga wong-wong sing diuripké manèh bakal nduwé kesempatan urip saklawasé, lan ora bakal mati manèh. Wong-wong kuwi bakal urip ing bumi sing kahanané béda banget karo saiki. Ora ana perang, wong sing jahat, lan wong sing lara.

      17. Sapa sing bakal diuripké manèh?

      17 Sapa sing bakal diuripké manèh? Yésus ngendika, ”Sakèhé wong kang ana ing kubur padha krungu swarané, banjur metu.” (Yokanan 5:28, 29) Wahyu 20:13 uga kandha, ”Sagara masrahaké wong-wong mati kang ana ing jeroné.” Rasul Paulus kandha, nèk ”tiyang ingkang mursid utawi tiyang mursal” bakal diuripké manèh. (Wacanen Lelakoné Para Rasul 24:15.) Apa maksudé?

      Wong mati bakal diuripké lan ketemu manèh karo wong-wong sing ditresnani ing Pirdus

      Wong mati bakal diuripké lan ketemu manèh karo wong-wong sing ditresnani ing Pirdus

      18. Sapa sing klebu ”wong mursid” sing bakal diuripké manèh?

      18 ’Wong mursid’ kuwi klebu abdiné Yéhuwah sing setya lan urip sakdurungé Yésus teka ing bumi. Wong-wong kaya Nuh, Abraham, Sara, Musa, Rut, lan Èster bakal diuripké manèh ing bumi. Critané wong-wong kuwi isa diwaca ing Ibrani bab 11. ’Wong mursid’ uga klebu para abdiné Yéhuwah sing setya lan mati ing jaman saiki. Dadi, wong-wong kuwi ya bakal diuripké manèh.

      19. Sapa sing klebu ”wong mursal”? Wong-wong kuwi bakal éntuk kesempatan apa?

      19 ’Wong mursal’ kuwi klebu wong sing durung tau nduwé kesempatan sinau bab Yéhuwah. Senajan wis mati, ning Yéhuwah ora bakal lali. Yéhuwah bakal nguripké manèh wong-wong kuwi, bèn nduwé kesempatan kanggo sinau lan ngabdi marang Yéhuwah.

      20. Apa sebabé ana wong sing ora bakal diuripké manèh?

      20 Apa kabèh wong sing mati bakal diuripké manèh? Ora. Yésus ngendika nèk ana wong sing ora bakal diuripké manèh. (Lukas 12:5, NW) Sapa sing nduwé wewenang nemtokké nèk wong kuwi bakal urip manèh apa ora? Yéhuwah sing dadi Hakim. Ning, Yéhuwah uga maringi wewenang marang Yésus dadi ”Hakim tumrap tiyang ingkang gesang saha ingkang pejah”. (Lelakoné Para Rasul 10:42) Wong sing kebukti ora manut karo Yéhuwah lan ora gelem ngowahi tumindaké, ora bakal diuripké manèh.​—Deloken Cathetan 19.

      WONG-WONG SING DIURIPKÉ MANÈH ING SWARGA

      21, 22. (a) Kaya apa wong sing diuripké manèh ing swarga? (b) Sapa sing sepisanan diuripké manèh ing swarga?

      21 Alkitab kandha nèk ana wong-wong sing bakal diuripké manèh ing swarga. Wektu diuripké ing swarga, wong-wong kuwi ora nganggo badan manungsa, ning nganggo badan roh.

      22 Yésus sing sepisanan diuripké manèh ing swarga. (Yokanan 3:13) Telung dina sakwisé Yésus dipatèni mungsuhé, Yéhuwah nguripké Yésus manèh. (Jabur 16:10; Lelakoné Para Rasul 13:34, 35) Yésus ora diuripké nganggo badan manungsa. Rasul Pétrus nerangké nèk Yésus ”kasédanan mungguh ing kadagingan, nanging kagesangaké mungguh ing Roh”. (1 Pétrus 3:18) Yésus diuripké manèh lan diparingi badan roh sing prakosa. (1 Korinta 15:3-6) Ning, ora mung Yésus thok. Alkitab kandha nèk ana wong-wong liyané sing bakal diuripké manèh ing swarga.

      23, 24.Sapa sing disebut Yésus ”kelompok wong sithik”, lan pira cacahé?

      23 Sakdurungé séda, Yésus ngendika marang para muridé, ”Awit Aku mrana prelu nyawisaké papan marang kowé.” (Yokanan 14:2) Kuwi maksudé, para muridé ana sing bakal diuripké manèh ing swarga. Cacahé pira? Yésus nyebut wong-wong kuwi ”pepanthan cilik [utawa, kelompok wong sithik]”. (Lukas 12:32) Rasul Yokanan ngandhani cacahé, wektu dhèwèké weruh Yésus ”jumeneng ana ing gunung Sion [utawa, swarga], kaayap déning wong satus patang puluh papat éwu”.​—Wahyu 14:1.

      24 Kapan wong 144.000 bakal diuripké? Alkitab kandha nèk kuwi bakal kelakon sakwisé Yésus mulai mréntah ing swarga. (1 Korinta 15:23) Saiki awaké dhéwé urip ing jaman kuwi, lan akèh-akèhé wong saka 144.000 kuwi wis diuripké ing swarga. Sing isih ana ing bumi lan mati ing jaman saiki, bakal langsung diuripké manèh ing swarga. Ning, sakliyané wong 144.000 kuwi, bakal diuripké ing Pirdus ing bumi.

      25. Apa sing bakal dirembug ing bab 8 buku iki?

      25 Ora suwé manèh, Yéhuwah bakal mbébaské kabèh manungsa saka pati, lan bakal ngilangi pati sakterusé. (Wacanen Yésaya 25:8.) Ning, apa sing bakal ditindakké wong-wong sing diuripké ing swarga? Alkitab kandha nèk wong-wong kuwi bakal mréntah bareng Yésus ing Kratoné. Awaké dhéwé bakal ngrembug bab Kratoné Gusti Allah ing bab 8 buku iki.

      a Alkitab uga nyritakké wong-wong liya sing diuripké manèh. Enom lan tuwa, lanang lan wadon, wong Israèl lan bangsa liyané. Kuwi isa diwaca ing 1 Para Raja 17:17-24; 2 Para Raja 4:32-37; 13:20, 21; Matéus 28:5-7; Lukas 7:11-17; 8:40-56; Lelakoné Para Rasul 9:36-42; 20:7-12.

      RINGKESAN

      WULANGAN 1: YÉHUWAH BAKAL NYIRNAKKÉ PATI

      ”Mungsuh kang pungkasan, kang disirnakaké iku pati.”​—1 Korinta 15:26

      Piyé Alkitab isa nentremké atiné awaké dhéwé wektu ana wong sing mati?

      • 2 Korinta 1:3, 4

        Wektu ana keluarga utawa kancané awaké dhéwé sing mati, mesthi awaké dhéwé ngrasa sedhih banget. Alkitab isa nentremké atiné awaké dhéwé.

      • Yésaya 25:8; 26:19

        Yéhuwah nduwé kuwasa kanggo nyirnakké pati saklawasé. Wong-wong sing wis mati bakal diuripké manèh.

      WULANGAN 2: AWAKÉ DHÉWÉ ISA PERCAYA NÈK WONG MATI BAKAL DIURIPKÉ MANÈH

      ”Hé, nggèr, kowé Dakkandhani, tangia!”​—Markus 5:41

      Apa alesané awaké dhéwé isa percaya nèk wong mati bakal diuripké manèh?

      • Yokanan 11:1-44

        Yésus nguripké Lazarus.

      • Markus 5:22-24, 35-42

        Yésus nguripké bocah wadon.

      • Yokanan 11:41, 42

        Yésus nguripké manèh wong mati nganggo kuwasa saka Yéhuwah.

      • Yokanan 12:9-11

        Ana wong akèh sing ndelok Yésus nguripké wong mati. Malah mungsuhé Yésus uga percaya nèk Yésus isa nindakké kuwi.

      WULANGAN 3: AKÈH WONG SING WIS MATI BAKAL DIURIPKÉ MANÈH KARO YÉHUWAH

      ”Paduka lajeng badhé nimbali kawula, saha kawula badhé ngunjuki wangsulan; Paduka badhé kangen dhateng pakaryaning asta Paduka.”​—Ayub 14:13-15

      Sapa sing bakal diuripké manèh?

      • Yokanan 5:28, 29

        Kabèh wong sing diéling-éling Yéhuwah bakal urip manèh.

      • Lelakoné Para Rasul 24:15

        Wong mursid lan wong mursal bakal diuripké manèh.

      • Yésaya 40:26

        Yéhuwah apal jenengé saben lintang, dadi Yéhuwah uga éling kabèh bab wong sing arep diuripké manèh.

      WULANGAN 4: ANA WONG-WONG SING DIURIPKÉ MANÈH ING SWARGA

      ”Awit Aku mrana prelu nyawisaké papan marang kowé.”​—Yokanan 14:2

      Sapa sing diuripké manèh ing swarga?

      • 1 Pétrus 3:18

        Yésus sing sepisanan diuripké manèh ing swarga.

      • Lukas 12:32

        Yésus ngendika ana wong-wong sing cacahé sithik bakal diuripké manèh ing swarga.

      • Wahyu 14:1

        Yéhuwah milih wong 144.000 kanggo urip ing swarga.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim